Anda di halaman 1dari 3

YAYASAN “AN - NAHDLAH” GONDANG

"SEKOLAH DASAR PLUS AN-NAHDLAH " GONDANG


NPSN :69727419 NSS :10.2.0514.19.042
Alamat :Jln. Bambang Yuwono Gondang - Nganjuk Email :sdplusannahdlah@yahoo.co.id

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

NAMA : ……………………………

NOMOR : ……………………………

KELAS : II (DUA) AN-NAS … MATA PELAJARAN : BASA JAWA


HARI/TANGGAL : SELASA, 16-03-2021 WAKTU : 90 MENIT

KD JENIS SOAL NOMOR SOAL NILAI


3.4 PILIHAN GANDA, ISIAN A 1-15, I 1-5
3.5 PILIHAN GANDA, ISIAN B 16-25, I 6-10

A. Wenehana tanda ping (X) ing aksara A, B, utawa C minangka wangsulan sing bener!
NO SOAL SKOR

Wacan gawe soal nomer 1-5

Menyang Air Terjun Sedudo

Jenengku Sari.
Dina Minggu kepungkur aku lan keluargaku budhal menyang
Air Terjun Seduda.
Papan panggonane ana ing Desa Ngliman Kecamatan
Sawahan.
Ing kana hawane seger, amarga wilayahe ing dhuwur
gunung.
Aku budhal jam 8 esuk.
Kira-kira wektu perjalanane sak jaman teka omahku.
Bubar mudhun saka kendaraan aku kebelet nguyuh, akhire
aku pamit menyang toilet umum.
Terus, aku ora sengaja kepisah karo rombongane
keluargaku.
Aku pengin nangis, untung ana petugas sing ngarahne aku
ning pusat informasi.
Akhire aku bisa ketemu maneh karo keluargaku.

1. Sari menyang Air Terjun Sedudo dina …. KD 3.4


A. Jumat B. Sabtu C. Minggu

SD PLUS AN-NAHDLAH/PTS2/BJ/2020-2021
2. Papan panggonane ing Desa….
A. Sawahan B. Ngliman C. Nganjuk
3. Kira-kira Sari lan keluargane teka ing kana jam ….
A. pitu B. wolu C. sanga
4. Sari pengen nangis amarga kepisah saka …
A. keluargane B. petugas C. pengunjung
5. Miturut crita ing dhuwur yaiku kalebu kedadean sing …
A. nyenengake B. nyusahake C. bungahake
6. Kanggo ngeling-eling kedadean sing tau dilakoni saben dina becike ditulis
ana ing ….
A. buku padinan B. buku catetan C. buku pelajaran
7. Sing kalebu kedadean nyusahake, kajaba ….
A. tiba B. oleh ranking C. lara
8. Gotong royong tegese padha karo ….
A. nyambut gawe B. kerja bhakti C. klumpukan
9. Sakiwo tengene omah akeh tandurane,mula katon ….
A. rimbun B. asri C. rusuh
10. Ing plataran ngarep omah apike ditanduri ….
A. kembang B. suket C. pari
11. Sing kalebu piranti reresik, kajaba …
A. gelas B. sapu C. pel-pelan
12. Yen mancik wayah rendheng ngene iki, akeh … mula meh saben dina ama
kabar banjir.
A. panganan B. udan C. uwuh
13. Dhaharane simbah kae …, ya Nik!
A. wenehna B. aturna C. paringna
14. Bambang lan Agus lagi mbuwang ….
A. lenga B. banyu C. uwuh
15. Bocah kelas loro … buku ing toko ngarep.
A. maca B. tuku C. mundhut
16. Bapak Camat … jaran abang. KD 3.5
A. nitih B. nunggang C. numpak
17. Basa sing digunakake tumrap awake dhewe yaiku ….
A. ngoko B madya C krama inggil
. .
18. Kanggo ngormati wong liya becik e gawe basa ….
A. ngoko B. krama andhap C. krama inggil
19. Simbah … jampi beras kencur.
A. dhahar B. nitih C. ngunjuk
20. Aku diutus ibu ….
A. adus B. siram C. dhahar
21. “Bapak dhahar sega pecel”.
Ukara ing dhuwur supaya dadi basa krama inggil sing bener,tembung sing
kudu diowahi yaiku …
A. dhahar B. dhahar C. sega

22. Sepurane ya Ed, aku ora sengaja nyuwekne bukumu.

SD PLUS AN-NAHDLAH/PTS2/BJ/2020-2021
Ukara ing dhuwur kalebu tembung ….
A. perintah B. pitakon C. nyuwun pangapura
23. Yen tumindak … becike kudu nyuwun pangapura.
A. bener B. kaluputan C. becik
24. Pangapura iku kanggo jaga ….
A. awak B. desa C. karukunan
20. Rukun agawe …,crah agawe bubrah.
A. seneng B. gumuyu C. santosa

B. Ayo, isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki karo jawaban sing paling bener!
N SOAL SKOR
O
1. Buku padinan yaiku buku sing digae nyatet kedadean saben …. KD 3.4
2. Oleh juara 2 ing lomba kalebu kedadean sing ….

3. Salah sijine piranti gawe kerja bhakti yaiku ….


4. Sebutna 2 wae jenise tanduran petetan!
-
-
5. Iki gambar ….

6. “Agus ora sengaja ngeplak tangane Edi.” KD 3.5


Gawea ukara nyuwun pangapura!

7. Buwang uwuh ing kali bisa nyebabake ….


8. Ayo padha njaga …………….. bumi!
9. Banjir, lemah longsor, lan akeh kekara iku klebu ….
10. Tulisen 2 perkara sing bisa nyegah tekane banjir!
-
-

SD PLUS AN-NAHDLAH/PTS2/BJ/2020-2021

Anda mungkin juga menyukai