Anda di halaman 1dari 3

SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH

Pada 1 Pada 2
Samengko ingsun tutur, Sembah raga punika,
Sembah catur supaya lumuntur, Pakartine wong amagang laku,
Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki, Susucine asarana saking warih,
Ing kono lamun tinemu, Kang wus lumrah limang Wektu,
Tandha nugrahaning Manon. Wantu wataking wewaton.
Pada 3 Pada 4
Inguni uni durung, Thithik kaya santri Dul,
Sinarawung wulang kang sinerung, Gajeg kaya santri Brai kidul,
Lagi iki bangsa kas ngetokken anggit, Saurute Pacitan pinggir pasisir,
Mintokken kawignyanipun, Ewon wong kang padha nggugu,
Sarengate elok elok. Anggere padha nyalemong.
Pada 5 Pada 6
Kasusu arsa weruh, Yen ta jaman rumuhun,
Cahyaning Hyang kinira yen kawruh, Tata titi tumrah tumaruntun,
Ngarep arep urub arsa den kurebi, Bangsa srengat ton winor lan laku batin,
Tan wruh kang mangkono iku, Dadi nora gawe bingung,
Akale kaliru enggon. Kang padha nembah Hyang Manon.
Pada 7 Pada 8
Lire sarengat iku, Wong seger badanipun,
Kena uga ingaranan laku, Otot daging kulit balung sungsum,
Dhingin Ajeg kapindone ataberi, Tumrah ing rah memarah Antenging ati,
Pakolehe putraningsun, Antenging ati nunungku,
Nyenyeger badan mrih kaot. Angruwat ruweding batos.
Pada 9 Pada 10
Mangkono mungguh ingsun, Nanging ta paksa tutur,
Ananging ta sarehne asnafun, Rehne tuwa tuwase mung catur,
Beda beda panduk pandhuming dumadi, Bok lumuntur lantaraning reh utami,
Sayektine nora jumbuh, Sing sapa temen tinemu,
Tekad kang padha linakon. Nugraha geming kaprabon.
Pada 11 Pada 12
Samengko sembah kalbu, Sucine tanpa banyu,
Yen lumintu uga dadi laku, Mung nyunyuda mring hardaning kalbu,
Laku agung kang kagungan Narapati, Pambukane tata titi ngati ati,
Patitis tetesing kawruh, Atetep telaten atul,
Meruhi marang kang momong. Tuladan marang waspaos.
Pada 13 Pada 14
Mring jatining pandulu, Yen wus kambah kadyeku,
Panduk ing ndon dedalan satuhu, Sarat sareh saniskareng laku,
Lamun lugu legutaning reh maligi, Kalakone saka eneng ening eling,
Lageane tumalawung, Ilanging rasa tumlawung,
Wenganing alam kinaot. Kono adiling Hyang Manon.
Pada 15 Pada 16
Gagare ngunggar kayun, Samengko kang tinutur,
Tan kayungyun mring ayuning kayun, Sembah katri kang sayekti katur,
Bangsa anggit yen ginigit nora dadi, Mring Hyang Sukma sukmanen saari ari,
Marma den awas den emut, Arahen dipun kacakup,
Mring pamurunging kalakon. Sembah ing jiwa sutengong.

Pada 17 Pada 18
Sayekti luwih perlu, Ruktine ngangkah ngukut,
Ingaranan pepuntoning laku, Ngiket ngruket triloka kakukut,
Kalakuwan tumrap kang bangsaning batin, Jagad agung ginulung lan jagad alit,
Sucine lan awas emut, Den kandel kumadel kulup,
Mring alaming alam amot. Mring kelaping alam kono.
Pada 19 Pada 20
Kaleme mawi limut, Pamete saka luyut,
Kalamatan jroning alam kanyut, Sarwa sareh salirih panganyut,
Sanyatane iku kanyatan kaki, Lamun yitno kayitnan kang mitayani,
Sejatine yen tan emut, Tarlen mung pribadinipun,
Sayekti tan bisa awor. Kang katon tinonton kono.
Pada 21 Pada 22
Nging aywa salah surup, Yeku wenganing kalbu,
Kono ana sajatining urub, Kabukane kang wengku winengku,
Yeku urub pangareb uriping budi, Wewengkone wis kawengku neng sireki,
Sumirat sirat narawung, Nging sira uga kawengku,
Kadya kartika katonton. Mring kang pindha kartika byor.
Pada 23 Pada 24
Samengko ingsun tutur, Kalamun durung lugu,
Gantya sembah ingkang kaping catur, Aja pisan wani ngaku aku,
Sembah rasa karasa wosing dumadi, Antuk siku kang mangkono iku kaki,
Dadine wis tanpa tuduh, Keno Ugo wenang muluk,
Mung kalawan kasing batos. Kalamun wus pada melok.
Pada 25 Pada 26
Meloke ujar iku, Pamoting ujar iku,
Yen wus ilang sumelang ing kalbu, Kudu santosa ing budi teguh,
Amung kandel kumandel ngandel mring takdir, Sarta sabar tawekal legaweng ati,
Iku den awas den emut, Trima lila ambeg sadu,
Den memet yen arsa momot. Weruh wekasing dumados.
Pada 27 Pada 28
Sabarang tindak tanduk, Dadya wruh iya dudu,
Tumindake lan sakadaripun, Yeku minangka pandaming kalbu,
Den ngaksama kasisipaning sesami, Ingkang buka ing kijab bullah agaib,
Sumimpanga ing laku dur, Sesengkeran kang sinerung,
Hardaning budi kang ngrodon. Dumunung telenging batos.
Pada 29 Pada 30
Rasaning urip iku, Endi manis endi madu,
Krana momor pamoring sawujud, Yen wis bisa nuksmeng pasang semu,
Wujudollah sumrambah ngalam sakalir, Pasamoaning hebing kang Maha Suci,
Lir manis kalawan madu, Kasikep ing tyas kacakup,
Endi arane ing kono. Kasat mata lair batos.
Pada 31 Pada 32
Ing batin ton kaliru, Nggonira mrih tulus,
Kedhap kilap liniling ing kalbu, Kalaksitaning reh kang rinuruh,
Kang minangka colok celaking Hyang Widhi, Ngayanira mrih wikal warananing gaib,
Widadaning budi sadu, Paranta lamun ton weruh,
Pandak panduking liru nggon. Sasmita jatining endhog.
Pada 33 Pada 34
Putih lan kuningipun, Istingarah ton metu,
Lamun arsa titah teka mangsul, Lawan istingarah ton lumebu,
Dene nora mantra-mantra yen ing lair, Dene ing njro wekasane dadi njawi,
Bisa aliru ada, Rasakna kang tuwajuh,
Kadadeyane ing kono. Aja kongsi kabasturon.
Pada 35
Karena yen kebanjur,
Kajantaka tumekeng Saumur,
Tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi,
Dadi wong ina tan weruh,
Dheweke den anggep dayoh.

 SUGENG MAKARYA

Anda mungkin juga menyukai