Anda di halaman 1dari 14

Wacanen kanthi teliti !

Rawa Pening
Kacrita, ing Desa Banarawa duwe adat nganakake memerti desa ing saben
taun, yaiku nganakake slametan supaya wong ing desa kono podho slamet. Kanggo
memetri desa iku ana syarate, yaiku daging kewan. Wong-wong ing Desa Banarawa
padha menyang alas arep nggolek daging kewan. Anehe wis meh sedina muput
wong-wong mau durung oleh kewan siji-sijia. Ki Juru Mathokan, lurahe Desa
Banarawa ngajak wong-wong padha leren dhisik.
Wong-wong banjur padha ngaso. Sajerone ngaso iku ana sing lungguh ana
ndhuwure wit kang ambruk. Gamane arupa peso ditancepake ana wit kang
dilungguhi. Wong mau kaget amarga saka wit kang ditancepi pesa, metu banyune
abang. Dheweke bengok-bengok. Kanca-kancane padha krungu, nuli nyedaki. Wong-
wong mau kepengin weruh asale banyu abang mau. Jebul banyu abang mau getih
ula. Ula banjur dipateni, daginge digawa mulih. Daging ula iku sing arep kanggo
syarate memetri desa.
Nalika semana, ana bocah bajang. Bocah bajang mau sejatine membane ula,
yaiku ula Baru Klinthing. Weruh yen daginge wis mateng, bocah bajang mau marani
omahe Ki Juru Mathokan.
“Kula nuwun,” pitakone bocah bajang.
“Mangga, sapa kowe,” jawabe Ki Juru Mathokan.
“Kula Baru Klinthing. Kawula badhe nyuwun daging sawer!” kandhane bocah
bajang.
“Owe ora melu rekasa, arep njaluk daging? Sing rasa wae durung ngrasakake.
Kana lunga!” jawabe Ki Mathokan.
Si Bajang tekan omahe Mbok Randha. Mbok Randha iku uripe rakasa. Senajan
uripe rekasa, Mbok Randa iku luhur budine. Dheweke seneng tetulung marang sapa
wae. Mula tekane si Bajang ditampa kanthi bechik. Bocah Bajang diwenehi sega lan
iwak ula. Sawise mangan Bocah Bajang mau pamitan marang Mbok Randha.
“Mbok, saestu kula nyuwun pamit. Kula gadhah weling sekedhik. Mangke
bandhe wanten bena bandhang. Mila Simbok nyawisna lesung. Mangke Simbok nitih
lesung. Mugi tansah manggih wilujeng,” pesene Baru Klinthing.

1
Baru Klinthing lunga menyang omhe Ki Juru Mathokan. Inh kana Baru
Klinthing nganakake sayembara, nancabake sada lanang ing latar. Bari Klinthing
banjur nantang bocah-bocah ing kana. Bocah-bocah padha nyoba mbedol, nanging
ora ana sing kuwat. Ki Juru Mathon iya melu nyoba mbedol sada lanang. Sada lanag
tetep ora bisa dibedhol.
Gandheng ora ana sing kuwat, Baru Klinthing mhedol sada lanang mau. Sada
lanang klakon kabedhol. Sanalika tilas tancebane sada lanang kono metu banyune.
Banyu saya gedhe dadi banjir bandhang. Wong-wong ing Banarawa padha mati
klelep. Nyai Randa kelingan pesene Baru Klinthing numpak lesung. Banarawa dadii
rawa kang arane Rawa Pening, dununge ana ing Ambarawa.

