Anda di halaman 1dari 50

PIWULANG 5

TEMA “ KASUSILAN”

I. MIRENGAKEN (MENDENGARKAN)

Standar Kompetensi : 9.1. Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan dalam berbagai
ragam bahasa Jawa
Kompetensi Dasar : 9,1.1. Mendengarkan Sandiwara
Indikator : (1) Menyebutkan dan menuliskan topik sandiwara yang didengar
(2) Membuat rangkuman cerita sandiwara yang didengar
(3) Memperagakan tokoh dari cerita sandiwara yang didengar.


I.   MIRENGAKEN (MENDENGARKAN)
 
A. Pacelathon ing ngisor iki tindakna karo kancamu ing ngarep kelas !

KASUSILAN
Agung            : Assalamu’alaikum....
Pak RT           : Wa’alaikum Salam....
                         Lho, dhik Agung, ngeneh mlebu !
Agung            :  Inggih Pak matur nuwun.
Pak RT           : Njanur gunung kadingaren gung, sekang ngumah apa sekang ngendi bae  mau?
Agung            : Inggih Pak, menika wau saking griya, panci kula perlokaken sowan mriki.
Pak RT           : Ana apa kok banene wigati temen.
Agung            : Mekaten Pak, sowan kula menika sepisan silaturahmi, wondene ingkang kaping kalih bilih
kalawingi wonten pangandikanipun tiyang sepuh  menawi lare samangke kathah ingkang
boten mangertos kasusilan. Inggih amargi kula kadadosaken ketua pemuda saha bapak
ingkang dipun sepuhaken ing RT ngriki, pramila kula nyuwun seserepan babagan
kasusilan,mbok bilih ing  mangke saged kula aturaken dhumateng para kanca kaneman.
Pak RT           :  O, bab kuwe ya... Pancen wingi ana sing rerasan  menawa bocah enom siki      akeh sing
ora ngerti kasusilan. Tumindak sok keladhuk, kurang deduga gonyak-ganyuk nglelingsemi.
Nanging ya ora kabeh bocah enom mengkono. Nyatane  kaya dhik Agung wis ngenggoni
kasusilan, dhasare pinter tur tumindake ya becik.
Agung            :  Ah, Pak RT menika remen ngalembana, dados sesek rasukan kula.
Pak RT           : Ora ngalem, ning nyatane kaya kuwe lho dhik ? Muga-muga para mudha nang kampung
kene tumindake kabeh becik kanggo nggayuh karaharjaning warga bebrayan.
Agung            :  Mugi-mugi mekaten                                                                                                  Lajeng
ingkang dipun wastani kasusilan menika ingkang kados pundi pak ?
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.1
Pak RT           :  Manut  tembunge kasusilan sekang  tembung ka + susila + an.
                         Susila iku sejatine uga dudu tembung lingga, nanging kadhapuk saka  “su” sing tegese becik
utawa apik lan “sila” sing tegese  watek utawa kelakuan. Dadi sing diarani kasusilan yaiku
kelakuan utawa tumindak sing becik.
Agung            :  Ooh... mekaten inggih pak. Nanging manut pamanggih kula wonten emperipun menawi lare
samenika kirang susila, awit kathah tiang sepuh  ingkang mulang lare kirang seserepan,
wonten sekolahan namung ngudi  “kompetensi” babagan ilmu lan tekhnologi, nyatanipun
masyarakat  dereng saged milih sarta milahaken pundi ingkang sae lsn pundi ingkang
boten sae ingkang tundhonipun sami nggega kajengipun piyambak.
Pak RT           :  Waah... pancen ora keliru dhik Agung dadi ketua pemudha. Pancen bener dhik, mulane
supaya bocah-bocah enom  siki ngerti kasusilan mesthine kudu disengkuyung dening para
winasis. Ana ing ngumah wong tuwa paring tuladha, ing sekolah saben wulangan bapak/ibu
guru paring piwulang budi pekerti, semana uga ing bebrayan agung. Nanging sing lewih
wigati mesthine ya sekang pribadine dhewek-dhewek
Agung            :  Inggih leres pak. Matur nuwun pak, sedaya pangandikan ipun!  Salajengipun gandheng
sampun sawetawis anggenipun kula sowan, kula nyuwun pamit.
Pak RT           :  Ya dhik padha-padha....
 
B.   Bausastra kecik :
Wigati                         :  penting                                                   Ngllingsmi                             :  ngisin-isini
        Seserepan                :  pengerten, sesurupan                  Ngalembana                         :  di alem            
        Kaneman                 : nom-noman                                         Ngudi                                         :  nggolet
        Keladhuk                 :  kebanjur,kewanen                        Winasis                                    :  pinter
        Deduga                    :  pangira-ira                                           Sawetawis                              : sawetara        
 
C.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
        1.   Pacelahon ing dhuwur iku ngrembug bab apa ?
              Wangsulan..............................................................................................................
 
        2.   Sapa kang wawangunem ing wacana kasebut ?
              Wangsulan..............................................................................................................
 
        3.   Apa sing nyebabake bocah nom siki kurang duweni susila ?
              Wangsulan.............................................................................................................
 
        4.  Sapa kang kudune nyengkuyung bocah-bocah enom supaya ngerti kasusilan ?
             Wangsulan...............................................................................................................
 
       5.  Basa kang digunakake Agung ing pacelathon dhuwur iku migunakake basa apa ?
             Wangsulan..............................................................................................................
 
D. Parama Sastra

 
Sengkalan.
          Sengkalan yaiku cathetan wektu/ kala sekang tetembungan sing saben tembunge duwe teges angka
dhewe-dhewe, dene negesi tembung mawa angka kaebut  pamacane saka mburi  . Tembung-tembung kang
duwe teges angka siji diarani tembung watak siji, sing duwe teges angka loro, telu, lan sapanunggalane
diarani tembung watak loro, telu, lan sapiturute nganti tekan watak sepuluh, watak dasa utawa watakkosong/
nol.             
Tuladha  :
Madege Nagari Ngayogyakarta katitimangsa Dwinaga rasa tunggal .

Dwi awatak 2, naga awatak 8, rasa awatak 6, tunggal awatak 1. Dadi  Dwi naga rasa tunggal ateges : 2861.
Karepe arep nulis cathetan taun : 1682. Marga watone ukara sengkalan iku walikan karo urutaning angka
taun sing dikarepake.  Kejaba kuwi, ukara sengkalan kudu runtut kepenak, sarta mathuk surasane karo
lelakon sing dipengeti.
 
Ing ngisor iki pratelan bab wataking tembung sawetara :
Watak 1  :    Bumi, srengenge, rembulan, lintang.                                                              

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.2


                   Allah, Gusti, manungsa, kawula.
                   Wutuh, bunder, wangun, nyata, wani, urip.
                   Perangane awak sing cacahe mung siji, sirah, ati, buntut.
Watak  2  :  Barang sing jodhon :
                   Panganten, kembar, mripat, kuping, tangan, swiwi, suku, sungut, bau, pipi, alis.
                   Sipat utawa kriyane tembung-tembung mau, upamane :
                   Mireng, nembang, ndulu, mabur, mlampah.
Watak 3  :   Geni, urub, panas, jurit, tandang, guna, putri, estri, cacing.
Watak 4  :   Banyu, kali, segara, bening, suci, warna, kiblat, jaman, panggawe, karya, kerta.
Watak 5   :  Angin, gegaman, piranti, srana, tata, marga, dalan, Pandhawa, buta, galak, bisikan, turu, alas.
Watak 6   :  Rasa, pait, sakeca, manis.
                  Obah, oyag, retu, susah, cegah.
                  Uwit, mangsa, wayang, tawon, kombang.
Watak 7   :  Pandhita, gunung, ardi, kapal (jaran), tunggang, ageng, swara, tembung, wulung, suka, bungah.
Watak 8   : Gajah, esthi, naga, sawer, baya, slira, cecak, taksaka.
Watak 9   : Bolongan, lawang, gapura, guwa, terus, dewa, sanga, manjing, seneng, nrima, rai, ganda.
Watak 10:  Sawung, kothong, sirna, ilang, pati, rusak, lunga, tanpa, langit, mumbul, dhuwur, antara, adoh.
 
Gladhen     :
Ukara-ukara ing ngisor iki nuduhake sngkalan taun pira  !
1.      Dwi hasta ngesti ratu.
Wangsulan : .................................................................................................................
 
2.      Buta lima manah jagat.
Wangsulan : .................................................................................................................
 
3.      Oba asta kalih.
Wangsulan : .................................................................................................................
 
4.      Gana lima slira tunggal.
Wangsulan : .................................................................................................................
 
5.      Tri janma manembah gusti
Wangsulan : .................................................................................................................
 
 II.   MICARA  ( BERBICARA )

A.    Coba gatekna wacana ing ngisor iki, wacanen batin kanthi permati

Buruh pethik melati gambir ing Desa Cipawon, Bukateja


Nasibe  Pemethik Mlathi Gambir
            Nasibe pemethik kembang mlathi gambir  pranyata ora padha karo ambune kang arum wangi.
Kurang lewih wis telung jam mbok Warsinah (56) ngadeg ing tengah alas kang ditanduri wit mlathi gambir
sing ana nang desa Cipawon, kecamatan Bukateja, kabupaten Purbalingga .  Jam 06.00 esuk mruput mbok
Warsinah wis mlaku sekang omahe sing ora pati adoh karo alas duweke salah sijine  juragan mlathi gambir 
sing ana nang desa iku.
            Wis pirang-pirang taun, malah puluhan tahun mbok Warsinah lan tangga-tanggane  dadi buruh
pemethik kembang Mlathi gambir.  Alas sing ditanduri mlathi gambir kiye sing  dadi penguripane mbok
Warsinah  lan uga tangga teparone.  Panase srengenge nang mangsa ketiga utawa adheme banyu udan
nang mangsa rendheng wis ora dirasakna dadi pepalang .  Kembang mlathi sing dipethik nganggo driji- driji 
tangane sing wis wiwit kisut nang wektu awan kuwe banjur di kumpulna   turut siji dilebokna maring njero
kaleng bekas cet  sing dijiretna nang boyoke.
            Kringet sing pating dlewer nang sakojur anggane mbok Warsinah kaya-kaya wis ora digatekna,
merga kembang sing dipethik  urung ulih akeh, kira-kira tembe sangang ons. Biasane mbok Warsinah tembe
leren yen anggone methik kembang mlathi iki wis ulih sekilo utawa lewih.
            Awan kuwe mbok Warsinah dikancani nang Sugi (45) lan buruh liyane. Mbok Warsinah ngakoni yen
ora bisa suwe-suwe anggone methik kembang nang alas amarga tenagane wis ora kuwat  apa maning mlathi
sing lagi kembang uga ora pati akeh sebab lagi mangsa terang.
            Kanggo upah methik kembang mlathi gambir saben sekilone mung dibayar  sepuluh ewu rupiyah

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.3


Biasane mbok Warsinah yen wis ulih sekilo kembang banjur mulih, dadi rata-rata saben dinane ya mung
gawa dhuwit sepuluh ewu rupiyah kanggo nyukupi butuhe keluarga.
            Ing Cipawon mbok Warsinah mujudake salah sijine buruh pemethik kembang ing antarane atusan
buruh liyane. Kecamatan Bukateja kawentar dadi salah sijine sentra tanduran mlathi gambir kang didadekake
bahan baku kanggo gawe teh.
            Manut cathetan sing ana ing Dinas Pertanian lan Perkebunan Kab. Purbalingga,  lahan mlathi  
gambir saiki wis sangsaya susut,   kendala sing diadhepi  antara liya jumlah pemethik mlathi gambir
sangsaya kurang. Kuwe mau disebabake akeh wanita nang desa  sing lewih milih kerja nang pabrik rambut
sing hasile lewih akeh tinimbang dadi buruh pemethik mlathi gambir. ( Pras )
 
B.      Tegese Tembung    : 
 
Mruput                 :    gasik, uput-uput
  Ketiga                    :    mangsa terang
  Rendheng           :    mangsa udan
  Boyok                    :   beyekan, bangkekan
  Anggane              :   awake
  Sentra                    :    pusat 

 
C.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama!
.
1.      Manut crita ing dhuwur apa pakaryane mbok Warsinah ?
 Wangsulan   ……………………………………………………………….
 2.      Neng endi dumadine prastawa iku ?
 Wangsulan   ……………………………………………………………….
 3.      Apa sebabe mbok Warsinah ora bisa suwe ana ing alas
 Wangsulan ……………………………………………………………….
 4.      Kembang mlathi gambir iku digunakake kanggo bahan baku gawe apa ?
 Wangsulan   ……………………………………………………………….
 5.      Apa kang nyebabake lahan mlathi gambir saya susut, lan apa kendalane ?
 Wangsulan   ………………………………………………………………. 
 
 
D.    Ukara Camboran
Ukara Camboran iku uga ingaran ukara rangkep utawa ukara rawa (ing basa Indonesia: kalimat
majemuk). Ukara Camboran yaiku ukara kang jejer lan wasesane luwih saka siji, bisa loro/telu. Ukara
Camboran bisa kaperang dadi 3 yaiku :
1.        Ukara Camboran sadrajat (setara/sejajar)
Ukara Camboran sedrajat yaiku Ukara Camboran sing ukara lamba ngarepe ora dadi katrangan
ukara lamba sing mburi.
Tuladha :
a.         Rini iku sregep, nanging adhine keset.
b.        Galang nilis layang, giska maca koran.
 
2.        Ukara Camboran raketan
Ukara Camboran raketan yaiku Camboran kang lamba siji lan sijine ana sesambungane rapet
(cedhak).
Tuladha :
a.         Bapak mundhut melon, dene ibu sing mbayari.
b.        Nastiti sing nata, Jono sing nendhang bale.
 
3.        Ukara Camboran tundha (tingkatan)
Ukara Camboran tundha yaiku ukara Camboran sing ukara lamba ngarepe diterusake ukara lamba
sing mburi, amarga ukara mau mujuding ukara crita.
Tuladha :
a.         Nalika aku maca koran, Usmy lagi bali saka sekolah.
b.        Mbak Atik resik-resik, nalika ibu tindak pasar.

Ukara-ukara ing ngingsor iki aranana kelebu ukara camboran apa?


1.      Rikala simbah rawuh, Bapak tindak kantor
Ukara camboran ...............................................
 
2.      Armi nggarap IPA, Alfi lungguh ngalamun.
Ukara camboran ...............................................
 
3.      Simbah mbeleh pitik, Putune sing mbubuti.
Ukara camboran ...............................................
 
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.4
4.      Yen aku wis panen, aku gelem diajak piknik.
Ukara camboran ...............................................
 
5.      Kowe sing seneng, nanging aku sing senep.
Ukara camboran ...............................................
 
6.      Rikala aku tangi, ibu wis masak ing pawon.
Ukara camboran ...............................................
 
7.      Ibu mundhut melon, bapak sing mbayari.
Ukara camboran ...............................................
 
8.      Bareng Eny mulih saka Ngawi, dadi age-age methuk.
Ukara camboran ...............................................
 
9.      Bapak sing ndaut, ibune sing tandur.
Ukara camboran ...............................................
 
10.  Adhik lagi sinau, Ibu wis sare ana kamar.
Ukara camboran ...............................................
 
E.     Gawea ukara camboran sederajat 2 bae !
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
Gawea ukara camboran raketan 2 bae !
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………
Gawea ukara camboran tundha 2 bae !
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
 
III. MAOS ( MEMBACA/ READING)
Coba gatekna bab wayang ing ngisor !

CARITA WAYANG
 
Kanggo masyarakat Indonesia, khususe wong Jawa ngengingi bab Wayang udu barang aneh awit crita
wayang wis sekang jaman gemiyen dadi tontonane masyarakat khususe wayang purwa sing dijiot sekang
lakon crita Mahabarata utawa sekang crita Ramayana. Jenising wayang ora mung wayang Purwa, ning esih
ana liyane yakuwe:
 
1.      Wayang Jawa, pepethan gambar manungsa digawe sekang kulit lakone Pangeran Diponegoro.
2.      Wayang Purwa/Kulit, digawe sekang welulang, neng Banyumas diarani wayang Kulit, critane sekang
Mahabarata lan Ramayana.
3.      Wayang Wong, sing dadi paraga wong njukut crita Mahabarata lan Ramayana.
4.      Wayang Golek, digawe sekang kayu, njukut crita sekang crita Layang Menak.
5.      Wayang Menak, digawe sekang welulang, critane Layang Menak.

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.5


6.      Wayang Beber, wujude gambar beberan, lakone Panji.
7.      Wayang Gedhog, wujude welulang uga crita Panji
8.      Wayang Wahyu, digawe sekang welulang critane sekang kitab Injil.
9.      Wayang Madya, digawe sekang kulit, critane Mahabarata ning sawise Parikesit.
10.  Wayang Dupara, digawe sekang kulit, lakone Kraton Demak nganti tekan jaman Surakarta.
11.  Wayang Krucil, digawe sekang kayu gepeng, lakone Damarwulan.
12.  Wayang Kancil, digawe sekang kulit, lakone Kancil.
 
