Anda di halaman 1dari 7

Kelas : IV (Empat) Nama : ……………………………………….

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nomor : ……………………………………….


Waktu : 08.00 – 20.00 SD : ……………………………………….
Hari / Tanggal : Kamis, 17 Desember 2020 Nilai : ……………………………………….

Petunjuk umum:
1. Tulislah terlebih dahulu nama,nomor,SD, sebelum kamu mengerjakan soal di bawah ini
2. Kerjakanlah soal di bawah ini pada lembar jawab yang sudah di sediakan
3. Kerjakanlah soal soal yang kamu anggap mudah terlebih dulu.
Periksalah kembali hasil pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada pengawas

Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi teliti !


Oceh Thilang

Dening: Budi Wahyono


Jebul isih ana ocehe thilang
Temangsang ana rungkute godhong
Suwalike kantor magrong magrong
Isih ana penthet tumeka derkuku
Pating jrundhul ana sela –selane watu
Nunut golek semut
Kamangka saka kadohan
Langes ireng pabrik ngrindhik
Banjur manuk-manuk gliyengan lunga
Mbedhal menyang tlatah amba
Apa banjur mbekungkung ana buku crita ?
Kapethik saka: Penyebar Semangat No 16,17April 2010

I.Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara A,B,C utawa D minangka wangsulan sing
paling bener !

1 .Geguritan ing dhuwur dianggit dening …………………..


A.Budi Wahyono
B.Budi Wahono
C.Budi Waluyo
D.Budi Wahyudiono
2 .Judhule geguritan ing dhuwur …………………………………..
A.Oceh Kethilang
B.Oceh Thilang
C.Ocehe Kuthilang
D.Ngocehe Thilang
3.Swarane thilang keprungu saka ……………………..
A.Pucuke wit – witan
B.Samburi gedhong kantor
C. Rungkute godhong
D. Sela-selane watu
4.Kajaba manuk thilang,ing geguritan dhuwur kasebut uga manuk……………
A.Derkuku lan prenjak
B.Jalak lan kenari
C.Penthet lan prenjak
D.Penthet lan derkuku
5.Manuk-manuk padha keplepegen jalaran anane………………………
A.Polusi montor
B.Polusi saka pabrik
C.Hawa kang panas
D. Hawa kang reget
6.Jalaran keplepegen manuk-manuk pada banjur ……………..
A.Lunga golekpapan liya
B.Ndelik ing papan sing aman
C.Lunga golek papan kang amba
D.Manggon ing sela-selane watu
7.Geguritan iku asal saka tembung “ gurit “ kang ateges………………………….
A.nembang
B.Sarwa endah
C.Tembang
D.Endah
8.Sajrone maca geguritan bab kang kudu digatekake…………………
A.Intonasi
B.Pelafalan
C.Swara
D.Ekspresi
9.Prayogane geguritan kang mujudake karya sastra iki ……………
A.Dilestarekake
B.Digatekake
C.Diopeni
D.Diterusake
10.Geguritan kang kanthi irah-irahan, “OcehThilang”iki kapethik saka ………
A.Kalawarti Jayabaya
B.Penyebar Semangat
C.Joko Lodhang
D.Kalung berleyan
11.Piwulang kabecikan utawa pitutur luhur kang ana ing sajroning crita diarani………………
A.Paraga
B.Amanat
C.Setting
D.Sudut pandhang
12.Tembung “paraga” sajroningcrita utawa dongeng uga diarani………………….
A.Latar
B.Tema
C.Amanat
D.Lakon

Ngirit Listrik.
Bu Rita :” Nduk ……Nani,tulung lampu ing ruang tengah patenana !”
Nani :(Nani budhal tumuju stop kontak )” kita kedah hemat energi nggeh,bu”
BU Rita :(Mesem )” Iya lo nduk …… kita kudu hemat energy mligine energi listrik,supaya
ora muspra lan mbayare rekening ora akeh –akeh.
Nani :” Inggih – inggih,bu “

