Anda di halaman 1dari 5

SUMATIF AKHIR SEMESTER (SAS)

SEMESTER GANJIL
Tahun Pelajaran 2022-2023

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : IV
Tanggal : Selasa , 6 Desember 2022
Waktu : 08.00 – 09.15 WIB

I. Wenehana tandha ping (X) ana aksara A, B, C, utawa D ing sak ngarepe wangsulan kang bener!

Banyu
(Dening Mas Madyo)

Oh,… banyu kowe kaya dene geni


Nalika cilik pancen banget migunani
Nanging, nalika gedhe kowe bisa mbilaeni
Nalika ketiga wong kangelan nemokake sliramu
Nanging nalika rendheng kowe ana ing ngendi-ngendi
Banyu, kowe bisa dadi panguripan
Ora ana titah bisa urip tanpa sliramu
Banyu, kowe bisa dadi kematian
Banjir bandhang lan tsunami nuwuhake pepati
1. Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ….
A. Banyu panguripan C. Mas Madyo
B. Banjir bandhang D. Banyu
2. Bebaya merga banyu yaiku ….
A. luapan lumpur C. ama wereng
B. banjir bandhang D. dadi panguripan
3. Nalika cilik, banyu bisa dadi ….
A. kanca C. lelara
B. memala D. pepati
4. Banyu angel ditemokake ing mangsa ….
A. ketiga C. labuh
B. rendheng D. mareng
5. Banyu nalika gedhe bisa mbilaeni, tembung mbilaeni tegese ….
A. migunani C. marai cilaka
B. nengsemake D. nyegerake
6. Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih punika ….
A. Ajining dhiri saka lathi
B. Rukun agawe santosa crah agawe bubrah
C. Rawe-rawe rantas malang-malang putung
D. Adigang adigung adiguna
Puntadewa

Puntadewa kuwi pambarepe Pandhawa. Putrane Pandhu Dewanata lan ibune Dewi Kunthi. Prabu
Puntadewa nata ratu ing Ngamarta. Garwane aran Dewi Drupadi lan peputra Raden Pancawala.
Puntadewa duweni watak jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Puntadewa
duweni getih putih utawa diarani ludira seta lan jiwa suci. Prabu Puntadewa jenenge akeh ana sing
nyebut Yudhistira, Gunatalikrama utawa Prabu Darmakusuma.

7. Puntadewa raja ing kraton ….


A. Amarta C. Suralaya
B. Ngastina D. Dwarawati
8. Prabu Puntadewa iku putrane ….
A. Salya C. Drestarasta
B. Drupada D. Pandu Dewanata
9. Pambarepe Pandhawa lima, yaiku ….
A. Raden Arjuna C. Raden Puntadewa
B. Raden Werkudara D. Raden Bimasena
10. Amarga kondhang sabar lan becik bebudene, Prabu Yudistira kasebut ….
A. ludira rekta C. ludira wilis
B. ludira seta D. ludira langking
11. Gurune Pandhawa kang madeg Senapati agung ing perang Baratayuda ….
A. Pandhita Durna C. Resi Subali
B. Pandhita Drupada D. Pandhita Kresna
12. Ibune Puntadewa yaiku ….
A. Dewi Kunthi C. Dewi Anjani
B. Dewi Madrim D. Dewi Drupadi

Upacara Tedhak Siti yaiku upacara kanggo bocah kang umure pitung sasi. Umur
pitung sasi iku kanggone bocah lagi wayahe ditetah. Ya amarga ditetah iku, sikile
mesthi ngidak lemah. Sadurunge bocah mau ngidak lemah kang sepisanan,
dianakake upacara Tedhak Siti. Urutan upacara Tedhak Siti yaiku nyirami, midak
jadah, menek tebu wulung, dikurung, lan udhik-udhik.

