Anda di halaman 1dari 5

Materi dan tugas 2

UNDHA-USUKING BASA

Undha usuking basa yaiku trap-trapaning basa amarga kanggo ngajeni marang
wong kang diajak wawan gunem utawa wawan rembug. Ing sesrawungan masyarakat
Jawa siki basa sing asring digunakaken yakuwe basa Ngoko lan Krama. Basa Ngoko
kapilah dadi loro, yakuwe basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Alus. Dene basa Krama uga
kapilah dadi loro, yaiku basa Krama lugu lan Krama Alus.
Basa Ngoko
Basa Ngoko adate dienggo wawan rembug utawa omong-omongan dening wong kang
wis padha tepung apik, akrab, ora ana jarak lan nduweni drajat imbang.
a. Ngoko Lugu
 Titikane tetembungane ngoko kabeh,
 Kagunane kanggo sepadha-padha, bocah karo bocah, wong tuwa karo wong tuwa,
wong tuwa marang bocah . biasa digunakake wong sing wis biasa akrab.
b. Ngoko Alus
 Titikane tetembungane ngoko campur krama inggil tumprap kang diajak wawan
gunem. Biasane digunakake wong sing wis padha-padha akrab lan ana usaha
saling ngurmati.
 Kagunan, Ibu marang bapak ing dalem, wong tuwa marang wong enom kang tesih
ngajeni.
Basa Krama
Basa Krama adate dienggo wawan gunem utawa paclathon dening wong sing durung
tepung akrab, lan drajate beda utawa sok ana jarak lan kanggo luwih ngajeni wong liya.
a. Krama Lugu
 Titikane kabeh nggunakake tembung krama
 Kagunane : wong tuwa marang wong enom kang esih diajeni, uga wong enom
kang drajate lewih duwur marang wong tuwa kang esih diajeni.
b. Krama Alus
 Titikane tetembungane krama campur krama inggil. Tembung krama inggil
kanggo wong kang diajak wawan rembug utawa wong kang diajeni tumprap
sakabehing perangan awak, tumindhake, kahanane lan kagungane.
 Kagunane : bocah marang wong tuwa, wong enom marang wong kang lewih tuwa
kang ngajeni banget, andhahan marang ndhuwurane.

TULADHA UNDHA USUK / UNGGAH UNNGUH BASA

Dhewek Wong tuwa


1 Sirah Sirah Sirah Mustaka
2 Rambut Rambut Rambut Rema/rikma
3 Bathuk Bathuk Bathuk Palarapan
4 Alis Alis Alis Imba
5 Mripat Mripat Mripat Paningal
6 Idep Idep Idep Ibing
7 Irung Irung Irung Grana
8 Pipi Pipi Pipi Pangarasan
9 Kuping Kuping Kuping Talingan
10 Ilat Ilat Ilat Lidhah
11 Lambe Lambe Lambe Lathi
12 Untu Untu Untu Waja
13 Janggut Janggut Janggut Sadhegan
14 Gulu Gulu Gulu Jangga
15 Dhadha Dhadha Dhadha Jaja
16 Pundhak Pundhak Pundhak Pamidhangan
17 Geger Geger Geger Pengkeran
18 Weteng Weteng Weteng Padharan
19 Wudel Wudel Wudel Tuntunan/nabi
20 Tangan Tangan Tangan Asta
21 Jenthik/driji Jenthik Jenthik Racikan
22 Bokong Bokong Bokong Bocong
23 Sikil Suku Suku Ampeyan/samparan
24 Dhengkul Dhengkul Dhengkul Jengku
25 Weruh Semerep Semerep Priksa
26 Ndeleng/nonton Ningali Ningali Mriksani
27 Maca Maos Maos Maos
28 Mangan Nedha/nedhi Nedha/nedhi Dhahar
29 Turu Tilem Tilem Sare
30 Adus Adus Adus Siram
31 Tangi Tangi Tangi Wungu
32 Teka Dhateng Dhateng Rawuh
33 Mangkat Pangkat Pangkat Tindak
34 Lunga Kesah Kesah Tindak
35 Bali Wangsul Wangsul Kondur
36 Njagong Lenggah Lenggah Pinarak
37 Ngadeg Ngadeg Ngadeg Jumeneng
38 Nggawa Mbekta Mbekta Ngasta
39 Tuku Tumbas Tumbas Mundhut
40 Njaluk Nyuwun Nyuwun Ngersakaken
41 Mlaku Mlampah Mlampah Tindak
42 Nginum Nginum Nginum Ngunjuk
43 Aweh Nyukani Ngaturaken Maringi
44 Gelem Purun Purun Kersa
45 Ngomong Sanjang Matur Ngendika
46 Ngguyu Gemujeng Gemujeng Gemujeng
47 Njukut Mendhet Mendhet Mundhut
48 Numpak Numpak Numpak Nitih
49 Umah Griya Griya Dalem
50 Dalan/gili Radinan Radinan Margi

Gladhen:

A. Goletana krama lan krama inggile tembung-tembung ngisor kiye!

Krama inggil
No Ngoko Krama
Dhewek Wong tuwa
1 Takon
2 Prentah
3 Weruh
4 Batin
5 Kerja
6 Klambi
7 Isin
8 Enom
9 Tuwa
10 Sehat
11 Urip
12 Mati
13 Slamet
14 Raup
15 Sida

B. Tembung-tembung sing dekurungi neng ukara ngisor kiye benerna miturut undha-
usuking tembung sing trep!
1. Jam 18.30 pak Ikhsanudin (bali}
sekang Surabaya.
Wangsulan :
2. Kula ajeng (sanjang) kalih bapak lan
ibu menawi kula ngenjang badhe latihan drama.
Wangsulan :

3. Fitri arep (ditukokna) sepatu dening


ibu sebab sepatune Fitri wis jebol.
Wangsulan :
4. (putune) bu Fatimah ngesuk arep
dewisuda dadi sarjara neng Unsoed.
Wangsulan :
5. Pak guru lagi (ngomongi) murid-
muride kon padha sregep sinau.
Wangsulan :
6. Nuwun sewu, Pak, ngenjang Pak
Guru (dhateng) teng sekolahan jam pinten?
Wangsulan :
7. Mbah Sugito (prentah) Praptono kon
tuku pulpen neng Kopsis.
Wangsulan :
8. Merga kakehen (nginum) es,
(wetenge) mbah Kardi dadi kembung.
Wangsulan :
9. Lik Parto (nganggo kaca mata) ireng
jalaran (mripate) nembe operasi katarak.
Wangsulan :

10. Amargi pak Bupati sampun rawuh,


mangga para rawuh kula aturi (ngadeg) sekedhap!
Wangsulan :

Anda mungkin juga menyukai