 
A.       Wacanen lan goletna budi pekertine !

Semar
Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling
punakawanPandhawa ingkang asring paring pitudhuh lan kathah
kawicaksanan. Semar punika taksih sadhèrèk kaliyan Bathara Manikmaya
lan Antogo.
Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang nggadhahi pakarti
ingkang luhur. Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria
ingkang pakartinipun awon.
Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa saking tigan.
Wonten ing satunggaling prastawa adu pepatén, Semar ngeleg gunung
saéngga wujudipun dados boten karuwan. Sasampunipun menika, Semar
dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Gurusaking
sedaya anceman lan serangan angkara murka. [ kanthi cara premati
dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar punika sumbering cahya, déwa kasuburan,
misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya buwana.
Pangesanganipun Semar
Sanajan Semar dados “pamong” (pamomong ingkang wicaksana), dereng kathah ingkang mangertos bilih
Semar menika taksih sadhèrèk kandhung Bathara Guru (rajanipun para dewa).
Semar kagungan garwa ingkang asmanipun Déwi Kanistri. Garwanipun dipuntilar amargi Semar ngabdi
dhateng para ksatriya ingkang mbela kabecikan. Garwanipun menika wicaksana sipatipun pramila paring idin
dhumateng Semar. Pagesanganipun Semar menika prasaja sanget. Panjenenganipun boten mentingaken
lahiriyah, ananging ingkang dipunwigatosaken menika pengalaman batin lan kawasisanipun. Babagan
menika ingkang dadosaken Semar tansah kagungan pikiran saé (“positive thinking”), tansah mendhet
pamundhutan kanthi tetimbangan ingkang mateng.
Ing pewayangan gagrag Jawa Tengah lan sawetara Jawa Wetan, Semar menika kagungan putra:

1. Garéng
2. Petruk
3. Bagong/Bawor

Wosing budi pekerti :


1.        Aja mbiji budi saka blegering awak. Budi iku dumunung ing ati. Watak dumunung ing tumindak, ora
ana ing awak. Wong ala rupane durung mesti ala bebudene lan tumindake. Mangkono uga kosk baleen.
Wong sing apik rupane durung mesthi luhur budene.
2.        Kawula iku kudu bekti marang bendarane. Bias atur panglipur, aja malah gawe susah lan bubrah.
3.        Titah kudu bias nampa pepesthening takdir saka kang Maha Kuwasa.
4.        Aja nyahak kang dudu darbeke (samestine), yen nekad bakal kuwalat.
5.        Yen kowe duwe ngelmu sing pinunjul bisaa kanggo ngayomi sasami-sami, aja malah dienggo mbelani
wong sing tumindak ala, satemah bakal cilaka dhewe, amarga gusti ora marengake.
.
. Crita ing dhuwur dadekna bahasa ngoko !
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................
 
B.     Wacanen pethilan wayang iki !

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.6


PRABU DASAMUKA
 
Prabu Dasamuka ing Ngalengka kagungan sedherek tiga,
inggih menika Arya Kumbakarna awujud danawa, ageng inggil
gagah prakosa. Sarpakenaka awujud danawa wanita. Arya
Wibisana satriya bagus ing warni.
Prabu Dasamuka ageng sanget panguawosipun, keringan
samining ratu. Kathah sami raja ingkan sampun sami teluk dhateng
Ngalengka. Nanging sami mboten jenjem manahipun. Para pandhita
sami karisak partapanipun, ugi sampun kathah ingkang dipun
pejahi. Ing semu Dasamuka boten sedya mawayu rahayuning
jagad, kajawi namung nuruti hardening karsa, ngumbar hawa
nepsu. Mila para tapa tansah nenuwun dhateng jawata, ngajeng-
ajeng enggalipun tumurunipun wisnu, ngayomi sagung dumadi.
Ing jamanipun Prabu Arjuna Sasrabahu ing Mahespati,
sampun nate Dasamuka dipun cepeng badhe kacidra, nanging
dewa boten marengaken. Ing tembe menawi Wisnu nitis dhateng Rama, ing ngriku saweg dumugining
titimangsa pejahipun Dasamuka.
Kapetik saka : Buku Padha Seneng
Bahasa Jawa

Bausastra kecik :
Danawa                                                    : buta Mamayu                                                  : njaga
Keringan (ering: aji)                     : diajeni Rahayu                                                     : slamet
Teluk                                                           : kalah Jagad                                                         : bumi
Jenjem                                                      : ayem Hardening                                             : banget
Sedya                                                         : niat Karsa                                                          : karep
 
A.    Wangsulono pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama !
1.      Cariyos ing nginggil ngrembag perkawis menapa?
Wangsulan : ..........................................................................................................
 
2.      Prabu Dasamuka Ratu ing negaripundi ?
Wangsulan : ..........................................................................................................
 
3.      Pintensedherekipun Prabu Dasamuka ?
Wangsulan : ..........................................................................................................
 
4.      Punapasebabipun para kawula Ngalengka mboten jenjem ?
Wangsulan : ..........................................................................................................
 
5.      Ing mbenjangipun Dasamuka seda dening sinten?
Wangsulan : ..........................................................................................................
 

IV. NULIS / NYERAT ( MENULIS/ WRITING)


 
 
 Dongeng minangka karya sastra kang duweni daya kang linuwih kanggo ndhidik marang putra. Kanthi
nglimbang-nglimbang watak wantune peraga-peraga kang ana ing dongeng, para putra padha karo oleh
panggulawenthah bab ala becik, bener luput. Mula para putra perlu diwanuhake karo dongeng-dongeng kang
nduweni nilai edukatif (ndhidhik).
 

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.7


A.    Menulis Dongeng  :
 WATAK MURKA NEMU CILAKA
Dening : Suwarta
 
Wis kondhang kaonang-onang, menawa kewan sing
jeneng macan, embuh sing macan gembong, sing macan tutul,
apa sing macan kumbang, kabeh kalebu kewan galak, tegese
kewan sing gelem lan kerem mangsa kewan liyane.
Ning rada beda karo si macan gembong cluring iki
amarga saka brangasane, dheweke wani memungsuhan karo
macan gembong sing luwih gedhe lan luwih tuwa. Sasuwene
padha kerah si macan gembong cluring kepeksa kelangan
siyunge siji.
Ya wiwit nalika kuwi, dhewekne banjur ngati-ati, ora
nggegampang marang calon mangsane. Sing cetha saiki tansah golek akal kepriye kelakone mangsa kewan
kang ringkih-ringkih bae.
Nalika si Gembong cluring ngubengi alas kang ora rungkut, amarga grumbul-grumbul padha mati.
Sebab wis kelakon 6 sasi ora ana udan, dheweke weruh sapi lanang kang awake kuru-kuru padha ngeyub
ana sangingsor wit jati kang gedhe.
Ing sajroning batin nggagas: “Ah, saiba enake daging sapi iku ... Emane dene koh awake kuru-kuru
ngono. Mangka siyungku mung kari siji .... Piye ya ....?”
Si Gembong mbanjur leren sewatara karo golek akal.
Sawise nemu akal sarana dipikir mateng, si Gembong menyat, mlaku alon-alon, buntute kopat-kapit,
karo nuduhake ulat manis, marani sapi papat mau karo dhehem-dhehem, celathune: “Sik-sik” Nalika semono
sapi papat padha menyat karo masang sungune serta padha mbekos, dikira yen si macan arep nubruk
awake. “Mitra, aja salah tampa, aja kok anggep aku iki macan sing galak, kaya macan-macan liyane.” Sapi
papat mangsuli karo tetep siyaga: “Lha njur apa karepmu, he?” Supaya lewih percaya si sapi papat, si macan
lungguh sinambi ngelus-elus brengose: “Ngene, supaya aku lan kowe luput sakang pangincering manungsa,
becike padha rukun, memitran, dadi manungsa sing arep padha nyekel aku lan kowe kentekan akale. “Si
sapi: Ah,, kowe, terus apa rancanganmu, he?”
“Heeeeemmm, mitra. Rancangan sing neka-neka? Ora sing perlu aku lan kowe padha rukun, ora
padha ndhuweni prasangka-prasangka kang ala. Malah yen kowe padha gelem arep tak tudhuhake
panggonan suket kang ijo ledhung-ledhung. Kowe bisa mangan sak karepmu. “Si sapi padha pandeng-
pandengan, gumun kecampur seneng. Kabeh papat muni bareng: “Setujuuuuuu....”
 
Sabanjure si macan lan si sapi papat padha laku runtung-runtung. Macan ana ngarep lan sapi ana
mburine. Mung sajrone sesasi, awake sapi wis katon lemu ginuk-ginuk Si macan sangsaya anggone
kemecer, selak kepingin ngrasakake nikmate daging sapi, nanging sapi papat mau ora tau lena sarta
sembrana, dikaya ngapa apike si macan sapi papat tetep waspada.
Nuju sawijining dina macan kandha yen kepengin numpak ana gegere. Salah sijine sapi mau
nglilakake. Nanging apa sing kedadeyan? Bareng si macan wis ana dhuwur geger, keselak notog atine,
kagawa saka ora sabare, punuke sapi dicengkerem, kanthi mengkono si sapi mesthi bakal mati. Nanging si
sapi saiki beda karo sesasi kepungkur. Saiki lemu lan rosa. Bareng krasa lara, si sapi tanggap sasmita,
banjur mlayu nyedhaki jurang, si macan saya kenceng anggone nyengkerem. Ewa semono bareng tekan
pinggir jurang, si macan  si macan dikipatake dening si sapi ... plung si macan kecemplung jurang, dadi lan
patine.
Liding dongeng:
Sing sapa awatak murka, ora bakal ketrima, malah sing ajeg nemu cilaka.
 
Tegese tembung :
brangasan   :  watak brangasan, watak kang gampang utawa gelis nesu.
kerah                :  tukaran/gelute kewan galak
ringkih           :  ora duwe kekuwatan
mbekos           :  nesune kewan sikil papat, sabangsane sapi, bantheng, kebo, patrape masang sungune,
mripate mendelik, ambegane nywara ngos-ngosan.
kemecer        :  selak kepengin mangan apa sing di deleng
 
Pitakon ing ngisor iki wangsulana mawa basa krama !
1.      Dongeng ing dhuwur iku anggitane sapa ?
Wangsulan : __________________________________________________________
 
2.      Sapa bae sing dadi peraga ing crita dhuwur iku ?
Wangsulan : __________________________________________________________
 
3.      Kepriye watake si macan Gembong ?
Wangsulan : __________________________________________________________
 
4.      Kepriye sikape si sapi nalika si macan kepengin numpak ana gegere ?
Wangsulan : __________________________________________________________
 
5.      Kepriye pungkasane nasibe si macan ?
Wangsulan : __________________________________________________________

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.8


 
Coba tulisen ana pesen utawa piwulang apa kang bisa kok jupuk saka dongeng ing dhuwur !
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
.....................................................................................................................................................
 
Wacanen lan sebutna watak paraga ing dongeng iki !  

Ula badhudhak lan landhak

Ing nalika môngsa adhêming angin, ana ula badhudhak katisên bangêt, mubêng golèk
pandhêlikan ora olèh. Wasana katêmu karo landhak kang bêcik kalakuane, anyalathoni mangkene:
mêsakake têmên kowe iku, angin iki ora bêcik ingatase awakmu, olèhmu andharodhog kôngsi kaya godhong
katêmpuh ing angin, ayo mênyang êrongku, supaya olèha angêt ing sawatara.
Calathu mangkono iku anuju karêpe ula badhudhak, banjur enggal nêlosor lumêbu ing
êrong. Saking bangêt lêmune, êrong cilik kôngsi kacakan saparone, kang
duwe êrong ora kaduman panggonan. Barêng dayoh kang katisên wus angêt, ora pisan kawêtu
calathune awèh panrima tuwin arêp lunga, kaya kang wus dadi patute, malah ngenak-enak ngalêkêr bae.
Landhak anuli calathu: saiki wus wêngi, lan wus mangsane kowe lunga. Anamu ing kene
sadhela andadèkake bungahku, ananging saiki lungaa, ing besuk-besuk balia manèh, kowe iyo wêruh
dhewe, yèn êrong cilik iki sêsak dak ênggonana karo kowe. Ula badhudhak amangsuli: hêm, dadi kowe
angira yèn sêsak, satêmêne, êrongmu iki luwih prayoga, wruhanamu kisanak, aku kapenak ana ing kene, lan
ora sumêdya lunga, mulane akal-akala golèk panggonan kang jêmbar.

Pesen Moral
Saka dongeng ing ndhuwur bisa djupuk pesen moral: wong gawe kabêcikan kêrêp anêmu wêwalês
ala, iya uga aja mèngèng anglakoni panggawe bêcik ing salawase, mung diawas marang wong kang bakal
kobêciki.
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.9
(sumber: http://kumpulandongengjawa.blogspot.co.id/2011/07/ula-badhudhak-lan-landhak.html#more)
Gawenen ringkesaning dongeng ing ndhuwur kuwi..!
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
 
  
                                                            TIMUN MAS
Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa
sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe
mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa
ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak.
Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti
Allah.
Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi
ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat
sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu
saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep
omahe.
Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur
medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu
kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.
Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure
Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa
nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan
dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe
woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun
iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.
Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa
ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik
alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake
Timun mas.
Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake
Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti
Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing
bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto.
Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya
ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye
carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun
mbok randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake.
Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang
arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo
nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.
Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur
nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo
mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan
menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.
Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus
diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo
kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.
Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero.
Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas
arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan  kang pungkasan.
Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka
lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut.
Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.
 

Gawenen ringkesane  dongeng ing ndhuwur kuwi…!


………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.10


………………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………
 
Tembang Macapat
Tembang macapat nduweni paugeran utawa pathokan kang gumathok, dene paugeran tembang siji lan sijine
ora padha.
Paugeran tembang macapat :
1.      Guru lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.
2.      Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
3.      Guru gatra, yaiku cacahing larikan saben sapada (bait).

No Tembang Guru lagu, guru wilangan lan guru gatrane


1 Mijil 10-i, 6-o, 10-e, 10-i, 6-u
2 Kinanthi 8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i
3 Sinom 8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u, 7-a, 8-i, 12-a
4 Asmarandana 8-i, 8-a, 8-e, 8-a, 7-a, 8-o, 8-a
5 Dhandhanggula 10-i, 10-a, 8-e, 7-u, 9-i, 7-a, 6-u, 8-a, 12-i, 7-a
6 Gambuh 7-u, 10-u, 12-i, 8-o, 8-o
7 Maskumambang 12-i, 6-a, 8-i, 8-a,
8 Durma 12-a, 7-i, 6-a, 7-a, 8-i, 5-a, 7-i
9 Pangkur 8-a, 11-i, 8-u, 7-a, 12-u, 8-a, 8-i
10 Megatruh 12-u, 8-i, 8-u, 8-i, 8-o
11 Pocung 12-u, 6-a, 8-i, 12-a
        
Tembang Macapat Dhandhanggula
TRIPAMA
1.      Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sami anuladha,
kadya nguni caritane
andelira sang Prabu
Sasrabau ing Maespati,
aran patih Suwanda
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama.

KGPAA Mangukenagara IV
 
2.      Wonten malih tuladhan prayogi,
Satriya gung ing nagri Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,                                              
tur iku warna diyu,
supradene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.11


dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
demung mungsuh wanara
K.G.P.A.A Mangkunegara IV
 
 
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1.      Ana pirang pada tembang ing ndhuwur iku ?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
 
2.      Tembang ing ndhuwur kagolong tembang apa ?
Wangsulan : ..............................................................................................................................

3.      Tulisen pathokane tembang dhandhanggula ?


Wangsulan : ..............................................................................................................................

4.      Kepriye watake tembang iku ?


Wangsulan : ..............................................................................................................................

5.      Sapa sing nganggit tembang ing duwur iku ?


Wangsulan : ..............................................................................................................................
 
6.        Yen bisa prajurit iku padha niru  sapa ?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
 
7.        Kadya nguni caritane . Ukara iku tegese kepiye ?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
 
8.        Prabu Sasrabau iku ratu ing Negara ngendi ?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
9.      Demung mungsuh wanara. Tembung wanaea dasanamane apa?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
10.  Lelabuhanipun Manawa kaserat aksara Jawa!
 Wangsulan : ..............................................................................................................................

