Anda di halaman 1dari 13

SOAL UAS BAHASA JAWA KELAS 9 SEMESTER 1 KURIKULUM 2013

WANGSULANA PITAKONAN ING NGISOR IKI KANTHI MILIH WANGSULAN SING TREP!

Wacanen kanthi setiti cuplikan riwayat tokoh ing ngisor iki, kanggo soal no. 1 lan 2!

Bung Karno iku sawijine tokoh sing cerdhas, ora gampang nyerah, sarta minangka Orator ulung, mulane

dadi mungsuh bebuyutane pemerintah kolonial Belanda. Tanggal 29 Desember 1929 pamarentah

kolonial Belanda nangkepi tokoh-tokoh sing dianggep mbebayani, salah sijine yaiku Bung Karno. Bung

Karno dikunjara 4 taun. Sawise Bung Karno luwar saka pakunjaran, panjenengane nerusake

perjuwangane. Karana panjurung saka Hatta, Sahrir, lan uga para pemudha Bung Karno akhire bisa

mroklamasekake kamardikan Indonesia tanggal 17 Agustus 1945.

1. Manut wacan ing dhuwur watak Bung Karno yaiku….

A. Gampang nyerah

B. Nangkepi tokoh sing mbebayani

C. Ora gampang nyerah

D. Orator ulung

2. Kang diperjuwangake dening Bung Karno yaiku . . .

A. Bung Karno luwar saka pakunjaran

B. Mroklamasekake kamardikan Indonesia

C. Mungsuh bebuyutane pemerintah kolonial Belanda

D. Perang

3. . Sejatine alas iku gedhe banget guna paedahe tumrap panguripan. Kekayone, woh-wohane,

gegodhongan, sarta kewan-kewane kena dipurih kanggo nyukupi kebutuhane manungsa. Kejaba saka

iku uga kanggo papan rekreasi. Sing luwih penting maneh bisa dadi betenge tetanen, jalaran alas iku bisa

ngasilake lemen sarta dadi tandhone banyu sing dibutuhake banget dening para among tani.
4. Bakune gagasan jroning paragraf ing ndhuwur, yaiku …….

A. Guna lan paedahe alas

B. Kewan sing bisa urip ing alas

C. Sing dibutuhake dening alas

D. Perlune njaga kelestariane alas

5. Sing njalari Dewi Rasawulan bingung nalika kandhutane arep lair, yaiku ……….

A. Dewi Rasawulan iku during tau duwe bojo

B. Dewi Rasawulan during omah sing maton

C. Dening ingkang rama ditundhung minggat

D. Garwane Dewi Rasawulan isih durung teka

6. Kidangtelangkas karan Jaka Tarub wis diwasa, kesenengane nulup golek manuk, kelunta-lunta tekan

tlaga nuju ana widadari papat padha adus.

Kesenengane Jaka Tarub nalika wis ngancik diwasa, yaiku ……..

A. Gelut karo kewan alas

B. Lelangen ing sendhang

C. Nulup golek manuk

D. Mburu kewan alas

Naskah drama ing ngisor iki wacanen kanthi setiti, kanggo soal no. 7, 8, 9, lan 10!

Misteri Gunung Merapi

Kyai Jabat : “Wis suwe tekamu, Sembara lan Basir?”

Sembara : “Sawetawis, Guru.”

Basir : “Njenengan teng pundi mawon ta Kyai? Ngantos ngantuk anggen kula ngentosi.”

Kyai Jabat : “Aku bubar sholat wengi, terus mrene iki. Mulane ta Siiir…Sir, aja mung turu wae!”

Sembara : “Menapa wigatosipun kok nimbali kula, Kyai?”


Kyai Jabat : “Aku arep maringake senjata pamungkas marang kowe,Sembara.”

Sembara : “Senjata pamungkas punika arupi menapa, Kyai?”

Kyai Jabat : “Awujut pecut amarasulli.”

Sembara : “Menapa katiyasanipun senjata punika, Kyai?”

7. Tokoh Kyai Jabat ing naskah drama, nduweni watak …….

A. Gampang nesu

B. Sabar

C. Sembrono

D. Wigati marang muride

8. Latar (setting), ing naskah drama, yaiku …….

A. Amarasulli

B. Bengi

C. Katiyasanipun

D. Wigatosipun

9. Crita drama ing ndhuwur migunakake alur utawa plot …….

A. Campuran

B. Maju

C. Maju-mundur

D. Mundur

10. Crita drama ing ndhuwur ngandhung pesan utawa amanat …..

A. Anak kudu miturut marang wong tuwa

B. Murid kudu miturut kandhane wong tuwa

C. Murid kudu miturut kandhane guru

D. Wong ora duwe kudu minturut karo wong sugih


Soal K13  PEMBAHASAN SOAL- SOAL USBN IPS SOAL IPS KELAS 9 BESERTA KUNCI JAWABAN

Budi : “Ton, yen dirasakake, jaman saya dina saya mundhak maju wae. Kabeh sekolahan duwe kegiatan

komputer kanggo siswane.

