Anda di halaman 1dari 2

YAYASAN PENDIDIKAN MI SALAFIYAH

SK MENKUMHAM NO. AHU-0018137.AH.01.04.TAHUN 2015


MADRASAH IBTIDAIYAH SALAFIYAH
NSM. 111235060208 Akreditasi : B NPSN. 60714969
Jl. Angkling Darmo 03/03 Kalirong Kec. Tarokan Kab.Kediri Telp.(0354) 7417072
ULANGAN AKHIR SEMESTER GENAP MADRASAH IBTIDAIYAH
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Sabtu, 05 Juni 2021


Kelas : 2 (dua) Waktu : 09.30-11:00 WIB

Nama : …………………………... Nama Orang tua : ………………………….


Nilai : ………………………….... Paraf Orang tua : ………………………….

I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, utawa c, sangarepe pratelan kang bener!
1. Yen kelingan aku nelangsa banget. Ukara ing buku padinan kaya iki nuduhake ....
a. papan olehe nulis
b. wayahe olehe nulis
c. pangrasane sing nulis
2. Wayah wengi udan grimis listrike mati.
Aku nggrayahi senter ora ketemu.
Bapak lan ibuku kamare adoh.
Kedadean cuplikan buku padinan iki ing ....
a. omah b. sekolah c. sawah
3. Nalika aku sarapan, ajang sing tak cekel mrucut krompyang!
Sing pecah ing kedadean iki yaiku ....
a. gelas b. piring c. cangkir
4. Sore kuwi bubar udan, plataran omahku banyune isih mili.
Aku seneng banget iso dolanan bayu udan.
Pethikan buku padinan iki sing nuduhake panggonan yaiku ....
a. sore b. plataran c. seneng banget
5. Buku padinan iku kanggo nyathet kedadean sing ....
a. penting b. anyar c. rame
6. Tumindak sing kudune ora dilakoni yaiku ....
a. ngrebut dolanan
b. nyuwun ngapura
c. rukun karo kanca
7. Sangune Faiz ditukokake jajan, digawa mulih kanggo adhike. Faiz rukun karo ....
a. kancane b. adhike c. kangmase
8. Yen duwe kesalahan marang wong liya kudune ...
a. njaluk tulung b. njaluk ngapura c. ngajak rukun
9. Zaskia diwenehi permen dening Devi. Zaskia kudu ngucap ....
a. matur suwun b. nggih c. mboten
10. Azam : Lang, aku njaluk ngapura ya! Garisanmu dak tugelke. Aku ora sengaja.
Galang : (....), Zam. Sesuk maneh sing ngati-ati ya yen nganggo garisan.
Ukara sing cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg pachelaton kaya iki yaiku ....
a. ya ora isa no b. pokok gelem c. ora apa-apa

Bahasa Jawa/II/UAS Genap/MI Salafiyah/2018-2019 1


11. Kerukunan bisa njalari ....
a. karusakan b. pasulayan c. kekuatan
12. Nyuwun ngapunten, pak. Taksih jawah, badhe nekat boten wonten payung. Jawah
padha tegese karo ....
a. udan b. mendung c. panas
13. Syaiful turu ing kamar ijen. Ijen padha tegese karo ....
a. bebarengan b. dhewe c. angkler
14. Noval nggarap tugas wonten griyanipun Nyoman. Griya padha tegese karo ....
a. sekolah b. omah c. plataran
15. Simbahku umure watara wis wolung puluh taun. Watara padha tegese karo ....
a. umure b. wayahe c. kira-kira
16. Lelagon dolanan iku isine ....
a. mesthi lucu b. kebak pitutur c. medeni banget
17. “Menthog-menthog tak kandhani”
Tegese tembung “tak kandhani” yaiku ....
a. tak wenehi b. tak omongi c. tak kancani
18. Supaya bisa ngerteni isine tembang, luwih dhisik kudu ....
a. bisa nglagokake
b. ngerti judhule
c. negesi tembung-tembunge
19. Unine pitik biasane yaiku ....
a. petog-petog b. meong-meong c. krik-krik
20. Sari mbalang pitik jago kate. Mbalang padha tegese karo ....
a. dibandhem b. dipakani c. diopeni

II. Isenana ceceg-ceceg ing ukara ngisor iki nganggo tembung sing bener!
21. Tembang kanggo bocah-bocah diarani tembang ....
22. Unine wedhus biasane yaiku ....
23. Kembang melathi ambune ....
24. Supaya rukun, yen diutus ibu kudune ....
25. Kembang tanduranku wis mekrok abang. Mekrok padha tegese karo ....
26. Tari lan Tika lagi mlaku budhal sekolah. Suci mlayu nabrak nganti Tika tiba. Sing
kudune nyuwun ngapura yaiku ....
27. Yen duwe salah marang kancane kudune ....
28. Mulih sekolah aku ora dipapag ibu. Udane deres banget, aku ora nggawa payung.
Pethikan buku padinan iki kedadeane wayah ....
29. Wayah sore Rika mangkat ngaji. Mangkat padha tegese karo ....
30. Simbahku arane simbah Maryati. Arane padha tegese karo ....

Bahasa Jawa/II/UAS Genap/MI Salafiyah/2018-2019 2

Anda mungkin juga menyukai