 
 

UJI    KOMPETENSI

 A.   Wangsulana kanthi menehi tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe
wangsulan sing bener !
 
1.       Tembung kasusilan iku asale saka tembung………………………..
a. kasus-silan                                                   c.  kasu-silan   
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.12
b. ka-susila-an                                                 d.  ka-susi-lan
 2.      Sing diarani kasusilan iku tegese………………………
a. bocah sing bagus                                         c.  bocah sing ora duwe tata karma
b. kelakuan kang becik                                                d. tumindak nistha
 3.      Supaya bocah-bocah enom siki ngerti kasusilan, sapa kang kudune aweh tuladha ?
a. wong tuwa                                                  c.  bapak/ibu guru
b. masyarakat                                                   d. a,b, lan c bener
 4.  Mripat bunder kothong kembar. Sengkalan iku nuduhake taun pira ?
     a. 2012                                                                        c.  2011
      b. 2102                                                             d. 2022
 5.  Ing Bukateja kawentar dadi sentra tanduran mlathi gambir.
     Tembung sentra ing ukara iku tegese padha karo……………
a.       Panggonan                                                 c.  pusat
b.      Papan                                                         d.  akeh
 6.      Mlathi gambir bisa kanggo bahan baku gawe……………………
a.   kosmetik                                                     c.  sabun
b..   teh                                                                        d.  sirup
         7.   Ing ngisor iki tuladhane ukara camboran sedrajat !
            a.   Galang lagi internetan, Panji nonton  TV
            b.   Bapak tindak menyang Purbalingga
            c.   Rini masak lan umbah-umbah
            d.   Adhiku lagi sinau basa Jawa
        8.   Ukara camboran raketan yaiku ukara kang siji lan ukara sijine ana sesambungane.
            Ing ngisor iki kang dudu ukara camboran raketan                 
a.       Riska nabuh dram, Wawan sing nggitari
b.      Bapak sing macul, ibu sing nanduri
c.       Ratih sing blanja, aku sing mbayari
d.      Bapak lan ibu tindak Jakarta.
 11.  Babon/induk crita wayang iku di jupuk saka buku……………
a.       Ramayana lan Mahabarata                         c.  Rama Wijaya
b.      Rama lan Sinta                                           d.  Baratayuda
 12.   Tembang Macapat iku cacahe ana 11. Ing ngisor iki kagolong tembang macapat, kejaba……
a.       Dhandhanggula                                                     c.  kusumastuti
b.      Maskumambang                                         d.  Kinanthi
 
B.     Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !
 
1.      Apa sebabe bocah enom siki akeh sing ora ngerti kasusilan ? 
Wangsulan : ___________________________________________________________
 2.    Ing sengkalan saben tembung duwe teges angka dhewe-dhewe.
 Coba wenehana tuladha tembung-tembung kang duwe watak 8 (wolu)
Wangsulan : ___________________________________________________________
 3  .Apa sebabe wanita nang desa akeh sing lewih milih kerja nang pabrik rambut
     tinimbang dadi buruh pethik mlathi gambir ?  
Wangsulan : ___________________________________________________________
   4.. Coba wenehana  tuladha siji-siji bae sing kalebu
a.       Ukara camboran sedrajat
Wangsulan : ________________________________________________________
 b.      Ukara camboran raketan
Wangsulan : ________________________________________________________
 c.       Ukara camboran tingkatan
Wangsulan : ________________________________________________________
 5. ugerane tembang Macapat iku ana 3. Coba terangake apa kang diarani
a.       Guru gatra yaiku…………………………………………………………………………
b.      Guru wilangan yaiku…………………………………………………………………………
c.       Guru lagu yaiku………………………………………………………………………..

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.13


WULANGAN 6
PEMERINTAH

1. NYIMAK ( NGRUNGOKAKEN )
KOMPETENSI DASAR : 9.1.2 Mendengarkan Pidato
INDIKATOR : 1. Mampu menyimak pidato yang diperdengarkan
1. Mampu menyebutkan ide gagasan utama pidato yang
diperdengarkan
2. Mampu menuliskan ringkasan isi pidato
3. Mampu menjawab pertanyaan bacaan yang berkaitan
dengan materi pidato

A. Rungokna kancamu kang lagi nindakaken pidhato ing ngisor iki!

TANGGAP WACANA PANGARSA KARANG TARUNA


AssalamualaikumWr. Wb.
Katur panjenenganipun bapak – bapak, ibu – ibu tuwin para rawuh ingkang satuhu
kinurmatan.Dhumatheng panjenenganipun para sadherek anggota karang taruna ingkang kula
tresnani.Matur nuwun sanget dhumateng kadang pranatacara ingkang saperlu matur wonten ngarso
panjenengan sedaya.
Langkung rumiyin sumangga sesarengan kita ngaturaken puji syukur dhumateng GustiAlloh ingkang Maha
Agung, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula tuwin panjenengan sedaya pramila saged
makempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.
Salajengipun, kula minangka pangarsa panitia kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng
para rawuh sedaya ingkang sampun ngrawuhi, nggrengsengaken adicara peken mirah utawi bazar punika,
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.14
kanthi pangangkah rawuh panjenengan sedaya kersa mundhut punapa kemawon ingkang panjenengan
kersakaken.
Dene caranipun panjenengan saged mriksani rumiyin sedaya barang ingkang dipun gelar, wonten
ingkang mranani kula aturi mundhut. Awit kasilipun bazar punika badhe kangge ragad pentas seni malem
resepsi pitulas Agustus ingkang badhe dumugi.Dados panjenengan mboten mligi blanja nanging ugi amal
kangge mbiyantu pentas seni mangke.
Bapak, Ibu lan para rawuh sedaya, minangka pangarsaning panitia, sepisan malih kula ngaturaken agunging
panuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun kersa mbiyantu tumapaking adicara punika, mugi – mugi
para rawuh sedaya mboten kuciwa punapa ingkang saged kaaturaken dening para Karang Taruna Sinar
Jaya mriki.
Wasana, menggah kula piyambak mbok bilih anggenipun matur wonten kalepatan ing tata titi
tembung kula, kula nyuwun agunging pangapunten. Maturnuwun.
Wassalamu’alaikumWr. Wb.

B. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki!


1. Sapa sing nindakake tanggap wacana ?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………

2. Adicara apa sing ngudokake dhewek pidhato?


Wangsulan : …………………………………………………………………………………

3. Sapa bae sing rawuhi adicara iku?


Wangsulan : …………………………………………………………………………………

4. Apa sebabe dheweke matur nuwun marang pranata cara?


Wangsulan : …………………………………………………………………………………

5. Apa pangarep – arep marang sing padha rawuh?


Wangsulan : …………………………………………………………………………………

Gladen :
Gawea teks pidato / sesorah babagan kegiatan Karang Taruna, minangka ketua lomba pitulasan ing
desamu!
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
……………………

C. UKARA LAMBA
Manut panemune Drs. Sri Satriya Catur Sasongko ing buku Paramasastra jaman Modern, ukara
lamba iku dumadi saka saklausa. Tegese, ukara kasebut mung dumadi saka jejer lan wasesa sarta bisa
ditambah lesan, geganep utawa panerang. Dadi, jejer lan wasesa ing ukara lamba gunggunge mung siji
lan ora kena lewih saka iku.

Tuladha :
1. Bocah kuwi // seneng pedes
jejer wasesa
2. Pilihan Bupati kuwi // dianggep ora sah
Jejer wasesa
3. Mas Wahyu // nukokake // adhiku // klambi bathik
Jejer wasesa lesan gagenep
4. Bapak lan Ibu // nembe tindak // dhateng jogja
Jejer wasesa ket. Panggonan
5. Adhiku // lagi sinau // ing kamar
Jejer wasesa ket. Panggonan

Menawa digatekna, ukara ing dhuwur iku jejer, lan wasesane mung ana siji. Loro – lorone nduweni “
fungsi inti”

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.15


Ukara lamba ing ngisor iku udhalen manut lungguhing tembung!
1. Wis seminggu embah gerah
Wangsulan : ………………………………………………………………………………

2. Ing pasar ibu mundhut sayuran


Wangsulan : ………………………………………………………………………………

3. Siti tuku salak sakranjang ing pasar


Wangsulan : ………………………………………………………………………………

4. Pak Trimo wingi kelangan jaket


Wangsulan : ………………………………………………………………………………

5. Bocah – bocah lagi padha nggarap PR Basa Jawa


Wangsulan : ………………………………………………………………………………

II. MICARA ( BERBICARA )

A. Tindakna pacelathon ing ngisor iki karo kancamu nganggo pocapan lan lagu sing bener!

Pakulina Tangi Esuk

Darus : “Mbah, kalawau wungu jam pinten, bibar subuh kok sampun tindak – tindak?
Embah : “Aku dhek mau tangi jam papat, iku jane wis kawanan.”
Darus : “Jam sekawan kok sampun kesiangan, biasanipun wungu jam pinten, Mbah?”
Embah : “Yen biasane aku tangi jam telu, bareng karo wungune ibumu.”
Darus : “Wah kula nembe ngimpi punika, awit jam gangsal kula nembe tangi.”
Embah : “Jaman embah isih cilik wis kulina tangi esuk, mbah buyutmu utawa Bapakku maringi
tuladha dhisiplin, mula yen sekolah mlebu jam setengah pitu, aku wes ora kesusu
maneh.”
Darus : “Panci dhisiplin punika manawi sampun tumanem wiwit alit, rikala ngadhepi ayahan
punapa kemawon saged lumampah kanthi sekeca.”
Embah : “Mula wiwit saiki kowe kudu mbudidaya supaya bisa tangi luwih esuk maneh, supaya yen
Budhal sekolah ora kesusu utawa ora telat.”
Darus : “Sejatosipun kula ugi kepengin sanget, nanging kula menika boten nate krungu adzan
subuh,awit griyanipun tebih mesjid.”
Embah : “Ora kudu mangkono carane tangi esuk, akeh cara supaya bisa tangi esuk, upamane kanthi
nyetel weker utawa alarem sing ana ing HP, dene yen ora ana sing penting niyate ati
sadurunge turu ndonga supaya bisa tangi esuk, aja mapan turu nganti kewengen, awit bisa
kerinan.”
Darus : “Wah kadosipun kula saged nglampahi, manawi makaten badhe kula cobi, pamrayogi
sakingEmbah.”
Embah : “Muga – muga bae bisa, aja lali matur bapak ibumu supaya kersa ngelingake yen arep
Tangi esuk.”
Darus : “Matur nuwun sanget nggih Mbah, sedaya pamrayogi saking panjenengan.”
Embah : “Ya padha – padha, yen nganti seminggu durung bisa mlaku, besuk kowe bisa crita
maneh.”

B. Rampungna pratelan ing ngisor iki, amrih trep karo isine pacelathon !

Ing wayah (1)….Darus ketemu karo (2)….wektu iku embah lagi (3)….embah wungu jam (4)….Biayasane
embah wungu jam (5)….dene Darus yen tangi jam (6)….Wiwit cilik embah wis dilatih (7)….dening embah
buyut. Yen kulina tangi esuk yen mangkat sekolah ora bakal (8)….Darus ora tau krungu (9)….jalaran omahe
adoh saka mesjid. Miturut embah supaya bisa tangi esuk kanthi nyetel (10)….

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.16


C. Gawea pacelathon marang embahmu sing isine kowe ngaturaken pesen saka ibumu, supaya
embah tindak daleme pakdhe sing arep sukuran dina malem Minggu. Banjur tindakna pacelathon
kasebut ana ing ngarep kelas!

…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………

III. MACA ( MAOS )


KOMPETENSI DASAR : Membaca paragraf berhuruf yang menerapkan
AKSARA JAWA
INDIKATOR : 1. Mampu membaca Aksara Rekan dengan lancer
2. Mampu menunjukan Aksara Rekan yang dimaksud dalam bacaan
3. Mampu membaca bacaan berhuruf jawa yang menerapkan Aksara Rekan
4. Mampu mengubah bacaan kedalam huruf latin
5. Mampu menjawab pertanyaan bacaan dengan huruf jawa

WACANEN KANG PREMATI !

?IfulP+it]i.
?sbenT=gl¿;g;swl\ aumt\IsLmPdma/g-
finIfulPt`+i,ai=finIfulP+it]iaikumin=ksrnaizpurmr=[wo=liys[j]o[nsetaun\,sfuru=[zaik
u[wo=IsLmNinFk[kpss[j]o[nwuln[Rom[fon\,[goj+lisi=wisPir=pir=taunZumBrme/
[lokH[kmulihai=[fs[n.
put][npkP+[toniiaikuffipeg[wai=jk/tkur=luwihwis\;15;taun\
[g+oj+liaiku[bo[jo[n$itij+ul[ak+hvmButG[w[nnu=glK[nTo/.put]
[n;2;yaikumuf+ki/k[rop+ip+ik+snh.kjb [g+oj+liput][npkP+[toniaikuk+
[arufinS/tj+ub[afh.
?k+[arufinFu[w[bo[jop+
[tonh[f[nj+ub[fhaisihkuliyhai=UniP+e/sits\Al\Aj+/.nlikfinIfulP+it]ipdzumPulFfisiji,mul
fXmMpkP+[tonir[mbzet\,

A. Wacana tulisan jawa kasebut gantinen nganggo aksara latin ana ing buku tugasmu!
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………..
B. Wangsulana nganggo aksara jawa, amrih trep karo isine wacan kasebut!
1. Kapan dina Idul Fitri dipahargya?
Wangsulan : …………………………………………………………………………………..

2. Sadurunge dina Idul Fitri umat Islam pada?


Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.17
Wangsulan : …………………………………………………………………………………..

3. Sapa sing bali saka Jakarta?


Wangsulan : …………………………………………………………………………………..

4. Bojone Ghozali iku sapa?


Wangsulan : …………………………………………………………………………………..

5. Pira putrane pak Ghozali?


Wangsulan : …………………………………………………………………………………..

6. Sapa bae putrane pak Fatoni


Wangsulan : …………………………………………………………………………………..

7. Ana ing ngendi Zubaedah kuliah?


Wangsulan : …………………………………………………………………………………..

8. Nalika dina Idul Fitri daleme sapa sing rame banget?


Wangsulan : …………………………………………………………………………………..

PEMERINTAH KABUPATEN PURBALINGGA

DINAS PENDIDIKAN

SEKOLAH MENENGAH PERTAMA (SMP)

KABUPATEN PURBALINGGA

ULANGAN AKHIR SEMESTER II (GENAP)

TAHUN PELAJARAN 2015 – 2016 PREDIKSI

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : IX ( Sembilan)
Hari / Tanggal :

Waktu : 90 menit

I. Wangsulana kanthi menehi tandha “X” (ping) aksara a,b,c utawa d ing lembar kang
cumawis !
Satitekna !

Assalamu’alaikum wr. wb.

Mugi winengkua sagung karahayon, kawilujengan ing salami-laminipun. Nuhoni ingkang


dados urut tata lumadining acara ingkang sampun karacik kadang pambiwara, kaparenga kula
sumalonong, saha nggempil kamardikaning panjenengan sedaya, awit kula dipunsuwun dening
Bapak Harjo Lukito kinen ngaturaken tanggap wacana wonten ing prastawa sedanipun Ibu Harjo
Lukito.
…………………………………………….
1. Pethilan wacana ing ndhuwur iku tanggap wacana ana ing adicara ….
b. Upacara temanten c. Sukuran
c. Khitanan d. Kesripahan
2. Sing ngaturake tanggap wacana ing nduwur iku ….
a. Bapak Harjo Lukito c. Utusane Bapak Harjo Lukito
b. Ibu Harjo Lukito d. Pambiwara
3. Mugi winengkua sagung karahayon, kawilujengan ing salami-laminipun.
Tembung karahayon iku linggane ….
a. Karah c. hayon
b. Rahayu d. rahayon
4. Tembung karahayon lan kawilujengan iku kalebu dasanama, sing nduweni tegese ….
a. Keslametan c. kalodhangan
b. Kasenengan d. kapinteran
5. Pethilan tanggap wacana ing ndhuwur iku kalebu perangan ….

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.18


a. Salam pambuka c. pambuka
b. Isi / surasa basa d. wasana basa

Satitekna !
Samirana braja bayu
Tumiyup ing ngendi-endi
Tan mbebeda kehing janma
Yeku wateking bupati
Tan mbeda drajat martabat
Nuwuhke welas lan asih

6. Samirana, braja, lan bayu iku tembung padha tegese, yaiku ….


a. Geni c. bumi
b. Angin d. banyu
7. Manut Tembang Kinanthi ing ndhuwur , sing ora dibeda-bedakake drajat lan martabate yaiku
….
a. Manungsa c. bupati
b. Welas d. asih
8. Kartika sudama kasbut, pepadhang wayah wengi. Kartika iku tegese padha karo ….
a. Rembulan c. geni
b. Lintang d. srengenge
9. Ukara ngisor iki endi sing kalebu Basa Jawa dialek Banyumasan? ….
a. Kowe kok ketoke rada aras-arasen sinau, ana apa ta?
b. Kae kuthuke dipakani dhisik, aja kesusu budhal.
c. Angger inyong bali maring ngumah mesthi kepapag karo dheweke.
d. Tih, pisang sing wis rada mateng dionceki ya, mengko dakgorenge.
10. Ukara ngisor iki endi sing dudu dialek Banyumasan? ….
a. Wis ayuwene enggane urung sarap acan.
b. Sajake sing ngguyu kae kancaku SD mbiyen.
c. Angger tangi toli sing gasik, engko dadi ora gugup.
d. Ujare nyong tah rika nginep kene baen.
11. Wigatekna pethikan sesorah ing ngisor !
Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih anggen kula matur kirang mranani panggalih
panjenengan, kula nyuwun agunging pangapunten. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Perangan tanggap wacana ing ndhuwur kalebu ….
a. Salam Pambuka c. Pambuka/Purwaka basa
b. Dudutan/simpulan d. Panutup/Wasana basa
12. Dhumateng para sepuh tuwin pinisepuh ingkang kula bekteni, para bapak tuwin para ibu
ingkang kinurmatan, dhumateng kadang taruna ingkang kula tresnani, ….
Isining ukara ndhuwur yaiku ….
a. Atur pakurmatan c. Atur panuwun
b. Atur pambuka d. Nyuwun pangapunten
13. Satitekna !
Langkung rumiyin sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumatenh Gusti Ingkang
Murbeng dumadi, awit saking kamirahanipun kita sedaya taksih pinaringan kanugrahan tuwin
karaharjan, saengga kita sedaya saged makempal wonten ing papan ngiki.
Isining ukara ndhuwur yaiku ….
a. Atur panuwun marang para rawuh c. Muji syukur marang Gusti Allah
b. Nyuwun pangapunten d. Atur panuwun
14. Para sepuh saha pinisepuh ingkang pantes sinudarsana.
Tembung sinudarsana tegese ….
a. Diurmati c. Diajeni
b. Ditresnani d. Diconto
15. Ukara ngisor iki kang kalebu ukara lamba yaiku ….
a. Aku nggitar, adhiku nembang.
b. Aryani nyaponi latar saben esuk.
c. Adhiku nggambar dene ibuku maca majalah.
d. Agung tuku bakso, Sari tuku soto.
16. Bocah-bocah lagi padha nggarap tugas Basa Jawa.
Ukara iku jejere ….
a. bocah-bocah c. nggarap
b. tugas d. Basa Jawa
17. Bapak lan Ibu arep tindak menyang Solo minggu ngarep.
Ukara iku wasesane ….
a. Bapak lan Ibu c. arep tindak
b. menyang Solo d. minggu ngarep

Satitekna !
Danu : “Mbah, kalawau wungu jam pinten, bibar subuh kok sampun tindak-tindak?”
Embah : “Aku dhek mau tangi jam papat, iku jane wis kawanen”
Danu : “Jam sekawan kok sampun kesiyangan, biasanipun wungu jam pinten , Mbah?”
Embah : “Yen biyasane aku tangi jam telu, bareng karo wungune ibumu”

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.19


……………………………..
18. Tembung wungu iku basa krama inggil, dene basa ngokone ….
a. Turu c. nglilir
b. Tangi d. ngimpi
19. Ing pacelathon nduwur, ature Danu marang embahe migunakake basa ….
a. Ngoko lugu c. Krama lugu
b. Ngoko alus d, Krama alus
20. Ibunipun Danu menawi wungu jam pinten? ….
a. Tiga c. kesiyangan
b. Sekawan d. bibar subuh
21. “Aku dhek mau tangi jam papat, iku jane wis kawanen”.
Tembung kawanen linggane ….
a. kawan c. wanen
b. wani d. awan
22. Marzuki lagi adzan. Yen katulis nganggo aksara Jawa sing bener ….
a. m/j+ukilgiaf+n\ c. m/jukilgiafn\
b. m/j+ukilgiadn\ d. m/jukilgiaf+n
23. ?p+/k+nK[roj+u[bfhsene=nemB=jw.
a. Parkan karo Jubedah seneng nembang Jawa.
b. Farhan karo Zubaedah seneng nembang Jawa.
c. Farkhan karo Zubedah seneng nembang Jawa.
d. Fardzan karo Zubaidah seneng nembung Jawa.