13. Upacara Tedhak Siti kanggo bocah kang umure … sasi.


A. 7 C. 9
B. 8 D. 10
14. Urutane upacara Tedhak Siti kang kapisan, yaiku ….
A. menek tebu C. dikurung
B. udhik-udhik D. nyirami
15. Tujuane bocah dipenekake tebu wulung ing upacara Tedhak Siti supaya ….
A. Dadi gedhe C. dadi pinter
B. dadi pemimpin D. dadi alim
16. Bocah dikurungi nganggo kurungan “jago” iku urutane upacara Tedhak Siti kaping ….
A. lima C. telu
B. papat D. loro
17. Sing ora klebu jenise uborampe Tedhak Siti yaiku ….
A. kembang setaman C. sapu gerang
B. jadah pitung warna D. sega bancaan

18. Minangka wujuding ucap syukur marang Gusti, uwong-uwong kerep nganakake ….
A. bancakan C. suronan
B. nyewu dina D. nyadran
19. Upacara tradhisi kanggo ndongakake keslametane ibu ngandut lan jabang bayine yaiku ….
A. sekatenan C. tedhak siti
B. dugderan D. nujuh bulani
20. Dhentawyanjana iku urutaning aksara Jawa ana … aksara.
A. 18 C. 20
B. 19 D. 21
21. Sandhangan swara kanggo nulis tembung “sate” yaiku ….
A. pepet C. wulu
B. taling D. suku
22. Sandhangan swara kanggo nulis tembung “ibu” yaiku ….
A. wulu lan taling C. taling lan suku
B. wulu lan suku D. suku lan pepet
23. Sandhangan swara kanggo nulis tembung “roti” yaiku ….
A. taling tarung lan wulu C. taling lan taling tarung
B. suku lan taling tarung D. taling tarung lan pepet
24. Sandhangan swara kanggo nulis tembung “gela” yaiku ….
A. taling C. pepet
B. wulu D. suku
25. ? su[w [aor jmu, jmu [go[d=o ….
A. tel C. [q[lo
B. [tl D. [t[lo

II. Isenana titik-titik ing ngisor iki kanthi wangsulan sing trep!
26. Tembung nggurit tegese ….
27. “Punika puspa saking keng putra.” Tembung puspa tegese ….
28. Putranipun Prabu Puntadewa asmane ….
29. Garwanipun Prabu Puntadewa asmane ….
30. “Bapak sakit wis telung dina.” Basa krama aluse ukara kuwi ….
31. “Yuswanipun ibu sampun sekawan dasa tahun”. Basa ngokone ukara kuwi ….
32. Sandhangan swara kanggo nulis tembung “gawe” yaiku ….
33. Sandhangan swara kanggo nulis tembung “tuku” yaiku ….
34. “Basa Jawa” yen ditulis aksara Jawa ….
35. sinau yen ditulis latin yaiku….
III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi trep!
36. Ukara iki owahana mawa basa krama alus!
a. Bapak lagi mangan sega goreng.
b. Ibu lunga menyang omahe eyang..
37. Prabu Puntadewa jenenge akeh. Sebutna 3 jeneng liyane saka Prabu Puntadewa!
38. Apa maksude upacara tradhisi ing ngisor iki :
a. Dugderan
b. Nyewu dina
c. Nujuh bulani

? liy fin fitu=gu [roti[n [bolu z=[go se[l


Gathekna ukara aksara Jawa ing ndhuwur!

39. Tembung apa sing nggunakake sandangan taling tarung? Tulisen aksara jawane!
40. Tembung apa sing nggunakake sandangan suku? Tulisen aksara jawane!
KUNCI JAWABAN SUMATIF AKHIR SEMESTER I
KELAS 4
PELAJARAN BAHASA JAWA

I.
1 D 6 B 11 D 16 B 21 B
2 B 7 A 12 A 17 D 22 B
3 A 8 D 13 A 18 A 23 A
4 A 9 C 14 D 19 D 24 C
5 C 10 B 15 B 20 C 25 B

II.
26. Nembang
27. Kembang
28. Raden Pancawala
29. Dewi Drupadi
30. Bapak gerah sampun tigang dinten
31. Umure ibu wis patang puluh taun
32. Taling
33. Suku
34. bs jw
35. Sinau

III.
36. a. Bapak taksih dhahar sekul goreng.
b. Ibu tindak dhateng dalemipun eyang.
37. Yudhistira, Gunatalikrama utawa Prabu Darmakusuma.
38. a. Dugderan : upacara tradhisi kanggo nyambut wulan Ramadhan
b. Nyewu Dina : tradhisi bancakan / selametan kirim donga kanggo uwong mati
c. Nujuh bulani : upacara tradhisi kanggo ndongakake keslametane ibu ngandut lan jabang bayine
39. [ro , [bo , [go
40. tu= , gu , lu

Anda mungkin juga menyukai