Anda di halaman 1dari 16

PILIHAN GANDA

1. Wacanen pethikan cerita iki kanthi premati!


Awan kang panas ngenthak-enthak. Hawane sumuk. Srengengene wis ing
dhuwur mbun-mbunan, senadyan adzan dhuhur durung keprungu. Aku ngrikatake
jangkahku sajak selak ora srantan. Parkiran motor isih pepak. Karo ngrundel aku
mindah motor sing nutupi motorku. Barang wis metu age-age tak gas tumuju lapangan
basket.
(Lancar Basa Jawa, 2015)
Pamawase pangripta (sudut pandang) pethikan cerkak kasebut, yaiku ....
A. Wong kapisan
B. Wong katelu
C. Wong kapapat
D. Wong kaloro
E. Wong kalima

2. Wacanen teks kasebut kanthi premati!


Lingkungan kang rusak wis dumadi ing ngendi-ngendi. Akeh banget wujud
karusakan ing lingkungan kayata: polusi udara, banyu kang wis tercemar, lan kualitas
lingkungan kang mrosot. Prekara iki mesti bakal nuwuhake kapitunan tumrap
panguripane manungsa. Kurange pangerten saka masyarakat tumrap tatanan lan
carane ngopeni lingkungan, bisa nuwuhake kualitas lingkungan alam kang ora apik.
Prekara lingkungan kang saiki terus dadi sorotan, yaiku banjir. Akeh babagan kang
bisa ndadekake dumadine banjir.
(Sumber: Wiyata Basa, 2014)
Isi saka teks artikel kasebut yaiku ….
A. akibat saka lingkungan rusak
B. sebabe saka lingkungan rusak
C. cara nyegah lingkungan rusak
D. akibat saka bencana banjir
E. cara nyegah polusi udara

3. Wacanen teks kasebut kanthi premati!


Gathutkaca kuwi satriya ing Pringgondani putrane Werkudara karo Dewi
Arimbi. Gathutkaca kaloka satriya otot kawat balung wesi, sungsum gegala, bisa
mabur tanpa elar, turu kapenak ing angkasa. Gathutkaca satriya kang cukat
trengginas, yen perang tandange kaya sikatan nyamber walang. Sekti mandraguna
duwe aji Narantaka, duwe kotang Antakusuma dayane bisa mabur tanpa elar, duwe
caping Basunanda yen panas ora kepanasen, yen udan ora kudanan.
(Sumber: Wiyata Basa, 2014)
Wewatekane Gathutkaca yaiku …
A. Sakti mandraguna
B. Adil wicaksana
C. Angkara murka
D. Elek atine
E. Gagah prakosa
4. Wacanen teks kasebut kanthi premati!
Sekar pangkur tali tresna
Mrih kretarta tentrem ing lahir batin
Garan katresnan satuhu
Sinerat sesekaran
Sinugata sinung sanggit mrih aruntut
Nut ing wedha winursita
Kawuryan sunaring gusti
Tembang macapat pangkur ing dhuwur nyritakake babagan…
A. Wong ngrasakake tentrem lahir batin amarga oleh pepadhange ati saka Gusti.
B. Wong kang ngrasakake tresna saka Gusti saengga rumangsa tentrem lair batine.
C. Wong kang ngrasakake tentrem lair batin saengga rasa kuwi diserat dadi tembang.
D. Wong kang ngrasakake tentrem atine amarga oleh pepadhange dalan saka
Pengeran.
E. Wong kang oleh pepadhange ati saengga bisa nulis tembang kanti tentrem lair
batin.