24. ?[w==osi=mc[k+otBhfiarnNi……
a. [k+otBh c. [k+otib\
b. aimm\ d. muaf+in\
25. ?wyhf+uau/[g+oj+lifuru=mulih.
Ukara tulisan Jawa ing dhuwur yen katulis akasara Jawa dadine ….
a. Wayah duhur Gozali durung mulih.
b. Wayah dzuhur Ghozali durung mulih.
c. Wayah dzuhur Ghozali durung ngelih.
d. Wayah dhuhur Ghojali urung mulih.
26. Endi sing kalebu aksara rekan? ….
a. k+, f+, p+, j+, g+ c. k, f, p, j, g
b. A, I, U, E, O d. 1, 2, 3, 4, 5

Wacanen kang patitis !

Agung : Mekaten Pak, sowan kula menika sepisan silaturahmi, wondene ingkang kaping
kalih bilih kalawingi wonten pangandikanipun tiyang sepuh menawi lare samangke
kathah ingkang boten mangertos kasusilan. Inggih amargi kula kadadosaken ketua
pemuda saha bapak ingkang dipun sepuhaken ing RT ngriki, pramila kula nyuwun
seserepan babagan kasusilan,mbok bilih ing mangke saged kula aturaken
dhumateng para kanca kaneman.
Pak RT : O, bab kuwe ya... Pancen wingi ana sing rerasan menawa bocah enom siki
akeh sing ora ngerti kasusilan. Tumindak sok keladhuk, kurang deduga gonyak-
ganyuk nglelingsemi. Nanging ya ora kabeh bocah enom mengkono. Nyatane kaya
dhik Agung wis ngenggoni kasusilan, dhasare pinter tur tumindake ya becik.
Agung : Ah, Pak RT menika remen ngalembana.
Pak RT : Ora ngalem, ning nyatane kaya kuwe lho dhik ? Muga-muga para mudha nang kampung
kene tumindake kabeh becik kanggo nggayuh karaharjaning warga bebrayan.
27. Wacana pacelathon ing dhuwur lagi ngrembug bab :
a. kasusilan c. pilihan ketua pemuda
b. tumindak kang becik d. karaharjaning warga
28. Basa kang digunakake Agung ing pacelathon dhuwur iku basa :
a. Ngoko lugu c. Krama
b. Ngoko alus d. Krama alus
29. Tumindake becik kanggo nggayuh karaharjaning warga bebrayan. Karaharjan asale saka tembung
raharja kang tegese :
a. Apik c. slamet
b. b. makmur d. tentrem

Satitekna !
DEWI KUNTHI
Dewi Kunthi Talibrata putri sekang Prabu Kunthiboja sekang Negara Mandura. Deweke
kondhang awit sekang ayune, klebu putri sing sulistya ing warna, mula ora aneh menawa akeh
satriya sekang ngendi bae kepengin ngarah Kunthi Talibrata dadi bojone.
Nalika isih kenya tau dadi gegere Negara awit tau ngandheg sedurunge nduweni wong
lanang jalaran “digrumut” Bethara Surya, rahayune perkara mau mung dingerteni neng keluargane
dhewek thok neng Negara Mandura lan ora nganti mrojol neng liyan. Pinuju tekaning jabang bayi
mijil kakung lan dilairna lewat kuping banjur diwehi tenger/jeneng Karna.
30. Carita wayang Dewi Kunthi ing dhuwur iku pethikan sekang buku :

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.20


a. Mahabharata c. Ramayana
b. Layang Menak d. Carita Panji
31. Dewi Kunthi kondhang awit sekang ayune, klebu putri sing sulistya ing warna. Tembung sulistya ing
warna tegese :
a. Apik warnane c. ayu rupane
b. Bagus watake d. kuning kulite
32. Pethikan carita ing dhuwur yen dipentasake nganggo wayang kang digawe saka kulit arane :
a. Wayang menak c. wayang Jawa
b. Wayang kulit d. wayang madya
33. Dewi Kunthi ngandheg amarga “digrumut” Bathara Surya.
Tembung Bathara tegese :
a. Pandhita c. bagawan
b. Resi d. dewa
34. Dewi Kunthi sulistya ing warna. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku :
a. ?[fwikunQisulisT-ai=w/n. c. ?[fwikunTisulis\t-ai=w/n.
b. ?[fwikunQisulis\tYai=w/n. d. ?[fwikunTisulisT-ai=w/n.
Satitekna !
Prabu Dasamuka ing Ngalengka kagungan sedherek tiga, inggih menika Arya Kumbakarna
awujud danawa, ageng inggil gagah prakosa. Sarpakenaka awujud danawa wanita. Arya Wibisana
satriya bagus ing warni. Prabu Dasamuka ageng sanget panguawosipun, keringan samining ratu.
Kathah sami raja ingkang sampun sami teluk dhateng Ngalengka. Nanging sami mboten jenjem
manahipun. Para pandhita sami karisak partapanipun, ugi sampun kathah ingkang dipunpejahi. Ing
semu Dasamuka boten sedya mawayu rahayuning jagad, kajawi namung nuruti hardening karsa,
ngumbar hawa nepsu. Mila para tapa tansah nenuwun dhateng jawata, ngajeng-ajeng enggalipun
tumurunipun wisnu, ngayomi sagung dumadi.
35. Prabu Dasamuka iku raja ing negara :
a. Ngastina c. Ngalengka
b. Ayodya d. Ngamarta
36. Prabu Dasamuka ageng sanget panguawosipun, keringan samining ratu. Dasanamane tembung
prabu yaiku :
a. Pangeran, raja, narendra c. raja, satria, nata
b. Raja, nata, narendra d. aji, raja, raden
37. Manut wacana ing dhuwur para kawula utawa rakyate Prabu Dasamuka ora jenjem atine amarga
…….
a. Prabu Dasamuka ngrusak pertapane para pandhita
b. Prabu Dasamuka mateni para Pandhita
c. Prabu Dasamuka ora gelem njaga katentremaning donya
d. Prabu Dasamuka mung nuruti kekarepane dhewek
38. Mumbul dhuwur tanpa swiwi. Pratelan kesebut tuladha sengkalan kang nuduhake taun ….
a. 2000 c. 2001
b. 2004 d. 2005
39. Ing ngisor iki endi tuladha ukara camboran sadrajat kang bener
a. Nalika ibu tindak, adhik nangis. c. Omah iki resik amarga disapu.
b. Sinta tuku buku lan Santi sing nggawa. d. Risa maca komik dene Rina nggarap PR.
40. Ukara camboran raketan yaiku ukara kang siji lan ukara sijine ana sesambungane.
Ing ngisor iki tuladha ukara camboran raketan kang bener :
a. Galang lagi internetan, Panji nonton TV c. Rini masak lan umbah-umbah
b. Bapak tindak menyang Purbalingga d. Ibu masak mie goreng, adhik sing maem.
Satitekna !
. Nuju sawijining dina macan kandha yen kepengin numpak anagegere. Salah sijine sapi
mau nglilakake. Nanging apa sing kedadeyan? Bareng si macan wis ana dhuwur geger, keselak
notog atine, kagawa saka ora sabare, punuke sapi dicengkerem, kanthi mengkono si sapi mesthi
bakal mati. Nanging si sapi saiki beda karo sesasi kepungkur. Saiki lemu lan rosa. Bareng krasa
lara, si sapi tanggap sasmita, banjur mlayu nyedhaki jurang, si macan saya kenceng anggone
nyengkerem. Ewa semono bareng tekan pinggir jurang, si macan si macan dikipatake dening si
sapi ... plung si macan kecemplung jurang, dadi lan patine.

41. Carita ing dhuwur tuladha dongeng kang paragane para kewan kang uga diarani :
a. Fabel c. mithe
b. Legendha d. sage
42. Piwulang luhur kang bisa dijupuk saka carita dhuwur yaiku :
a. Manungsa iku kudu guyub rukun
b. Conto kewan macan lan sapi kang padha bisa urip bareng
c. Watak angkara lan murka akhire dadi cilaka
d. Sanadyan kewan galak nanging esih bisa dikalahake
Satitekna !

Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha
nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana
lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil
marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya
Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.21


kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku
marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye
carane?” pitakone Kancil.“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi
peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh
sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku
ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna
tumrapmu!”

43. Merak ing carita dhuwur nggambarake paraga kang watake :


a. Iri marang liyan c. umuk utawa sombong
b. Pelit marang kanca d. nrima lan gedhe syukure marang Gusti
44. Tuladha ukara kang nuduhake perwatakane merak yaiku :
a. Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe
b. Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad
c. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah
d. Aku-kowe iki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa
kanthi ati segara
45. Latar utawa setting panggonan dumadine carita kancil lan merak ana ing :
a. Dalan c. omahe merak
b. Omahe kancil d. alas
Satitekna ! Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sami anuladha,
kadya nguni caritane
andelira sang Prabu
Sasrabau ing Maespati,
aran patih Suwanda
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama.
46. Wacana ing dhuwur tuladha tembang Dhandhanggula kang kalebu tembang :
a. Tembang gedhe c. Tembang cilik / macapat
b. Tembang Tengahan d. Tembang dolanan
47. Tokoh utawa paraga kang pantes ditiru ing tembang kasebut yaiku :
a. Patih Suwanda c. Para prajurit
b. Prabu Sasrabahu d. Prabu ing Maespati
48. Guru wilangan lan guru lagu gatra ke-9 tembang Dhandhanggula yaiku :
a. 10 i c. 10 a
b. 11 i d. 12 i
49. ?rtuai=m[asPtiaikuar[n :
a.a/junwijy c.dsmuk
b. ss]bau d. suwnF
50. ?llbuhanT]ip]kryaikugun …… purun\.
a. autm c. p]wir
b. per= d. ky

II. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi patitis!

1. Tembung-tembung ngisor iki golekana dasanamane, ngloro bae!


a. Srengenge = ……………………………..…, …………………………………..
b. Bumi = …………………………………, …………………………………..
c. Banyu = …………………………………, …………………………………..

2. Ing sengkalan saben tembung duwe teges angka dhewe-dhewe.


Coba wenehana tuladha tembung-tembung kang duwe watak 8 (wolu)

3. Tulisen mawa aksara latin!


?wul[nD[smBe/taunKi[yadikufisuntTi.

4. Ukara lamba ngisor iki udhalen manut ayahing tembunge!


Garin, Garda lan Gono dolanan bal-balan ana lapangan.

5. Gawea tuladha ukara camboran tundha / tingkatan ( 2) !

?spatekenKnQitekumesQiktekn\

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.22


WULANGAN 7

TEMA “TRADISI”

1.NYEMAK / NGRUNGOKAKE/ LISTENING


Standar Kompetensi : Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.23
9.1 Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan dalam berbagai
ragam bahasa Jawa.
Kompetensi Dasar :
9.1.2 Mendengarkan pidato.
A. Rungokake tuladha sesorah ana ing acara mantenan !
Atur Pambagyaharja
Bismillahirrohmanirrohiim
Assalamu`alaikum Wr. Wb.
Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundi, para pangemban
pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha mudha
ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana.
Keparenga kula mambeng anggen panjenengan sedaya katemben wawan
pangandikan, karana kula piniji Bp. Arjuna sekalihan, kinen ngaturaken
wedharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing manah saha lekasing
sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika.
Minangka purwakaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan
sadaya kula dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah
ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah berkah ingkang rumentah
dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula saengga maksih saged kempal
manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika
panjenenganipun Bp. Arjuna sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken
sugeng rawuh sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah lelenggahan kanthi
mardu mardikaning penggalih, wondene lekas wekasing sedya wigatosing gati kula aturaken ing mriki,
nadyan panjenengan sedaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing palenggahan punika
ingkang sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan. Nun inggih netepi darmaning asepuh Bp
Arjuna sekalihan ing kalenggahan punika mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus kenya putrinipun
ingkang sesilih namipun Rr Siti Sundari kaleksanan dhaup kaliyan Bg Bangun Sumantri priya tanaya
panjenenganipun Bp Anggodo sekaliyan ingkang pidalem ing Kutabawa Karangreja ingkang sampun
kalampahan ijab miturut satataning adat kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala, ingkang punika
panyuwunipun Bp Arjuna wonten ngarsa panjenengan sadaya mugi wontena lilaning panggalih para tamu
kakung putri paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng temanten sarimbit anggennya badhe gesang
wonten ing alam bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki kang
kaesthi.
Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing kalenggahan
punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang pawong mitra langkung-langkung
para warga RT setunggal mriki ingkang punika hambok bilih panjenenganipun Bp Arjuna mboten saged
mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, mugi
sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kesaenan. Para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana
Bp Arjuna sekalihan lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok
bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sadaya, kiranging tanggap tangguh gupuh suguh lan
lungguh mugi diagung pangaksama, mboten kekilapan dhumateng para kadang mudha taruna anggenipun
sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sadaya, hambok bilih wonten kiranging suba sita
lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sadaya.
Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bp Arjuna sekalihan lumantar kula hambok bilih
wonten kiranging boja miwah krama mugi para tamu ngluberaken samudra pangaksama ingkang agung, kula
minangka talanging basa kathah atur kula ingkang mboten anuju prana labet kula ugi hanglenggana
kiranging seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin sastra, kula hamung
tumadhah lubering pangaksama salajengipun wekdal kula aturaken wangsul dhateng kadang panatacara.

Akhirul kalam Wassalamu`alaikum Wr Wb.

