Wedhatama merupakan ajaran luhur untuk membangun budi pekerti dan olah spiritual bagi
kalangan raja-raja Mataram, tetapi diajarkan pula bagi siapapun yang berkehendak menghayatinya.
Wedhatama menjadi salah satu dasar penghayatan bagi siapa saja yang ingin “laku” spiritual dan
bersifat universal lintas kepercayaan atau agama apapun. Karena ajaran dalamWedhatama bukan
lah dogma agama yang erat dengan iming-iming surga dan ancaman neraka, melainkan suara hati
nurani, yang menjadi “jalan setapak” bagi siapapun yang ingin menggapai kehidupan dengan
tingkat spiritual yang tinggi. Mudah diikuti dan dipelajari oleh siapapun, diajarkan dan
dituntun step by step secara rinci. Puncak dari “laku” spiritual yang diajarkan
seratWedhatama adalah; menemukan kehidupan yang sejati, lebih memahami diri
sendiri, manunggaling kawula-Gusti, dan mendapat anugrah Tuhan untuk melihat rahasia kegaiban
(meminjam istilah Gus Dur; dapat mengintip rahasia langit).
Serat yang berisi ajaran tentang budi pekerti atau akhlak mulia, digubah dalam bentuk
tembang agar mudah diingat dan lebih “membumi”. Sebab sebaik apapun ajaran itu tidak
akan bermanfaat apa-apa, apabila hanya tersimpan di dalam “menara gadhing” yang megah.
Serat wedhatama ini adalah salah satu serat karangan KGPH Mangkunegara IV, berasal dari dua
kata wedha yang berarti ajaran dan tama yang berarti utama, serat ini berisi tentang ajaran-ajaran
kebaikan, budi pekerti dan akhlak yang hingga sampai sekarang masih dapat diterapkan dalam
kehidupan, serat ini ditulis dalam bentuk tembang macapat agar mudah diingat dan digemari oleh
masyarakat Jawa yang pada umumnya menyukai kesenian. Naskah aslinya sekarang masih dapat
kita lihat di Museum Reksapustaka di Pura Mankunegaran lantai dua.
SERAT WEDHATAMA
PANGKUR (Sembah Raga/Syariat)
1 Mingkar mingkuring angkara, Meredam nafsu angkara dalam diri,
Akarana karanan mardi siwi, Hendak berkenan mendidik putra-putri
Sinawung resmining kidung, Tersirat dalam indahnya tembang,
Sinuba sinukarta, dihias penuh variasi,
Mrih kretarta pakartining agar menjiwai hakekat ilmu luhur,
ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa, yang berlangsung di tanah Jawa (nusantara)
Agama ageming aji. agama sebagai “pakaian” kehidupan.
2 Jinejer neng Wedatama Disajikan dalam serat Wedhatama,
Mrih tan kemba kembenganing agar jangan miskin pengetahuan
pambudi walaupun sudah tua pikun
Mangka nadyan tuwa pikun jika tidak memahami rasa sejati (batin)
Yen tan mikani rasa, niscaya kosong tiada berguna
yekti sepi asepa lir sepah, bagai ampas
samun, percuma sia-sia,
Samangsane pasamuan di dalam setiap pertemuan
Gonyak ganyuk nglilingsemi. sering bertindak ceroboh memalukan.
TEMBANG KINANTHI
83 Mangka kanthining tumuwuh, Padahal bekal hidup,
Salami mung awas eling, selamanya waspada dan ingat,
Eling lukitaning alam, Ingat akan pertanda yang ada
Dadi wiryaning dumadi, di alam ini,
Supadi nir ing sangsaya, Menjadi kekuatannya asal-usul, supaya lepas dari
Yeku pangreksaning urip. sengsara.
Begitulah memelihara hidup.
PUPUH V
KINANTHI
01
Mangka kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling lukitaning alam, wedi weryaning dumadi, supadi niring
sangsaya, yeku pangreksaning urip.
02
Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, bengkas
kahardaning driya, supadya dadya utami.
03
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis kawistara, lalandhepe mingis-mingis, pasah wukir reksa
muka, kekes srabedaning budi.
04
Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil rina wengi, kang mukitan ing
sakarsa, gumelar ngalam sakalir.
05
Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape pribadi, marma den sembadeng
sedya, wewesen praptaning uwis.
06
Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuda saka satitik, pamotahing nafsu
hawa, jinalantih mamrih titih.
07
Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing srabeda, marma dipun ngati-ati, urip keh rencananira,
sambekala den kaliling.
08
Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti karendet ing ri, apese
kasandhung padhas, babak bundhas anemahi.
09
Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh sabodag, yen ta nartani ing kapti, dadi kawruhe
kinarya, ngupaya kasil lan melik.
10
Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita luwih, kaluwihane tan ana, kabeh
tandha-tandha sepi.
11
Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik tan kena, mancereng alise gatik, apa pandhita antige,
kang mangkono iku kaki.
12
Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing
kaardan, amung eneng mamrih ening.
13
Kunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono bakal cikal, thukul wijining utami, nadyan bener
kawruhira, yen ana kang nyulayani.
14
Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging laire angalah, katingala angemori, mung ngenaki
tyasing liyan, aywa esak aywa serik.
15
Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing nugraha, saking heb kang Maha Suci, cinancang
pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.
16
Mangkono ingkang tinamtu,tampa nugrahaning Widhi, marma ta kulup den bisa, mbusuki ujaring janmi, pakoleh lair
batinnya, iyeku budi premati.
17
Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri, ora yen ta ngeplekana,
lir leluhur nguni-uni.
18
Ananging ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal tutuladan, lamun tan mangkono kaki, yekti tuna ing tumitah,
poma kaestokna kaki.
By Alang Alang Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
...........................................................................................................................................................