Anda di halaman 1dari 4

Ngirim / nyekar

Matur pepundhen : Kepareng kula nyuwun lilah badhe mangayun dhumateng para leluhur.

Kepareng kula ngayun wonten ngarsanipun …………. ( Bpk….. Soho Simbok ………………………lsp)

Kula ngaturaken sungkem pangabekti mugi katur,selajengipun kula ngaturaken pakurmatan ingkang
wujud sekarpuspita arum mugi kinarya sesegeran soho maknaning pangabekti. Selajengipun mugi
………Bpk………soho… kersa paring berkah pangestu wilujeng dhumateng putra wayah ingkang tasih
kepareng nindakaken lampah gesang.

Kejawi menika ….. Bpk…… mugi kaparingono papan ingkang sae lan laras duk nalika sugengipun.
Kados semanten ingkang saget kula aturaken. Nuwun.

Yen mbesem dupa / menyan.

Niatingsun ngobong dupo, dupo kuning warnanira,sun kongkon menyang swarga loka,nrabas mega
malang tundha pitu kinarya hanglantarake anggonku ngirim,Kukusing dupa kinarya talanging atur.

Ngobonge. Keprar jati urubing menyan kuning sari menyan celeng jati arengingeng njaluk teguh
rahayu.

AMONG – AMONG
Matur pepundhen ,Kepareng kula nyuwun lilah saperlu ngaturaken ……* saha minangkani
panyuwunipun Bpk sekalian*,

Bapa Akasa Ibu Pertiwi saha Nyai Semara bumi Kyai Semara Bumi, kula nyuwun lilah saha nyuwun
panguwaos paduka ingkang handayani tataraharja.

Menggah maknaning pakurmatan, sepisan jenang abang putih ganjaranipun kula caosaken
sedherekipun …………. Ingkang kasebat kakang kakang lembarepadine wuragil, dene ingkang sak bab
ganjaranipunkacaosaken dhumateng ingkang ngemongi saha sukma sejati. Dene jenang baro baro
caos pakurmatan guru sejati,sepinten kalepatanipun keparengo paring pangapunten, Jenang
kliringan ingkang awon supados sliringan ingkang sae supados njagi kawilujengan, Jenang palang
malangi cobo tekan kasebat panca baya.

TUMPENG caos kurmat dhumateng raga sejati, mugi kaparingan kekiatan saha kawilujengan.

JAJAN PASAR / tumbasan peken caos pakurmatan dhumateng Gusti Ajisaka ingkang sampun mbabar
dinten pitu (7) pasaran gangsal (5) wulan rolas (12) windu wolu (8), salajengipun mugi …………..
pikantuk berkahipun Gusti Ajisaka manggih tataraharja.
Wiwit
Kyai samara bumi nyai samara bumi Bapa aksa ibu pertiwi kawula nyuwun lilah arsa pinanggih para
dhanyang, Para dhanyang kang kasebat Kyai juru saben nyai juru saben, Kyai gaga nyai gaga kang
padha rumeksa ing sawah utowo tegalan gedhe cilik tuwa anom podho nglumpuko saperlu ndak
wenei pakurmatan kang awujud sesegeran srabi abang lan sekul pethak gondo arum sega wiwit
sakubarampe kinarya menei bebungah, sun tarima sira karya harjane tanduranku. Ing wektu iki wis
tumeko titi wanci mbok sri bakal sun undhuh sun gowo menyang gedhong peteng padaringan kanthi
tataraharja. Mula sakwise siro kabeh podho nanggapi pakurmatan iki, kabeh podho balio menyang
papanira dhewe dhewe, ayo padho nindakake lelakon dewe dewe.

Niatingsun ngobong dupa, dupa kuning warnanira sun kongkon menyang swargaloko nrabas
megamalang tundha pitu (7) kinarya nglantarake nggonku wiwit dina iki, kukusing dupa sayakti wus
lumaksana. Segara muncar uruping menyan cecengjati arenging menyan.

(( Sega megana lan ingkung ayam kanggo pakurmatan lan bebungah ))

Tarup
Matur pepundhen kula nyuwun lilah saperlu ngaturaken saha minangkani panyuwunipun ……………….

Niat ingsun mbuka sarananing tarup kinarya njangkepi saranane pahargyan utawi mantu. Bapa akasa
Ibu pertiwi ,Nyai Semara Bumi Kyai Semara Bumi kula nyuwun panguwaos paduka mugi manggih
tata raharja.

