Anda di halaman 1dari 8

TEMBANG MACAPAT GAMBUH

Tembang utawa sekar yaiku dhapukane basa kanthi gunakake paugeran-paugeran


tartamtu, anggone maca kudu dilagokake nganggo swara (Padmosoekotjo, 1960:25). Macapat
menika sekar tradhisional  ing tlatah Jawa. Macapat iku tegese maca papat-papat. Tembang
macapat iku ana 11, kang kalebu tembang macapat yaiku :

1. Mijil
2. Kinanthi
3. Maskumambang
4. Sinom
5. Asmarandana
6. Gambuh
7. Dhandhanggula
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung

Tembang macapat uga duweni paugeran, yaiku :

 Guru Gatra : cacahing larik saben sapada


 Guru Wilangan : cacahing wanda saben salarik
 Guru Lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra
Tembang macapat gambuh yaiku salah sijine jinis tembang macapat kang duweni makna
lan petunjuk kang apik. Tembang gambuh iku saka tembung jumbuh kang tegese dadi siji
kaya temanten kang dadike siji antara wong lanang lan wong wadon kanggo nglakoni salah
sijine sunah Rasulullah kanthi ancas sing temenan. Isine tembang gambuh yaiku larangan
saja nduweni watak adigang, adigung, adiguna. Gambuh duweni watak wani, kulins lan
rumaket. Tembang gambuh kadiri saka 17 pada, ing ngisor iki tuladha salah satunggaling
tuladha tembang gambuh :
Sekar Gambuh

6 1 1 1 2 3 3 (Titi Laras)
Se- kar gam - buh ping ca - tur (Cakepan)
1 1 21 6 6 1 2 2 1 23
Kang ci - na - tur po - lah kang ka – lan-tur

6 5 3 56 6 6 6 6 1 5 65 32
Tan- pa tu - tur ka - tu - la tu - la ka – ta - li

6 6 6 6 1 5 6 1
Ka - da - lu – war - sa ka- tu- tuh

5 6 5 3 5 61 56 6
Ka- pa - tuh pan da - di a - won

Saka cakepan tembang gambuh ing dhuwur, kita bisa ngerti paugeran saka tembang
gambuh, yaiku :
 Guru gatra :5
 Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8
 Guru lagu : u, u, i, u, o

