Anda di halaman 1dari 2

PIWULANGAN 1

TEMBANG GAMBUH
(SERAT WEDHATAMA)
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas / Semester : XI/ GENAP
=================================================================================

A. MATERI TEMBANG GAMBUH (SERAT WEDHATAMA)


 Pangertene Tembang Gambuh
Gambuh saka tembung “Jumbuh” kang ateges cocok utawa sawiji. Tembung jumbuh ateges yen wis jumbuh
(sarujuk) banjur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna ing pangangkah supaya
bisaa urip bebrayan.
 Paugeran Tembang Gambuh
 Pada : 35
 Guru Gatra : 5
 Guru Wilangan lan Lagu : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
 Watak Tembang Gambuh
Watak tembang gambuh yaiku sumanak, nyumadulur, akrab, lan kekeluargaan. Tembang gambuh biasane
kanggo pitutur kanggo para kawula mudha lan bocah-bocah.
 Cakepan Tembang Gambuh Serat Wedhatama
Pada Pratelan Werdine
1 Samengko ingsun tutur, Yen aku ngomong,
Sembah catur supaya lumuntur, Werna papat sembah supaya dilestarikke,
Dingin raga, cipta jiwa, rasa, kaki, Kapisan sembah raga, cipta, jiwa ,lan rasa putraku,
Ing kono lamun tinemu, Ing kono kuwi arep ketemu,
Tandha nugrahing Manon. Tandha anugrahing kang Maha Kuasa.
2 Sembah raga punika, Sembah raga yaiku,
Pakartine wong amagang laku, Tumindake wong kang “olah batin”,
Susucine asarana saking warih, Nyucike raga ngganggo sarana banyu,
Kang wus lumrah limang wektu, Sing wis lumrah kayata lima wektu,
Wantu wataking wawaton. Kanggo watak kang dasar.
3 Inguni-uni ersua, Tau dingerteni
Sinarawung wulang kang sinerung, Ajaran kang kebak tabir,
Lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit, Gek iki ana uwong mujudake hasil gawean,
Mintoken kawagnyanipun, Mamerake kaisohane ,
Sarengate elok-elok. Amalane aneh –aneh.
4 Thithik kaya santri Dul, Dong dong kaya nggono santri “dul”(gundul),
Gajeg kaya santri brahi kidul, Yen disalahke kaya santri kidul,
Saurute Pacitan pinggir pasisir, Seko pacitan tepi pantai ,
Ewon wong kang padha nggugu, Ewonan wong sing percaya.
Anggere guru nyalemong. Asal asalan yen ngucap.
5 Kasusu arsa weruh, Selak pengen ngerti,
Cahyaning Hyang kinira yen karuh, Cahya kang Maha Kuasa dikira bisa ditemokke,
Ngarep-arep urup arsa den kurebi, Ngarep arep gedhe kepinginan (pikantuk anugrah)
Tan wruh kang mangkoko iku, Nanging peteng matane,
Akale keliru enggon. Wong ora paham kang kayanggono kui,
Nalar e wes salah kaprah.
 Wos Tembang Gambuh Serat Wedhatama
 Sembah raga yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah ing agama kang bisa didelok mripat.
 Sembah cipta (kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Ing babagan iki sarate yaiku sabar, wening, lan
eling ing saben tindak.
 Sembah sukma yaiku ngresiki batin kanthi waspada lan eling.
 Sembah rasa iku bisa dirasakake lamun awake dhewe wis ora mamang maneh marang kwasaning Gusti
Kang Akarya Jagad.

Anda mungkin juga menyukai