Anda di halaman 1dari 7

PEMERINTAH KABUPATEN JEMBER

KELOMPOK KERJA GURU (KKG)


GUGUS BARKAP ( TISNOGAMBAR – LANGKAP )
PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) SEMESTER 1
TAHUN PELAJARAN 2022/ 2023
KECAMATAN BANGSALSARI

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ……….…………..


Kelas : IV (Empat) Nomor Absen : ……….…………..
Hari/Tanggal : Selasa, 6 Desember 2022 Nilai : ……….…………..
Waktu : 09.30 – 11.00

Wacanen kanthi premati!

Koperasi Sekolah

Ing panggonan ngendi-endi akeh koperasi. Ing kantor-kantor, ing desa, ing kutha lan ing
sekolah ana koperasi. Koperasi ing sekolahan diarani koperasi sekolah. Koperasi dianakake
awewaton kekeluargaan. Koperasi ora golek bathi sing sak akeh-akehe, nanging kepengin
ningkatake panguripane anggotane.

Saperangan sekolah wis ngedekake koperasi sekolah. Koperasi sekolah kuwi anggotane
para siswa. Dene kang didol ing koperasi sekolah kaya ta potelot, garisan, setip, pulas, buku lan
kebutuhan murid liyane.

Anane koperasi sekolah bisa kanggo nglatih murid babagan ngatur dhuwit, carane dagang
lan bisa ngembangake kreativitas murid. Bab metu mlebune dhuwit dicathet kanthi teliti. Supaya
ora kliru dianakake badan pemeriksa.

Dene sing dadi pengurus koperasi sekolah yaiku murid-murid dhewe. Sing milih para
anggota koperasi. Sing jaga koperasi sarana digilir. Sisa hasil usaha utawa SHU didum pendhak
taun. Entuke SHU adhedhasar gedhene iuran lan tabungan.

A. Pilihen wangsulan kang bener dhewe kanthi menehi tandha oing (x) ing aksara a, b, c
utawa d!

1. Koperasi sing dianakake ing sekolah diarani….


a. Koperasi konsumsi
b. Koperasi murid
c. Koperasi sekolah
d. Koperasi karyawan

2. Koperasi dianakake awewaton….


a. Kekeluargaan
b. Kegotong royongan
c. Kesenengan
d. Bebarengan

3. Koperasi sekolah anggotane….


a. Para guru
b. Para murid
c. Kepala sekolah
d. Wong tuwa murid

4. Kebutuahan murid sing ora didol ling koperasi yaiku….


a. Potelot
b. Garisan
c. Seragam
d. Buku

5. Ing ngisor iki sing dudu manfaat anane koperasi sekolah yaiku….
a. Nglatih babagan ngatur dhuwit
b. Nglatih dagang
c. Ngembangake kreativitas murid
d. Ngajak murid seneng jajan

6. Sisa hasil usaha dicekak….


a. SSH
b. SHU
c. SSU
d. SHS

7. Ukara ing ngisor iki sing abasa krama kang trep yaiku….
a. Bapak badhe ngombe obat watuk.
b. Ibu saweg ana kamar.
c. Pak dhe dereng kondur saking kantor.
d. Bu lik Sri dereng gelem rawuh.

8. Manungsa iku diparingi akal….


Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara iku….
a. Akalan
b. Budi
c. Kepinteran
d. Ketrampilan

9. Dhek wingi desane pak Karto katrejang…


a. Banjir-banjir
b. Banjir bandhang
c. Bandhang
d. Bandhang-bandhang

10. Tembung ing ngisor iki sing ora klebu tembung camboran yaiku….
a. Lara lapa
b. Botsih
c. Dhegus
d. Mangan

11. Kabeh pagawean kang becik lan kang ala bakal konangan, iku paribasane….
a. Becik ketitik elek ketara.
b. Becik ketitik ala ketara
c. Kang ala bakal ketara
d. Kang becik bakal konangan

12. Tegese kebo nusu gudel yaiku….


a. Wong kang njarak kebecikan
b. Wong tuwa nemu reribet amarga tumindake anake
c. Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
d. Wong sing seneng wadul

13. Nindaake tumindak ala sarana kongkonan.


Paribasane kang bener yaiku….
a. Nabok nyilih tangan
b. Nabok nyilihi tangan
c. Naboki nyilih tangan
d. Tabok nyilih tangan

14. Tibane ngisor digoleki dhuwur iku batangane….


a. Godhong gedhang
b. Gentheng trocoh
c. Gangsingan
d. Jugangan

15. Nono dijak Bapake menyang Malang dhek dina Minggu. Katrangan panggonan
yaiku….
a. Nono
b. Dijak
c. Dhek dina Minggu
d. Menyang Malang

16. Kartini ngampiri Hamidah jam pitu esuk. Jejere ukara ing dhuwur yaiku….
a. Ngampiri
b. Hamidah
c. Kartini
d. Jam pitu isuk