5. Wacanen teks geguritan kasebut kanthi premati!


Rembulan saiki wis kijenan ing plataran
Bocah-bocah dolanan wis ora gumerah
Padha nonton teve lan dhangdhutan
Rembulan saiki wis kijenan
Malah jakrit wae wis ilang engkrike
……………………………………………………….
(Rachmat Djoko Pradopo-Rembulan Ing Plataran 1991)
Geguritan ing ndhuwur isine babagan….
A. Bocah-bocah sing ora dolanan ing jaba
B. Rembulan sing ijenan pantes disawang
C. Rembulan ora nduweni kanca karib
D. Penulis sing rumangsa dheweke kijenan
E. Nggambarake kahanan jaman saiki

6. “Ora usah dilebokake ati, amarga dheweke bocah sing lunyu ilate.”
Tembung lunyu ilate ngemu teges ...
A. Seneng njupuk barange liyan
B. Guneme ora kena dipercaya
C. Duwe kekarepan kang tegen
D. Guneme alus banget
E. Bocah kang pinter

7. Gatekake ukara ing isor iki!


“Ngertos Pak. Karesikan punika saperangan saking iman.”
Ukara kasebut kalebu unggah-ungguh basa ...
A. Ngoko lugu/ wantah
B. Krama lugu/ wantah
C. Ngoko alus/ andhap
D. Krama madya alus
E. Krama alus / inggil

8. Guru caturan marang siswa iku lumrahe migunakake basa ...


A. Krama lugu
B. Ngoko alus
C. Ngoko lugu
D. Krama madya alus
E. Krama

9. Pak guru iku pawongan sing mulang siswa ing ...

A.

B.

C.

D.

E.

10. Tulisan aksara Jawa diwaca...


A. Ngamar wingi
B. Lara weteng
C. Lemari klambi
D. Remen kare
E. Tangi kerinan

11. Seni tradisional asale saka ….


A. Pulo Madura
B. Pulo Bali
C. Jawa Timur
D. Jawa Barat
E. Jawa Tengah

12. Panulisane “numpak becak” ing aksara Jawa kang bener ...

A.
B.

C.

D.

E.

13. Bu Bandi tansah ancik-acik pucuke eri marang putrane sing lunga adoh kuwi.
Tegese paribasan ancik-ancik pucuk eri yaiku...
A. Tansah ngrasa kalara-lara
B. Ora nduweni rasa lara
C. Tansah nduweni rasa khawatir
D. Kebak rejeki
E. Tansah susah

14. Mugi kita sedaya tansah pinaringan sugeng rahayu.


Tegese tembung saroja sugeng rahayu yaiku...
A. Rukun
B. Rejeki
C. Slamet
D. Musibah
E. Lelara

15. Kabeh wong tuwa duweni pangarep-arep suapaya putrane jembar pikire.
Tegese tembung entar jembar pikire yaiku ...
A. sabar
B. pinter
C. sugih
D. gedhe
E. jujur

16. Wacanen pethikan perangan upacara adat ing ngisor iki!

Gambar kasebut perangan upacara adat panggih manten sing diarani ....
A. Dhahar kembul
B. Gantalan
C. Kacar kucur
D. Bobot timbang
E. Singep sindur

17. Gatekake adicara iki!

Perangan kasebut wujude isi saka upacara adat ...


A. Neloni
B. Siraman
C. Temu manten
D. Sepasaran
E. Tedak siten (turun tanah)

18. Ukara ing ngisor iki sing cacahe ana 8 wanda yaiku ...
A. Bengi-bengi wayahe kondur
B. murid kudu manut marang guru
C. Saben wayah
D. Kahanan jaman mardika
E. Saben sore lan wengi

15. Nalika ... bapakmu iku enggal mara.


Tembung sing trep miturut unggah-ungguhe kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ...
A. dipuntimbali
B. diundang
C. ditimbali
D. dikongkon
E. diceluk

19. Apa ... wis semerap menawi Bayu sampun wangsul?


Tembung sing trep miturut unggah-ungguhe kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ...
A. Panjenengan
B. Awakmu
C. Sampeyan
D. Ndika
E. Kowe

20. Kula dipun ... Ibu, Ibu lajeng ... Bapak.


Tembung sing trep miturut unggah-ungguhe kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ...
A. timbali, ngaturi
B. aturi, nimbali
C. aturi, ngaturi
D. celuk, nimbali
E. timbali, nimbali

21. Sumangga dipun sekecakaken anggenipun ..., kula ugi nembe kemawon ....
Tembung sing trep miturut unggah-ungguhe kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ...
A. dhahar, nedha
B. nedha, mangan
C. nedha, dhahar
D. nedha, nedha
E. dhahar, dhahar

