Anda di halaman 1dari 6

KINANTHI

ETIMOLOGI TEMBANG MACAPAT

 Macapat kerep ditegesi minangka maca papat-papat awit carane maca pancen rinakit patang
wanda (suku kata). Tembung pat wis nuduhake marang tandha cacahing diakriktik
(sandhangan) jroning aksara Jawa sing jumbuh karo tetembangan macapat.

 Miturut serat mardawa lagu karangane Ranggawarsita macapat iku cekakan saka frasa maca-
pat-lagu tegese nglagokake nada kapapat.

 Macapat utawa tembang cilik diciptakake dening Sunan Bonang lan diturunake marang para
wali.

Tembang Macapat Cacahe ana 11 yaiku:

 Mijil
 Sinom
 Kinanthi
 Asmarandana
 Dhandhanggula
 Gambuh
 Maskumambang
 Pangkur
 Durma
 Megatruh
 Pocung

Arane Tembang Gatra Tembang

NO.

Nama Tembang 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10

1 Pucung 12u 6a 8i 12a

2 Maskumambang 12i 6a 8i 8a

3 Megatruh 12u 8i 8u 8i 8o

4 Gambuh 7u 10u 12i 8u 80

5 Mijil 10i 6o 10e 10i 6i 6u

6 Kinanthi 8u 8i 8a 8i 8a 8i

7 Asmaradana 8i 8a 8e/o 8a 7a 8u 8a

8 Durma 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i

9 Pangkur 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i

10 Sinom 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
11 Dhandhanggula 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

SasmitaTembang Kinanthi : Kinanthi, kanthi, gandheng, kanthil

Watake Tembang Kinanthi : seneng, tresna asih, mituturi, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi
pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih

Pupuh Kinanthi

1.Mangka kanthining tumuwuh,


salami mung awas eling,
eling lukitaning alam,
dadi weryaning dumadi,
supadi niring sangsaya,
yeku pangreksaning urip
NEGESI TEMBUNG ANGEL

Mangka = Kamangka (padahal)


Kanthi = Kanthene, karo
Tumuwuh = (tuwuh), thukul, kabeh sing thukul mesthi urip, urip
Salami = Lami, suwe
Awas = Waspada, ngati-ati,
Eling = enget, kelingan
Lukita = Pratandha, tandha, sasmita, isyarat
Alam = donya
Weryaning = (werya) m ulya, asal-usul
Dumadi = Dadi, sing dicipta Gusti, (makhluk hidup), manungsa
Supadi = Supaya dadi
Niring = Nir, tanpa, ora
Sangsaya = Sengsara, rekasa
Yeku = Ya + iku = yeku
pangreksaning = Ngreksa = njaga

Kamangka kanggo sangune urip, saksuwene kudu awas lan eling , eling marang pratandha alam, kang
ndadekake mulyaning , supaya mbesuke ora sengsara, kaya mangkono iku kanggo njaga uripmu
supaya dadi wong mulya

2. Marma den taberi kulup,


angulah lantiping ati,
rina wengi den anedya,
pandak-panduking pambudi,
bengkas kahardaning driya,
supadya dadya utami.

Tegese tembung
02 mula
di
Sregep
anakku
Gladhen, latihan
pinter
ati,tyas
awan
bengi
di
karep
Tingkah laku
pikir
Brastha (memberantas)
napsu
ati
Supaya dadi
apik

Mula sing sregep anakku, sinau kapinterane ati/perasaan, awan bengi tansah mbudidaya/usaha, kang
mlebu ing ati, kanggo mbrastha angkara pribadi(nafsu pribadi) supaya dadi manungsa utama/apik

2. Pangasahe sepi samun,


aywa esah ing salami,
samangsa wis kawistara,
lalandhepe mingis-mingis,
pasah wukir reksa muka,
kekes srabedaning budi.