Kaki Jaka Tarup Nyai Jaka Tarup Kyai Sultan pajang Bpk ………. Sekalian nyuwun lilah lan nyuwun
berkah pangestu hanetepi darmaning asepuh arsa boja karma miwaha dhumateng yoga putrinipun
mugi pikantuk nugraha saking Gusti, manggih karaharjan lan tata tentrem.

Dhumateng para leluhur ingkang sampun sumare inggih bpk / simbok ……. Lan ……. Bapak ……..
sekalian nyuwun berkah anggenipun miwaha dhumateng putra sarimbit ing samangke manggih
kawilujengan.

Marang para danyang Sri Emara Desa ……….. lan dhanyang kang mbaureksa papanku kene, siro
kabeh ndak wenehi sekul pethak gondo arum, kabeh ora kawiji wiji. Sak wise nanggapi podho balio
marang papaniro dhewe dhewe. Sak banjure aku njaluk biyantunen lan ojo podho ngganggu gawe
mundhak keno dukane Gustimu.

Dene ngobong dupa podo karo ngarep.


Pecahane Bab Srono
1. Tumpeng Kukuh : Makartine lahir
2. Tumpeng Robyong : Wujude lahir batin
3. Tumpeng Pawenang : Dunungke wiji tumitah
4. Tumpeng Kencana : Dunungke kang Maha Kuasa
5. Tumpeng Walik : Tumindak Cidra
6. Tumpeng Pandhawa : Makartine batin
7. Tumpeng Ijo : Seneng rasane
8. Tumpeng Abang : Nggedheke nepsune
9. Tumpeng Kuning : Wis wiwit eleng
10. Tumpeng Biru : Tegese wong isin
11. Tumpeng Klawu : Akeh rubedane
12. Tumpeng Ijo Pupus : Wong tuwa wis pikun
13. Tumpeng Ireng : Rasa peteng
14. Tumpeng Soklat : Cat eleng cat ora
15. Tumpeng putih : Bali lahir
16. Tumpeng Jambon : Wus kacerakan kang momong
17. Tumpeng Wungu : Makartine eleng
18. Sekul Rasul : Rasa sejati
19. Tukon Pasar : Makartine patrap / solah
20. Jenang Abang Putih : Abang lahir putih batin
21. Sekar Sritaman : Makartine wanita priya
22. Sekar Gambir : Kekeraning bawana
23. Sekar Terate : Ngubengi cahyane Kang Maha Kuasa
24. Cengkir Gading : Palenggahane telu telune atunggal
25. Tebu Wulung : Palenggahane Handini
26. Sekar Soko : Dununge wong urip
27. Dewondaru : Nitahake lelakon urip
28. Sekar Cempoko : Dununge wong urip
29. Pisang mas : Cokro manggilingan
30. Pisang Kidang : Jiwo munggah suargo
31. Pisang Rojo : Ibarate dadi jontro
32. Sego Megono : Akal karep pikiran
33. Nongko Sabrang : Ora wedi marang isin
34. Sawo Menilo : Becike mung ono lahir
35. Pari Jagung Canthel : Wijine angkoro
36. Kupat Luar isi Sekar sritaman : Ngudhari isine memolo
37. Tumpeng Dhaharu : Buneg lan peteng
38. Golong Lulut : Manunggaling tekat
39. Tumpeng dahono : Howo nepsu
40. Oran Oran : Pamoring Pribadi
41. Sekar Pisang Rojo : Jantraning urip / gesang
42. Wajik : Tumindak lelemeran
43. Ketan Ragi : Supeketing ndriya
44. Semongko : Yo guyune yo eseme
45. Sritaman : Senadyan kakung yo putri

TUMURUNE WIJI ONO 12 TATARAN

1. Rijal ing awang towang


2. Kunang kunang Mripat kiwo
3. Manik Tengahing alis
4. Maya Suhunan
5. Manas Jithak
6. Madi Ulo ulo
7. Wadi Silit kodhok
8. Manikem Dhakar / wadine priya
9. Ora Pindhah wanita
10. Kaluru Minggah ing tlanak
11. Jabang Wis maujud
12. Bayi Wis lahir

PETUNGAN PANEMBAH SEMBAH RAGA

1. Sembah raga : Kudu ambeg anuraga tanduk aris ulat manis,tan gawe seriking lian
Ing sedya remen tetulung ngalah tan anggunggung dhiri.
2. Sembah Cipta : Yen ngendika laras lurus leres resik.
3. Sembah Rasa : Rasane wis nganti bisa ngrasakake rasaning liyan.
4. Sembah Sukma : Wis bisa srawung marang Pribadi.

Anda mungkin juga menyukai