Ing ngisor iki cakepan tembang gambuh lan tegese kang jumlahe 17 pada

1. Sekar gambuh ping catur,


kang cinatur polah kang kalantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa kapatuh,
katuruh pan dadi awon.
Tegese :
Sekar gambuh pola yang keempat,
yang menjadi bahan perbincangan adalah perlaku yang tidak teratur,
tidak mau mendengar nasihat,
semakin lama semakin tak terkendali,
hal ini akan berakibat buruk.
2. Aja nganti kabanjur,
barang polah ingkang nora jujur,
yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.
Tegese :
Jangan sampai kau terlanjur dengan tingkah polah yang tidak jujur,
jika sudah telanjur akan mecelakakan,
dan hal itu tidak baik.
Oleh karena itu,
berusahalah ajaran yang sejati.
3. Tutur bener puniku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo.
Tegese :
Ajaran yang benar itu ,
patut kau ikuti,
meskipun berasal dari orang yang rendah derajatnya,
namun jika baik dalam mengajarkan,
maka ia pantas kau terima.
4. Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang adigung pan esthi,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh.
Tegese :
Ada kiasa yang berbunyi adiguna,
adigang, adigung, adigang kiasan kijang,
adigung kiasan gajah,
dan adiguna kiasan ular.
Ketiganya mati bersamaan.
5. Si kidang ambegipun,
angandelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah angandelaken gung ainggil,
ula ngandelaken iku,
mandine kalamun nyakot.
Tegese :
Si kijang mempunyai watak yaitu,
membanggakan kecepatan dalam melompat dan berlari,
si gajah menyombongkan tubuhnya yang  tinggi dan besar,
dan ular membanggakan racunnya,
yang manjur jika menggigit.
6. Iku umpamanipun,
aja ngandelaken sira iku,,
suteng nata iya sapa kumawani,
iku ambeke wong digang,
ing wasana dadi asor,
Tegese :
Itu adalah sebuah perumpamaan
jangan pernah menyombongkan diri,
seorang raja siapa yang telah berani,
itu adalah perilaku yang adigang,
yang pada akhirnya dapat merendahkan.
7. Adiguna puniku,
ngandelaken kapinteranipun,
samubarang kabisan dipundheweki,
sapa bisa kata ingsun,
togging prana nora enjoh.
Tegese :
Watak adiguna yaitu,
membanggakan kepandaiannya,
seolah-olah semua dapat dikerjakan sendiri,
alam hatinya berkata “Siapa yang bisa seperti saya”,
ujung-ujungnya tidak bisa apa-apa.
8. Ambek adigung iku,
angungasaken ing kasuranipun,
para tantang candhala anyenyampahi,
tinemenan nora pecus,
satemah dadi geguyon.
Tegese :
Watak seorang adigung adalah,
menyombongkan keperkasaan dan keberaniannya,
semua ditantang untuk berkelahi dan direndahkan,
namun jika benar-benar dihadapi, ia tidak berdaya,
akhirnya hanya menjadi bahan tertawaan.
9. Ing wong urip puniku,
aja nganggo ambek kang tetelu,
anganggowa rereh ririh ngati-ati,
den kawangwang barang laku,
kang waskitha solahing wong.
Tegese :
Dalam sebuah kehidupan manusia,
janganlah sampai memiliki ketiga watak tadi,
milikilah sifat yang sabar, bijaksana dan berhati-hati,
selalu intropeksi diri pada tingkah laku,
pandailah membaca perilaku orang lain.
10. Rasaning tyas kayungyung,
angayomi lukitaning kalbu,
gambir wana kalawan hening ing ati,
kabekta kudu pinutur,
sumingkiringreh tyas mirong.
Tegese :
Keinginan dari rasanya hati,
memberikan perlindungan dan rasa nyaman di hati,
melahirkan perasaan yang hening,
karena harus memberikan nasehat,
agar dapat menyingkapkan hal-hal yang salah.
11. Den samya amaituhu,
ing sajroning jaman kala bendhu,
yogya sampeyan yuda hardaning ati,
kang anuntun mring pakewuh,
uwohing panggawe awon.
Tegese :
Diharap semua mengikuti,
di dalam zaman dahulu kala,
sebaiknya anda mengendalikan hawa nafsu pribadi,
yang dapat menuntun pada hal yang tercela,
hasil dari sebuah perbuatan yang buruk.
12. Ngajapa tyas rahayu,
ngayomana sasameng tumuwuh,
wahanane ngendhakke angkara klindhih,
ngendhangken pakarti dudu,
dinulu luwar tibengdoh.
Tegese :
Berusahalah supaya hatinya selamat,
selalu saling melindungi satu sama lain,
perilaku yang demikian akan menghilangkan angkara murka,
menghindari perbuatan tercela,
ditelan dan dibuang jauh-jauh.
13. Dene kang padha nggunggung,
pan sepele iku pamrihipun,
mung warege wadhuk kalimising lathi,
lan telese gondhangipun,
reruba alaning uwong.
Tegese :
Adapun yang senang menyanjung,
sangat sederhana keinginannya,
yaitu kenyang perut,
basah lidah dan tenggorokan,
dengan menjual keburukan orang lain.
14. Amrih pareke iku,
yen wus kanggep nuli gawe umuk,
pan wong akeh sayektine padha wedi,
tan wurung tanpa pisungsung,
adol sanggup sakehing wong.
Tegese :
Supaya dekat (dengan atasan),
jika sudah terpakai kemudian membuat ulah,
dengan membuat orag menjadi takut,
sehingga ia menerima upeti dari hasil menjual kemampuan orang lain.
15. Yen wong mangkono iku,
nora pantes cedhak lan wong agung,
nora wurung anuntun panggawe juti,
nanging ana pantesipun,
wong mangkono didhedheplok.
Tegese :
Orang seperti itu,
tidak pantas untuk berdekata dengan pembesar,
karena dapat mendorong untuk berbuat jahat,
meskipun begitu tetap ada kepantasannya,
yaitu ditumbuk.
16. Aja kakehan sanggup,
durung weruh tuture agupruk,
tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
pangrasane keh kang nggunggung,
kang wus weruh amalengos.
Tegese :
Jangan terlalu merasa tahu banyak,
belum melihat dengan mata kepala sendiri tetapi banyak berbicara,
bahkan hanya dengan mendengar seolah-olah mengetahui sendiri,
dikiranya banyak yang menyanjung,
padahal yang mengetahuinya akan memalingkan muka.
17. Aja nganggo sireku,
kalakuwan kang mangkono iku,
nora wurung cinirenen den titeni,
mring pawong sanak sadulur,
nora nana kang pitados.
Tegese :
Oleh karena itu, anak,
jangan kau bersikap seperti itu,
karena pasti akan mencadi catatan,
dalam hati sanak saudara,
mereka tidak akan percaya lagi kepadamu.

Anda mungkin juga menyukai