Anda di halaman 1dari 3

ULANGAN TENGAH SEMESTER GASAL

SEKOLAH DASAR / MADRASAH IBTIDAIYAH KECAMATAN KOTA


TAHUN PELAJARAN 2017/2018

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama :


Kelas : II (Dua) Kelas :
Waktu : Nomor :

Wacanen sing teliti!


Kagiyatane Reno Saben Dina

Saben dina, Reno tangi jam setengah lima. Sawise tangi turu Reno nata
paturone banjur sholat shubuh. Jam setengah enem, Reno adus, dandan,
sarapan, banjur sekolah. Budhale bareng karo bapak tindhak kantor.
Jam 07.00 sekolahe Reno wis bel mlebu. Jam sewelas awan, Reno mulih
saka sekolahan. Saben jam papat sore, Reno sinau. Reno sinau karo guru les.
Sawise sholat maghrib, Reno ngaji ing masjid. Reno ngaji nganti sholat isyak.
Sawise sholat isyak, Reno mulih saka mesjid.

I. Wenehana tanda silang (x) ing aksara a, b, c lan d sing di anggep bener !
1. Apa irah-irahan wacaning dhuwur ?
a. Kagiyatane Reno Saben Dina
b. Kagiyatane Reno Saben Sekolah
c. Kagiyatane Reno Saben Dolan
d. Kagiyatane Reno Saben Prei

2. Apa sing ditindakake Reno sawise tangi turu ?


a. Adus c. sekolah
b. nata paturane d. sarapan

3. Sadurunge budal sekolah, apa sing ditindakake Reno ?


a. makani pitik c. sarapan
b. nyapu d. maca koran

4. Jam piro Reno muleh sekolah . . . .


a. jam loro awan c. jam rolas awan
b. jam siji awan d. jam sewelas awan

5. Apa sing ditindakake Reno saben jam papat sore ....


a. dolan c. sepedahan
b. ngaji d. sinau

6. Weni : .... anggonmu teko?


Ruli : Kawit jam 2 mau.
a. kapan c. sapa
b. pira d. apa

7. Nalika kepethuk sedulur ana dalan becike ....


a. meneng wae c. sapa aruh
b. mlayu d. Nguwasi

1
8. Wong kang diarani Pakdhe, kuwi minangka .... Bapak utawa Ibu
a. Kangmase c. Kancane
b. Adhine d. Budhene

9. Ibu saben dina njahit klambi . Pengawean iki diarani ....


a. guru c. petani
b. penjahit d. dokter

10. Rizki ados nganggo ....


a. sampo c. sabun
b. odol d. sikat

11. .... sing kok wenehi jajan mau ?


Isinen ceceg-ceceg mau ....
a. nyangapa c. kapan
b. sapa d. pira

12. Ragangan Layangan digawe saka ....


a. beton c. wesi
b. bolah d. pring

13. Ing kali akeh iwak ....


a. paus c. mujair
b. hiu d. lumba-lumba

14. Tulisan sing bener yaiku ....


a. Yen tuku bayem ana pasar c. Yen tuku bayem ana toko sepatu
b. Yen tuku bayem ana sekolah d. Yen tuku bayem ana toko sepeda

15. Putrane Pak Yudi sing mbarep lanang . Mbarep iku anak sing ....
a. nomer loro c. nomer telu
b. ragil d. nomer siji

16. Sawise adus Rani banjur ....


a. sarapan c. budhal sekolah
b. salin klambi d. sare

17. Kabare simbah lagi lara . lara ngoko andhape ....


a. siram c. gerah
b. sare d. saras

18. Budhe rawuh jam wolu . Rawuh basa ngoko lugune ....
a. mulih c. lunga
b. budhal d. teka

19. Isine sawo diarani ....


a. kecik c. pongge
b. klathak d. beton

20. Anake dara arane ....


a. cindil c. gudel
b. tobil d. Piyek

2
II. Isinenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk !
21. regane sepatumu ?
Ukara pitakon kuwi supaya ganep diwenehi tembung pitakon yaiku

22. Dadi murid yen kepingin pinter kudu sinau

23. Murid-murid upacara bendhera saben dina

24. Adhine ibu utawa bapak sing wadon diarani?

25. Ibune bapak biasane diarani

26. Dinda sregep sinau, nanging adhine

27. jenenge adikmu ?


Ukara pitakon kuwi supaya ganep diwenehi tembung pitakon yaiku

28. Sing dipamiti saben arep mangkat sekolah yaiku

29. Klambimu tukune ana ?

30. Anak jaran arane belo, anak sapi arane

III. Wangsulana pitakon iki kanthi bener !


31. Bapak : .?
Anton : Radit nyemir sepatu.
Gawea ukara pitakon miturut wangsulan kang wis ana ning dhuwur!
Wangsulan : ________________________________________________________
________________________________________________________

32. Aranana tembung pitakon telu wae !


Wangsulan : ________________________________________________________
________________________________________________________

33. Tuku Vira sepatu


Tatanen supaya dadi ukara sing bener!
Wangsulan : ________________________________________________________
________________________________________________________

34. Aku seneng buah apel sing abang.


Salinen nganggo huruf jejeg sambung!
Wangsulan : ________________________________________________________
________________________________________________________

35. Bu Yeni mundhut soto daging.


Salinen nganggo huruf tegak bersambung!
Wangsulan : ________________________________________________________
________________________________________________________

Anda mungkin juga menyukai