Anda di halaman 1dari 8

SUMATIF TENGAH SEMESTER (STS) GENAP NILAI

TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ____________________________________


Kelas : 1A Imam Hanafi 1B Imam Maliki 1C Imam Syafi’i

WENEHANA TANDHA PING (X) ING WANGSULAN SING TREP !


1. Rin, tulung lampune.....! Ukara pakon kanggo jangkepi ukara kuwi yaiku.....
a. Urupno b. Tutupen c. Bukaen
2. Dimas, cendelane..... kabeh! Ukara pakon kanggo jangkepi ukara kuwi yaiku.....
a. Urupno b. Tutupen c. Resikan
3. Mas, aku........ dolanane ya! Ukara pakon kanggo jangkepi ukara kuwi yaiku.....
a. Nyilih b. Bongkar c. Buka
4. Bim, ayo wedange ndang........! Ukara pakon kanggo jangkepi ukara kuwi yaiku.....
a. dipangan b. Diombe c. Dijupuk
5. Surti : Tulung tasku gawakna ya Rin!
Rini : Iya Sur, mengko......
Ukara pakon kanggo jangkepi pacelathon antarane Surti lan Rini yaiku......
a. Takjupukna tasmu b. Takgawakna tasmu c. Taktukokna tas
6. Siti direwangi nggowo buku karo Dita, Siti ngucapake.........
a. Nuwun sewu Dita b. Matur dalem Dita c. Matur nuwun Dita
7. Yen diparingi barang ngucapake …
a. matur nuwun b. matur dalem c. nuwun sewu
8. Rini duweni salah marang April, apa sing kudu dilakoni Rini.......
a. Nyuwun sewu b. Nyuwun ngapura c. Matur dalem
9. Yen njaluk sepura marang kancane, banjur ngucapna..........
a. Matur nuwun b. Matur dalem c. Nyuwun ngapura
10. Yen diparingi jajan saka simbah, banjur ngucapna..........
a. Matur nuwun b. Matur dalem c. Nyuwun ngapura
11. Andi diparingi hadiah soko bu guru. Andi banjur ngucapake …
a. ngapurane b. sugeng enjang c. matur nuwun
12. Anita ora teka nang omahe Sifa. Anita banjur ngucapake.......
a. Nyuwun sewu Sifa, aku ora teka nang omahmu
b. Matur nuwun Sifa, aku diundang
c. Nyuwun pangapura Sifa, aku ora teka
13. Eni ora sengaja ngilangake bukune Rina, Eni banjur ngucapake .....
a. Nyuwun sewu Rin, bukune ilang.
b. Nyuwun pangapura Rin, bukune ilang
c. Matur nuwun Rin, bukune tak selang
14. Roni lali ora nggawa buku basa jawa. Roni banjur ngucapake...........
a. Nyuwun pangapura pak, kula mboten mbeto buku jawa
b. Nyuwun sewu pak, kula mbeto buku jawa
c. Matur nuwon pak, kula mbeto buku jawa
15. Ngrewangi – resik-resik – simbah – Siti, Ukara ing dhuwur yen ditata sing bener
dadi......
a. Siti resik-resik ngrewangi simbah
b. Siti ngrewangi simbah resik-resik
c. Siti simbah ngrewangi resik-resik
16. Sari – gelase – nyenggol – Marni, Ukara ing dhuwur yen ditata sing bener dadi......
a. Marni nyenggol gelase Sari
b. Marni gelase nyenggol Sari
c. Marni nyenggol Sari gelase
17. Bapak – sepedha – mundhutake – udin – anyar, Ukara ing dhuwur yen ditata sing bener
dadi......
a. Bapak mundhutake sepedha Udin anyar
b. Bapak sepedha anyar mundhutake Udin
c. Bapak mundhutake Udin sepedha anyar
18. Jajan – adhik – maringi – mbak Sari, Ukara ing dhuwur yen ditata sing bener dadi......
a. Mbak Sari maringi adhik jajan.
b. Mbak Sari adhik maringi jajan
c. Mbak Sari maringi jajan adhik
COBA WENEHANA PANAH SAKA TEMBUNG MENYANG GAMBAR SING COCOK !

