Anda di halaman 1dari 11

Kumpulan Nasehat dan Saripati Kitab-Kitab Lama Jawa

Berikut ini adalah beberapa kumpulan nasehat dan saripati dari kitab-kitab lama Jawa. Semoga
memberikan manfaat dan renungkanlah makna-makna yang terkandung di dalamnya.
~Serat Kalatidha~
R. Ng. Ranggawarsita
Mundhak apa aneng ngayun, Amdhedher kaluputan, siniran ing banyu lali, lamun tuwuh
dadi kekembangan beka.
(Apa guna menjadi pembesar, jika hanya menanam benih kesalahan yang disiram air kealpaan
(lupa). Akhirnya tumbuh pohon bencana)
Amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi. Melu edan nora tahan, yen tan melu
anglakoni boya keduman melik, kaliren wekasanipun. Dilalah kersane Allah, sabegjabegjane wong kang lali, luwih begja wong kang eling lawan waspada.
(Mengalami zaman edan, pikiran serba ragu. Jika turut tak akan tahan, sedang tak ikut tak
kebagian, berujung kelaparan. Tetapi atas kehendak Allah, seberuntung apapun orang yang lupa,
masih lebih beruntung orang yang sadar dan waspada)
~Serat Wedharaga~
R. Ng. Ranggawarsita

Lamun sarwa putus, kapinteran simpenen ing pungkur, bodhonira ing ngarsa yekti,
gampang traping tindak tanduk, amawas pambekaning wong.
(Jika telah paham, simpanlah kepandaian di belakang, perlihatkan kebodohan di depanmu,
memudahkan cara bersikap, memahami sikap orang lain)
Akeh lumuh katokna balilu, marma tansah mintonaken kawruh pribadi, amrih denalema
punjul.
(Banyak-banyaklah menahan diri dan memperlihatkan kebodohan, jangan menonjolkan
kemampuan sendiri, dan jangan pelihara sikap ingin dipuji)
Umpama jun kurang banyu, kocak-kocak kendhit ing wong, menawi kebak kang jun,
yekti anteng denindhit ing lambung, iku bae kena kinarya palupi, pedah apa umbag
umum, mundhak kaeseman ing wong.
(Bila bejana kurang airnya, terguncang dan berbunyi, jika penuh air dalam bejana, pasti tenang
saat digendong, itu saja bisa dianggap contoh, untuk apa sombongkan diri, hasilnya ditertawakan
orang)
Lamun seje murad maksudipun, rasakena ing ati, dipun nastiti, aja pijer umbak umuk,
mundhak kawiyak, yen bodho
(Jika menjumpai perbedaan maksud, rasakan dalam hati, perhatikan benar, jangan congkak dan
berkoar, bisa-bisa terbuka kebodohanmu)
Akanthia awas emut, mituhun wewarah kang mikolehi, aja tinggal weweka ing kalbu, den
taberi anggeguru, aja isin atatakon.
(Peganglah sikap waspada, ikuti petunjuk dan nasehat, terus berguru dan jangan malu bertanyatanya)
Mangkono kang tinemu, awit anom amendenga laku, ngungkuri mangan lan turu
sawatawis, amekak hawa napsu, dhasarana andhap ansor.
(Demikianlah yang baik, sejak muda menekuni laku, mengurangi makan dan tidur, mengekang
hawa nafsu, menjaga sikap rendah hati)
Lamun wong ngaku cukup, mratandhani kukurangan iku, wong ngungasaken
kaekndelan tandha jirih, wong ngaku kiyat pengkuh, tanda apes amalendo.