22. Adhik ... es jeruk, kula ... es teh, kaliyan Bapak ... kopi
Tembung sing trep miturut unggah-ungguhe kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ...
A. ngombe, ngombe, ngombe
B. ngombe, ngombe, ngunjuk
C. ngombe, nginum, ngunjuk
D. nginum, nginum, ngunjuk
E. nginum, ngunjuk, ngunjuk

23. Ukara sing migunaake krama lugu yaiku ...


A. Kula mboten angsal tumut kaliyan Pakdhe.
B. Panjenengan wau punapa sampun dahar?
C. Kowe mau teka kene numpak apa?
D. Panjenengan punapa dados tindak dhateng Solo?
E. Punapa panjengan dados dipundhutaken pit enggal?
24. Tuladha ukara sing mawa basa ngoko alus yaiku...
A. Arya durung nedha sega pecel.
B. Arya wis mangan sekul pecel.
C. Arya sampun dhahar sekul pecel.
D. Arya wis dhahar sega pecel.
E. Arya dereng nedha sekul pecel.

25. “Saiki Bapak durung mulih saka kantor”, yen diowahi basa krama alus, yaiku...
A. Sapunika Bapak dereng kondur saking kantor.
B. Saiki Bapak dereng wangsul saking kantor.
C. Sakmenika bapak dereng wangsul saking kantor.
D. Saiki Bapak durung kondur saka kantor.
E. Sakmenika bapak ajeng wangsul saking kantor.

26. Gatekake cangkriman iki!


Ing sadhuwuring lawang ana cecak. Yen cecak iku lunga, lawang iku dadi kewan kang
bisa mabur.
Wangsulane cangkriman kasebut yaiku...
A. Lawa
B. Banyu
C. Celeng
D. Singa
E. Macan

27. Wacanen teks ing ngisor iki!


Ahmad : “..... Yen mlaku sikile loro yen mandheg sikile sepuluh. Apa batangene?”
Budi : “ ...”
Wangsulan kang maton kanggo ngisi ukara kasebut yaiku...
A. Wong dodol sate pikulan
B. Wong mbecak
C. Bakul bakso
D. Klabang
E. Dokar

28. Panyandrane kahanan alis sing trep yaiku ...


A. nanggal sepisan
B. tumenga ing tawang
C. miji timun
D. kencana pinetar
E. simbar rumembun

29. Panyandra sing trep kanggo nggambarake rambut yaiku ...


A. Ngombak segara
B. Mucuk eri
C. Ngundhup melati
D. Mbelah-mbelahna bumi
E. Macan luwe

30. Tembung panyandra sing trep kanggo nggambarake irung yaiku ...
A. Ngundup melati
B. Mucuk eri
C. Ngombak segara
D. Mbelah-melahna bumi
E. Macan luwe

31. “Jer basuki mawa beya” tegese yaiku...


A. Sregep lan ora ngarepake imbalan
B. Kudu rukun yen pingin urip kepenak
C. Samubarang mbutuhake ragat
D. Ana mburi kudu aweh motivasi
E. Kekarepane mokal kelakon

32. Tegese basa ringengga “Sepi ing pamrih rame ing gawe” yaiku...
A. Samubarang mbutuhake ragat
B. Kekarepane mokal kelakon
C. Kudu rukun yen pingin urip kepenak
D. Sregep kerja lan ora arep-arep imbalan
E. Ana mburi kudu aweh motivasi

33. Katur Panjenenganipun Bapa Budi ingkang jumeneng minangka sulih sarira saking
Panjenenganipun Bapa Astani ingkang pemengku gati gati, ingkang winantu ing
pakurmatan.
Pamengku gati ateges ...
A. Sing padha rawuh
B. Sing dadi penganten
C. Sing kagungan gawe
D. Sing lagi megawe
E. Sing nyandra penganten

34. ...
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarata
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
...
Tembung linggane sinawung yaiku ….
A. unggung
B. gunung      
C. sawung     
D. gumung
E. srawung