B. Negesi tembung kang durung ditegese, tegesana kanthi golek ana ing bau sastra utawa
kamus!
 -pepundhen: sesembahan, barang kang dipundhi-pundhi -sinudarsana:diconto, ditiru
 -pinisepuh : dituwakake -mambeng : nganggu
 -pangemban:sesulih nindakake karya -katemben : lagi sekiye
 -pangembating:sing nimbang -kinen:akon
 -praja: nagara,paprentahan -wedharing:wetuning
 -satriya:wong luhur -gantha:gambaran, rancangan
 -kadang:sedulur -sedya: karep
 -wredha:tuwa -piniji:dipiji
 -bagya:begja -manah:ati
 -purwakaning: pambuka, wiwitaning -sih:tresna, kawelasan
 -wilasa:ngenggar-enggar, dolanan -rumentah :tumiba
 -dalasan:lan, karo -maksih : esih
 -pinayungan: dipayungi,deayomi -karaharjan:kamulyan, katentreman
 -sambekala:alangan -sinuba:diurmati
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.24
 -madyaning:tengahing -wiwahan : ijabing penganten
 -mardu mardika:ora kawengku ing panguwasane -lekas:enggal, gelis
 -kintaka wara:linuwih, endah banget -mahargya :mengeti
 -suta, siwi, tanaya: anak -kenya:prawan
 sesilih:nama, jeneng -dhaup:temu
 -puja hastawa:memuji -puji hastuti:memuji
 -sarimbit : sakloron lanang wadon -runtut atut: rukun
 -bagya mulya:begja banget -sembada : kuwat, pantes
 -basuki: widada, slamet -kaesthi: sedya, maksud
 -mitra:kanca -kadarman ; penggawe becik
 -hanglenggana : ngrumangsani -budi: pikiran kang ginawe nggayuh
 -kekilapan :lali, supe -nawung kridha : susah,sedhih
 -suba sita : Tata krama -pepuntoning:pungkasan
 -boja: pangan, panganan -krama:pratingkah, suba sita
 -talanging basa:wong kang nglantarake gunem -anuju prana :pas karo ati
 -pana:pinter , genah -seserepan :kawruh
 -tumadhah :nampani

C. Bocah Sukerta

Ruwatan, Piranti Budaya Ngresikki Reregeding Urip


Akeh priyayi kang isih salah tampa babagan pangertenan pangruwatan. Banjur
saktemene ruwatan iku apa, lan guna paedahe kanggo ngapa?
Miturut Ki. H. Manteb Sudarsono, sawijining dhalang kondhang saka
Karanganyar, ruwatan iku tegese ngilangi utawa ngresiki.
Dene kang diresiki, ora ana liya amung sukerta, utawa reregeding urip. Lan
ruwatan iki dadi wujud pirantine budaya, kang ora perlu dicampur karo ajaran
agama. Sanadyan intine ruwatan iku, minangka sarana mertobat marang Gusti
Kang Maha Tunggal, saengga ilang sakabehing sukerta.
Dheweke uga kandha, menawa bocah sukerta, kang kudu diruwat supaya ora
dadi pangane Bethara Kala, iku amung minangka sanepan. Lan yen dionceki
jero, sejatine iku dadi piwulang kang luhur banget.
Sebab Hyang Kala ing kene tegese titi wanci, utawa wektu. Lan wong urip kuwi
tansah dioyak wektu, kang disimbolake kaya dene raksesa nggegilani. Mulane
wong urip ing alam ndonya kuwi, kudu bisa nggunakake wektu uripe, kanggo
tumindak becik. Sebab yen nganti lirwa, dheweke bakal rugi lahir batine utawa
diibaratake kena sukerta, utawa sial iku mau.
Luwih jero Ki Manteb ngandika, kabeh lelakon manungsa iku, pancen winengku dening kodrat. Nanging
kodrat kuwi sejatine, isih bisa diwiradati. Mulane lakon wayang kang kanggo
ngruwat, iku ngganggo lakon Murwa Kala. Iku mengku sedya, amiwiti
kahanan kang anyar. Dene dhalang, wajibe amung sakdrema nuduhake
dalan wae.
“Murwa kuwi tegese wiwit. Tegese miwiti urip kang resik lan adhoh saka
panggawe ala. Lha perkara bisa kasil pora, kuwi gumantung kang anglakoni,
dudu dhalang ruwate. Tuladhane kaya wong lara kae. Wajibe sing waras
kudu nambake ning dokter. Nanging perkara mari apa orane, ya ora
sakwutuhe dadi tanggung-jawabe dokter,” panjelase Ki Manteb.
Semana uga miturute Suprapto Suryadarma, utawa asring sinebut Mbah
Prapta, budayawan saka Padhepokan Lemah Putih. Dheweke uga sarujuk,
yen ruwatan iku, minangka sarana mertobat marang ngarsane Gusti Kang
Maha Kuwasa, kanggo ngilangi reregeding lair, lan batin.
Ruwatan ing kene, uga minangka sarana ngunggahake drajad
kamanungsan, supaya murni, lan ora kecampuran unsur liyane. Sabab
manungsa iku uga bisa kadunungan sifate kewan, kaya dene serakah,
angkuh, tega mentala, lan golek benere dhewe.

Kang diarani bocah sukerta yaiku bocah kang manut


kapercayan, bisane slamet lan urip kudu diruwat, lan
ditanggapake wayang lakon Murwakala. Bocah Sukerta iku
lamun wis diruwat wis ora klebu memangsane Bathara Kala,
satemah bisa lestari uripe.
Bocah utawa anak sing klebu sukerta:
Bocah ontang-anting = Bocah lanang siji tanpa tunggal
Bocah unting-unting = Bocah wadon siji tanpa tunggal
Bocah wuyungan = Bocah lair bareng kesripahan

D. Aranana bocah sukerta kanthi njodhohake kang


ana ing ngisor!
1. Bocah loro lanang kabeh kakang adhi.

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.25


Wangsulan:___________________________________________________________
2. Bocah loro wadon kabeh kakang adhi.
Wangsulan :___________________________________________________________
3. Bocah telu lanang, wadon, lanang kakang adhi.
Wangsulan :___________________________________________________________
4. Bocah kembar ireng lan bule utawa pakulitane beda.
Wangsulan :___________________________________________________________
5. Bocah lima, siji wadon papat lanang kakang adhi.
Wangsulan :___________________________________________________________
6. Bocah lair urut lanang, wadon, lanang, wadon, lanang, wadon.
Wangsulan :___________________________________________________________
7. Bocah lima lanang kabeh kakang adhi.
Wangsulan :___________________________________________________________
8. Bocah lair durung genep sasine.
Wangsulan :___________________________________________________________
9. Bocah lair ing tengah dalan.
Wangsulan :___________________________________________________________
10. Bocah lair mbeneri pletheking surya.
Wangsulan :____________________________________________________________

a. Bocah gilir kacang g. Bocah ipil-ipil


b. Bocah margana h. Bocah kembang sepasang
c. Bocah jempina i. Bocah uger-uger lawang
d. Bocah julung sungsang j. Bocah pandhawa
e. Bocah julung kembang k. Bocah sendhang kapit pancuran
f. Bocah gondhang kasih l. Bocah pancuran kapit sendhang

II. MICARA/BERBICARA / SPEAKING

STANDAR KOMPETENSI :
9.2 Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara
lisandalam berbagai ragam bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh
KOMPETENSI DASAR :
9.2.2 Bercerita tentang adat-istiadat.

NONTON UPACARA GREBEG

Widada ngajak adhi-adhine nonton upacara Grebeg ing


alun-alun Ngayogyakarta. Tetelune padha nyandhang lan
menganggo sarwa prasaja. Kajaba luwih mardika uga njagani
aja ana wong sing bakal tumindak ala, kayata nyopet, nyrobot
lsp. Budhale padha numpak bus kota. Anggone munggah
adhine sing wadon-wadon banjur Widodo keri dhewe. Kabeh
nganggo tata krama supaya becik lan slamete. Sawise tekan
alun-alun wis akeh sing arep padha nonton, malah akeh wong
manca sing kepengin ngerteni upacara tradhisional iku.

Widaningsih : “Mas, apa ta gunane upacara grebeg


dianakake?”
Widada: “Maknane akeh banget, ing antarane yaiku kanggo mengeti Maulid Nabi uga kulawarga kraton
paring sedhekah tumrap rakyate.”
Widati : “Uga sarana nguri – uri kabudayan ya mas?.
Widada : “Pancen bener, kaya awake dhewe iki kudu nggatekake kabudayan kang adiluhung iki
wong manca wae ketarik lho marang upacara grebeg iki.”
Widaningsih : “Kabudayan diuri-uri, kuwi apa karepe ta Mbak?”
Widati : “Karepe supaya kabudayan tradhisional ora ilang kalindhih kemajuane jaman.
Widaningsih : “Carane kepriye Mbak, supaya budaya mau ora ilang?”
Widada : “Akeh banget carane umpamane upacara mau tetep ditindakake, digawe dhokumen,
diwulangakebmarang para mudha lsp.”
Wis sawetara bocah telu mau padha rembugan, gunungan ing upacara Grebeg mau dipikul saka
sajrone kraton tumuju menyang ing alun-alun.
Piwulang budi pekerti:
1. Upacara tradhisional kudu dilestarekake.
2. Para mudha kudu aweh kawigaten marang kabudayan tradhisional.
(Saka buku Lentics Learning Pragmatics kaca ;66)
Wangsulana pitakon iki nganggo basa krama!
1. Wacana ing ndhuwur awujud .......lan basa kang digunakake basa ...............

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.26


Wangsulan _____________________________________________________________
2. Sebutake paragane ing wacana iku!
Wangsulan _____________________________________________________________
3. Widodo ngajak nonton upacara Grebeg ana ing ngendi?
Wangsulan _____________________________________________________________
4. Apa gunane upacara Grebeg dianakake?
Wangsulan _____________________________________________________________
______________________________________________________________________
5. Kepiye carane kabudayan tradhisional supaya ora ilang kelindhih dening kemajuaning jaman?
III. MACA/MEMBACA/READING

STANDAR KOMPETENSI :
9.3 Mampu membaca bacaan sastra, nonsastra dalam berbagai teknik membaca, dan
bacaan berhuruf JawaMembaca paragraf berhuruf Jawa yang menerapkan aksara
rekan.
KOMPETENSI DASAR :
9.3.5 Membaca paragraf berhuruf Jawa yang menerapkan aksara rekan.

Aksara rekan iku aksara jawa sing direka kanggo nulis tembung jawa sing asale saka baca manca, utamane
tembung sing asale saka basa Arab.
Aksara rekan bisa dadi aksara pasangan lan bisa diwenehi pasangan lan sandhangan.

AKSARA TULADHA
NO LATIN REKAN LATIN JAWA
k+lip+h
k+
1 Kh Khalifah

f+ f+iki/
2 Dza Dzikir
p+ p+it]h
3 Fa / Va Fitrah
j+ j+kt\
4 Za Zakat
g+ g[+oj+li
5 Gha Ghozali

Gantinen mawa aksara Latin ! ( Wacanen )

? [dkFinsetu wuln\[p+bu]ari kvCkusi=ar[nNk+lip+h lgibli skAp+]ikh,


[d[w[kKfikvCnij+ulKip+Liaugsi=jene+[zg+j+li.
m=k[tTnlikwul[nNo[p+mBe/.luz[nam/gzvCnikk=[z si=ar[nNf+ki/si=lgisinauanngrj+imBbu[w.

Tradhisi Kenduren

Wiwit jaman kuna nganti tumeka saiki wong Jawa misuwur minangka wong sing relijius banget, tegese wong
sing kuwat agamane. Titikane kabudayan religius iki
katon monjo banget ing panguripan saben dinane.
Wong-wong Jawa tansah nengenake utawa ndhisikake
panembahe marang Gusti Allah. Nampa kanugrahaning
Gusti Allah banjur sukuran. Nampa cobaning Gusti Allah
ora nutuh utawa nduwa nanging malah banjur slametan.
Sukuran lan slametan iki wis dadi watak lageyan lan
kebiasaanne wong Jawa nganti dadi tradhisi sing
diarani kenduren.

K e n d u r e n b
kayata: mantu, kebayen,, utawa nduwe anak maneh, sunatan/tetakan utawa tetesan, luwar saka
panandhang lara utawa slamet saka kacilakan, arep mangkat lan bali haji, sukuran nadar amarga kaleksanan
apa sing dikarepake. Kenduren yen lagi nampa kasusahan kayata: kepaten, nandhang lara.

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.27


Slametan utawa kendhuren wis dadi roh lan jiwane wong Jawa. Ana kaperluwan apa wae mesti
didhisiki lan dipungkasi kanthi sarana kendhuren. Miwiti nduwe gawe utawa hajatan, mesthi mesti kenduren.
Ing pangajab anggone nduwe gawe bisa kaleksanan kanthi apik, slamet ora ana rubeda lan nuwuhake
berkah marang sanak kadang, sedulur tangga teparo. Pungkasane duwe gawe banjur dikantheni kenduren
minangka atur panuwun rasa bungah amarga anggone nduwe gawe wis kelakon kanthi apik. Nanging
anggone kenduren lan slametan uga ora winates menawa nampa bebungahlan kanugrahan thok, senajan
nampa pacoban lan rubeda, wong Jawa tetep nindakake kenduren. Ing pangajab muga-muga Gusti Allah
enggal paring pepadhang saengga enggal luwar saka panandhang.

Tradhisi kenduren biasane didhisiki atur-atur yaiku undang-undang lisan sing ditindakake dening
salah sawijining paraga. Paraga iki sing mubeng desa ngundang wong-wong, diwiwiti saka sesepuh desa,
modin utawa kaum banjur warga desa liyane. Biasane wektune uga ora suwe, umpama anggone kenduren
mengko bengi, olehe atur-atur sore bubar Ashar. Nalika manjing wektune, kira-kira bubar Isyak, wong-wong
wis padha nglumpuk tumplekbleg ing omahe sing kenduren. Swasana rame lan regeng iki sing nambahi
tentrem utawa asung panglipur marang sing nandhang coba utawa sing nduwe gawe .

1. Wiwit kapan wong Jawa kawentar wong kang religius banget?

Wangsulan: ______________________________________________________________

________________________________________________________________________

2. Apa tegese wong kang religi?

Wangsulan : ______________________________________________________________

_________________________________________________________________________

3. Sebutake kenduren sukuran nampa kanugrahan utawa kasenengan!

Wangsulan : ______________________________________________________________

________________________________________________________________________

4. Ana keperluwan apa wae wong Jawa ndhisiki lan mungkasi kanthi kenduren apa karepe?

Wangsulan : ______________________________________________________________

________________________________________________________________________

5. Tradhisi kenduren biasane didhisiki atur-atur yaiku undang-undang lisan, sing diwiwiti saka ngendi
dhisit?

Wangsulan : _____________________________________________________________

________________________________________________________________________

Tegese Tembung:

-kanugrahan : peparing, ganjaran

Ukara : __________________________________________________________________

-kadang : sedulur

Ukara : __________________________________________________________________

-kenduren : slametan

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.28


Ukara : __________________________________________________________________

-luwar : metu

Ukara : __________________________________________________________________

-misuwur : kondhang

Ukara : __________________________________________________________________

-monjo : luwih tinimbang liyane

Ukara : __________________________________________________________________

-modin : punggawa mesjid, lumrahe mimpin ndonga

Ukara : _________________________________________________________________

-nandhang : kena

Ukara : _________________________________________________________________

-pangajab : dijaluk

Ukara : _________________________________________________________________

-rubeda : alangan

Ukara : _________________________________________________________________

Ukara- ukara ing ngisor iki benerana manut unggah-ungguhing basa lan panulisan kang bener!

1. Niyatku arep nitih montor bae, yen panjenengan arep numpak bub ya nyumanggakaken.

Wangsulan : _____________________________________________________________

2. Wontenipun namung gangsal likur lan sampun kebekta dhateng kecamatan Kawis Enngal
Purbalingga sedaya.

Wangsulan: ________________________________________________________________

__________________________________________________________________________

3. Kepiye sing diarani koperasi iku lan apa carane nyambut gawe?

Wangsulan _________________________________________________________________

4. Kala wau kula saking Purbalingga Bu, mboten priksa wonten Polisi.

Wangsulan _________________________________________________________________

5. Bapak wau anggenipun dhateng sabin mlampah, mbekta caping badhe ningali pantun.

Wangsulan ________________________________________________________________

6. Utari ulangan Matematikane angsal enem dasa gangsal IPAnipun angsal gangsal dasa pitu.

Wangsulan : ________________________________________________________________

7. Ngunduh wohing pakarti : Yen nandhur olo, bakal ngunduh olo, yen tumindak becik bakal ngunduh
kabecikan.

Wangsulan : ________________________________________________________________

__________________________________________________________________________

8. Ojo grusa-grusu yen tumindhak kudhu dipikir disit.

Wangsulan : ________________________________________________________________

9. Ibu wangsulipun mangke amargi badhe tumbas jajan wonten took.

Wangsulan : ________________________________________________________________

10. Manungso becik sing sabar, narimo, adhil, wicaksono.

Wangsulan : ________________________________________________________________
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.29
CANDRA MANGSA

Panyandra : Ateges tetembungan kang nggambarake


kaanan nganggo pepindhan/ gegambaran. Kanggo
nggambarake smubarang kalebu kahanan mangsa kanggone
para among tani.

Candrane mangsa (kaanane alam)

Tuladha : 1. Satya murca ing embanan = Candrane


mangsa kasa/siji

Tegese : Wit-witan padha brindhil

2.Bantala rengka = candrane mangsa karo

Tegese : Lemah-lemah padha nela (mlethek)

Mangsa-mangsa iki golet candrane kang wis cumawis ana ngingsor!

1. Wit gembili (gadhung) padha mrambat, mangsa katelu.

Candrane :____________________________________________________________

2. Tuk-tuk padha pipet (bumpet), mangsa kapat.

Candrane :____________________________________________________________

3. Wiwit akeh udan, mangsa kalima.

Candrane :____________________________________________________________

4. Ungsum woh-wohan mirasa, mangsa kanem.

Candrane :____________________________________________________________

5. Akeh lelara, mangsa kapitu.

Candrane :____________________________________________________________

6. Mangsane kucing gandhik, mangsa kawolu.

Candrane :____________________________________________________________

7. Mangsane gareng muni, gangsir ngenthir, mangsa kasanga.

Candrane :_____________________________________________________________

8. Akeh kewan meteng, manuk ngendhok, mangsa kasepuluh.

Candrane :_____________________________________________________________

9. Mangsane manuk ngloloh, mangsa sada/ kasewelas.

Candrene :_____________________________________________________________

10. Mangsa pedhidhing utawa adhem, mangsa desta/karolas.

Candrane :_____________________________________________________________

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.30


a. Wedharing wacana mulya f. Suta manut ing bapa
b. Gedhong minep jroning kalbu g. Waspa kumembeng jroning kalbu
c. Sotya sinara wedi h. Tirta sah saking sasana
d. Rasa mulya kasucian i. Pancuran mas sumawur ing jagat
e. Wisa kentar ing maruta j. Ajrah jroning kayun

IV. NYERAT / NULIS(MENULIS / WRITING)

Standar Kompetensi : Mampu mengungkapnan pikiran, gagasan, pendapat, dan perasaan dalam
berbagai jenis karangan menggunakan ragam bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh dan menulis
paragraf berhuruf Jawa.
Kompetensi Dasar : 1. Menulis Teks Pidato.
2.Menulis tembang Durma berhuruf Jawa.