(Bila orang mengaku kaya, menandakan ia miskin, orang yang menunjukkan keberaniannya
tandanya ia penakut, orang mengaku kuat sentosa, tandanya ia lemah dan tak dapat diandalkan)
Wong ngaurip wus tamtu, akeh pada arebut piyangkuh, lumuh lamun kasor kaseser
sathithik, nanging singa peksa unggul, ing wekasan dadi asor.
(Dalam hidup pasti, banyak orang berebut kebanggaan, tidak mau kalah dan bergeser sedikit, tapi
siapa yang memaksa unggul, akhirnya menjadi hina)
~Serat Sopanalya~
R. Ng. Ranggawarsita
Kaping lima tapaning suksma puniku, gelara marta-martani, lega legawa ing kalbu, aja
munasikeng janmi, amonga atining wong.
(Yang kelima (dari tujuh) tapa suksma itu, bersikaplah rendah hati, tulus ikhlas dari hati, jangan
mengganggu seseorang, jagalah perasaan orang lain)
~Serat Nitisruti~
Pangeran Karanggayam
Kang sinebut ing gesang ambeg linuhung, kang wus tanpa sama, iya iku wong kang
bangkit, amenaki manahe sasama-sama.
(Yang dimaksud dengan hidup yang luhur, yang tanpa tandingan, yaitu orang yang mampu
membahagiakan sesamanya)
Saminipun kawuleng Hyang kang tumuwuh, kabeh ywa binada, anancepna welas asih,
mring wong tuwa kang ajompo tanpa daya. Malihipun rare lola kawlas ayun, myang pekir
kasiyan, para papa anak yatim, openana pancinen sakwasanira.
(Kepada sesama makhluk Tuhan, jangan dibeda-bedakan, tanamkanlah rasa kasih sayang kepada
orang-orang jompo yang tak berdaya. Juga kepada anak-anak yang butuh belas kasih, fakir
miskin, anak yatim, peliharalah semampumu)
Yen amuwus ywa umres rame kemruwuk, brabah kabrabeyan, lir menco ngoceg
ngecuwis, menek lali kalimput kehing wicara.
(Jika bicara janganlah cerewet, orang tidak akan suka, seperti burung berkicau, melenceng
maksud sebenarnya dikarenakan terlalu banyak bicara)

Nadyan ratu ya tan ana paenipun, nanging sri narendra, iku pangiloning bumi, enggonira
ngimpuni sihing manungsa. Mapan sampun panjenengan sang aprabu, sinebut narendra,
ratuning kang tata krami.
(Meski seorang raja juga tidak boleh berbeda, dialah cermin di dunia, dalam hal menghimpun
rasa kasih, sebab setelah diangkat menjadi pemimpin, ia disebut narendra, raja dalam tata krama)
Dene lamun tan miraos yen amuwus, luwung umandela, anging ingkang semu wingit,
myang den dumeh ing pasmon semu dyatmika.
(Jika merasa bicaranya tidak berisi, lebih baik diamlah, terutama untuk hal-hal yang penting dan
mendalam, bersikaplah tenang)
Kang kalebu musthikang rat puniku, sujanma kang bisa, ngarah-arah wahyaning ngling,
yektinira aneng ngulat kawistara.
(Yang termasuk pribadi unggul adalah, yang mampu bertutur kata benar dan terarah,
sesungguhnya demikian itu tampak dari mimik wajahnya)
Ulat iku nampani rasaning kalbu, wahyaning wacana, pareng lan netya kaeksi, kang
waspada wruh pamoring pasang cipta.
(Mimik wajah itu menunjukkan ekspresi hati, keluarnya tutur kata bersamaan dengan sorot mata,
yang waspada akan mampu menilik dalamnya pikiran)
~Serat Darmawasita~
KGPAA Mangkunegara IV
Manise netra ruruh, angedohken mring salah tampi, wong kang trap sileng tata, tan
agawe rengu, wicara lus kang mardawa, iku datan kasendhu marang sasami, wong kang
rumaket ika.
(Muka manis dan mata lembut, menjauhkan kesalahpahaman, orang yang menerapkan tata
susila, tidak akan diragukan orang, orang yang bicaranya halus, tidak akan diumpat orang, semua
itu menunjukkan keakraban sesama)
Wong andhap asor iku, yekti oleh penganggep becik, wong meneng iku nyata, neng
njaban pakewuh.
(Orang yang rendah hati, pasti akan dianggap baik. Sedang orang yang diam itu selamat dari
bencana lidah)

Wong prasaja solahira, iku ora gawe ewa kang ningali, wong nganggo tepanira.
(Orang yang sederhana itu tidak akan mengganggu orang lain, bahkan dijadikan teladan orang
lain)

