Anda di halaman 1dari 15

Nama : Rizki Piji Fathoni

No : 31

Kelas : XI MIPA 2

Tembang Gambuh Pada 1-35

PADA 1

Samengko ingsun tutur

Sembah catur supaya lumuntur

Dihim raga cipta jiwa rasa kaki

Ing kono lamun tinemu

Tandha nugraha ning manon

GANCARAN PADA 1

Yen aku ngomong

Papat werno sembah supaya dilestarike

Kapisan sembah raga cipta jiwa rasa putraku

Ning kono kui arep ketemu

Tandha nugraha ingkang maha kuasa

PADA 2

Sembah raga puniku,

pakartine wong amagang laku,

susucine asarana saking warih,

kang wus lumrah limang wektu,

wantu wataking wawaton.

GANCARAN PADA 2

Sembah raga yaiku,

tumindak e wong kang dek nyoba “olah batin”,

nyucike raga ngganggo sarana banyu,

sing wes lumrah kayata lima wektu, kanggo watak kang dasar.
PADA 3

Inguni-uni durung,

Sinarawung wulang kang sinerung,

Lagi iki bangsa kas ngetokken anggit,

Mintoken kawignyanipun,

Sarengate elok-elok.

GANCARAN PADA 3

Jaman mbiyen durung

Tau dingerteni ajaran kang kebak tutup

Lagi iki ana wong wujudake hasil gawean

Mamerake kapinterane

Amalane aneh aneh

PADA 4

Thitik-thitik kaya santri Dul,

Gajeg kaya santri brahi kidul,

Saurute Pacitan pinggir pasisir,

Ewon wong kang padha nggugu,

Anggere guru nyalemong

GANCARAN PADA 4

Dong-dong kaya ngono santri, Dul

Yen disalahke kaya santri kidul,

Saurute Pacitan tepi pantai,

Ewonan wong sing percaya,

Asal-asalen yen ngucap

PADA 5

Kasusu arsa weruh,

cahyaning hyang kinira yen karuh,


ngareb-areb urup rasa den kurebi,

tan wruh kang mangkono iku,

akale keliru enggon.

GANCARAN PADA 5

Selak pengen ngerti,

cahya kang Maha Kuasa dikira isa ditemuke,

ngarep-arep gedhe kepinginan nanging peteng matane,

wong ora paham kang kaya ngono kuwi,

nalare wis salah kaprah.

PADA 6

Yen ta jaman rumuhun,

tata titi tumrah tumaruntun,

bangsa srengat tan winor lan laku batin,

dadi ora gawe bingung,

kang padha nembah Hyang Manon.

GANCARAN PADA 6

Yen jaman mbiyen,

tertib tratur runtut harmonis,

sariat ora dicampur aduk karo olah batin,

dadi ora ngawe bingung,

gawe sing nyembah kang maha kuasa.

PADA 7

Lire sarengat iku,

kena uga ingaranan laku,

dihin ajeg kapindhone ataberi,

pakolehe putraningsun,

nyenyeger badan mrih kaot.


GANCARAN PADA 7

Sakbenere sariat iku,

bisa uga diarani lelakon,

kang sifatipun ajeg lan tekun,

hasile anakku, yaiku,

bisa nyegerake awak supaya luwih kuat.

GANCARAN PADA 8

Awak seger buger

otot daging kulit lan balung sumsum e dadi seger

ngaruhake geteh, ngawe tentrem ing ati.

ketrentremen ati iku mbiyantu

ngruwat batin sing kusut

PADA 9

Mangkono mungguh ingsun,

ananging ta sarehne asnafun,

beda-beda panduk panduming dumadi,

sayektine nora jumbuh,

tekad kang padha linakon.

GANCARAN PADA 9

ngonokui miturut ku

nggere amarga wong kui beda beda

beda pula garis nasib seko kang maha kuasa

Saktemene ora cocok

tekad lkang pada dilakoni kui

PADA 10

Nanging ta paksa tutur,

rehning tuwa tuwase mung catur,


bok lumuntur lantaraning reh utami,

sing sapa temen tinemu,

nugraha geming Kaprabon.

GANCARAN PADA 10

nanging kepeksa ngenehi nasehat,

amarga wong tua kewajibane mung ngenehi nasehat,

sapa ngerti bisa nglestarike dadi pedoman tumindak utama,

wong sopo temen bisa entuk,

anugrahing kamulyaan lan kahormatan.

PADA 11

Samengko sembah kalbu,

yen lumintu uga dadi laku,

laku agung kang kagungan narapati,

patitis tetesing kawruh,

meruhi marang kang momong.

GANCARAN PADA 11

mengko sembah kalbu kui,

yen bebarengan uga dadi olah spiritual,

olah utawa spiritual tingkat duwur seng di duweni raja.

Tujuan ajaran ilmu kui,

gawe mangerti kang ngasuh awak utawa guru sejati/ pancer.

PADA 12

Sucine tanpa banyu,

mung nyenyuda mring hardening kalbu,

pambukane tata, titi, ngati-ati,

atetep talaten atul,

tuladhan marang waspados.


