Anda di halaman 1dari 2

PIWULANGAN 2

CRITA RAKYAT

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas / Semester : XI/ GENAP
=================================================================================

A. MATERI CRITA RAKYAT


 Pangerten Crita Rakyat
Saben daerah duwe crita kang beda-beda amarga kemajuan teknologi kanthi anane TV, crita
mau kaya kalah karo anane tokoh-tokoh hero saka negara liya. Akeh bocah saiki kang ora ngerti
babagan cerita ing daerahe dhewe. Sejatine cerita rakyat iku ngemu surasa kang gedhe banget tumprap
kanggo bocah-bocah, mligine kanggo pendidikan budi pekerti. Kayata cerita Kancil karo Baya, Malin
Kundang, lan liya-liyane.
Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil
karya kolektif (bebarengan) karo masarakat karo masarakat ing papan iku. Umume awujud lelakon
cekak kang wose crita mujerake sawijining tokoh. Kedadean, tokoh, lan konflik iku sawijining unsur
pokok crita, lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe
alur.
 Unsur Crita Rakyat
1. Tema
2. Setting
3. Sudut pandang
4. Alur/plot
5. Penokohan
6. Konflik
 Karakter Crita Rakyat
1. Crita rakyat yaiku perangan karya sastra lisan kang duweni karakter kaya ing ngisor iki.
2. Anonim tegese crita ora dimangerteni pengarange.
3. Kolektif tegese amarga dimangerteni pengarange dadi sing duweni masarakat bebarengan.
4. Dicritakake kanthi lisan.
5. Kacritakake saka generasi ke generasi.
 Perangane cerita rakyat yaiku :
1. Cerita fiksi
a. Mite yaiku dongeng kang ana hubungane karo alam lelembut utawa alam gaip. Tuladhane : Nyi
Roro Kidul, Nyi Blorong, Gendruwo, tuyul, lan liya liyane.
b. Fabel yaiku dongeng kang peragane awujud kewan kang bisa celathu kaya manungsa. Tuladhane
: Kancil Nyolong Timun, Kancil karo Baya, Kancil karo Macan, Gajah Musuh Semut, lan liya
liyane.
c. Legenda yaiku dongeng gegandengan karo dumadine sawijining papan utawa barang. Tuladhane
: Asal Usul Rawa Pening, Asal Usul Desa Grantung Watu, Malin Kundang, lan liya liyane
2. Cerita non fiksi
a. Hikayat yaiku cerita kang mbahas babagan peragane kanthi jelas. Tuladhane : Hikayat Hang
Tuah, Hikayat Bahtiar, lan liya liyane.
b. Babad yaiku cerita kang ana bukti lan nyatane, nanging wis ditambahi cerita kang ora nggenah.
Tuladhane : Babad Tanah Jawi, babad Mataram, Babad Majapahit, lan liya liyane.
c. Sejarah yaiku cerita kang bener-bener kedadian la nana bukti nyatane. Tuladhane : Sejarah
Jendral Soedirman, Sejarah Majapahit , Sejarah Wali Perkasa, lan liya liyane
d. Roman yaiku cerita kang nggambarake uripe pawongan mulai lair tekan pati. Jenise roman :
Roman Adat, Roman Sosial, Roman Detektif, lan liya liyane.
 Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang asli dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe.
Nalika nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku kaya ing ngisor iki.
1. Tema : gagasan pokok, pokok crita.
2. Latar : papan lan wektu dumadine prastawa.
3. Alur : lakuning crita.
4. Penokohan : paraga crita.
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsis.

Anda mungkin juga menyukai