35. Ukara ing ngisor iki yen ditulis aksara Jawa kang mbutuhake sandangan pepet yaiku …
A. Eling lan waspada
B. Mangan salak
C. Dasanamane anak
D. Latar iku reged
E. Wujude banyu

36. Ukara ing ngisor iki yen ditulis aksara Jawa kang mbutuhake sandangan wulu yaiku …
A. Numpak kreta
B. Tuku beras
C. Numpak dokar
D. Nyiduk banyu
E. Mangan pelas

37. Wacanen cerkak ing isor iki!

ARJUNA
Arjuna mujudake anggota kulawargane Pandhawa kang angka telu. Putrane Prabu
Pandhu dalah Dewi Kunthi. Arjuna duweni jeneng liya: Dananjaya, Panduputra, lan liya-
liyane. Sawise diwasa Arjuna sinebut Janaka. Arjuna iku sakti mandraguna amarga
saperangan kasektene Hyang Wisnu tumurun marang anggane lan saperangan maneh
tumurun marang Prabu Kresna. Arjuna bisa mabur ing akasa lan bisa ngilang ing papan
kang terang. Arjuna uga duweni maneka warna sanjata kang sakti.

Watak Bima Bungkus miturut crita kasebut yaiku...


A. Tansah ngati-ati
B. Gampang nesu
C. Bisa dipercaya
D. Nurut kandhane guru
E. Sakti mandraguna
38. Dheweke tansah jembar segarane, sanadyan atine tansah dilarani.
Tembung entar jembar segarane ngemu teges...
A. Gampang menehi pangapura
B. Guneme ora kena dipercaya
C. Duwe kekarepan kang tegen
D. Guneme alus banget
E. Bocah kang pinter

39. “Leres Pak. Riko lan Nur Hadi, rungokno pengarahane Pak Guru.”
Ukara kasebut migunaake basa ...
A. Krama lugu – ngoko lugu
B. Ngoko lugu – ngoko alus
C. Ngoko alus – ngoko lugu
D. Ngoko lugu – krama lugu
E. Krama alus – ngoko lugu

40. Paraga tunggal kang ora menehi kalodhangan tumrap liyan kanggo melok-melok
ngomong arane …
A. Monolog
B. Prolog
C. Dhialog
D. Epilog
E. Catalog

41. Kegiyatan drama diwiwiti kanthi ...


A. Prolog
B. Monolog
C. Dhialog
D. Epilog
E. Analog

42. Sing mujudake indhividu kang duwe peran sakjrone drama, yaiku…
A. Paraga
B. Tema
C. Alur
D. Latar
E. Gaya Basa

43. Bocah-bocah olah raga ana ing ...

A.

B.

C.

D.

E.

44. Tulisan aksara Jawa diwaca...


A. Kalepatan
B. Kaleresan
C. Kapawiran
D. Kapariwisatan
E. Prasaja kondang

45. Tembung karesikan yen ditulis ing aksara Jawa kang bener ...

A.

B.

C.

D.

E.

46. Seni tradisional asalae saka …


a. Ponorogo
b. Banyuwangi
c. Yogyakarta
d. Madura
e. Betawi

47. Tegese paribasan gawe luwanga, ngurugi luwangan yaiku...


A. Tansah ngrasa kalara-lara
B. Golek utangan anyar kanggo nyauri utangan sing lawas
C. Ora nduweni rasa lara
D. Tansah nduweni rasa khawatir
E. Nyambut gawe macul

48. Upacara adat kang dianakake nalika bayi lair ngancik umur pitung wulan diarani…
A. Brokohan
B. Sepasaran
C. Selapanan
D. Nyapeh
E. Tedhak siten

49. Ukara sesanti iki sing ngemu tembung kawi…….


A. Dikena iwakeaja nganti butheg banyune
B. Sepi ing pamrih lan ramea ing gawe
C. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
D. Tunggak jarak mrajak,tunggak jati mati
E. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti
50. Ukara semboyan: “Sapa sing salah seleh,” ngemu teges…….
A. Sing nglakoni salah bakal kalah.
B. Sing banget ngati-ati karoben slamet
C. Sing ketaman lara bakal waras, sing kebacut lara bakal seda
D. Sing nglakoni salah bakal kalah.
E. Sapa kang rukun bakal nemu kepenak
F. Luwih becik njaga aja ketaman lelara tinimbang kudu ngobati