A. Sesorah=tanggap wacana = Pidhato

Sesorah utawa tanggap wacana utawa Pidhato


mujudake kegiatan medharake uneg-uneging ati kanthi
cara lesan ing ngarepe wong akeh. Dadi cepet lan pas
nganakake reaksi karo pamiarso, saguh ngetokake uneg-
uneg kanthi lancar lan tumata, sarta ngetokake sikep lan
tindak tanduk kang luwes.

Carane sesorah

Carane sesorah ana patang werna,yaiku:

1. Metode Impromtu (serta-merta)

Anggone sesorah ora ana persiapan babar pisan.


Wong kang sesorah mau adhedhasar ngelmu sing
diduweki.
2. Metode Ngapalake (apalan)
Anggone sesorah, wong mau nggawe sesorah dhisik utawa digawekake, sabanjure ngapalake
naskah mau. Dadi sing dikandhakake ing ngarepe wong akeh mau arupa asli anggone ngapalake
naskah kang digawe.
3. Metode Naskah
Anggone sesorah wong mau maca naskah sesorah.
4. Metode Ekstemporan
Anggone sesorah wong mau nggawa cathetan-cathetan penting, sing dadi urutane wedharan iku.
Saka cathetan-cathetan penting mau, wong kang sesorah mardika anggone milih lan
ngrembakakake tembung-tembung kanggo kabeh uneg-uneging ati.
Cengkorongane sesorah
Lumrahe naskah sesorah iku cengkorongane kaya kang kasebut ing ngisor iki kanthi urut.
1. Salam pambuka
2. Pakurmatan, wiwit sing sepuh utawa ndhuwur drajate
3. Ngaturake puji syukur marang pangeran
4. Surasa basa
5. Dudutan (simpulan)
6. Wasana basa (panutup)
7. Salam panutup
Gawekake sessorah ing acara pepisahan utawa pelepasan siswa kelas IX minangka wakil
saka kelas IX kanthi urut pas karo cengkorongane sesorah!

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.31


_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
__________________________________

B. TEMBANG MACAPAT

DURMA

Laras Pelog Pathet Lima

1` 2`3` 1` 65 3` 2` 3` 1` 6 5 5 45

Di pun sa mi ca ket ing te pa sa li ra

5 5 5 6 1` 653 21

Te ge se ma was dhi ri

5 1 6 5 3 12

Yen si ra tan su ka

2 2 2 2 23 1 2

Ji ni wit ing wong li ya

6 6 6 6 6 6 1`65 5

Aj ja se neng a mi wit i

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.32


1 2 3 121 6.5.

I ku wus tim bang

3 3 3 32 35 3 21

Ngur mat a na se sa mi

Yekti akeh tuladha kang tan prayoga

Urip jahil lan drengki

Tansah gawe gela

Mring sapadhaning jalma

Datan wurung nutuh dhiri

Suka sesambat

Kuciwa tiba mburi.

Tembang Durma ing ndhuwur gantinen nganggo aksara Jawa!

_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
_____________________________________________________________________________
__________________________________________________________

UJI KOMPETENSI 7

Pilihen pratelan, a, b, c, utawa d, kang ko anggep paling bener!

Yekti akeh tuladha kang tan prayoga

Urip jahil lan drengki

Tansah gawe gela

Mring sapadhaning jalma

Datan wurung nutuh dhiri

Suka sesambat

Kuciwa tiba mburi.

1. Wacana ing nginggil menika awujud :


a. Gancaran c. geguritan
b. Paclathon d. tembang
2. Pathokane tembang ing nginggil menika :
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.33
a. 11a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i c. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
b. 12a, 6i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i d. 12a, 7i, 6a, 7a, 7i, 5a, 7i
3. Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundi, para pangemban
pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha
mudha ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana. Tembung praja
tegese :
a. Desa c. kabupaten
b. Nagara d. propinsi
4. Bocah telu lanang wadon lanang kakang adhi
a. Bocah sendhang kapit pancuran c. bocah pandhawa
b. Bocah pancuran kapit sendhang d. bocah julung caplok
5. Bocah julung kembang, tegese:
a. Bocah lair ngepasi surup surya c. bocah lair ngepasi tengahing surya
b. Bocah lair ngepasi pletheking surya d. bocah lair ngepasi ana kesusahan
Satitekna !
6. Slametan utawa kendhuren wis dadi roh lan jiwane wong Jawa. Ana kaperluwan apa wae mesti
didhisiki lan dipungkasi kanthi sarana kendhuren. Miwiti nduwe gawe utawa hajatan, mesthi
kenduren. Ing pangajab anggone nduwe gawe bisa kaleksanan kanthi apik, slamet ora ana rubeda
lan nuwuhake berkah marang sanak kadang, sedulur tangga teparo. Pungkasane duwe gawe banjur
dikantheni kenduren minangka atur panuwun rasa bungah amarga anggone nduwe gawe wis
kelakon kanthi apik.
Slametan utawa kendhuren wis dadi roh lan jiwane wong………
a. Tuwa c. Jawa
b. Enom d. kuna
7. Ing pangajab anggone nduwe gawe bisa kaleksanan kanthi apik, slamet ora ana rubeda lan
nuwuhake berkah marang sanak kadang, sedulur tangga teparo.
Tembung rubeda tegese :
a. Susah c. seneng
b. Alangan d. peparing
8. Pancuran mas sumawur ing jagat. Candrane mangsa ka…
a. Lima c. pitu
b. Enem d. wolu
9. Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bp Arjuna sekalihan lumantar kula hambok bilih
wonten kiranging boja miwah krama mugi para tamu ngluberaken samudra pangaksama ingkang
agung, kula minangka talanging basa kathah atur kula ingkang mboten anuju prana labet kula ugi
hanglenggana kiranging seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin
sastra, kula hamung tumadhah lubering pangaksama salajengipun wekdal kula aturaken wangsul
dhateng kadang panatacara.
Perangan tanggap wacana iku kalebu :
a. Purwaka c. surasa basa
b. Pakurmatan d. wasana basa
10. Urutaning tanggap wacana kang bener :
a. Salam pambuka, pakurmatan, puji syukur, surasa basa, dudutan, wasana basa.
b. Salam pambuka, puji syukur, pakurmatan, surasa basa, dudutan, wasana basa.
c. Salam pambuka, pakurmatan, surasa basa, puji syukur, dudutan, wasana basa.
d. Salam pambuka, pakurmatan, puji syukur, dudutan, surasa basa, wasana basa.
Wangsulana kang patitis!
1. Sebutake metode utawa cara pidhato utawa tanggap wacana!
Wangsulan : _________________________________________________________________
___________________________________________________________________________
2. Apa kang diarani : a. bocah gondhang kasih
b. bocah margana
c. bocah jempina.
Wangsulan : ________________________________________________________________
_________________________________________________________________________
3. Tegesana candra mangsa iki!
a. Suta manut ing Bapa.
b. Wisa kentar ing maruta
Wangsulan:_________________________________________________________________
_________________________________________________________________________
Tulis pathokane tembang Durma!
Wangsulan :
________________________________________________________________________________
____________________________________________________________________
5. Tulis urutaning tanggap wacana kanthi urut!
Wangsulan :
________________________________________________________________________________
____________________________________________________________________

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.34


PEMERINTAH KABUPATEN PURBALINGGA

DINAS PENDIDIKAN

SEKOLAH MENENGAH PERTAMA (SMP)

KABUPATEN PURBALINGGA

UJIAN SEKOLAH

TAHUN PELAJARAN 2015 – 2016 PREDIKSI


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : IX ( Sembilan)
Hari / Tanggal :

Waktu : 90 menit
PETUNJUK UMUM :
1. Berdoalah sebelum Anda mengerjakan soal
2. Tulislah identitas Anda pada lembar jawab yang telah tersedia
3. Bacalah setiap soal dengan teliti, sebelum Anda menjawabnya
4. Kerjakan semua soal dengan teliti pada lembar jawaban yang tersedia
5. Laporkan pada pengawas apabila terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau jumlah soal kurang
6. Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas

I. Wangsulana kanthi menehi tandha “X” (ping) aksara a,b,c utawa d ing lembar kang cumawis !

1. Satitekna !
Gutheng, Bundhel Buang lan Si Kisut bocah papat mau kepenak banget pdha njagong nang galengan
sawah, crita nggedebus ndeleng kancane sing lagi padha bal-balan gupak belet.
Gutheng : “Sut .... wingi ko ndeleng bal-balan ra? Pas dina pertama kejuaraan Bupati Cup neng
stadion Goentoer Darjono.”
Kisut : “Ora .... nyong lunga mancing melu ramane koh.”
Bundhel : “Kisut ko kon ndeleng bal-balan ya ora seneng-senenga genah hobine mancing kuwe
bae melu ramane.”

Wacana ing nduwur iku migunakake dhialek ....


a. Surakarta c. Banyumas
b. Yogyakarta d. Jawa Timur
2. Pemimpin kang nggawe aturan nanging banjur dilanggar dhewe .
Pemimpin kang kaya iku jumbuh karo unen-unen ....
a. Gajah marani wantilan

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.35


b. Gajah ngidak rapak
c. Gajah tumbuk, kancil mati ing tengah
d. Gajah nganggo laring merak
3. Gatekna !
Uripmu aja keblinger
Kaya dene jati ketlusuban ruyung
Dadya lanang karoban manis
Saloka “jati ketlusuban ruyung” kalebu saloka kang tegese ....
a. Kumpulane wong becik kecampuran wong ala
b. Rupane ayu utawa bagus tur luhur budine
c. Melu anut grubyug ora ngerti karepe
d. Wong asor nanging sugih kaluwihan
4. Ibu tindak pasar mundhut beras.
Ing ukara dhuwur kang kalebu tembung kriya yaiku ....
a. mundhut, beras
b. tindak, mundhut
c. tindak, pasar
d. Ibu, tindak
5. Oalah, ngertia si aku melu lomba, aku be wis gawe neng omah.
Manut jinising tembung “owalah” kalebu tembung ....
a. ancer-ancer c. panyilah
b. kahanan d. panguwuh
6. Satitekna !
ENDAHING PURBALINGGA
Yen dinulu saka dirgantara
Kawang-kawang njenggereng wukir gung
Ya arga slamet
Kinepung jenggala wilis merak ati
Dawaning bengawan
Sumorot dening ilining tirta
Kadya kencana jenar

Ing geguritan ing dhuwur tinemu tembung tirta.


Ing ngisor iki kang kalebu dasanamane “tirta” yaiku ....
a. Banyu, warih, her, kali
b. Banyu, samodra, her, toya
c. Banyu, warih, her, toya
d. Banyu, samodra, tasik, toya
7. Sumorot ilining tirta, kadya kencana jenar.
Tembung ” kencana” tegese ....
a. Emas c. Inten
b. Berlian d. Perak
8. Pangaosan kala wau dalu ingkang medhar sabda punika Bapak Umar Ismail.
Tembung “Umar Ismail” manawa katulis jawa ....
a. Aum/aisMail] c.Um/IsMail\
b. aum/aisMail\ d. Um/IisMail\
9. ?pe/d[nome/;15;1996.
Manawa katulis latin yaiku ....
a. Perdha nomer 14 tahun 1996
b. Perdha nomer 15 tahun 1996
c. Perdha nomer 15 tahun 1666
d. Perdha nomer 15 tahun 1966
10.Gatekna !
Langkung rumiyin sumangga sesarengan kita ngaturaken raos puji syukur dhumateng Gusti Ingkang
Maha Agung, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan saengga kita sedaya saged
makempal wonten ing papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
Perangan pidhato ing nginggil kalebet perangan ....
a. Surasa basa c. Purwaka basa
b. Dudutan d. Wasana basa
11.Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Mugi winengku sagung karahayon, kawilujengan ing salami-salaminipun. Nuhoni ingkang dados urut
tata lumadining acara ingkang sampun karacik kadang pambiwara, keparenga kula sumalonong saha
nggempil kamardikan panjenengan, hawit kula dipun suwun dening Bapak Harjo kinen ngaturaken
satunggaling tanggap wacana wonten prastawa sedanipun Ibu Harjo.
Tanggap wacana ing dhuwur iku ing prastawa ....
a. Kesripahan c. Tanggap warsa
b. Pamitan d. Pangantenan
12.Gatekna !
Mangga kita sedaya ngaturaken raos puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi awit
saking murahipun, kita sedaya pinaringan pinten-pinten kanikmatan saengga kita saged makempal
ing papan menika kanthi wilujeng mboten wonten pambengan satunggal punapa.
Ing tanggap wacana dhuwur ana tembung “pambengan” sing tegese ....
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.36
a. Alangan c. Rerusuh
b. Panggodha d. Rame-rame
13.Kita sedaya pinaringan pinten-pinten kanikmatan saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.
Tembung “pinaringan” manawa karimbag yaiku ....
a. paring + i + an c. paring + in + an
b. paring + ing +an d. pinaring + an
14.Sadurunge layon kagawa menyang pasarean ana acara saka kulawarga layon kanggo para sanak
kadang tangga teparo, utamane nyuwun pangapura lan pandonga.
Bab iku kaandharake ana ing acara ....
a. Ngafani c. Nyuceni
b. Ngubur d. Nguntabake layon
15.Mori yaiku salah sijine piranti kematian kang digunakake kanggo................jisim.
Tembung kang mathuk kanggo ngganepi ukara kasebut :
a. Nyuceni c. Nyolati
b. Ngubur d. Ngafani
16.Panjenengan arep menyang endi ta? Kok kesusu tenan?
Manawa didadekake dialek banyumas ....
a. Panjenengan arep menyang endi ta? Kok kesusu tenan.
b. Rika arep maring ngendi si ? Dening kesusu temen.
c. Panjenengan badhe tindak pundi ta? Kok kesesa sanget.
d. Sampeyan arep lunga menyang ngendi ta? Kok kesusu tenan.
17.Tiyang sepuh penggalihipun remen menawi putranipun sami pinter, sae tumindakipun, tuwin
mangertos ing bab kasusilan.
Tembung “penggalih” iku basa ngokone ....
a. Kalbu c. Manah
b. Nala d. Ati

18.Lumaksana setya tuhu bagaskara, bagaspati asok pepadhanging donya.


Tembung “bagaskara, bagaspati” iku tegese ....
a. Lintang c. Rembulan
b. Geni d. Srengenge
19.Bocah enom saiki akeh sing ora ngerti kasusilan. Tumindak sok keladuk, kurang deduga gonyak-
ganyuk nglelingsemi.
Ukara ing dhuwur iku migunakake basa ....
a. Ngoko lugu c. Krama alus
b. Ngoko alus d. Krama lugu
20.Ing layang Arjunasasra anggitane R. Ng. Yasadipura II tinemu ukara “Wiku misik swara tunggal”.
Ukara kasebut nuduhake tahun ....
a. 1757 c. 1959
b. 1858 d. 1575
21.Sengkalan ambruke karataon Majapahit , jaman rusake tatanan kang wus mapan nalikane
paprentahan majapahit sirna , kang dituduhake tahun 1400 yaiku ....
a. Geni mati siniram ing janmi
b. Sirna ilang kertaning bumi
c. Janma obah anggatra negara
d. Sirneng tata pandita siwi
22.Ing ngisor iki tuladhane ukara camboran tundha/susun ....
a. Ibu tindak pasar, adhiku dolanan bal ing lapangan.
b. Ibu sing mundhut, mbakyuku sing nggoreng iwak.
c. Galang lagi sinau, Panji nonton TV.
d. Rikala simbah gerah, Ibu sing nunggoni ing griya sakit.
23.Wayang kang kagawe saka kayu, njupuk crita layang menak iku diarani wayang ....
a. Wayang Menak c. Wayang Golek
b. Wayang Purwa d. Wayang Gedhog
24.Satitekna !
DHANDHANGGULA
Wonten malih tuladhan prayogi
Satriya gung ing nagri Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
supradene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
demung mungsuh wanara

Satriya Gung saka nagara Alengka, kang pantes tiniru dening para prajurit iku asmane ....
a. Patih Suwanda c. Adipati Karna
b. Arya Kumbakarna d. Raden Arjuna
25.Buku Tripama iku anggitane ....