Toni : “ Bener, Bud! Pancen bener! Kegiatan ngetik wiwit ditinggalake, jalaran kurang efektif lan efisien.

………………………………………………………………………………………..

11. Manut pacelathon ing dhuwur bab sing dirembug Budi karo Toni yaiku . . .

A. Kegiatan

B. Pakaryan

C. Teknologi kuno

D. Teknologi modern

12. (1)Nyatheti katerangan penting saka narasumber.

(2) Njlentrehake pawarta penting saka narasumber.

(3) Nindakake wawanrembug mawa pathokan pitakonan sing wis diracik.

(4) Nemtokake apa ancas lan tujuwane wawanrembug sing arep ditindakake.

(5) Nyusun pitakonan sing arep digunakake kanggo wawanrembug.

(6) Milih salah sijine narasumber sing pancen mumpuni.

Adhedhasar pratelan-pratelan ing ndhuwur, tata urutan sing trep nalika arep nganakake wawanrembug

ditudhuhake urutan ……

A. (6), (5), (3), (1), (2), lan (4)

B. (4), (6), (5), (3), (1), lan (2)


C. (4), (5), (6), (3), (2), lan (1)

D. (6), (3), (5), (4), (1), lan (2)

Cermati bagan unggah-unggguh basa ing ngisor iki! Kanggo soal no.13 lan 14!

13. Adhedhasar bagan ing ndhuwur, ragame basa ngoko …….

A. Alus, madya

B. Lugu, alus

C. Lugu, krama

D. Lugu, madya

14. Adhedhasar bagan ing ndhuwur, ragame basa karma ……..

A. Alus, lugu

B. Madya, alus

C. Madya, lugu

D. Madya, ngoko

15. Pak Bupati ngadeg ing ngarep podhium, yen diubah dadi krama alus …..

A. Pak Bupati ngadeg ing ngajeng podhium.

B. Pak Bupati jumeneng ing ngajeng podhium.

C. Pak Bupati jumeneng wonten ngarep podhium.

D. Pak Bupati jumeneng wonten ngajeng podhium

16. Kula sampun mangertos dhateng kersa panjenengan, yen diubah dadi basa ngoko ……..

A. Aku wis ngertos marang karepmu

B. Aku sampun ngerti dhateng karepmu.

C. Aku wis ngerti marang karepmu.

D. Kula wis ngerti dhateng


17. (1) Apa bener kowe wis nyambut gawe?

(2) Panjenengan badhe tindak pundi?

(3) Aku sesuk arep menyang omahmu.

(4) Bapak badhe tindak kantor.

(5) Ibu badhe mundhut gendhis.

Ukara-ukara ing ndhuwur sing klebu basa ngoko ……

A. (1), (5)

B. (1), (2),

C. (1), (3)

D. (1), (4)

18. (1) Apa bener kowe wis nyambut gawe?

(2) Panjenengan badhe tindak pundi?

(3) Aku sesuk arep menyang omahmu.

(4) Bapak badhe tindak kantor.

(5) Ibu badhe mundhut gendhis.

Ukara-ukara ing ndhuwur sing klebu basa krama ……

A. (2), (3), (4)

B. (2), (4), (5)

C. (2), (3), (5)

D. (1), (2), (4)

19. Sing klebu perbedaane layang pribadi lan layang dhines, yaiku…

A. Layang pribadi sifate umum, layang dhines sifate rahasia

B. Layang pribadi isine kesripahan, layang dhines bisa dimangerteni wong akeh.

C. Layang pribadi sifate resmi, layang dhines sifate ora resmi.


D. Layang pribadi isine ngenani perkara pribadine wong sing gawe layang, layang dhines isine ngenani

perkara dhines.

20. Sawetawis cekap semanten rumiyin ingkang saget kula aturaken ing serat punika, sanes wekdal

saget dipun sambet malih. Bokbilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangaksami.

Perangane laying ing ngarep diarani ………

A. Adangiyah

B. Bebukane layang

C. Isine layang

D. Panutupe layang

21. Wasana sanget ing pangajeng-ajeng rawuh panjenengan.

Tuladha kasebut kalebu perangan ….

A. Adangiyah

B. Bebuka

C. Isi

D. Panutup

22. Wonten ing kalodhangan punika kula badhe … bab upaya ngembangaken kewirausahaan.

Tembung kang cocog kanggo njangkepi pidhato ing ndhuwur yaiku . . . .

A. Maringaken

B. Njlentrehaken

C. Ngaturaken

D. Nyaosaken

23. Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinormatan, Baak Ibu Guru ingkang satuhu kula bekteni, Mitra

kula ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Gusti ingkang Mahaagung ingkang

sampun paring kanugrahan….