19.
NYAPU LATAR

20. NYIRAMI LATAR

21. NYIDUK BANYU

22. MACUL LEMAH

NYAPU JOGAN
23. .
MOTONG SUKET

24. MOTONG SUKET

25. MOTONG RAMBUT


SUMATIF TENGAH SEMESTER (STS) GENAP
TAHUN PELAJARAN 2022/2023 NILAI

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ____________________________________


Kelas : 2A KH. Hasyim Asy’ari 2B KH. Wahab Hasbullah 2 KH.Bisri Syansuri

Kanggo nggarap soal wacanen kanthi permati!


NATA OMAH
Rini : Dhik, ayo resik-resik lan nata omah kareben tumata.
Bima : Iya, mbak. Ayo bebarengan nata omah mumpung dina minggu. Dadi wektune rada
longgar.
Rini : Aku nyaponi kamar paturon, bale, lan pawon. Kowe nyapu latar lan nyirami kembang ya!
Bima : Iya, mbak. O... iya yen wis rampung nyapu lan sulak-sulak, mengko jobine dipel
bebarengan ya.
Rini : Jebule pinter tenan adhiku. Ning ngati-ati yen nyirami adenium sing isih cilik alon alon
bae! Disiram nganggo semprotan cilik kuwi bae ya!
Bima : Iya... mbak, wis ta! Ayo enggal reresik omah!
Rini : Yen omahe wis tumata rapi lan resik, Bapak Ibu mesthi rena penggalihe.
A. Pilihen wangsulan sing paling bener.
1. Sapa sing lagi kerja bakti nata omah? ....
a. Rini b. Bima c. Rini lan Bima
2. Rini kebagian ngresiki apa? ....
a. taman lan latar b. nyirami kembang c. nyapu kamar lan pawon
3. Dene Bima bagean nindakake apa? ....
a. nggawe taman b. nyiram kembang c. nyapu kamar lan pawon
4. Kapan anggone Rini lan Bima resik-resik omah? ....
a. saben dina b. dina minggu c. saben awan
5. Yen omahe wis tumata rapi lan resik, Bapak Ibu mesthi rena penggalihe. Rena tegese ....
a. sumpek b. seneng c. susah
6. Ing latar ngarep omah apike ditanduri ....
a. suket b. pari c. kembang
7. Ing pekarangan buri omah apike ditanduri....
a. suket b. pari c. woh-wohan
8. Ing pekarangan sekolah apike ditanduri ……………….
a. suket b. woh-wohan c. kembang
9. Ing sawah apike ditanduri ....
a. suket b. pari c. kembang
10. Ing pinggir dalan apike ditanduri ....
a. suket b. pari c. wit-witan

Kanggo mangsuli soal nomer 11 – 20 wacanen wacan ngisor iki kanthi permati!
UDAN-UDANAN
Wiwit esuk udane nggrejeh. Bima lan kanca-kancane udan-udanan. Ana Rudi, Parmin, lan Hanafi.
Jam sepuluh lagi padha mulih. Bima didukani bapak ibune. Bengine awake Bima panas. Watuk
terus-terusan ora bisa turu. Bima diajak Ibune menyang dokter. Dheweke dipriksa kanthi tliti. Bima
disuntik lan diparingi resep pak dokter. Mulihe mampir apotek kanggo nebus obat. Sawise ngombe
obat Bima banjur turu
11. Wiwit esuk udane nggrejeh. Nggrejeh tegese….
a. enggal terang b. ora terang-terang c. gremis
12. Sing udan-udanan ....
a. Bima b. Pak Wibawa c. Rini
13. Bima didukani bapak ibune ....
a. amarga ora enggal bali b. amarga udan-udanan c. amarga awake panas
14. Bima awake panas ....
a. amarga mari ngombe obat b. amarga udan-udanan c. amarga diajak menyang dokter
15. Bima diajak ibune menyang ....
a. menyang dokter b. menyang sawah c. menyang toko
16. Karo pak dokter Bima ....
a. disuntik b. dipanasi c. dituturi
17. Bima disuntik lan diparingi resep. Resep iku ....
a. cathetan obat b. regane obat c. obat-obatan
18. Papan kanggo nebus obat arane …….
a. pasar b. warung c. apotek
19. Sawise ngombe obat Bima banjur ....
a. turu b. mangan c. udan-udanan
20. Mulihe mampir apotek kanggo nebus obat. Tembung nebus tegese ....
a. njupuk b. ijol c. Tuku