(Kapetik saka: Buku Remen Basa Jawi SD/MI Kelas 5. Erlangga 2011)

1. Irah-irahan cerita ing dhuwur yaiku. ...


A. Rawa pusing
B. Rawa Pening
C. Rawa kuning
D. Desa Ambarawa

2. Parogo kang ana cerita ing dhuwur yaiku. ...


A. Ula banyu putih
B. Ula rawa pening
C. ula Baru Klinthing
D. ula piton gedhe

3. Wacan ing dhuwur iku kedadeyan ana ing tlatah desa. ...
A. Salatiga
B. Banarawa
C. Ambarawa
D. Ungaran

4. Wacan ing dhuwur nyritaake ... kang luhur budhine


A. Mbok Randha
2
B. Ki Juru Kunci
C. Mbah Rondho
D. Ki Juru Mathokan

5. Pungkasan cerita ing dhuwur desa Banarawa dadi. …


A. Salatiga
B. Banarawa
C. Ambarawa
D. Rawa Pening

6. Bapak : “Dar, menyanga benkel!”


Darmadi : “ndhandosaken napa, pak?”
Bapak : “ndhandakna pit iku”.
Wacana kang ditulis kandel ngokone
A. “ndhandakake apa, pak?”

B. “ndhandakke kuwi, pak?”

C. “iku, ndhandakke pak?”

D. “ ndhandakke neng endi, pak?

7. Raden Janaka satriya ing. ...

A. Ngestina
B. Madukara
C. Ngalengka
D. Mandura

8. Suminah nggawa Hand Phone (HP) menyang sekolah. Nalika diwulang, Suminah
nampa telephone. Suminah didukani Pak guru. Tekan ngomah Suminah nangis
3
Mula ibune celathu “yen sekolah aja nggawa. ...”
A. telephon
B. dagangan
C. hand phone
D. buku cerita

9. Susanti diutus ibune menyang apotek


Susanti : “Tumbas napa, bu?”
Ibu : “Tuku obat watuk .”
Ora suwe Susanti muleh, banjur matur. …

A. “Punika obate, bu”.


B. “Punika obatipun, bu”.
C. “Punika tambanipun, bu”.
D. “Punika obat-obatipun, bu”.

10. Aji Sepiangin yaiku pusakanipun ....


A. Nakula
B. Abimayu
C. Werkuda
D. Janaka

11. Pak Marno : “ Har, bapakmu apa ora ana, tak celuki kok ora semaur?”
Hariyanto : “Bapak nembe. ...”
A. nedha
B. adus
C. sare
D. lunga

12. Sarno : “ Dar, montormu di enggo apa ora?”. “Arep di silih Fendi sedela.”
Darno : Ya, nanging mengko di belekake.”
Sing duwe montor yaiku …
A. Sarno
B. Joko
4
C. Darno
D. Yudo

13. Ndek wingi bulek Warni rawuh saka Bandung. Atiku seneng, amarga Bulek Warni
ngasta. …
A. olah-olah
B. oleh-oleh
C. bingkisan
D. hadiah

14. Tembung sepisanan nalika nelepon yaiku. …


A. “Ana apa?
B. “assalamualaikum.”
C. “Apa perlumu?”
D. “Kepriye?”

15. Raden Gatutkaca kasatriyane ing. …


A. Madukara
B. Ngalengka
C. Ngamarta
D. Pringgandani

16. Hartono ngguyu kepingkel-pingkelike naliko adike nggoleki potlot, kamonggo


potlote diselipke ono. ...
A. kuping
B. driji
C. kesak
D. kantongi
17. Raden Abimanyu kasatriyane ing. …
A. Madukara
B. Baluwarti
C. Plangkawati
D. Pringgolayan

5
18. Ukara kang prayoga nalika nampa telepon yaiku. …
A. “Hallo, iki sapa?”
B. “Hallo, sugeng siang”
C. “Hallo, o kowe to!”
D. “wis bengi kok telepon

19. Yulianto : Hallo, sugeng dhalu?


Yudha : sugeng dhalu, punika sinten?
Anggone nelepon iku ing wayah. ...
A. awan
B. esuk
C. sore
D. wengi