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.37


a. KGPAA Mangkunegara IV
b. KGPAA Mangkunegara V
c. R. Ng. Ronggowarsita
d. Sunan Pakubuwana IV
26.Tembang Dhandhanggula ing dhuwur wateke ....
a. Gandrung, sereng
b. Nepsu, muntab
c. Sengsem, prihatin
d. Luwes, ngresepake
27.Dongeng kang paragane dumadi saka kewan, kang bisa tata jalma kaya dene manungsa kebak
piwulang becik iku diarani ....
a. Mite c. Legenda
b. Fabel d. Sage
28.Ing ngisor iku tuladhane dongeng fable yaiku ....
a. Loro Jonggrang c. Gunung Tangkuban perahu
b. Nyi Loro Kidul d. Kancil lan merak

29. ?p]bufsmukrjai=AX=k.
Manawa katulis latin dadine ....
a. Prabu Dasamuka raja ing Alengka
b. Prabu Rahwana raja ing Alengka
c. Prabu Rama Wijaya raja ing Ayudya
d. Prabu Dasamuka raja Alengka diraja
30.Yen kowe longgar, sesuk tekaa ing omaku!
Ukara iku manawa kadadekake basa ngoko alus, tembung kang kagaris ngisor diowahi dadi ....
a. Panjenengan, dhatenga c. Sampeyan, rawuha
b. Penjenengan, rawuha d. Rika, dugia

31.?nu/Aj+ij+hskelsK[rop+timh.
Manawa katulis nganggo aksara latin yaiku….
a. Azizah sekelas karo Fatimah
b. Nur Azizah sakelas karo Fatimah
c. Nur Azizah kancane Fatimah
d. Azizah kancane Siti Fatimah

32.?j+/ksik[asefulu/[rg+u[p]+on\.
Manawa katulis nganggo aksara latin yaiku….
a. Jarkasi iku sedulur Ghufron
b. Zarkasi sedulure Ghufron
c. Zarkasi kae sedulure Ghufron
d. Jarkasi sedulure Ghufron
33.Anita kae ayu rupane mripate…………..idepe tumengeng tawang.
Panyandra kang trep yaiku….
a. Ndamar kanginan c. Nduren sajuring
b. Nanggal sapisan d. Nawon kemit
34. Satitekna !
Dene hajatipun Bapak tuwin Ibu H. Mukti Wibowo anggenipun kagungan kersa
ndhaupaken putra putrinipun ingkang name Ratih Rahayu, S.Pd sampun kalampahan
dhaup kalian nak mas Prajoko Widodo, SE rekala dinten Jemuah tanggal 21 Juni 2011
wilujeng nir ing sambekala.
Tembung sambekala tegese….
a. Wayah sore / magrib c. Bebaya
b. Alangan / reribed d. Keslametan
35. Pethikan wacana – wacana ing nduwur kalebu perangan tanggap wacana sing diarani….
a. Pambuka c. Surasa ( isi )
b. Wasana basa d. Dudutan ( simpulan )
36. Ukara ing ngisor iki kang kalebu pepindhan yaiku….
a. Baguse kaya Kamajaya tumurun
b. Alise nanggal sepisan
c. Bangkekane nawon kemit
d. Untune miji timun
37. Para nom-noman prayoga ngreti ing kasusilan.
Tembung kasusilan iku asale saka tembung………………………..
a. kasus-silan c. kasu-silan
b. ka-susila-an d. ka-susi-lan
38. Sing diarani kasusilan iku tegese………………………
a. bocah sing bagus c. bocah sing ora duwe tata karma
b. kelakuan kang becik d. tumindak nistha
39. Wong tanah Jawa duwe kabudayan wujud gambar / tulisan kang bisa ditegesi mawa tahun kaya
pralambang madege Mataram “Dwi Naga Rasa Tunggal” ateges tahun 1682. Pratelan kaya
mengkono kasebut :
a. Paribasan c. saloka
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.38
b. Bebasan d. sengkalan
40. Ing ngarep Pendapa Purbalingga ana tulisan Prasetyaning Nayaka Amangun Praja . Sengkalan
kuwi nuduhake madege Kabupaten Purbalingga, taun pira ?
a. 1803 c. 1833
b. 1830 d. 1831
41. Ing Bukateja kawentar dadi sentra tanduran mlathi gambir.
Tembung sentra ing ukara iku tegese padha karo……………
a. Panggonan c. pusat
b. Papan d. Akeh
42. Mlathi gambir bisa kanggo bahan baku gawe……………………
a. kosmetik c. sabun
b.. teh d. sirup
43. Ing ngisor iki tuladhane ukara camboran sedrajat !
a. Galang lagi internetan, Panji nonton TV
b. Bapak tindak menyang Purbalingga
c. Rini masak lan umbah-umbah
d. Adhiku lagi sinau basa Jawa
44. Ukara camboran raketan yaiku ukara kang siji lan ukara sijine ana sesambungane.
Ing ngisor iki kang dudu ukara camboran raketan
a. Timun mungsuh duren
b. Riska nabuh dram, Wawan sing nggitari
c. Bapak sing macul, ibu sing nanduri
d. Ratih sing blanja, aku sing mbayari

45.Babon/induk crita wayang kang lumrah kagelar ing tanah Jawa iku dijupuk saka buku :
a. Ramayana lan Mahabarata c. Rama Wijaya
b. Rama lan Sinta d. Baratayuda

46. Tembang Macapat iku cacahe ana 11 tembang .


Ing ngisor iki kagolong tembang macapat, kejaba……
a. Dhandhanggula c. Asmaradana
b. Maskumambang d. Caping gunung
47. Wah Ambarwati bareng nganggo klambi kebaya kanggo mengeti dina Kartini, mlakune kaya….
a. Mimi lan mintuna c. Bantheng ketaton
b. Macan luwe d. Bumi karo langit

48.?finTenKm/fiknT=gl\;17;AgusTus\,
Tulisan jawa ing dhuwur kuwi pamacane…./
a. Dina Kamardikan tanggal 17 Agustus
b. Dinten Kamardikan tanggal 17 Agustus
c. Dinten Kamardikan 17 Agustus
d. Dina Kamardikan tanggal 16 Agustus
49. Bapak saha Ibu H. Mukti Wibowo sakulawarga anggenipun nampi para rawuh sadaya kirang ing
gupuh, lungguh menapadene suguh, mranani panggalih panjenengan sedaya boten sanes nyuwun
agunging samodra pangaksami.
Tembung”pangaksami” tegese….
a. pangapura c. pandonga
b. pangestu d. pamrayoga
50.Marina lan Marini kakang adhi nanging wateke beda banget .
Kahanan kaya mengkono bisa desalokakake :
a. Bumi karo langit c. Mimi lang mintuna
b. Bantheng ketaton d. Mbata rubuh

WACAN TAMBAHAN:
LELUCON BANYUMASAN:

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.39


ORA NGINANG
Painah : Mbah, ndingaren, dina kiye ora nginang?
Simbah : Lho.... apa Kowe ora ngerti?
Painah : Ngerti Apa?
Simbah : Dina Kiye kan lagi peringatan hari tanpa tembakau, Mulane aku ora nginang....
Painah : ??????

TAKON DALAN
Tugimin lagi kebingungan clingak clinguk nang pinggir dalan. kebeneran ana bocah wadhon ayu lagi mlaku
dewekan, Tugimin mlaku nyedeki karo takon..
Tugimin : mbak, aku arep takon dalan kiye, ngerti apa ora mbak?
Mbak'e : Dalan apa mas?
Tugimin : Aku bingung, ngolet dalan nggo kenalan karo Kowe mbak...
Mbak'e : ??????

RA TAU MARING KANTIN


Jarwo : Kawit Dodo kancaku pindah sekolah, aku dadi wegah jajan maring kantin sekolah.
Andry : Wah Kenangapa Wo?
Jarwo : Soale Dodo sing mbayari aku angger jajan nang kantin.

SUGIH PITU TURUNAN


Nang pinggir dalan ana 2 pengemis sing lagi ngobrol...
Pengemis1 : Sedina med dhewek ngemis, kok ra bisa nggo tuku mobil ya?, Padahal aku kiye turunanne
wong sugih, bandhane ra enthek dipangan 7 turunan.
Pengemis2 : Lha terus kenangapa kowe bisa kere lan ngemis kaya kiye?
Pengemis1 : Soale aku keturunan sing ke wolu.....

NGEYEL
Dirkem : Jo, Kewan cilik apa sing ngeyel....?
Dirjo : Tuma..!
Dirkem : Salah, sing bener, Gorila.
Dirjo : Ora isa, Gorila tuli gedhe.
Dirkem : Lha kuwe, Gorilane wis mulai ngeyel....
Dirjo :....?! :@ sad

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.40


TAMU AGUNG
Tarjo : Angger ana tamu agung teka, kenangapa cokan dikalungi kembang?
Karjo : Jenenge bae tamu agung, ya mesti diajeni pisan.
Tarjo : Salah.... maksude kuwe kon ora klera kleru, soale angger dikalungi anduk, mengko wedi diarani
tukang becak....
Karjo : Wooo.... Asem...

MLAKU BAE
Siti : Jerene nduwe pit montor telu, dheneng angger maring ngeneh mung mlaku?
Sito : Arep tak tumpaki telu telune angel,... penake mlaku bae.
Siti : Dasar....

DADI WASIT
Parmin : To, angger kowe dadi wasit bal balan, nemoni rong klub sing arep bertanding, nganggo seragam
sing padha kabeh, kepriwe tindakanmu?
Warsito : Gampang bae Min, diundi dhisit, nganggo pilihan, siji diuculi kaose, sing siji diuculi katoke.

TUKU TV
Paijo lagi nang toko elektronik, dheweke arep tuku TV
Paijo : apa ana TV warna?
Penjual : Ana pak.
Paijo : Aku njaluk sing warnane kuning.
Penjual : ?????

KECUT APA LEGI


"pak, Sekilo pira regane jeruk kiye?"

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.41


"Limangewu Bu"
"Jeruke kecut apa legi pak?"
"Jelas legi lah bu, angger kecut ora usah bayar !"
"Angger kaya kuwe, tulung dibungkusna sekilo sing kecut ya."

JUARA MARATHON
Wartawan : Seneng ya, dadi juara marathon
Juara : Seneng banget mas
Wartawan : Banjur, kepriwe ceritane, njenengan bisa menang?
Juara : Kaya kiye mas, awit start, aku mlayu ndisiti, nang tengah dalan, aku nggandul bis kota.
Banjur pedhek finish, aku mudhun, terus mlayu maning, mlebu garis finis.
Wartawan : Lho??????

(sumber: http://syawir.heck.in/syahrul-wirabuana.xhtml)

CERKAK

DUDU GAWAN BAYI….?????


Dening : Titi Nur Isnaini

(Guru Bahasa Jawa SMPN 2 Padamara)

Omah wangun gudhangan pager tembok separo katon sepi. Bata anyar tatanan tembok isih
katon cetha marga durung dilepa. Jogan lemah kemlabuk katerak mangsa ketiga dawa. Angin midid
nrobos cendhela kang ditutup nganggo kerdus. Mung ana lincak saka pring ngrenggani ruwang tamu
kang saya nambah prasajane kahanan. Pojok kidul katon klambi garing saka pemean nglumbruk
durung diberesi jejer karo kurungan pitik lan tumpukan kerdus.

Kang Mis bola-bali ndudut ambegan dawa kanggo mbuwang seseking dhadha. Wedang kopi
sing digawe bojone, Ti, nganti adhem durung dicecep blas. Lungguh dhewekan neng lincak pikirane
temlawung telung taun kepungkur nalika kepengin misah saka omahe maratuwane. Dheweke
kepengin dadi wong lanang sing tanggung jawab marang kulawarga. Bojone, Ti, lan anake loro
lanang wadon dadi tanggung jawabe Kang Mis. Nekad adol sawah waris sing ambane ora sepiraa
kanggo gawe gubugan, njajal urip mandhiri. Saiki dheweke pagaweyan golek rongsokan . Ora isin
ora gengsi pagawean kuwi dilakoni kanthi ikhlas kanggo nguripi kulawargane.

“Pak, nyuwun dhuwit !” swarane Udi bocah limang taun, anake lanang mbuyarake
lamunane Kang Mis. Bocah cilik wetenge njembing kaya cacingen lan umbele sentrap-sentrup
marani bapake, tangane ngathung.

“Kana njaluk Emak .” tembunge Kang Mis digawe sareh

“Maaaaaakkk……. njaluk dhuwit !” karo mbengok mlayu jranthal nggoleki mamake ing
pedangan.

Nyawang raine Udi dadane Kang Mis tambah abot rasane. Kaya ana watu nyumpel nganti
bingung anggone ambegan. Bocah kang durung ngerti abote sanggane wong tuwa. Bocah kang isih
sumega, ngertine mung mangan, dolan lan jajan. Kelingan utange marang Lik Mardin kanggo
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.42
nambah gawe gubugan umah biyen durung bisa nyaur tekan saiki. Lik Mardin kuwi adhine bapake
Mis, manggon nunggal sadhusun, watara limang umah saka umahe Kang Mis

“Mis, yen wis ana dhuwit mbok ora ketang sithik utange dikurangi. Sukur- sukur bisa ganep,
lunas. Arep tak anggo mbayar kuliahe adhimu Fani, Mis.” Lik Mardin wingi ngendika nalika
ketemu bareng-bareng mulih saka mesjid sawise nindakake Shalat Maghrib.

“Nyuwun pangapunten, Lik Sampun tigang taun kula tetep dereng saged mangsulaken arta
panjenengan. Saestu Lik, kula dereng gadhah.” Kang Mis mangsuli karo tumungkul isin rumangsa
salah.

Dheweke dudu wong mbambung kang sakarepe dhewe. Kang Mis ngerti banget utang kuwi
kudu disaur, yen ora besuk bakal ngangel-angeli sowan Gusti Allah. Ning piye maneh ? Lha wong
pancen durung ana. Kanggo mangan saben dinane prasasat Senen Kemis. Sing penting anake bisa
madhang wareg ora ketang karo gereh thok.

“Nyuwun pangapunten. Sapunika pados rongsok radi angel, Lik. Malah menawi mados
wonten perumahan mboten angsal, dipuncubriyani badhe nyolong. ”

“Lha nek ngono kuwi angger mung golek rongsok ya tangeh lamun kowe bisa nyaur utang,
Mis. Mesthine dianggo blanja bojomu wae paling ya kurang.”

“Inggih, Lik. Mangke badhe kula cobi mados padamelan sanes supados saged mangsulaken
arta panjenengan.” Kang Mis bisane mung janji marang Lik Mardin.

“Bayar kuliahe adhimu Fani wulan ngarep, Mis. Muga-muga bisa nutup, ora nganggo
nunggu saka kowe, Mis.” Lik Mardi ngendikane tetep aso sareh, nambah gawe rikuhe Kang Mis.

Kang Mis ing batin janji bakal luwih sregep maneh anggone nyambut gawe supaya bisa
nyaur utange. Mosok aku wis ditulung kok tetep durung bisa males kabecikanen Pak Mardin. Ora
ketang sithik bakal tak saur nganti lunas. Dheweke arep rembugan karo Ti’ golek dalan kanggo
ngrampungi prakara iki. Ning Kang Mis banjur angles atine yen kelingan bojone saiki ora bisa
diajak rembugan. Isine mung nyalahake terus, nambah gawe abot sanggane ati. Pikirane Kang Mis
dadi buntu, bruwet, ruwet.

Dheweke kelingan watak wantune bojone kang salin salaga ora kaya biyen. Ti saiki malik
grembyang watake. Nganeh-anehi. Biyen alus lan ngajeni Kang Mis saiki gualake ngluwihi ayam
angrem. Jiiiaaaan…. Kang Mis nganti judheg, gek kesurupan dhanyang ngendi bojoku kuwi. Kaya-
kaya blas saiki ora bisa disanak. Anane mung padu, padu lan padu tanpa leren.

“Kaaaaaaaang……!!!” cumengkling galak Ti ngundang Kang Mis.

Njenggirat buyar maneh angen-angene krungu swarane bojone nyentak kaya bledheg tanpa
udan. Durung nganti wangsulan wis disusul guneman maneh.

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.43


“Kang Mis ngerti ta yen aku ora duwe dhuwit! Ngapa ndadak kongkon Udi njaluk dhuwit?
Apa Kang Mis lali aweh dhuwit sapira ?” kaya mitraliyur kojahe Ti ora bisa diselani.

Ti tudhing-tuding sing lanang karo nggendhong Sari anake wadon bocah umur rong taun.
Raine abang manger-mangar nudhuhake yen nesu tenanan. Sari sontak nangis kejer kamigilan
amarga wedi Emake swarane banter nesu.

“Iki anakmu nangis, openana dhewe! Aku kesel!” Sari dibrukake ing pangkone Kang Mis.
Bocahe tambah kejer ditinggal mamake klepat mbuh menyang endi.

Kang Mis mlongo nyawang polahe bojone. Sari dicandhak banjur digendhong dieneng-
enengi . Batine tambah nlangsa. Kok dadi kaya ngene. Gusti….paringana sabar. Apa Ti saiki duwe
pacangan? Karo aku kok sajak sengit kepati-pati. Kang Mis cubriya bojone tumindak nalisir. Ah….
Ora lah… wong saben dina ya ana ngomah ngurus bocah-bocah. Apa ya pancen kelebon setan tenan
? Aja-aja sing tak adhepi saben dina dudu Ti nanging …. setan? Hiiiii…. Kang Mis malah mrinding
dhewe. Ning mau rak sambat kesel. Apa kuwi jalarane dadi galak sengit karo aku?

Ya ora maido nek Ti sambat kesel, ngopeni bocah, ngurus omah sanajan tetep kaya kapal
pecah, pancen ora ana lerene. Dhisik Ti kuwi bocahe pangerten, ora tau sambat omongane alus lan
ngajeni. Kasile sing lanang sing sithik ditampani kanthi ikhlas. Dicakake supaya cukup tanpa
ngresula. Dheweke bisa ngadhem-adhemi yen sing lanang sambat bingung durung bisa nyaur Pak
Mardin.

“Sabar, Kang, mbok menawa rejekine awake dhewe isih disimpen Gusti Allah. Percaya wae
mesthi awake dhewe bakal bisa nyaur marang Pak Mardin. Aku ya ora kendhat ndonga supaya
diparingi rejeki sing omber.” Kuwi omongane Ti nalika durung galak kaya saiki.

“Hhhhhh…..” Kang Mis ndudut ambegan dawa. Awak kesel, pikiran kesel, swasana ngomah
ora ngepenaki marahi ati nglokro.

Wengi kuwi wulan purnama ngegla satengahe langit kang katon resik. Sumorot cahyane
nrabas cendhela kang ditutup kerdhus. Bocah-bocah wis mapan turu gasik. Udi keselen sedina
playon dolanan karo kancane. Ketambah sore mau sajak kewaregen mangan kendhuren saka tangga
ngarep omah. Ti uga keturon nalika ngeloni bocah-bocah. Mesthine uga kesel banget.

Nyawang anak bojone turu ing jogan mung dilemeki kasur tipis atine Kang Mis sumendhal.