Pepuntone nggonira dumadi, ngugemana mring catur upaya, mrih tan bingung
pangesthine, kang dhingin wekasingsun, anirua marang kang becik, kapindho anuruta
mring kang bener iku, katri nggugua kang nyata, kaping pate miliha ingkang pakolih, dadi
kanthi ning ndonya.
(Hakikat hidupmu di dunia, berpeganglah pada empat usaha, agar tidak bingung mencapai
tujuan, nasehatku yang pertama, contohlah apa yang baik, kedua tirulah kehendak yang baik,
ketiga indahkanlah apa yang nyata, keempat pilihlah apa yang membawa keberhasilan, itulah
bekal hidupmu)
~Serat Pepali~
Ki Ageng Sela
Sapa-sapa wong kang gawe becik, nora wurung mbenjang manggih arja, tekeng saturunturune.
(Siapa yang berbuat kebajikan, akhirnya akan menemui kesejahteraan, hingga ke anak cucu)
~Serat Wulangreh~
ISKS Pakubuwana IV
Nadayan asor wijilipun, yen kakakuane becik, utawa sugih carita kang dadi misil, iku
pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
(Sekalipun keturunan orang biasa, namun jika perilakunya baik, atau banyak pengalaman yang
bermanfaat, pantas untuk didekati untuk menambah kebijakanmu)
Mulane wong anom iku, becik ingkang ataberi, jejagongan lan wong tuwa.
(Oleh karenanya orang muda itu, seyogyanya rajin berdialog dengan orang tua)
Nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira
anggo.

(Walau dari seorang yang miskin dan rendah, jika baik ajarannya, itu pantas kamu ikuti)
Aja ngandelakem sira iku, suteng nata iya sapa kumawani, iku ambeke wong digang, ing
wasana dadi asor.
(Janganlah sombong jika kamu keturunan raja bangsawan dan menganggap tak ada yang berani,
itulah sifat adigang, bisa-bisa berakhir hina)
Anganggoa rereh ririh ngati-ati, den kawang-wang barang laku, kang waskitha solahing
wong.
(Seyogyanya berlakulah sabar, cermat dan hati-hati, perhatikanlah segala perilaku dan cermatlah
terhadap perilaku orang)
Mapan watake manungsa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna-muninipun,
pan dadi penerengan.
(Adapun ciri perilaku manusia, akan tampak dari cara berjalan dan cara duduknya, tindak-tanduk
dan tutur katanya, itu semua tanda-tandanya)
Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik,
nora pantes yen den nuta.
(Meskipun ia ayah ibu kakek nenek, saudara ataupun famili, jika memberi ajaran yang salah,
tetap tidak pantas kau ikuti)
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing dunya praptaning akir,
tan wurung kesurang-surang.
(Orang yang tidak menjunjung nasihat orang tua, akan menemui kutuk sengsara, di dunia sampai
akherat, berakhir penderitaan)
Apan ana sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, pan iki lirira, ingkang telung
prakara, aja anggunggung sireki, kalawan aja nacad kapati-pati, lawan aja memaoni
barang karya.
(Ada tiga jenis pantangan yang paling utama, ketiga hal tersebut adalah jangan menyombongkan
diri, jangan mencela, dan jangan mengkritik pekerjaan orang lain)
Yen dadi nom ing enomipun, kang ginawe tuwa dikaya banyu neng beji, den awening
paningale aji samar.

