Anda di halaman 1dari 2

MATERI 3 TEMBANG GAMBUH

Serat Wulangreh asale sekang tembung wulang lan reh. Wulang tegese wulangan utawa
pitutur lan tegese pranatan utawa tatanan. Dadi Wulangreh bisa ditegesi yakuwe pitutur bab
pranatan utawa tatanan, becik kanggo pribadi, kanggo urip bebrayan uga kanggo pranatan urip
sing lewih gedhe maning.
Isi serat Wulangreh kaperang dadi 13 pupuh. Pupuh yakuwe klumpukan tembang kang
padha ing sajroning anggitan/karangan. Pupuh tembang kang ana ing Serat Wulangreh yakuwe
Dhandhanggula, Kinanthi, Gambuh, Pangkur, Maskumambang, Dhudhukwuluh, Durma,
Wirangrong, Pocung, Mijil, Asmaradhana, Sinom, lan Girisa.
Pupuh III Serat Wulangreh ngemot tembang Gambuh sing cacahe ana 17 pada/bait.
Pupuh Gambuh kiye isine piwulang supaya wong padha nyingkirna watek adigang adigung
adiguna. Adigang tegese ngendelaken kekuwatan/kuwasa, adigung tegese ngendelaken
keluhuran, dene adiguna yakuwe ngendelaken kepinteran. Watek telu kuwe kudu diadohi
mergane bisa gawe wong urip keblinger. Lewih becik nduweni lan ngugemi watek sing sabar,
tliti lan ngati-ati. Kejaba sekang telung watek becik kuwe kita uga kudu tansah mawas dhiri
sekang kabeh tindak tanduk kita. Ugi kudu bisa ngerteni solah tingkah wong liya.
Tembang Gambuh kalebu tembang macapat, mulane nduwene pathokan utawa paugeran
sing wis gumathok. Paugeran tembang macapat yakuwe guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
Guru gatra yakuwe cacahe gatra/larik saben sapada/sabait. Guru wilangan yakuwe cacahing
wanda/wilangan (suku kata) saben gatra/larik. Guru lagu yakuwe tibaning swara (dhong dhing)
neng saben pungkasan gatra.
Paugeran tembang Gambuh yakuwe guru gatra ana 5 gatra, guru wilangane gatra 1: 7,
gatra 2: 10, gatra 3: 12, gatra 4: 8, gatra 5: 8, dene guru lagune gatra 1: u, gatra 2: u, gatra 3: i,
gatra 4: u, gatra 5: o. Lumrahe ditulis 7u, 10 u, 12i, 8u, 8o.
Wateke tembang Gambuh kuwe grapyak, sumanak, wani, wanuh, kulina, lan rumaket,
mulane cocok kanggo aweh pitutur marang wong-wong enom sing wis kulina
banget. Kejaba kuwe kanggo niteni tembang Gambuh bisa dideleng sekang tembung sing
sasmitane yakuwe gambuh, buh, jumbuh lan tambuh.
MACAPAT GAMBUH

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur polah kang kalantur

Tanpa tutur katula-tula katali

Kadaluwarsa kapatuh

Kapatuh pan dadi awon

Aja nganti kabanjur,


Barang polah ingkang nora jujur,
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
Becik ngupayaa iku,
Pitutur ingkang sayektos.

Pitutur bener iku,


Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki,
Lamun becik nggone muruk,
Iku pantes sira anggo

Ing wong urip puniku


Aja nganggo ambeg kang tetelu
Anganggoa rereh ririh ngati-ati
Den kawangwang barang laku
Kang waskitha solahing won

SOAL

1. Tembang macapat gambuh 4 pada/ bait ana nduwur, gancaraken/ prosa/ critakna /dikarang
nganggo basamu dhewe.! ( ditulis dadi 4 pada/ paragraf)

2. Tembung ngisor iki goletana tegese :

Sekar , cinatur, Kadaluwarsa, Kapatuh , sayekti , wong sudra papek, muruk, ambeg, rereh,
ririh,

Ditulis ing kertas !!!!!!!!

Anda mungkin juga menyukai