Anda di halaman 1dari 3

ULANGAN HARIAN 1 KELAS VIII SEMESTER GASAL

1. crita rakyat arupa gancaran sing nyritakaken asal-usul utawa dumadine sawijining papan panggonan
diarani….
A. Dongeng C. legenda
B. Gancaran D. Hikayat
2. Miturut Jan Harold Brunvand sing desunting dening Dananjaya, jinise legendha kuwe ana papat
kejaba :…
A. keagamaan C. dumadine papan panggonan
B. alam ghoib D. fiksi
3. kang ora pas karo Titikane / tengere legendha miturut Yus Rusyana yakuwe …
A. Legendha kuwe crita tradisional asli sekang masyarakat
B. Critane ana gandheng cenenge karo crita jaman gemiyen
C. Critane tinemu nalar (masuk akal).
D. Nyritakake babagan sejarah

Prabu Siliwangi sekang karaton Pajajaran kagungan garwa prameswari loro. Sekang garwa prameswari
sing sepisan kagungan putra kakung loro asmane Banyak Cotro lan Banyak Ngampar. Dene sekang garwa
sing kapindho sing asmane Dewi Kumudaningsih kagungan putra loro uga yakuwe Banyak Blabur lan
Dewi Pamungkas.

Sewijining dina Prabu Siliwangi nimbali putrane Banyak Cotro lan Banyak Blabur, supaya ngganteni
dadi raja kraton Pajajaran amarga panjenengane wis sepuh. Putra loro kuwe kabeh ora ana sing gelem
didadekna raja Pajajaran. Putra pambarep, Banyak Cotro ngaku durung siap mimpin kraton Pajajaran
merga rumangsa durung cukup kawruhe…

4. Wacan kang kedadiyan sekang pirang-pirang alinea diarani ....


A. Gancaran C. tembang
B. Geguritan D. pacelathon

5. Prabu Siliwangi nduweni bojo loro, putrane Prabu Siliwangi sekang bojo keloro arane..
A. Banyak ngampar C. Dewi kumudaningsih
B. Banyak cotro D. Dewi pamungkas

6. Banyak Cotro ngaku durung siap mimpin kraton Pajajaran merga rumangsa durung cukup kawruhe,
kuwe maksude priwe…
A. banyak cotro rumangsa pinter C. banyak cotro urung akeh ilmune
B. banyak cotro rumangsa bodho D. banyak cotro siap mimpin

7. Putra Prabu Siliwangi sing ditari supaya gelem ngganteni dadi raja Pajajaran yakuwe …
A. Raden Banyak Blabur lan Dewi Pamungkas
B. Raden Banyak Blabur lan Raden Banyak Ngampar
C. Raden Banyak Cotro lan Raden Banyak Blabur
D. Raden Banyak Cotro lan Raden Banyak Ngampar
8. Aris nggambar kewan. Ukara kasebut kalebu ukara…
A. Ukara tanduk mawa lesan C. ukara tanggap tanpa lesan
B. Ukara tanduk tanpa lesan D. ukara tanggap mawa lesan

9. Ukara ngisor kiye sing mujudna contone ukara tanduk yakuwe :


A. Blangko sekang bu guru arep tekfotokopi..
B. Surate wis kokaturaken maring pak guru apa urung, Lin?
C. Iwak sing neng meja dicolong kucing.
D. Pak Johan lagi matri panci bolong.

10. Ngendikane bapak, dina Respati cemengan, adhiku arep desunati.


Respati Cemengan padha karo dina ….
A. Kemis Wage C. Setu Pon
B. Jemuah paing D. Minggu Kliwon
GAMBUH
Ana pocapanipun,
Adiguna adigang adigung,
Pan adigang kidang adigung pan esthi,
Adiguna ula iku,
Telu pisan mati sampyoh..

11. Paugerane tembang ing nduwur yakuwe…


A. 7u, 10u, 7i, 12i, 8o
B. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i,
C. 7u, 10u, 12i, 8u, 80
D. 10i, 10a, 8e, 7u, 8o

12. Tembang dhandanggula ing serat wulangreh kuwe anggitane…


A. KGPAA Mangkunagara IV C. Sri Paku Alam IV
B. Sri susuhunan Mangkunagara IV D. Sri Susuhan Paku Buwana IV

13. Guru wilangan lan guru lagune gatra 3 tembang gambuh ing nduwur yakuwe…
A. 11i C. 9i
B. 12i D. 10i

14. Tembang gambuh kuwe duweni watek, dene watekke tembang gambuh yakuwe…
A. Grapyak, semanak, , wani, wanuh
B. Sembrana, parikena, cocok kanggo aweh pitutur
C. Sedih ,cocok kanggo aweh pitutur
D. Luwes, ngresepaken

15. Pan adigang kidang adigung pan esthi, kuwe pethikan gatra 3 ing tembang gambuh, tegese esthi ing
gatra kasebut…
A. Pejabat C. gajah
B. Pemerintah D. kidang

16. Tembung adiguna ing tembang macapat ing nduwur nduweni teges…
A. wong kang ngandelaken kepinterane C.wong kang ngandelaken kekuatane/kekuwasaane
B. wong kang ngandelaken kaluhurane D. woang kang ngandelaken duwite

17. Kasusastran uga paugerane tembang jawa kang ora tinemu ing sajrone tembang macapat yakuwe :
A. pada C. Guru gatra
B. Guru sastra D. Guru wilangan

18. dhong-dhing, tibaning swara ing pengkasane gatra ing tembang macapat diarani…
A. guru lagu C. guru wilangan
B. guru gatra D. guru pada

19. ukara ing ngisor iki sing migunakake basa ngoko alus, yaiku…
A. aku turu ing kamar ngarep
B. Bapak lagi maos Koran ing kursi
C. Bu Guru ndawuhi lare-lare supados sregep sinau
D. Adhik mulih sekolah jam 12 awan

20. Tata krama angger arep mlebu ing ruang guru, ngisor kiye endi sing ora pas !
A. Sadurunge mlebu ruang guru, uluk salam luwih ndisit
B. Nek wis didhawuhi mlebu, matur kanthi sopan apa keperluane
C. Nalika matur tangane ngapurancang
D. Ora perlu ngaturaken panuwun nek wis cukup keperluane

Anda mungkin juga menyukai