Perangan pidhato ing ndhuwur diarani …

A. Isi

B. Pambuka

C. Pangarep-arep

D. Panutup

24. Ratu Sonyawibawa diudhari busanane badhar dadi Petruk. Nalika ditakone Kresna kok bisa dadi ratu

lan sekti, Petruk matur menawa dheweke nggawa pusaka Jamus Kalimasada kagungane Puntadewa, sing

ditemu lan dianggo ngedegake negara.

Pesen kang kinandhut ing crita kasebut yaiku . . . .

A. Kawula cilik kang kepingin mulya

B. Kawula cilik kang kepingin sugih

C. Kawula cilik kang kepingin kondhang

D. Kawula cilik kang kepingin dadi raja

25. Ing perang Baratayudha Karno tandhing kalawan adhine yaiku Arjuna. Karno lan Arjuna padha

sektine. Arjuno ora gelem maju perang amarga sing diadhepi sedulur tuwa.

Pesen kang kinandhut ing crita kasebut yaiku . . . .

A. Ing perang kabeh pengin menang

B. Karo sedulur ora oleh padha perang

C. Perang iku ngrugekake

D. Yen kalah perang kudu isa nampa.

Soal K13  SOAL UTS BAHASA JAWA KELAS 9 SEMESTER 1 DAN KUNCI JAWABAN
Tepa Palupi

Kupu kekejer neng antariksa

Mbabar kaendahaning elare

Ciptane mangsa ana madha

Nandhingi ing bab kasantosane

26. Tembung kang kacithak kandel ing gegutitan kasebut tegese ….

A. Awake kupu

B. Gulune kupu

C. suwiwine kupu

D. sikile kupu

27. Tembung kang kacithak kandel ing gegutitan kasebut tegese ….

A. Kapinterane

B. Kawasisane

C. Kaprigelane

D. Kekuwatane

Ngelmu iku kalakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

Setya budhya pangekese durangkara

28. Guru gatra tembang Pucung ing ndhuwur cacahe . . . .

A. 1

B. 2
C. 3

D. 4

29. Guru wilangan tembang Pucung ing ndhuwur cacahe . . . .

A. 12, 6, 8, 12

B. 6, 8, 12, 12

C. 12, 6, 12, 8

D. 12, 12, 6, 8

30. Guru lagu tembang Pucung ing ndhuwur cacahe . . . .

A. a-i-a-u

B. u-a-i-a

C. i-a-i-u

D. i-u-i-a

31. Damarwulan satriya kang gagah prakosa.

Tembung kang kacithak kandel kalebu basa rinengga.

Apa tegese basa rinengga?

A. Basa sing endah.

B. Basa sing alus.

C. Basa sing apik.

D. Basa sing kasar.

32. Aja percaya karo bocah kuwi, dheweke lunyu ilate.

Tembung kang kacitak kandel ing ukara ndhuwur kalebu jinise basa rinengga ….

A. Tembung saroja

B. Tembung entar

C. Tembung garba
D. Tembung aran

33. Krungu brita sing ala iku dheweke abang kupinge.

Abang kupinge tegese ….

A. Bungah atine

B. Nesu banget

C. Seneng atine

D. Sedhih banget

34. Rani kuwi landhep pikirane, saben ulangan bijine methi apik.

Landhep pikirane tegese . . . .

A. Loman

B. Pinter

C. Prigel

D. Sregep

35. Amarga mikirake anake, awake nganti kuru aking.

Kuru aking tegese . . . .

A. Dhuwur banget

B. Gedhe banget

C. Kuru banget

D. Lemu banget

36.

Soal K13  SOAL PILIHAN GANDA KURIKULUM 2013 PKN SMP Tahun 2018
Ukar ing ndhuwur nggunakake aksara Jawa yaiku ….

A. aksara swara

B. aksara rekan

C. aksara murda

D. pasangan

37. Ibu tindak kantor nitih . . . .

Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .

38. Tembung Gunung Kelud, yen ditulis nganggo aksara Jawa, tulisane . . . .

39.

Tulisan Jawa kasebut unine . . . .

A. Aku lair wulan Agustus

B. Aku lair wulan September

C. Aku lair wulan Oktober

D. Aku lair wulan November

40.

Tulisan Jawa ing ndhuwur unine . . . .

A. Umurku 10 taun.

B. Umurku 12 taun.

C. Umurku 14 taun.

D. Umurku 16 taun.

WANGSULANA PITAKONAN ING NGISOR IKI KANTHI TREP!

1. Ukara ing ngisor iki dadekna basa krama.


Ibu menyang Pasar Turi tuku klambi.

2. Jelasna artine tembung-tembung rinengga kang kacithak kandel ing ukara ngisor iki!

a. Olehe nyambut gawe direwangi nganti adus kringet.

b. Budi kuwi kalebu bocah sing weteng kadhut.

3. Sebutkan lima nama tokoh Pandhawa!

4. Sebutkan lima tembang macapat sing kokngerteni!

5. Tulisen nganggo aksara Jawa!

Omahku katon asri banget.

Anda mungkin juga menyukai