GANCARAN PADA 12

Suci e ora migunaake banyu,

nanging nahan nafsubing ati,

wiwit saka tumindak kang tata teliti lan ati-ati

utawa eling lan waspada,

teguh sabar lan tekun,

tuladha gawe tumindak waspada.

PADA 13

Mring jatining pandulu,

panduk ing ndon dedalan satuhu,

lamun lugu leguting reh maligi,

lageane tumalawung,

wenganing alam kinaot.

GANCARAN PADA 13

ing panyawang kang sejati,

mikantuk sasaran kanthi tata cara kang bener,

senadyan sederhana tata lakune mbutuhake konsentrasi,

kanthi bisa krungu swara sayup sayup ing

nyenyet ing swasana,

yakui bukaing “Alam liya”.

PADA 14

Yen wus kambah kadyeku,

sarat sareh saniskareng laku,

kalakone saka eneng, ening, eling,

Ilanging rasa tumlawung,

kono adile Hyang Manon.


GANCARAN PADA 14

yen wes pikanthuk kaya nggono kui,

syarat e sabar kabeh tumindak e,

isoh e kanthi cara kasadaran nyenyet elingan,

kanti ilange rasa sayup sayup,

neng kono adil e kang maha kuasa ana.

PADA 15

Gagare ngunggar kayun,

tan kayungyun mring ayuning kayun,

bangsa anggit yen ginigit nora dadi,

Marma den awas den emut,

mring pamurunging lelakon.

GANCARAN PADA 15

gugur e yen miturut kagelem an e dewe (nafsu),

ora seneng yen endah e rasa sejati,

yen ngrasaake kapinginan e kang ora isa kawujud.

Sanadyan mangkono awas lan ingat lah,

kanthi gawe gagaling tujuan.

PADA 16

Samengko kang tinutur,

sembah katri kang sayekti katur,

mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari,

arahen dipun kecakup,

sembah ing Jiwa sutengong.

GANCARAN PADA 16

mengko yen diajari,

sembah ketelu kang saktemen e di kanggoake,


kanggo hyang sukma utawa jiwa hayati saben dina,

tinujulah kanthi pikanthuk ,

sembah jiwa iki putraku.

GANCARAN PADA 17

Tenan luwih penting,

Sing kasebut dadi pucuk ing dalan spiritual,

Tumindak olah batin,

Jaga sucining kanti awas lan mesti kelingan,

Karo alam kang awet.

ISINE PADA 17

Itu lebih pentig, disebut sebagai pokok laku, yaitu laku spiritual olah batin,

Menjaga suci dengan selalu ingat,

Kepada alam kekal

PADA 18

Ruktine ngangkah ngukut,

ngiket ngrukut triloka kakukut,

jagad agung gimulung lan jagad cilik,

Den kandel kumandel kulup,

mring kelaping alam kono.

GANCARAN PADA 18

cara njaga kanthi nguasani,

njipuk ngikat ngrangkul telung jagad kang di kuasani,

jagad gedhe kalah karo jagad cilik,

gedheke kayakinan mu putraku,

karo kelaping alam kono.

PADA 19

Keleme mawa limut,


Kalamatan jroning alam kanyut,

Sanyatane iku kanyatan kaki,

Sajatine yen tan emut,

Sayektine tan bisa awor.

GANCARAN PADA 19

Ruweting kanthi peteng

Kagawa ora cethaning alam

Nyatane kuwi prakara nyata anane

Kanyatane yen ora ileng

PADA 20

Pamete saka luyut,

sarwa sareh saliring panganyut,

lamun yitna kayitnan kang mitayani,

tarlen mung pribadinipun,

kang katon tinonton kono.

GANCARAN PADA 20

dalan metune saka luyut (batas antara e lahir lan batin),

tetep sabar melu ing “alam kang ngayuhake”,

asal ati ati lan waspada kang nuntas ake,

ora meng awak dewe,

seng ketok nang kono.

PADA 21

Nging aywa salah surup,

kono ana sajatining Urub,

yeku urup pangarep uriping Budi,

sumirat sirat narawung,

kadya kartika katongton.


