Anda di halaman 1dari 23

ANALISIS

SERAT WEDHATAMA
PUPUH KINANTHI
KELOMPOK :

Bagus Eka Saputra (04)


Dian Puspita (08)
• Helmy Kurnia Andara (16)
• Maya Kartika Sari (22)
• Riksi Cici Nabila (30)
• Shafa Nabila Amalia Safitri (33)
paNANTHI PADA 95
Kaunanging budi luhung,
Bangkit ajer ajur kaki,
Yen mangkono bakal cikal,
Thukul wijining utami,
Nadyan bener kawruhira,
Yen ana kang nyulayani,
NJARWAKE
1. kaunanging : biasane 11. Thukul : metu, wiwit
2. budi : nalar, pikiran 12. wiji : benih, winih
3. luhung : luhur, linuwih, apik 13. utami : utama
4. bangkit : bisa 14. nadyan : senandyan
5. ajer : luluh 15. bener : leres
6. ajur : remuk 16. kawruh : ngelmu
7. kaki : anak, putra 17. ana : wonten
8. mangkono : mekaten, kaya 18. kang : ingkang
9. bakal : badhe 19. ngulayani : sulaya, bantah
10. Cikal : awal
NGGANCARAKE
saking serat wedhatama Kinanthi pada 95 ,Budi pakarti ingkang luhur
puniku limrahipun pinter utawi gampil anggenipun sesrawungan
kaliyan sinten kemawon larenipun saha nyatunggal ing masarakat.
Menawi mekaten, bakalipun thukul ilmu ingkang utama. Ilmu ingkang
saged dados tuladha. Senadyan ilmunipun sampun sae, menawi wonten
ingkang sanes pamanah.
RELEVANSI
saking serat wedhatama Kinanthi pada 95,kacocokan ana ing zaman
menika lare samenika katah ingkang ilmunipun inggil ananging
tumindakipun wonten ing masyarakat taksih kirang anggenipun
sesrawungan mbaur wonten ing masyarakat.Anggenipun srawung
menika gadhah manfaat inggih menika saged tukul ilmu ingkang
sanesipun lan saged dados tuladha.
Nalika kita srawung kalih sinten mawon, kita angsal ilmu kang katah
manfaatetuladhane yen kita srawung kaliyan tiyang sae kita bakalan
ketularan sae ne
DUDUTAN
• Tumindak laku sing bener,taqwa marang gusti,seneng
srwaung marang wong.
TULADHA
• Fulan urip ana ing desa Dukun tumindak e becik sregep
solat,seneng srawung ing desa lan aktif ana ing pirang
pirang organisasi ana ing sekolah,kui dadekake fulan
tambah ilmu ne yaiku ilmu srawung,ilmu komunikasi,lan
sapanunggale.
KINANTHI PADA 96
Tur kang nyulayani iku,
Wus wruh yen kawruhe nempil,
Nanging laire angalah,
Katingala angemori
Mung ngenaki tyasing lisan,
Aywa esak aywa serik.
NJARWAKE
1. Kang : ingkang, sing 11. Katinggala : tinggal, tilar
2. Nyulayani : sulaya 12.Angemori : nyampuri
3. Iku : punika 13. Mung : ora ana liyane
4. Wus : wis 14. Ngenakaki : kena
5. Wruh : weruh 15. Tyasing : ati
6. Kawruhe : ngelmu 16. Lisan : tutur
7. Nempil : melu nunut 17. Aywa : aja
8. Nanging : mung 18. Esak : Endah, asri
9. Laire : laire 19. Serik : lara atine
10. Angalah : kalah, trima kalah
NGGANCARAKE
saking serat wedhatama Kinanthi pada 96 , Ingkang sanes pamanah
limrahipun mboten ilmu saking dhiri piyambakipun. Ananging
tumindakipun kita ngawon, supados ketingal setuju marang pamanah
puniku. Damel manah tiyang sanes ayem. Mboten damel serik saha
sakit manah marang piyambakipun sedaya.
RELEVANSI
Menawi musyawarah iku mboten mentingaken pendapatipun piyambak,
saha mboten meksaaken tiyang sanestuladhanipun. Kita kedah
tumindak ngawon supados mboten damel serik tiang sanes.
DUDUTAN
• Aja dadi wong sing gede omongan e,akeh omongane,lan
dadi o wong kang sabar lan ora serikan
TULADHA
• Bapak Budi yaiku salah satunggalipun warga ana ing desa
Dukun.Ing sawekdal menika wonten kempalan Rt ing
griyanipun Bapak Slamet.Bapak Budi ngewenegi katah
pendapat anangin ora gelem nampa pendapat saka
liane.Sameniko warga ingkang sampun retos watakipun
namung saget ngalah supaya urip rukun lan dados tiang
ingkan jembar pangapuran lan sabar.
KINANTHI PADA 97
Yeku ilapating wahyu,
Yen yuwan ing salami,
Marga wimbuh ing nugraha,
Saking heb Kang Maha Suci,
Cinancang pucuking cipta,
Nora ucul-ucul kaki.
NJARWAKE
1. Yeku : yaiku 11. Nugraha : anugrah
2. Ilapating : sarate 12. Saking : saka
3. Wahyu : wahyu 13. Heb : sabda
4. Yen : yen 14. Kang : kang
5. Yuwan: lega 15. Maha Suci : Maha Suci
6. Ing : ing 16. Cinancang : di cincang/ditali
7. Salami : selawase 17. Pucuking : pucuke
8. Marga : muga 18. Cipta : cipta
9. Nimbuh : entuk 19. Nora : ora
10. Ing : ing 20. Ucul ucul : ucul
21. Kaki : anak
NGGANCARAKE
saking serat wedhatama Kinanthi pada 95 , Tumindak punika ingkang
sae miturut titikaning mandhapipun wahyu saking gusti, inggih menika
al Qur'an. Badhe dipunlampahi lajeng-lajengipun menawi kersa
wilujeng sadangu-dangu. Ilmu ingkang dipunlampahi wonten tumindak
saha ngajak tiyang sanes kagem nglampahi kabecikan ugi inggih
menika tumindak sae ingkang badhe mindhakaken nikmat. Menika
sampun kaserat wonten sabda gusti ingkang maha suci, al Qur'an.
Punika akidah ingkang dados baken kapitadosan dipuntali wonten lebet
akal. Damel kapitadosan ingkang kiyat.
RELEVANSI
Ing Kinananthi pada 97,kacocokanipiun wonten ing jaman samenika
inggih menika menawi badhe angsal pikantuk kanugrahanipun Gusti
Allah ingkang Maha Ega yaiku salah sawijinipun kedah nduweni sifat
seneng sabar,nduweni sifpat lapang dada,lan sapanunggalanipun.
DUDUTAN
• Dadio wong kang jembar pangapuran e,
• Dadio wong ingkan ikhlas/lapang dada,
• Dadio wong sing lomo nan.
TULADHA
• Si Fulan iku watakipun sabar,seneng tetulung,ikhlas
anggenipun nglampahi kauripan.Kui mau dalane angsal
kanugrahan saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa lan
watakipun tumanem ana ing ati lan ndadosaken ati ayem
tentrem amargi angsal kanugrahan.
PITAKONAN
UTAWI
KOMENTAR?

Anda mungkin juga menyukai