13.Tema sing digawe pacelathon kasebut yaiku ………………


A.Ngirit dhuwit
B.Ngirit listrik
C.Mateni TV
D.Rekening listrik
14.Basa sing digawe bu Rita karo Nani ing pacelaton dhuwur yaiku……………
A.Krama alus
B.Ngoko alus
C.Krama guru
D.Ngoko lugu
15.Paraga ing pacelathon “Ngirit Listrik” Yaiku ………………………..
A.Bapak lan ibu
B.Adhik lan mbakyu
C.Bu Rita lan Nani
D.Tari lan Nina
16.Paraga ing dhuwur jumlahe ana wong……………..
A.siji
B.Loro
C.telu
D.papat
17.Tembung” muspra”ngemu teges………………….
A.Tanpa guna
B.Ana gunane
C.Ilang kabeh
D.Ilang saperangan
18.Tembung “nembe” ngemu teges……………………..
A.Gampang
B.Isin
C.Entek
D. Lagi
19. Salah sijine ciri teks pacelathon yaiku ……………
A.Wujude omong – omongan ( imbal wacana)
B.Migunakake ukara crita
C.Paraga mung wong siji
D.Nganggo ukara sing dawa
20.Sehat iku ……….regane,mula kesehatan kudu tansah dijaga.
A.Larang
B.Akeh
C.Ana
D.Duwe
21.Gupak pulut ora mangan nangkane.Paribasan iki ateges ……….
A.Melu rusuh nanging melu mangan
B.Melu rekasa nanging ora melu kepenak
C.Melu reged nanging mung reger wae
D.Melu rekasa ora melu mangan
22.Paseduluran ora bisa rukun.Ukara iki paribasane………..
A.Kaya kucing karo asu
B.Kaya bayu karo lenga
C.Kaya asu karo macan
D.Kaya semut karo gajah
23.Tembung kang bener kanggo nerusake paribasan “ Becik ketitik,……………..
A.Ala ketara
B.Ala konangan
C.Ala cilaka
D.Ala ketemon
24.Paribasan : Sepi ing pamrih…………………….
A.Rame ing gawe
B.Rame ing gawe
C.Rame ing kutha
D.Rame ing gawean
25.Ciri-cirine crita rakyat yaiku:sipate tradisional,penyebarane kanthi gethok tular lan sugih
Variasi.Tembung “sugih variasi “ nduweni teges………………..
A.Sugih banget
B.Wes modern
C.Akeh maceme
D.Wujud crita anyar
26.Ing saben crita mesthi ana pelaku crita diarani……………….
A.Peragawan
B.Dalang
C.Peragawati
D.Peraga
27.Ing kutha Blitar kasuwur jalaran ing kono ana pasareane……..
A.Bung Karno
B.Bung Tomo
C.Bung Hatta
D.Gus Dur
28.Crita rakyat ,dongeng perlu dilestarekake jalaran ngemot…..
A.Piwulang
B.Pituduh
C.Pitutur luhur
D.Piwulang tata karma
29.Teks narasi kasusun kanthi migunakake rumus…………..
A.5W +1H
B.5H+5W
C.1W+5H
D.6W+1H
30.Warga desa bebarengan njaga karesikan lingkungan .
Tembung karesikan yen diudhal sing bener……………………..
A.ka-resik-an
B.kare-sik-an
C.Ka-res-ikan
D.ka-re-sik-an
31.Kasarasane awak kudu tansah dijaga kanthi pola urip resik lan sehat.
Tembung “kasarasan” linggane……..
A.kasar
B.saras
C.sarasa
D.rasan
32…………. Sing mlayu saka wetan kae ?
A.Pira
B.Sapa
C.Ing ngendi
D.Geneya
33.Tanduran kang kalebu palawija,yaiku ……………………
A.pari lan kacang
B.Terong lan Pari
C.Kedele lan kacang
D.Pari lan jagung
34.Kates,blonceng,gambas iku klebu pala gumandul,tembung linggane “gumandul”yaiku……
A.gondal-gandul
B.Gandulan
C.Gandul
D.Gumandul
35.Aksara jawa cacahe ana 20,aksara urutan nomor 7 unine……..
A.ca
B.ta
C.tha
D.ka

II.Isinen titik-titik ing ngisor iki nganggo wangsulan sing bener !

36.Dalane peteng …….jalaran lampune mati


37.Ana paribasan……ketitik ala ketara
38.Wong tua diwarahi anak,paribasane “kebo ….gudel”
39.Ing desa yen bengi sepi,nanging ing kutha …….
40.Bocah nyolongan kuwi diarani…..tangane
41.Dhik Nuri andhap …..mula kancane akeh.
42.Macan ,Singa iku klebu kewan sing………………
43.Saiki mangsa …..mula saben dina udan.
44.Aku wingi dientup kala…..
45.”ngirit listrik” yen ditulis nganggo aksara jawa nganggo sandangan “wulu” minangka
gantine Swara……..

III.Garapen manut prentahe !

46. Rakiten tembung-tembung iki kanthi pola : jejer ,wasesa,lesan,katerangan


Mau –bapak –esuk –tindak-tindak –ijen-jalan
47.Bapak nonton wayang ing pendhapa Kabupaten.
Ukara iki salinana nganggo basa ngoko alus.
48.Sebutno ciri –ciri crita rakyat kanthi runtut !
49.Tulisen 3 wae tuladhane crita rakyat
50. Coba tlitinen gambar ing ngisor iki kanthi temen,banjur wenehana komentar nganggo
ukara Sing cocok 3 wae .
KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA

I.Pilihan ganda

1. A 11.B 21.B 31.B


2. B 12.D 22.B 32.B
3. C 13.B 23.A 33.C
4. D 14.A 24.A 34.C
5. B 15.C 25.C 35.B
6. C 16.B 26.D
7. B 17.A 27.A
8. A 18.D 28.C
9. A 19.A 29.A
10.B 20.A 30.D

II. ISIAN
36.ndhedhet
37.becik
38.nyusu
39.reja/rame
40.dawa
41.asor
42.galak
43.rendheng
44.jengking
45. i

III . URAIAN
46. Mau isuk bapak tindak-tindak ing jalan ijen.
47.Bapak mirsani wayang ing pendapa Kabupaten.
48.Ciri-ciri crita rakyat:
- sipate tradisional
- penyebarane kanthi gethok tular
- sugih variasi
49.tuladhane crita rakyat:
-Malin kundang
- Dumadine kutha Banyuwangi
- Guwa Akbar ( kebijakan guru)
50. Kebijakan guru

Anda mungkin juga menyukai