(Jika ditakdirkan menjadi muda, sadarilah kedudukan mudanya, sedang yang tuwa, jadilah
seperti air, jernihkanlah penglihatanmu)
Tungkul uripe, lan aja duwe kareman, marang pepas dunya, siyang dalu emut, yen urip
manggih antaka.
(Hiduplah dengan tekun dan hati-hati, jangan mengumbar kesenangan dunia, siang malam
ingatlah, bahwa hidup berujung kematian)
Dedalane guna lawan sekti, kudu andhap asor, wani ngalah luhur wekasane, tumungkula
yen dipun dukani, bapang den simpangi, ana catur mungkur.
(Syarat meraih kepandaian dan kesaktian, harus bisa rendah hati, berani mengalah unggul pada
akhirnya, menunduklah jika dimarahi, penghalang dihindari, ada perkara ditangguhkan)
Dadya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lan aja asukan-sukan, anggonira
sawatawis, ala watake wing suka, suda prayitnaninng batin.
(Jadikan ini laku, kurangi makan dan tidur, jangan terlena suka ria, batasilah sekadarnya, tabiat
orang bersuka ria itu mengurangi ketajaman batinnya)
Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan.
(Perbuatan baik itu, gampang jika sudah dijalani, sulit jika belum dilaksanakn)
Ingkang becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahan, aja sira
anglakoni.
(Segala yang baik, lakukanlah dengan pasti, yang buruk simpanlah, jangan engkau ikuti)
Aja nganti kabanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kabanjur sayekti kojur tan
becik.
(Jangan berlarut, segala tingkah ketidakjujuran, jika sampai berlarut, pasti hancur dan tidak baik)
Pan adigang kidang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh, si
kidang ambegipun, angandelaken kebat lumpatipun, pan si gajah ngandelaken geng
ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.
(Adigang kiasan kijang, Adigung kiasan gajah, Adiguna itu ular, ketiganya binasa bersama.
Kijang menyombongkan kecepatan lari, gajah mengandalkan tinggi besarnya, ular
mengandalkan gigitannya)

Titikane wong anom kurang wewadi, bungah akeh wong kang nggunggung, wekasane
kejelomprong.
(Ciri-ciri anak muda itu tidak bisa menyimpan rahasia, senang dipuji, padahal itu
menjerumuskan)
Yen wong anom puniku, kakehan panggunggung dadi kumprung, pengung bingung
wekasane pan angoling, yen ginunggung muncu-muncu, kaya wudun meh mechotot.
(Orang muda itu, jika terlalu banyak dipuji menjadi tolol, bodoh, bingung, dan akhirnya
terombang-ambing, jika sedang dipuji, monyong seperti bisul hampir pecah)

Aja kakehan sanggup, durung weruh tutue agupruk, tutur nempil panganggepe wruh
pribadi.
(Jangan merasa tahu banyak, belum melihat sendiri sudah banyak bercerita, hanya mendengar
saja merasa seperti melihat sendiri)
Yen sira amaca, layang sabarng layanging, aja pijer katungkul ningali sastra, caritane ala
becik dipunweruhi, nuli rasakna.
(Jika engkau membaca, segala macam kitab, jangan hanya terpukau pada sastra, paparan baik
buruknya harus dipahami, kemudian renungkanlah)
~ Serat Sastra Gendhing~
Ajaran Sultan Agung
Sayektine jagad ta dumadi, sabab kadim kadhihinan anyar, kasungsang nyimpang
dadine.
(Tentu dunia tidak akan tercipta, apabila yang fana mendahului yang abadi, logikanya terjungkir
balik)

Eling-eling kang samya mangudi nalar, away kongsi nemahi, kadrojoging tekad, lah pada
den prayitna, sayekti ambebayani, luwih agawat, watgating trang ing urip.

(Perlu diingat oleh orang yang melatih pikiran, jangan sampai terjadi hasrat tanpa kendali,
haruslah itu diperhatikan, karena sangat berbahaya, menghancurkan kehidupan)
Lawan aja padha padudon ing karsa, iki siriking ngelmi, yen during kaduga, luwung
mendel kewala, anging kasilna kang titi, marang ngulama, myang para sujaning budi.
(Dan jangan suka bertengkar pendapat, itu larangan dalam mencari ilmu, bila belum mumpuni,
lebih baik menahan diri, dan belajarlah dengan tekun, kepada para ulama, para ahli
kesempurnaan jiwa)
Iku wong tuna ing budi, tan nana gelem kasoran, yekti kakandhangan kibir, rebut
luhuring kagunan, dadi luput sakarone.
(Itulah orang yang berakal dangkal, selalu tak ingin direndahkan, selalu berlagak sombong,
pamer kemuliaan dan kepandaian, hingga kehilangan dua-duanya)
~Serat Centhini~
Ana tangis layu-layu, tangise wong wedi mati, tangise alara-lara, maras atine yen mati,
gedhongana kuncenana, yen pesthi tan wurung mati.
(Ada tangis dalam kematian, tangisnya orang yang takut mati, tangisnya sangat pedih, tak rela
hati jika mati, sembunyikanlah atau kuncilah, jika sudah takdir akhirnya tetap mati)
~Suluk Syeh Malaya~
Sunan Kalijaga
Aywa lunga yen tan weruha ingkang pinara ing purug, lawan sira aywa nadhah yen tan
wyuha rasanipun.
(Jangan pernah melangkah tanpa tahu tujuannya, jangan pernah menyembah jika tak tahu tujuan
hakikatnya)
~Suluk Sujinah~
Yayi perang sabil punika, nora lawan si kopar lawan si kapir, sajroning dhadha punika,
ana prang bratayudha, langkung rame aganti pupuh-pinupuh, iya lawan dhewekira, iku
latining prang sabil.