Ngasah ngelmu sarana semedi, aja mandheg suwe, menawa wis ketok laire, landhepe ora umum(mingis-
mingis, tedhas ngiris gunung sing ngalang-ngalangi, ilang kabeh godhane/sing ngalan-ngalangi
batin/pikir

3. Aywa sembrana ing kalbu,


wawasen wuwus sireki,
ing kono yekti karasa,
dudu ucape pribadi,
marma den sembadeng sedya,
wewesen praptaning uwis
4. Lumrah bae yen kadyeku,
atetamba yen wis bucik,
duwea kawruh sabodag,
yen ta nartani ing kapti,
dadi kawruhe kinarya,
ngupaya kasil lan melik
 Lumrah
 bae
 yen
 kadyeku,
 atetamba
 Yen
 wis
 bucik,
 Duwea
 kawruh
 sabodag,
 yen ta
 nartani
 ing kapti,
 Dadi
 kawruhe
 Kinarya
 Ngupaya
 Kasil
 melik
tegese
 Lumrah
 wae
 Yen, menawa
 Kadya + Iku = kaya kuwi,
 golek tamba
 wis
 kadhung
 lara,
 duwe
 kawruh , ilmu, (pengetahuan)
 ing akeh/sagudhang,
 yen
 ora cocok
 karo tujuane,
 Dadi
 Ilmune
 Kanggo
 Golek
 Asil
 Nduweni pamrih

5. Upamane wong lumaku,


marga gawat den liwati,
lamun kurang ing pangarah,
sayekti karendhet ing ri,
apese kasandhung padhas,
babak bundhas anemahi.
Tegese tembung
 Upama = yen
 Wong = tiyang, manungsa
 Lumaku = mlaku, mlampah
 Marga = dalan
 Gawat = angel, mbebayani, angker
 Den = di
 Liwati = diambah
 Lamun = yen
 Kurang = ora pati
 Ing
 Pangarah = pituduh
 Sayekti = tenan
 Karendhet = kurang lancar
 Ri = cringih-cringih ing wit
 Apese = nandhang kacilakan
 Kasandhung = mlaku sikile ketanggor
 Padhas = watu
 Babak bundhas = tatu
 Anemahi = nemoni
Umpamane wong mlaku, liwat dalan sing kebak bebaya, yen kurang ing pangati-ati bakal kena ri,
cilakane maneh kesandhung watu akhire/tundhone awake nemoni tatu

6. Kawruhe mung ana wuwus,


wuwuse gumaib baib,
kasliring titik tan kena,
mancereng alise gatik,
apa pandhita antige,
kang mangkono iku kaki..

Tegese tembung
 Kawruhe = ilmune/pengetahuane, pangertene
 Mung = ming, ora ana liyane
 Ana = ing
 Wuwus = omong
 Wuwuse = omonge
 Gumaib baib = digawe-gawe
 Kasliring = dibantah, ora padha
 Titik = sethithik
 Tan = ora
 Kena = oleh
 Mancereng = mripate mendelik
 Alise = rambut dhuwur mripat
 Gathik = gathuk
 Pandhita = resi, wong pinter
 Antige = palsu
 Mangkono = kaya iku
 Kaki = anakku

Ngelmune mung ing omonge, omongane digawe-gawe, dibantah sithik wae mripate mencereng alise
dadi siji, apa kaya ngono kuwi pandhita palsu anakku
7. Ananging ta kudu-kudu,
sakadarira pribadi,
aywa tinggal tutuladan,
lamun tan mangkono kaki,
yekti tuna ing tumitah,
poma kaestokna kaki.

Tegese tembung
 Ananging = kaosok balen, mung
 Kudu-kudu = kudu dilakoni
 Sakadarira = saktitahe, sakuwate
 Pribadi = awake dhewe
 Aywa = aja
 Tinggal = ninggal, nilar, ngemohi
 Tutuladhan = conto
 Lamun = yen
 Tan = ora
 Mangkono = kaya kuwi
 Kaki = anakku
 Yekti = tenan
 Tuna = rugi
 Tumitah = manungsa
 Poma = upama
 Kaestokna = ditindake
 Kaki = anakku

Nanging kudu dilakoni lan mbudidaya sakuwate awakke dhewe, aja lali nyonto sing becik, yen
ora tumindak kaya mangkono iku anakku mesthi bakal rugi dadi manungsa, mula lakonana

Anda mungkin juga menyukai