“Aku durung bisa mulyakake kulawargaku.” batine nggresah.

Nalika adzan Isya keprungu saka mesjid , klunuh-klunuh sikile jumangkah tumuju sumur
njupuk banyu wudlu. Welinge wong tuwane swargi tansah dieling-eling.

“Mis, kahanan apa bae kowe aja nganti nglirwake sing limang wektu. Aja adoh saka Gusti
Allah,” swarane wong tuwane kaya cedhak banget ing kupinge.

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.44


Nggelar klasa Kang Mis shalat kanthi khusuk. Sabubare dzikir lan kirim donga kanggo wong
tuwane dheweke nyuntak kabeh gembolan atine marang kang gawe urip. Ora krasa luhe tumetes.
Kanggone Kang Mis kang lugu prakara kang diadhepi kuwi wis abot banget. Dheweke ontang-
anting dadi ora ana sedulur sing disambati. Ya mung marang Gusti Allah Kang Mis sambat nyuwun
diudhari masalah uripe, dijembarake atine kanggo nampa kabeh pacobaning urip. Saking khusuke
panyuwunane marang Gusti Allah nganti ora krasa yen Ti uga melu sembayang ing mburine.

“Kang…” Ti ngundang sing lanang karo ngranggeh tangane lan diambung kanthi rasa
kurmat. Kang Mis ngusap sirahe Ti kanthi rasa asih.

“Kowe tangi ta. Aku ora ngerti.”

‘Iya kang aku ya krungu adzan terus melu sembayang.” Ti ngomong karo nilep rukuhe.

“ Aku njaluk njaluk ngapura ya, kang. Aku wis duraka marang Kang Mis”

Karo isih lungguh klasa Kang Mis mingereke awake ngadhep sing wadon. Batine gumun.
Gusti Allah kok cepet temen anggone ngijabahi salah siji donga panyuwunane. Ti disawang tanpa
kedhep nganti kecipuhan.

“Gelem ngapurani aku pa ora, Kang? Kang Mis isih tetep meneng.

“Kaaaanggg…?” tangane sing lanang dicekel maneh.

Kang Mis mesem karo ngambung pipine Ti.

“ Ya mesthi tak ngapurani, Ti. Gusti Allah wae sugih pangapura masa aku kang jejere mung
manungsa ora gelem ngapurani.”

“Matur nuwun ya Kang.”

“ Ti, jane kowe kena apa ta, kok nganti kaya ketempelan dhemit. Aku nganti bingung. Malah
aku dadi cubriya yen kowe duwe gendhakan. Lha kowe karo aku gethinge kepati-pati.”

“Ngawur Kang Mis. Apa Kang Mis tau weruh aku ngleboke wong lanang liya menyang
omah. Aku ngerti wong lanang jaba jero yang mung bojoku. Ya mung kowe, Kang.” Ti wiwit teles
mripate ora rila diarani sing ora-ora.

“Ngapurane aku uga ya Ti”

“Iya…” swarane Ti kandheg kesusul tangise sing wiwit ambrol.

Kang Mis ngekep sing wadon, rumangsa salah bojone dadi nangis sedhih dicubriyani.
Rambute diaras kebak rasa tresna.

“Aku ya ora pengin duraka, Kang. Aku ora pengin galak. Aku ora pengin nambah pikirane
Kang Mis sing wis abot. Aku dadi ora bisa crita, mulane nek weruh kang Mis aku bisane mung

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.45


gething. Aku sengit kok kang Mis ora takon aku duwe perkara apa” Ti nyuntak isine ati karo nangis
ing kekepane sing lanang.

“Astghfirullah….” Kang Mis getun ora bisa njajagi atine bojone. Merga prakara ekonomi
nganti dheweke kurang nggatekake bojone. Ti tambah kenceng anggone dikekep.

Bareng tangise Ti rada mendha kekepane diuwalake.

‘Pangapurane maneh ya Ti, yen aku kurang nggatekake kowe. Kowe nganti susah ora bisa
crita karo aku. Saiki kowe ngomonga duwe masalah apa, sukur aku bisa melu ngudhari.”

“Aku bingung, Kang. Aku wedi nek iki nambah dadi pikirane Kang Mis.”

“ Ngomonga wae Ti, aku ora papa.”

“Tenan, Kang?”

“Iya tenan, ayo ndang ngomong !”

“Anu…….Kang.”

“Apa!”

“Aku telat kang.”

Kang Mis mencenger nyawang Ti tanpa kedhep, atine dheg-dhegan.

“Telat ? Telat apa ? Apa kowe durung bayar arisan?”

“Dudu kuwi, Kang. Aku telat wulanan. Minggu wingi takpriksake Bidan Ela jare aku positip
meteng maneh.”

Bleggg….. dadane Kang Mis kaya diantem palu nimbus tekan jantung. Krasa lara, abot,
seseg campuh nganti ora bisa ambegan. Mripate mlolo nyawang Ti. Dumadakan pandelenge malih
dadi burek, ireng, peteng ndhedhet. Sirahe krasa pet-petan. Kang Mis merem sumendhe tembok.
Dhuh…….Gustiiiiiii…..pambengoke sajroning ati. Sawise nata ati, nata sakabehing pangrasa Kang
Mis unjal ambegan dawa.

“Oooohhh….Alhamdulillah….Ti,” ngresah ucape Kang Mis karo ngelus-elus bathuke


dhewe. Ti disawang kebak rasa panalangsa. Blaka bae atine tambah bingung lan ruwet. Lha saiki
wae uripe sekeng isih ditagih utang kok tambah anak. Dheweke ngerti bojone ora wani ngomong
merga sing nang pikiran ya padha karo kang Mis.

Kang Mis tumungkul mikir. Gustiiii….muga-uga iki uga wangsulan kanggo dongaku sing
liyane. Lumantar berkah anak aku bakal diombering rejeki dening Gusti Allah. Sanajan Kang Mis
isih mamang atine , nanging saiki krasa rada entheng.

“Ti, dadi kowe galak sengit karo aku kuwi apa gawan bayi ya?” Kang Mis nyoba mecah sepi
kanthi ngajak guyon.
Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.46
Ti mung mleruk nyawang sing lanang karo nyiwel pupune.

“Lha… nek kudu gawan bayi terus apa…hayoo ? Kowe sing biasane sabar, alus dadi kaya
ayam angrem. Gualake ora mekakat.”

“Embuh….lah” cekak wangsulane Ti karo mringis. Guyon kuwi rasane dadi ampang tanpa
greget. Ti ngerti yen sing lanang nyoba guyon kanggo ngurangi sangganing ati.

Wong loro meneng kabeh, nganam pikiran dhewe-dhewe. Mbok manawa isine padha.
Kepiye anggone ngronce dina kang bakal diliwati? Ing njaba wulan purnama satengahing sepi isih
setya ngancani Kang Mis lan Ti mecaki panguripan kang isih dawa.

Karang Kabur tengah ratri


Medio September 2015

CERKAK

BUBRAH
Dening : Septaria Endah M.,S.Pd (Guru Bahasa Jawa SMPN 4 Kemangkon)

K
aya- kaya kesamber bledheg nang wayah sore, rasane awak kaya dilolosi balunge.
Lemes dhedhes ora nana tenagane. Rokok nang lambe dibuang sekarepe. Sepira kagete
Marso krungu kabar Adhine tilar donya. Adhi siji- sijine sing banget ditresnani siki wis
ngadhep sang ilahi. Esuk mau sedurunge mangkat ngodhe, kadingaren Marto mampir umahe
Kakange, Marso. Dheweke njaluk dipijeti Kakang kinasihe. Seprana- seprene angger mriyanga,
Marto ora tau njaluk pijet maring kakange. Lha dina kuwe Marso ngrasa aneh. Atine ora jenjem
selungane adhine maring proyek sing lagi digarap.
Wetara jam 3 sore, bener kedaden apa sing dirasakna aneh mau. Keprungu swara HP moni,
cepet- cepet Marso njawab telpon sing gur metu nomere.
“ Kang...Kang Marso, aku Dakum, batir kerjane Marto.” swarane gugup karo wedi.
“ Ana apa Kum ?” jawabe Marso
“ Kang, ngapurane ya, aku aweh kabar sedhih, Marto siki nang Rumah Sakit, dheweke ketibanan
wesi cor, nyawane ora bisa ditulungi.”
Marso banjur nangis nggugug krungu kabar adhine sing wis tilar donya, batir- batir kerjane padha
ngrubung, takon apa sing marakaken dheweke nangis.
Ora ndadak mikir suwe, Kang Marso age- age marani Suminah sing lagi kerja nang pabrik
idep. Sedawane dalan Marso nyambi mikir kepriwe carane ngomong maring Suminah. Sawise ijin
maring pihak management, Marso nemoni Suminah.
“Sum, siki ko tek jaluk age- age bali ngumah. Ratna, nangis bae nggoleti ko”

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.47


Suminah bingung, ora tau- taune anak bontote nangis bae, Suminah njukut tase banjur bali
maring umahe nang desa Kedung. Tekan ngumah Suminah kaget, nang ngarep omahe ana bendera
putih tanda menawane ana kasripahan.
Sari, anak mbarepe Suminah mlayu nggabruk maring mamake karo nangis.
“Mak, bapake Mak.....”
“Bapake kenang apa Sar ?” takone Suminah
“Bapake seda Mak.”
“Haaah.....”
Suminah mlayu mlebu ngumah. Kaget banget sawise nemoni bojone sing wis tilar donya.
Dheweke nangis nggugug nang sandhinge bojone. Ora percaya menawa bojo sing ditresnani siki wis
ngadhep sang ilahi. Esuk mau bojone mangkat kerja kanthi sumringah, malah kandha jere arep bali
gasik jam 3. Pancen bener Marto bali lewih gasik sekang biasane, ning sing bali gur jisime.
“Pak, deneng cepet temen ninggalna aku karo bocah- bocah, aku isih mbutuhna bapake.” Suminah
clathu nang sandhing jisime.
Sesuwene umah- umah karo Marto, Suminah uripe tentrem. Senajan ekonomine pas- pasan
merga mung dadi buruh bangunan karo buruh idhep ning anak- anake sing cacahe telu padha manut-
manut, sekolahe sregep, malah anake sing mbarep mesthi olih rangking siji.
Sewise ditinggal seda bapake, uripe Agus wiwit bubrah. Dheweke sering ora mlebu sekolah,
malah sering ora bali ngumah. Embuh turu nang gone batir sing endi. Menawa ditakoni mamake,
jawabane njawal. Omongane Mamake kaya lambe satumang kari samerang, ora tau digagas.
Dheweke sangsaya kerep njaluk duit sing jerene nggo mbayar LKS, iuran foto kopi, iuran kas, lan
liya- liyane.
Sawijining wektu wengi, Amran, batire Agus teka njujugna surat. Jarene surate dititipi Bu
Guru wali kelas. Sawise Amran bali, age- age surat dibukak. Isine surat kuwe undangan supaya
wong tuane Aris teka maring sekolahan.
Dina ngesuke, Suminah nemoni Bu Guru wali kelase Aris. Luhe tumetes neng pipine kaya
udan mili saka talang. Ora nyana babar blas, Aris sing maune bocah sregep, alim, siki dadi bocah
sing mbedugal. Manut critane Bu Guru wali kelase, wis sepuluh dina Aris ora mangkat sekolah
tanpa katrangan. Kamangka menawa esuk, Aris dijujugna nganti tekan ngarep sekolahan nang
mamake, ning ora mlebu kelas. Lewih kaget maning nalikane Bu Guru wali kelas nagih duit LKS.
Ngendikane jere Aris urung tau mbayar LKS.
Sedawane dalan nuju umahe sing ora adoh saka sekolahan, Suminah mikir. Jan- jane lelakon
apa sing lagi diadhepi Aris. Saben esuk dijujugna sekolah, ning nyatane ora tekan kelas. Njaluk duit
sing jere nggo mbayar LKS, nyatane LKSe urung dibayar.
“ Astaghfirulloh hal’adzim ya Alloh.” Sambate Suminah nang jogan umahe.
Sari, anak mbarepe diceluk. Dijak omong- omongan bab sing nembe bae kedaden nang
sekolahan. Suminah njaluk katrangan apa sing dingerteni Sari ngenani Adhine sing jeneng Aris.
“ Sar, sewise bapakmu seda otomatis mamake sing tanggungjawab maring uripmu karo adhi-
adhimu. Mau Mamake ditimbali Bu Guru wali kelase Aris. Ngendikane jere siki Aris dadi bocah
nakal. Menurutmu apa bener Aris siki dadi bocah sing nakal?”

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.48


“Sangertiku pancen siki Aris wis berubah Mak, jerene batire sering mbolos. Angger tek omongi
malah njawal.“
Pikirane Suminah ngglambyar maring ngendi ora. Janjine gemiyen nang sandhinge
almarhum bojone bakal njaga lan ngrumat anak- anake nganti tekan diwasa. Ning siki urung nganti
anak- anake diwasa dheweke wis nampa pacoban abot kaya kiye. Luhe dleweran ngunguni sedane
bojone.
Ora let suwe keprungu swara lawang dithothok. Suminah kaget banget nalika weruh
menawane tamune kuwe Bapak- Bapak polisi, ngabarake menawane Aris siki ndekem nang polsek.
Dheweke awan mau gelut kroyokan bareng kanca- kancane, nglurug bocah sekang SMP liya.
Ndilalah ana korban sing kudu mlebu rumah sakit.
Dina ngesuke, Suminah kudu marani Aris nang polsek. Kelara- lara rasane ati Suminah.
Mikir, jane apa sebabe Aris deneng malih dadi kaya kiye.
Jam 10an Suminah wis dandan, siap- siap nang teras umahe nunggu Kamisem, tanggane sing
uga arep marani anake nang polsek. Ora suwe Suminah ngenteni Kamisem. Wong loro mangkat
bareng maring polsek. Sawise laporan, Suminah bisa langsung nggawa bali anak lanang siji- sijine
kuwe.
Tekan ngumah Aris dijak njagong, Suminah kepengin ngerti jan- jane Aris lagi kenang apa.
“Ris, ko wis ngerti dhewek, Bapakmu siki wis ora nana. Ko duwene gur mamake, mbakmu
Sari, lan adhimu Ratna. Otomatis sing tanggungjawab maring awakmu karo adhi- adhimu siki
mamake. Ko anake mamake sing lanang dewek. Mbesuk angger mamake wis ora nana,
tanggungjawabe mamake pindah maring ko. Lha siki ko malah dadi bocah sing ora bener kaya kiye.
Mamake nlangsa banget Ris. Kudune ko ngerti keadaane dhewek sing wis ora nana bapake.”
Omonge Suminah karo nangis.
“Mak, aku wadeh banget karo mamake. Mamake gole mangkat kerja gasik banget, baline
mahrib. Kapan wektu nggo anak- anake ?”
“Aku, Mba Sari, Ratna butuh perhatian karo kasih sayange mamake, ora gur duit tok sing
kudu diwehna. “
“Terus apa karepmu ?”
“Aku kepengin mamake metu sekang PT.” Jawabane Aris seruh karo mlaku maring kamare.
Kaya- kaya keantem palu, omongan anak lanange gawe sesek atine Suminah. Menawa
diobatana nganggo obat apotik ora bakal mari.
Sewengi natas Suminah ora bisa turu. Mikir omongane Aris. Pancen bener omongane Aris, angger
dheweke tetep kerja nang pabrik idhep sing jam kerjane nglewati wates, melas anak- anake.
Mangkane anak- anake esih butuh perhatian. Abot alot wekasane Suminah mutusna bakal metu
sekang pabrik. Dheweke bakal golet kerja liyane.
Esuk kuwe anak- anake Suminah padha gumun, mamake sing biasane jam enem esuk wis
siap nganggo sragam pabrike, siki lagi uthek nang dapur nyiapna lawuh nggo sarap. Sawise lawuh
sarape siap, wong papat sarap bareng.
“Bocah- bocah, mamake siki wis ora kerja nang pabrik maning. Mamake arep kerja gawe
idhep nang umahe Lik Mar sing wektune ora suwe kaya nang pabrik. Mamake sayang banget

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.49


maring ko kabeh, mamake kepengin ko padha dadi bocah sing manut, bocah sing pinter, mbesuke
bisa ngangkat drajate wong tuwa.”
Bocah telu padha deleng- delengan, kaget karo ngendikane mamake.
Aris nyedhaki mamake karo sungkem “Mak, aku karo adhi- adhi seneng banget mamake wis ora
kerja nang pabrik maning. Aku njaluk ngapura Mak, aku janji mulaih siki bakal dadi bocah sing
manut, ora bakal gawe sedhih mamake maning, aku bakal ngrewangi mamake golet duit sewise bali
sekolah.”
“Iya Ris ora papa, mamake sing njaluk ngapura maring ko kabeh, mbengi mamake dielingna,
menawane mamake wis janji karo almarhum bapake arep ngrumat ko kabeh. Sawise bapak seda,
mamake tambah sibuk nang pabrik, baline mahrib terus. Siki mamake mikir, hartane mamake kuwe
ko bocah telu. Menawane mamake tetep kerja nang pabrik, ko malah pada kapiran, ya ora nana
regane gajine mamake. Kabeh rejeki wis diatur nang Gusti Alloh. Setitika angger disyukuri
insyaAlloh cukup. Moga- moga cita- citamu padha kasembadan, dongane mamake saben wektu
moga- moga mbesuk uripmu bakal dadi mulya. Amiin.”

Merti Jawi smt 2 kl 9:hal.50

Anda mungkin juga menyukai