B. WANGSULANA PITAKON – PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI PRATITIS !


26. Ing jerone buku harian dicathet prastawa kang dumadi wiwit................., ..................
lan........................
27. Sing dicathet ing buku harian yaiku Kedadean dipilih sing paling.............
Tembung jero kurung ing ukara ngisor iki pilihen miturut unggah-ungguh basane!
28. Ibu (tuku, mundhut) trigu kangge damel roti.
29. Hartono (lunga, tindak) menyang Besuki.
30. Pak Marwan sampun (adus, siram) jam gangsal wau.
SUMATIF TENGAH SEMESTER (STS) GENAP
TAHUN PELAJARAN 2022/2023 NILAI

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ____________________________________

Kelas : 3A KH. Nawawi 3B KH. Achyat Chalimy 3C KH. Munasir Ali

WACANEN KANG PERMATI !


ARENG BATHOK
Bathok klapa iku cangkange klapa sing atos kang manggon sajerone sepet. Bathok iku akeh gunane.
Bisa kanggo bahan maneka warna kerajinan, bahan warna, kanggo manggang/masak, lan liya liyane.
Kanggo manggang/masak bisa langsung nganggo bathok kang garing, bisa uga nganggo bathok sing
wis diolah dadi areng. Menawa kanggo manggang sate, iwak bakar, pitik, lan sapanunggalane umume
nganggo bathok sing wis diolah dadi areng. Gawe areng bathok iku carane kaya mangkene : 1.
Nyiapake bathok klapa sing wis garing. 2. Nyiapake drum sing wis dibolongi ngisore cacah 8 bolongan.
3. Bathok ditata ana ing drum kira-kira seprapat drum 4. Bathok diobong nganti murub kabeh 5. Yen wis
murub kabeh, bathok sing isih, dilebokake maneh seprapat drum, yen wis murub, dilebokake maneh
bathok sing isih seprapat drum. Ngono sateruse. 6. Sawise kobong kabeh, drum ditutup nganggo plat
wesi sing diteploki lendhut (tanah liat) supaya keluke ora metu kabeh, yen keluke kabeh metu /akeh
arenge ora dadi nanging dadi awu. 7. Areng sing wis dadi siap digunakake. Areng salah sawijine
sarana kanggo nyengkuyung program hemat energi, usaha gawe areng iki uga bisa kanggo nambah
pengasilan kulawarga.

WANGSULANA KANTHI MILIH WANGSULAN KANG PALING BENER!


