Anda di halaman 1dari 2

PEMERINTAH KABUPATEN NGANJUK

DINAS PENDIDIKAN
KOORDINATOR WILAYAH PENDIDIKAN TK, SD KECAMATAN GONDANG
Jl. Pahlawan Nomor 104 Telp. (0358) 611206 E-mail : gondangkecamatan@gmail.com

PTS / UTS SEMESTER I TINGKAT SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2022/2023
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ..................................
Tanda Tangan
Kelas : III (Tiga)
Nomor : ..................................
Hari/Tanggal :
Orang Tua Guru Waktu : Nilai : ..................................

Wacanen crita ing ngisor iki!


Pandhawa Ngenger
Prabu Puntadewa, garwa lan kadang Pandhawa kapeksa ninggalake Amarta nindakake paukuman jroning 12
taun. Dene anggone nyamar setaun ngenger menyang negara Wiratha. Pamrihe supaya ora diweruhi Kurawa.
Werkudara nyamar dadi jagal sapi kanthi jeneng Jagal Bilawa, ing dhukuh Pejagalan. Ngabdi marang Ki Jagal Welakas.
Puntadewa dadi lurah pasar Wiratha, kanthi jeneng Tandha Dwijakangka. Dewi Wara Drupadi dadi embane Dewi Utari
kanthi jeneng Salindri. Janaka dadi guru njoged kanthi jeneng Wrehatnala. Nakula dadi pangon jaran kanthi tenger
Tripala. Sadewa dadi pekathik kanthi jeneng Darmagati.
Anggone nyamar wusana konangan dening ratu Wiratha Prabu Matswapati. Nalika Dwijakangka dithuthuk
sirahe dening Prabu Matswapati metu getih putih. Kamangka getih putih sing duwe mung Puntadewa. Mula para
Pandhawa padha diwenehi panggonan ing Jeruk Manis.

I. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo wangsulan sing bener!


1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku …
2. Pandhawa ninggalake Amarta suwene …
3. Pandhawa nalika nyamar ngenger ana ing negara …
4. Janaka nyamar kanthi aran …
5. Pandhawa nggone nyamar konangan dening ratu Wiratha asmane …
II. Wenehana tandha ping (X) ing aksara A, B, utawa C minangka wangsulan sing bener!
1. Bapak sampun dhahar. Kula sampun …
A. mangan B. maem C. nedha
2. Ukara ngisor iki sing kalebu ukara tanduk yaiku …
A. Bukumu daksilih dhisik B. Uwit jambu dipenek Joni C. Aku maca buku
3. Kuwajibane saben siswa yaiku …
A. dolanan karo kanca B. sinau C. turu
4. Ukara ngisor iki sing kalebu ukara tanggap yaiku …
A. Pak Jono ngunjuk kopi B. Bu Dina maos majalah C. Latar disapu Fitri
5. Dolanan karo kanca kudu …. ora kena tukaran.
A. padu B. rame C. rukun
6. Wong sing pagaweyane nglakokake wayang jenenge …
A. sindhen B. dhalang C. niyaga
7. Lisa lagi …

A. nyapu latar B. ngepel jogan C. nyirami kembang


8. Aku uwis adus. Ibu ugi sampun …
A. adus B. gebyur C. siram
9. Ulangan entuk biji elek, rasa ati …
A. susah B. bungah C. seneng
10. Padhang mbulan, padhange kaya rina. Tembung rina padha tegese …
A. awan B. esuk C. sore
11. Ora becik turu wayah …
A. esuk B. sore C. awan
12. Piranti kanggo gawe layangan yaiku …
A. pring, kaca, bolah, gunting B. pring, kertas, bolah, gunting C. kertas, bolah, gunting
13. Pring disisiki, banjur ditimbang supaya …
A. lentur B. kenceng C. ora abot sisih
14. Ragangan layangan digawe saka …
A. pring B. kawat C. kertas
15. Ibu masak sego goreng ana pawon. Ukara iku wasesane yaiku …
A. Ibu B. masak C. sego goreng
16. Lisa nyirami kembang saben esuk lan sore. Ukara iku lesane …
A. Lisa B. nyirami C. kembang
17. Saben esuk Joni ngresiki papan paturane. Ukara iku katrangane yaiku …
A. ngresiki B. saben esuk C. papan paturane
18. Papan kanggo nyimpen pari arane …
A. gudhang B. lumbung C. kranjang
19. Papan kanggo ngrumat wong lara arane …
A. Kantor Pos B. Kantor Bank C. Rumah Sakit
20. sr yen ditulis latin …
A. sara B. dara C. cara
21. Bukumu iku regane …. ?
A. sapira B. larang C. pira
22. Tekan omah Budi (rewang) wong tuwane. Tembung rewang benere …
A. direwangi B. dakrewangi C. ngrewangi
23. Atine seneng banget. Seneng tembunge liya …
A. susah B. bungah C. gupuh
24. Watara jam wolu bocah-bocah padha mulih. Tembung watara yen ditulis Jawa …
A. ctr B. wtr C. ptr
25. …. asmane Bapakmu? Tembung kang trep kanggo njangkepi yaiku …
A. sapa B. pira C. apa

Anda mungkin juga menyukai