17. Mripate Ibu saweg gerah.


Kramane mripat yaiku….
a. Paningal
b. Talingan
c. Rikma
d. Padharan

18. Kepriye mula….prakara iki Ti?


Tembung sing cocok kanggo ukara iku….
a. Mulane
b. Bukane
c. Wiwite
d. Rampunge

19. Ukara ing ngisor iki sing kelebu ukara kandha yaiku….
a. Aku diparingi Ibu duku karo jeruk
b. Tati taken geneya aku ora mlebu sekolah
c. Simbah ngendika menawa Pak dhe Rudi arep tindak mrene
d. Yanti kandha, “ayo padha sinau bebarengan!”

20. Ing ngisor iki sing kelebu tembang Macapat yaiku….


a. Kate-kate dipanah
b. Numpak sepur
c. Dhandhanggula
d. Gundhul-gundhul pacul
21. Aku arep njaluk….marang wong tuwaku supaya ujianku bijine apik.
a. Dunga prayoga
b. Sembah pangabekti
c. Dunga pengestu
d. Solah bawa

22. Hariyadi saiki wis ora nduwe…. maneh, jalaran karo-karone wis seda.
a. Gula klapa
b. Randha goyal
c. Tangga teparo
d. Wong tuwa

23. Paribasan gupak pulut ora mangan nangkane tegese….


a. Rugi bandha, nanging bathhi paseduluran
b. Nindakake pagaweyan ala sarana kongkonan
c. Melu rekasane, nanging ora melu kepenake
d. Nemoni kesusahan (reribet bola-bali)

24. Batangane cangkriman pithik walik saba kebon yaiku….


a. Salak
b. Nanas
c. Sulak
d. Tinggi

25. Ibu : “isih esuk kok wis mulih, ana apa, Ki?”
Kiki : “….”
a. Kula sampun nedha, Bu
b. Amargi Bapak Ibu guru rapat
c. Adhik dereng purun wangsul
d. Ingkang mbekta sanes kula

II. Isenana nganggo tembung kang mathuk!

1. Abang-abang ora legi


Tiwas dagang ora…..
2. Ngasah arit ngathi landhep
Dadi murid kudu…..
3. Dikethok malah dhuwur
Cangkriman kasebut batangane….
4. Pithik walik saba kebon
Cangkriman ing dhuwur batangane….
5. Wong kang penggaweane nggawe pekakase wong tani diarani…..
6. Wong kang penggaweane nggawe keris arane…..
7. “keplok ora tombok”. Paribasan iki tegese gelem enake, ora gelem….
8. Tembung camboran “lunglit” iku asale saka balung lan kulit. Yen bangjo asale saka…..
9. Wong kang nglakokake wayang arane….
10. Basa Kawine sirah iku mustaka, la yen mripat basa Kawine…..

III. Wangsulanan kanthi pratitis!

1. Ukara tanggap (pasif) ing ngisor iki yen iowahi dadi ukara tandhuk dadi.
a. Piringe Ibu dak pecahke.
Wangsulan:……
b. Slamet dibonceng Budhi.
Wangsulan:……

2. Golekana paribasane!
a. perkara cilik dadi gedhe.
Wangsulan:….
b. wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
Wangsulan:….

3. Ukara kandha iki dadekake ukara carita!


a. Simbah ngandika, “ PRmu apa wis kok garap?”
Wangsulan:…..
b. Pak guru dhawuh, “ Kowe kudu sregep sinau”
Wangsulam:….

4. Ukara ing ngisor iki dadekake basa krama!


a. Simbah ora gelem mangan amarga lagi lara.
Wangsulan:…..
b. Bibi menyang pasar tuku klambi.
Wangsulan:…..

5. Tulisen nganggo aksara Jawa!


a. Mangan nanas
Wangsulan:….
b. Surabaya ngulon parane.
Wangsulan:….
Kunci jawaban kelas 6

1. C 10. D 19. D
2. A 11. B 20. C
3. B 12. C 21. C
4. C 13. A 22. D
5. D 14. B 23. C
6. B 15. D 24. B
7. C 16. C 25. B
8. B 17. A
9. B 18. B

1. Bathi
2. Sregep
3. Kathok/celana
4. Nanas
5. Pandhe
6. Empu
7. Rekasa
8. Abang-ijo
9. Dhalang
10. Soca

1. a. aku mecahake piringe ibu


b. Budhi mbonceng slamet
2. a. kriwikan dadi grojogan
b. kebo nusu gudel
3. a. simbah mboten kersa dhahar amargi nembe gerah.
b. bibi tindhak peken mundhut rasukan
4. a. simbah ngandika apa prku wis dak garap.
b. pak guru dhawuh yen aku kudu sregep sinau.
5. kebijaksanaan guru

Anda mungkin juga menyukai