Anda di halaman 1dari 5

DINAS PENDIDIKANKOTA SEMARANG

SATUAN PENDIDIKAN KECAMATAN GENUK


SDN GEBANGSARI 02
UKK PAS II BASA JAWA KELAS 2 Nama :
TAHUN PELAJARAN 2021/2022
Waktu : 90 menit Nomer Absen :
Tanggal :
PANDHUAN UMUM
1. Tulis jenengmu ing pojok dhuwur tengen!
2. Wacanen saben pitakon kanthi setiti!
3. Wangsulana ndhisik pitakon kang koanggep paling gampang!
4. Priksa maneh garapanmu sadurunge koparingake marang Bapa/ Ibu Guru!

I. Wenehana tandha ping (x) ana ing aksara a, b utawa c ing sangarepe wangsulan sing
paling bener!

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Ayo… Kanca…Ngayahi karyaning praja
Kene… kene…Gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning negara
Siji loro telu papat maju papat papat
Diulang-ulangake mesthi enggal rampunge
1. Irah-irahan tembang ing ndhuwur yaiku…
A. Jamuran B. Dhondong Apa Salak C. Gugur Gunung

2. Tembung gugur gunung padha tegese karo…


A. Nggawa barang dipanggul
B. Gotong-royong
C. Alon-alon tur mlangkahe ciut

3. Tembung ing ndhuwur isine bab gotong-royong amarga ana tembung…


A. Sayuk-sayuk rukun B. Siji loro telu C. Ngayahi karyaning praja

4. Tembang Menthog-menthog kalebu tembang…


A. Dolanan B. Macapat C. Campursari

5. Terusna tembang iki “menthog-menthog tak kandhani…”


A. Jreg-jreg turut lurung
B. Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
C. Mung rupamu angisin-isini
6. Awakku cilik. Omahku leng. Kancaku akeh banget. Nyambut gawe bareng-bareng.
Karemanku mangan gula. Aku yaiku…
A. Coro B. Rayap C. Semut

Wacanen kanthi premati!

7. Asmane bapake Padhawa yaiku…


A. Drona B. Dhrestarastra C. Pandhu Dhewanata

8. Asmane ibune Nakula lan Sadewa yaiku…


A. Dhewi Madrim B. Dhewi Kunthi C. Dhewi Drupadhi

9. Pandhawa tegese…
A. Janaka lan sedulure B. Putra lima lanang kabeh C. Aturan sing bener

10. Garwane Prabu Pandhu Dewanata yaiku…


A. Dhewi Madrim B. Dhewi Kunthi C. A lan B bener kabeh

11. Senajan seje ibu, Pandhawa tansah…


A. Rukun B. Padudon C. Pasulayan

12. Adhi : “Bapak badhe dhahar punapa?”


Bapak : “Bapak kepengin mangan tiwul, Dhi”
Tembung dhahar kuwi pada tegese karo tembung …

A. Bali B. Mangan C. Lunga

13. Anak sing paling enom diarani …


A. Mbarep B. Ruju C. Ragil

Wacanen dongeng ing ngisor iki kanthi premati!


Kancil lan Baya
Kancil iku kewan sing pinter uga akeh akale.
Nuju sawijining dina, kancil arep nyabrang kali kang akeh bayane.
Bayane galak-galak. Kancil duwe akal ngapusi para baya.
Kancil kandha menawa dheweke diutus dening kanjeng nabi Sulaiman.
Kanjeng nabi arep maringi jatah pangan marang baya. Kancil didhawuhi ngetung cacahe baya.
Baya-baya mau dikongkon kancil baris jejer sak-ambane kali.
Kancil banjur mlumpati geger para baya kanthi ngetung “siji, loro, telu,” lan seteruse..
Bareng tekan sabrang kali, kancil mlumpat mlayu.
Baya-baya banjur nesu sak-uwise ngerti yen kasil diapusi dening kancil.

14. Dongeng iku ngandhakake menawa..,


A. Baya ora bisa mlumpat
B. Kancil ajar nglangi
C. Kancil kewan sing akeh akale

15. Kancil ngumpulake para baya tujuane kanggo…


A. Gawe jembatan
B. Nyabrang kali
C. Ngayahi dhawuh kanjeng nabi Sulaiman

16. Tembung diutus padha karo…


A. Dikongkon B. Diapusi C. Didukani

17. Dongeng mau isi piwulang becik, yaiku…


A. seneng ngapusi marang liyan
B. aja seneng ngapusi marang liyan
C. sregep ajar ngetung

18. Cacahe baya ana 25. Angka 25 diwaca…


A. Lima likur B. Kalih dasa lima C. Selawe

19. Selikur, yen ditulis nganggo angka yaiku…


A. 21 B. 25 C. 22

20. Watake paraga dhongeng Kancil lan Baya sing perlu ditiru yaiku…
A. Tumindak sembrana
B. Pinter ngapusi
C. Baris jejer manut prentah

21. Adine ibu diarani ….

A. bibi
B. budhe
C. paman

22. Simbah dahar roti, aku  …bakso

A. Ngombe B. Dahar C. Mangan

23. Sregepa sinau supaya ….

A. bodo B. sugih C. pinter

24. Apa kosok balene pinter ?


A. bodo B. manut C. saru

25. Tanduran kang asile bisa kanggo obat iku diarani ….


A. bumbon B. empon – empon C. palawija

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!
26. Kerja bhakti padha tegese karo…
27. Aku kalebu tanduran palawija. Kulina ditandur ana ing sawah. Aku iso digawe kupat,
lontong, utawa sega. Aranku yaiku…
28. Putra Pandhawa kang dadi satriya ing Sawojajar yaiku…
29. Angka setunggal, basa ngokone yaiku…
30. Gambar ing sisih tengen iki arane
31. Pusakane Pandhu Dhewanata yaiku…
32. Gelem nulungi iku watak kang…
33. Tuladhane wit empon-empon yaiku…
34. Pembarepe Pandhawa yaiku…
35. Arjuna satriya ing….

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!


36. Apa wae tembung kang padha tegese karo tembung nyambut gawe bebarengan?
37. Sapa wae kadang Pandhawa kuwi?
38. Basa kramane tembung:
a. Mangan
b. Turu
c. Anak
39. Kosok baline tembung:
a. Sregep
b. Gedhe
c. Becik
40. Urutana tembung-tembung ing ngisor iki kanthi bener!
a. Tak kandhani – rupamu – menthog menthog – angisin isini – mung
b. Kuwi – Dhewi – putrane – Kunthi – Janaka
c. Baya – kancil – amarga – nesu – dening – diapusi

Anda mungkin juga menyukai