GANCARAN PADA 21

Nanging aja salah ngerti

Neng kono ana sajatining urip

Yaiku urip ngarep pambimbing nuju kabecikan

Cahya luwih terang lan cemerlang

Ketok kaya bintang

GANCARAN PADA 22

Yaiku bukak ing Lawang ati

bukak ing kang kuasa nguwasani

Cahya kui wes kok kuasai

nanging kok kuasani

kanthi Cahya kang awujud bintang cemerlang

ISINE PADA 22

Lawang ati kabukak

Dibukak lan dikuasani dening gusti allah

Awake dewe saged nguasani kalbu

Gusti allah bakal ono ing awake dewe

Bakal terang kaya bintang

PADA 23

Samengko ingsun tutur

Gantya sembah ingkang kaping catur

Sembah rasa karasa rosing dumadi

Dadine wis tanpa tuduh

Mug kalawan kasing batos

GANCARAN PADA 23

Mengko ingsun diajari

Ing sembah kang ke papat


Sembah rasa rasae hakekat panguripan

Kedadeane tanpa pituduh

Mung nganggo kesentosaan batin

PADA 24

Kalamun durung lugu,

aja pisan wani ngaku ngaku,

antuk siku kang mangkonono iku kaki,

keno uga wenang muluk,

kalamun wes pada melok

GANCARAN PADA 24

Yen durung bisa nggawa awak,

aja sepisan sepisan wani ngaku ngaku,

oleh murkane kang kaya ngono kuwi putraku,

artine sopo wae duwe hak ngomong,

yen wes ngerti kanti temenan

PADA 25

Meloke ujar kui

Yen wus ilang sumelang ing kalbu

Amung kandel kumandel ngandel mring takdir

Iku den awas den emut

Den memet yen arsa momot

GANCARAN PADA 25

Saktemene pengajaran kuwi

Yen wis ilang ragu – ragune ati

Nanging percaya kanthi temenan karo takdir

Kuwi kudu diati – ati dieleng – eleng

Digatekake yen pengen nguasai sak kabehane


PADA 26

Pamoring ujar iku,

kudu santosa ing budi teguh,

sarta sabar tawekal legaweng ati,

trima lila ambeh sadu,

weruh wekasing dumados

GANCARAN PADA 26

Njalani pituduh kuwi,

kudu kokoh budipakertine,

teguh serta sabar,

tawakal lapang dada, nerima lan ikhlas apa anane tumindakke kang bisa dipercaya,

PADA 27

Sabarang tindak-tanduk,

tumindake lan sakadaripun,

den ngaksama kasisipaning sesami,

sumimpanga ing laku dur,

hardaning budi kang ngrodon.

GANCARAN PADA 27

Sekabehane tindak tanduke,

dilakoni sak anane,

nguwehi pangapuro dateng kalepatan sopo wae,

ngadohi tumindak ala,

(lan) watak angkara kang gede.

PADA 28

Dadya wruh iya dudu,

yeku minangka pandaming kalbu,

inkang buka ing kijab bullah agaib,


sesengkeran kang sinerung,

dumunung telenging batos.

GANCARAN PADA 28

Sahinggo ngerti becik lan ala ne,

kaya ngono kuwi kang dadi kemantepan ati,

kang mbukak kang ngalangi/tabir antara manungsa lan kang maha kuasa,

kasimpen ing rahasia,

ing njero batin.

PADA 29

Rasaning urip iku

Krana momor pamoring sawujud

Wujuddullah sumrahmbah ngalam sakalir

Lir manis kalawan madu

Endi arane ing kono

GANCARAN PADA 29

Rasa urip iku

Kanthi cara manunggal ing sawijinh

Wujud kang maha kuasa awujud jagad raya

Kayata rasa legi amarga madu

Kaya ngono kuwi ujarane

PADA 30

Endi manis endi madu

Yen wis bisa nuksmeng pasang semu

Pasamaoning hebing kang maha suci

Kasikep ing tyas kacakup

Kasat mata lait batos


GANCARAN PADA 30

Ora ana bedane

Yen wis bisa nggayuhake gambaran iku

Kepriye pengertene sabda kang maha kuasa

Mbokya digenggem ing njero ati

Wes jelas dingerteni kanthi lahir lan batin

PADA 31

Ing batin tan keliru

Kedhap kilap liniling ing kalbu

Kang minangka colok celaking Hyang Widi

Widadaning budi sadu

Pundak panduking liru nggon

GANCARAN PADA 31

Ing njero batin ora tau salah

Kabeh cahaya endah digatekake ing njero ati

Kang dadi pedoman saben nggatekake hakekat kang Maha Kuasa

Slamete merga budi kang jujur

Ben bisa ngrasuk lan maleh nggon

PADA 32

Nggonira mrih tulus,

kalaksitaning reh kang rinuruh,

ngayanira mrih wikal warananing gaib,

paranta lamun tan weruh,

sasmita jatining endhog.

GANCARAN PADA 32

Ben usahamu oleh hasil,

bisa nemokake apa kang digoleki ,


gaweanmu supaya bisa ucul sing ngalangi kegaibane,

yen kowe ora ngerti,

delokna marang piye dadine endog.

PADA 33

Putih lan kuningpun,

lamun arsa titah teka mangsul,

dene nora mantra-mantra yen ing lair,

bisa aliru wujud,

kadadeyane ing kono.

GANCARAN PADA 33

putih lan kuninge,

yen arep netes wujud teko lan ganti,

ora disangka-sangka yen ing lair,

isoh ganti wujud,

PADA 34

Istingarah tan metu,

lawan istingarah tan lumebu,

dene ing njro wekasane dadi njawi,

raksana kang tuwajuh,

aja kongsi kabasturon.

GANCARAN PADA 34

dipastekke ora metu,

ya ora mlebu,

sak temene ing njero akhire dadi ing njaba,

rasakna temenan,

aja nganti keliwat ora bisa mahami.

Anda mungkin juga menyukai