20. Mahabarata nyritaake. ...


A. Perange Pandhawa lan Kurawa
B. Prabu Rama lan Dewi Shinta
C. Perang tanding Alengka
D. Empu Sedah Lan Empu Panuluh

21. Adi : “Pak, napa wonten tamu? kok wonten mobil?”


Bapak : “Mobile lek Sunar, Di.”
Adi : “Lek Sunar menika sinten, pak?”
Bapak : “Lek Sunar iku. …
A. “adine bapak”
B. “kang mase bapak”
C. “kang mase ibu”
D. “adine ibumu”
22. Tembung ing ngisor iki kang kalebu rura basa yaiku. ...
A. kacamata
B. duwe putra
C. nulis layang
D. dalan banyu

6
23. ... regane beras sekilo?
Ceceg–ceceg ing ukara dhuwur kang trep nganggo tembung pitakon yaiku....
A. sapa
B. pira
C. apa
D. kepriye

24. Apa tegese paribasan ”diwenehi ati ngrogoh rempela”


A. Wong kang sarwa kecukupan atine
B. Wong kang kakehan mangan ati
C. Wong kang seneng mangan rempela
D. Diwenehi sethithik njaluk sing akeh .

25. Pak Yudi : ”Yes, Yessa, yen anggonmu ngumbah montor wis rampung, kuncine
aturno Pak Sigit!”
Yessa :” ... ”.
Ukara kanggo ngganepi pacelathon ing dhuwur yaiku. ...
A. ”Inggih Pak, mangke kula sukakaken”
B. ”Inggih Pak, mangke kula aturaken”
C. ”Inggih Pak, mangke kula simpen”
D. ”Inggih Pak, mangke kula bektaaken”

26. Dinar yen isuk ngewangi ibune isah-isah, ... deweka ora nate telat tekan
sekolahan.
Tembung panggandheng kang trep kanggo ngisi ceceg–ceceg ing dhuwur
Yaiku. ...
A. ananging
B. mila
7
C. utawi
D. dening

27. Kembang kencur, ditandur tepining sumur


Sapa jujur, bakal luhur, klawan. ...
Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg – ceceg ukara dhuwur yaiku. ...
A. luhur
B. jujur
C. makmur
D. sumur

28. Tembung kang dhurung owah saka asale, diarani tembung. ...

A. camboran
B. lingga
C. saroja
D. andahan

29. Tanduran kang woh-wohane ana ing njero lemah diarani. ...
A. pala kependem
B. pala kesipar
C. pala gumantung
D. pala kitri

30. Bapak mulih saka kantor , nalika Jaka lagi mangan. Basa kramane. ...
A. Bapak kondur saking kantor , nalika Jaka lagi mangan
B. Jaka dahar, nalika bapak mulih saka kantor
C. Bapak mulih saking kantor, Jaka maem
D. Bapak kondur, jaka mangan

31. Jamilah kuwi cupet atine, sedela-sedela gampang. ...


8
Cupet atine tegese ....
A. kendel
B. nesu
C. seneng
D. nangis

32. Tembung desember yen dikerata basa dadi. ...


A. gedhe-gedhene sumber
B. gedhe-gedhe tur bunder
C. gedhe-gedhe ning mlungker
D. gedhe-gedhe tur miber

33. Langit peteng nddedhet, angin banter banget, wis telung dina udan deres lan
bledek swarane gembludug, tanduran ambruk lemah saka perengan gunung
longsor medun, lampu listrik mati.
Bebarengan karo kuwi wong –wong sakiwa tengene padha pating jlerit, padha
mlayu karo bengok – bengok njaluk tulung.
Wacan ing dhuwur nggambarake prastawa. ...
A. alas kobong
B. lemah longsor
C. gelombang tsunami
D. gunung mbledos

34. tuku roti


Tulisan ing dhuwur latine. ...
A. tuku sapi
B. tuku topi
C. buku sapi
D. tuku roti

9
35. Malem Minggu wong-wong padha mlayu menyang pasar, geni mbulat-mbulat,
mobil blambir sliwar sliwer gentenan nyemproteke banyu supaya genine mati
Wacan ing dhuwur nggambarake prastawa. ...
A. kebanjiran
B. tabrakan
C. kobongan
D. kesripahan