(Dinda, perang sabil itu bukan melawan kafir saja, di dalam dada itu ada perang baratayuda,
ramai sekali saling pukul-memukul yaitu perang melawan dirinya nafsu, itulah sesungguhnya
perang sabil)
~Wirid Wolung Pangkat~
Sajatine Ingsun anata palenggahan parameyaning-Sun dumunung ana ing sirahing
manungsa, kang ana sajroning sirah iku utek, kang gegandhengan ana ing antarane utek
iku manik, sajroning manik iku cipta, sajroning cipta iku budi, sajroning budi iku napsu,
sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun.
(Sesungguhnya Aku telah mengatur tempat keramaian-Ku berada di dalam kepalanya manusia,
yang ada di dalam kepala itu otak, yang berkaitan antara otak itu manik, di dalam manik itu akal,
di dalam akal itu budi, di dalam budi itu nafsu, di dalam nafsu itu suksma, di dalam suksma itu
rahsa, di dalam rahsa itu Aku. Tidak ada Pangeran kecuali Aku. Sejatinya Hidup yang meliputi
seluruh swasana)
~Suluk Walisanga~
Ya janma kang hakiki, wujud kak kiyanmil kodrat, jumeneng anane dhewe, Suksma
manuks-meng kawula, kawula nuks-meng Suksma, napas sirna marang suwung, badan
lebur wor bantala.
(Manusia yang hakiki, berwujud hak yang memiliki kekuasaan ada dengan sendirinya, Suksma
masuk ke dalam hamba, hamba masuk ke dalam Suksma, napas hilang masuk ke dalam
kekosongan, badan hancur bercampur tanah)
~Serat Sabdatama~
R. Ng. Ranggawarsito
Ngajapa tyas rahayu, ngayomana sasameng tumuwuh, wahanane ngendhak angkara
kalindhih, ngendhangken pakarti dudu, dinuwa tibeng doh.
(Kejarlah tekad selamat, lindungi sesama umat, dengan jalan mengalahkan angkara, membuang
perilaku buruk hingga sejauh-jauhnya)
~Serat Wedhatama~
KGPAA Mangkunegara IV

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya
pangekese dur angkara.
(Ilmu itu, hanya tercapai melalui laku (proses usaha dan tawakal), dimulai dengan kas (niat
teguh), artinya kas menjadikan sentosa. Iman dan budi yang teguh untuk menanggulangi goda
angkara)
Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sejati, tan dahwen pati openan, tan panasten
nora jail, tan nyurungi kaardan, among eneng mamrih ening.
(Adapun yang disebut laku adalah laku bagi ilmu hak (sejati), tidak punya pamrih, tidak ada rasa
iri dan hasut, tidak menuruti nafsu, hanyalah ketenangan agar tetap jernih)
~Serat Cipta Waskitha~
Mula wong urip iku, den padha akarep marang ngelmu, ala becik ngelmu iku den
kawruhi, karana atunggal wujud, mung kacek emel lan batos.
(Maka orang hidup itu, janganlah berhenti belajar, baik dan buruk ilmu itu harus diketahui,
karena sebenarnya adalah satu, hanya berbeda lafal dan batinnya)
Jembaring samodragung, tanpa tepi anglangut kadulu, suprandene maksih gung
manungsa iki, alas jurang kali gunung, neng raganira wus katon.
(Luasnya samudra raya, tiada bertepi dan sejauh mata memandang, tetapi masih besar adanya
manusia ini, hutan jurang sungai gunung, di dalam diri manusia)

Anda mungkin juga menyukai