1. Kang diarani bathok yaiku ….
a. Kulite klapa kang bisa kanggo gawe keset
b. Banyune klapa kang rasane legi kemrenyes
c. Cangkange klapa kang atos sajerone sepet
2. Bathok sing dienggo manggang umume bathok sing wis diolah dadi ….
a. sepet b. areng c. kawul
3. Bathok sing arep diolah becike bathok sing ….
a. garing b. anyar c. teles
4. Wadhah sing kudu disiapake kanggo gawe areng bathok yaiku ….
a. dandang sing gedhe b. kukusan ukuran gedhe c. drum sing wis dibolongi ngisore
5. Usaha gawe areng bathok saliyane bisa nambahi pengasilan kulawarga uga bisa nyengkuyung
program pemerintah bab ….
a. kesehatan b. pendidikan c. hemat energi
6. Saben isuk Sumiati nyapu latar. Tembung ing ukara iku kang kagolong tembung kriya yaiku ….
a. Sumiati b. nyapu c. latar
7. Saka ukara nomor 6 tembung sing kagolong tembung aran yaiku.......
a. nyapu b. saben isuk c. Sumiati
8. Saka ukara nomor 6 tembung sing kagolong tembung katrangan yaiku.......
a. Sumiati b. nyapu c. saben isuk
9. Ing tahun iki kelas telu wis mlebu sekolah. Ukara iku kagolong ukara........
a. andharan b. pakon c. pitakon
10. Layang iki aturna bu amelda ! Ukara iku kagolong ukara.............
a. pakon b. andharan c. pitakon
11. Sapa sing saben isuk mbantu ibune nyapu ? Ukara iku kagolong ukara ….
a. pitakon b. andharan c. pakon
12. Ukara ing ngisor iki kang kagolong ukara pakon yaiku ….
a. Sapa jenenge adhimu ?
b. Bendungan Sutami mapan ing Desa Karangkates Kecamatan Sumberpucung Kabupaten
Malang.
c. Tulung aku jupukna sapu ing ngarep lawang kae !
13. Fitri tuku roti ing pasar. Jejere ukara iku ….
a. Fitri b. tuku c. roti
14. Kucingku nggondhol tikus ing ngisor lemari. Wasesane ukara iku ….
a. nggondhol b. tikus c. lemari
15. Pak Angger tuku sepedha ing toko Lestari. Katrangane ukara iku..........
a. tuku b. sepedha c. toko lestari
16. Jam 08.00 pak Karmin numpak sepedha motor. Lesane ukara iku............
a. Numpak sepedha b. Numpak c. Sepedha motor
17. Maeng awan sapine Wakhid dipakani suket teki. Katrangan wektune ukara iku..........
a. Maeng awan b. Sapine Wakhid c, suket teki
18. Ukara ing ngisor iki sing nganggo pola J-W-L-K.panggonan yaiku.........
a. Ing omahe Anggi wong wong nglumpuk mangan soto daging.
b. Wedhuse Bagus padha mangan suket gajah ing tengah lapangan
c. Jam 08.00 Andri budhal menyang sekolahan
19. Ukara ing ngisor iki sing nganggo pola J-W-L-K.wektu yaiku.........
a. Jam 7.00 Damio ngguyang sapine ing kali
b. Ing alun-alun akeh wong padha nonton wayang
c. Amir lan keluwargane budhal plesiran jam 08.00
20. Kelas telu numpak bis anyar ing Jombang. Yen diudhal manut polane dadi......
a. J – W – L – K. Wektu b. J – W – L – K. Panggonan c. K. panggonan – J – W – L
21. Tembung lingga sing dibaleni iku diarani.........
a. Tembung lingga b. Tembung dwilingga c. Tembung dwipurwa
22. Tuladhane tembung dwilingga padha swara yaiku...........
a. Mlaku-mlaku b. Riwa – riwi c. Alun - alun
23. Tuladhane tembung dwilingga salin swara yaiku...........
a. Ondhe – ondhe b. Mrana – mrene c. Kanca – kanca
24. Tuladhane tembung dwilingga semu yaiku...........
a. Kanca – kanca b. Bola – bali c. Andheng - andheng
25. Mengko bengi ing alun – alun ana pameran. Alun – alun klebu tembung dwilingga....
a. Padha swara b. Salin swara c. Semu

WANGSULANA PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI GAMBLANG !

26. Miturut golongane tembung ana 10 warna, sebutna 4 tuladha saka tembung kriya (kata kerja)?
Wangsulan :.................................................................................................................

27. Sebutna 3 bab sing ditakokake ing ukara pitakon !


Wangsulan :.................................................................................................................

28. Gawea ukara lan udhalen nganggo pola Jejer – Wasesa – Lesan lan Katrangan panggonan !
Wangsulan :.................................................................................................................

29. Sebutna macem tembung dwilingga !


wangsulan :.................................................................................................................

30. Gawea 2 ukara saka tembung dwilingga salin swara!


wangsulan :.................................................................................................................

Anda mungkin juga menyukai