36. Njanur gunung, ... esuk-esuk wis dolan mrene.


Njanur gunung, tegese. ...
A. gugur
B. gula aren
C. kolak aren
D. kadingaren

37. Bapak nuturi Dalimo. tuturi tembung linggane. ...


A. pitutur
B. tuturi
C. tutur
D. turut

38. Esok dhele sore tempe


Paribasan ing nduwur iku tegese. ...
A. ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik
B. wong tuwo nemu reribed amargo polahe anak
C. wong kang sombong mamerake bandane
D. wong kang ora teteg atine (mencla-mencle)

39. Tembung kecopetan saka tembung copet oleh ater-ater lan panambang. ...
A. ke + ran

10
B. ke + an
C. kema + an
D. dak + ake

40. Tembung dwilingga semu ing ngisor iki yaiku. ...


A. mulah-mulih
B. pengajeng-ajeng
C. ondhe-ondhe
D. manthuk-mantuk

41. Ukara ing ngisor iki kang ngandut tembung dwilingga salin swara yaiku. ...
A. Jarmino wira-wiri amarga bingung penggalihe
B. Amarga bungah atine, adhiku ngguyu-ngguyu
C. Mbok tetuku panganan kanggo adu wedang
D. Aja mlayu - mlayu mundhak kesandhung

42. Anjani lengene nggendewa pinenthang lan lakune kaya. ...


A. Macan wareg
B. Macan ngelu
C. Singa luwe
D. Macan luwe

43. Panutup surasane layang kang bener ing ngisor iki. ...
A. wasana mugi ndadosaken pirsa panjenengan
B. manawi kepareng kula nyuwun balesan
C. cekap semanten atur kula, benjang kasambet malih
D. panyuwun kula, benjang kasambet malih

44. Waljinah bocah luwes lan pawakane sedhet. ...


A. lencir
B. lemu
11
C. singset
D. ginuk-ginuk

45. Tembung dwilingga lumpuk yen didadekake tembung dwi purwo dadi. ...
A. lakone
B. lakuku
C. lakokna
D. lelumpuk

46. Bapak karo ibu lunga jagong menyang Gedung mawar


Ukara kasebut yen dikramakake. ...
A. Bapak kaliyan ibu tindak jagong dateng Gedung mawar
B. Bapak lan ibu lunga jagong menyang Gedung mawar
C. Bapak kaliyan ibu lunga jagong menyang Gedung mawar
D. Bapak karo ibu tindak jagong menyang Gedung mawar

47. Samino bocah kesed, mulo dadi juara kelas.


Tembung kesed kosok balene. ...
A. telaten
B. nakal
C. sregep
D. males

Surakarta, 10 Pebruari 2015

Salamku kanggo kanca-kanca kelas XI


SMALB-Negeri Semarang ing Semarang

Kanthi layang iki, aku sakanca murid-murid kelas XI SMALB YPAC


Surakarta menehi kabar keslametan. Muga-muga kancaku ing kene uga tansah
pinaringan keslametan.

12
Kajaba saka iku, aku sakanca kepingin ngenekake reuni ana ing
Tawangmangu. Menawa sakanca-kanca sarujuk, aku sakanca kepingin reunii
bebarengan ngiras pantes ngraketake kekancan. Wektune becik sawiswe testing,
dadi kanggo ngisi preinan.
Wusana layangku cukup semene, aku sakanca tansah ngenteni
wangsulan saka kanca-kanca Semarang.
Kancamu

Sarwani
48. Layang ing duwur klebu layang. ...

A. lelayu
B. kiriman
C. slebaran
D. dhines

49. Yanti : ”San, ibumu ana ngendi?”


Santi : ”ibu nembe siram.”
Tembung siram ngokone. ...
A. mandi
B. pakpung
C. resik
D. adus
E.
F.
50. Tinatun kurang seneng olah raga mulane awake kuru. ...
A. semangka
B. waluh
C. pucet
D. lemes

13
14

Anda mungkin juga menyukai