Anda di halaman 1dari 4

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) II SD/MI

WILAYAH GUGUS VII KEC. BLIMBING KOTA MALANG


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata pelajaran : Bahasa Jawa Waktu : 90 menit

Kelas : II (Dua) Nama/No : ................................/ ....

Wacanen sing teliti !


Kagiyatane Budi Saben Dina
Saben dina, Budi tangi jam setengah lima. Sawise tangi turu Budi nata paturone banjur sholat
shubuh. Jam setengah enem, Budi adus, dandan, sarapan, banjur sekolah. Budhale bareng karo bapak
tindhak kantor.
Jam 07.00 sekolahe Budi wis bel mlebu. Jam sewelas awan, Budi mulih saka sekolahan. Saben jam
papat sore, Budi sinau. Budi sinau karo guru les.
Sawise sholat maghrib, Budi ngaji ing masjid. Budi ngaji nganti sholat isyak. Sawise sholat isyak, Budi
mulih saka mesjid.
I. Wenehana tanda silang (x) ing aksara a, b, lan c sing di anggep bener !
1. Saben esuk, Budi tangi turu jam piro?
a. papat b. setengah lima c. enem
2. Apa sing ditindakake Budi sawise tangi turu ?
a. adus b. mangan c. nata paturone
3. Sadurunge budal sekolah, apa sing ditindakake Budi ?
a. sarapan b. nyapu c. makani pitik
4. ... jenenge adikmu ? ukara pitakon sing bener kanggo njangkepi tembung pitakon yaiku ...
a. Apa b. Sapa c. Kapan
5. Bapak tindhak menyang kantor.
Tembung tindhak basa ngokone ....
a. lunga b. rawuh c. dugi
6. Bapak arep tindhak menyang … ?
Tembung pitakon sing bener kanggo ngisi titik-tititk kasebut yaiku ....
a. ngendi b. apa c. kapan
7. Kegiatane Rahma saben dina ditulis ana ing .....
a. buku tulis
b. buku harian
c. buku PR
8. Yen nulis buku harian diwenehi gambar supaya katon ...
a. Elek b. apik c. rusuh
9. Tuladhane njaga bumi saka kerusakan lingkungan yaiku ...
a. ngrusaki tandura b. Mbuwang samberangan c. Nandur wit-witan lan kembang
10. “Sepurane Din, aku ora bisa nyilihi buku kowe.”. Miturut ukara ing dhuwur,kancane Udin nyuwun
sepura amarga ...
a. Bisa nyilihi buku b. Ora bisa teko sinau c. Ora bisa nyilihi buku
11. Resik-resik omah enggal rampung yen ditindakake kanti ....
a. dhewe-dhewe b. bebarengan c. kepeksa
12. … regane buku bahasa jawa?.Ukara ing dhuwur sing bener nganggo ukara pitakon yaiku ....
a. Kapan b. Pira c. Apa
13. Supaya ora banjir yen wayah udan, mula ora pareng ....
a. dolanan banyu
b.mbuwang sampah ing kali
c. mbuwang sampah ing tong sampah
14. Taline dawa banget. Kosok baline dawa yaiku ....
a. cilik b. gedhe c. cendhak
15. Kegiatan sing bisa mujudake kerukunan yaiku .....
a. kerja bakti lan piket kelas
b. rebutan sapu lan resik-resik
c. mbuwang sampah ing kali
16. Dina … Budi piket ing kelas?
Tembung pertanyaan sing bener kanggo njangkepi pertanyaan yaiku ...
a. pira b. kapan c. apa
17. Tandurane Pak Mardi kuru-kuru.Tembung kuru- kuru kosok baline yaiku … .
a. lemu-lemu b. gedhe- gedhe c. ijo- ijo
18. tuku – aku – buku – tulis. Tembung iki yen di tata dadi . . . .
a. Buku tulis aku tuku
b. Aku tuku buku tulis
c. Aku tuku tulis buku
19. … warnane sepedamu ? Tembung pitakon sing bener kanggo njangkepi ukara iki yaiku ....
a. Sapa b. Apa c. Kenapa
20. Yen mari saka jedhing aja lali ... kran
a. mbukak b. nutup c. nyopot
21. Resik-resik omah tanggung jawabe ...
a. bapak b. ibu c. anggota keluarga

22. Jadwal sing wis digawe enggal ....


a. dilanggar b. dilaksanaake c. ditemplekno
23. Wis – sekolah – budi – budhal.
Yen ditata dadi tembung sing bener yaiku ....
a. Budi wis budhal sekolah.
b. Budi sekolah wis budhal.
c. Sekolah Budi wis budhal
24. Karesikane kampung tanggung jawabe .....
a. Pak RT b. Pak RW c. Kabeh warga

25. Kerjabakti kuwi kegiatan kang mujudake sikap urip …... karo kanca lan tangga.
a. rukun
b. tukar padu
c. ayem

“Selamat mengerjakan semoga sukses “

Wali Murid Nilai Guru Kelas 2

……………………………. …………………………….

KUNCI JAWABAN

SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 2


1. B 11. B 21. C

2. C 12. B 22. B

3. A 13. B 23.A

4. B 14. C 24. C

5. A 15. A 25. A

6. A 16. C

7. B 17.A

8. B 18. B

9. C 19. B

10. C 20. B

Anda mungkin juga menyukai