51. Gatekna perangan upacara adat ing ngisor iki!

Gambar kasebut kalebu perangan upacara adat panggih manten sing diarani ....
A. Kacar kucur
B. Dhahar kembul
C. Bobot timbang
D. Gantalan
E. Singep sindur

52. Gatekake adicara iki!


1) Ijo-ijolan kembang mayang
2) gantalan
3) singep sindur
4) sungkeman
5) ngideg antiga
Urutan kang krep ing adicara panggih temanten yaiku yaiku…
A. 2, 1, 5, 3, 4
B. 1, 3, 5, 4, 2
C. 5, 1, 3, 2, 4
D. 1, 2, 3, 4, 5
E. 3, 5, 4, 2, 1

53. ... menapa dereng dhahar?


Tembung sing trep miturut unggah-ungguhe kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ...
A. Sampeyan
B. Kowe
C. Panjenengan
D. Koen
E. Sliramu

54. Mangke kula dak ... piyambak tedhanipun.


Tembung sing trep miturut unggah-ungguhe kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ...
A. Njupuk
B. Ngampil
C. Mendhet
D. Mundhut
E. Ngasta

55. Ibu ... kula, kula lajeng ... Bapak.


Tembung sing trep miturut unggah-ungguhe kanggo jangkepi ukara kasebut yaiku ...
A. nyuwun pirsa, ndangu
B. nakoni, nakoni
C. ndangu, nyuwun pirsa
D. nyuwun pirsa, nyuwun pirsa
E. ndangu, ndangu

56. Ing ngisor iki ukara sing migunaake ngoko alus yaiku ...
A. Pak Pardi kondur mene jam sanga isuk.
B. Dewi badhe tumbas sekul gangsal bungkus.
C. Adi seneng mangan bakso lan mie ayam.
D. Bu Lila mudhut tigan, uwos, lan gendis.
E. Sesuk isuk Pak De arep lunga menyang Jakarta.

57. Ukara sing migunaake ngoko lugu sing bener yaiku ...
A. Aku mau bengi ngimpi dolan menyang kali.
B. Ibu kulo tumbas krambil ing wande kilen mergi.
C. Sesuk isu Pak Lik arep tindhak menyang Kediri.
D. Nalika adiku mangan sega jagung, Ibu dhahar sega jagung pisan.
E. Mas Yudi arep kesah menyang SMKN 1 Turen mundhut rapot.

58. Ing ngisor iki ukara sing migunaake krama alus yaiku ...
A. Wekdal eyang sare, ibu taksih dereng kondur dugi peken.
B. Tindakku mau bengi bareng karo bapak ibu guru.
C. Mangga dipuntedha rumiyin tedhanipun.
D. Kula remen sanget ngunjuk es dawet
E. Rencang kula sampun mangsulaken buku ing perpustakaan.

59. Tuladha krama lugu sing bener yaiku…


A. Rencang kula sampun mangsulaken buku dhateng perpustakaan.
B. Kula remen sanget ngunjuk es dawet
C. Nalika adiku mangan sega jagung, Ibu dhahar sega jagung pisan.
D. Tindakku mau bengi bareng karo bapak ibu guru.
E. Aku mau bengi ngimpi dolan menyang kali.

60. Ukara sing trep miturut unggah-unggahe yaiku ...


A. Adhi kula nembe kemawon sare.
B. Kula mangke boten siyos tindak.
C. Ibu nedha ing ruang makan, aku dhahar ing pawon.
D. Ibu tumbas sirahe pitik setengah kilo.
E. Adhik, sampeyan sekolah jam pinten?

61. Wacanen teks ing isor iki!


Ahmad : tukang apa yen dikethok tambah duwur?
Rudi : Ehmm, apa ya?
Ahmad : wangsulane ..., lak tambah duwur yen dikethok.
Wangsulan kang maton kanggo ngisi ukara kasebut yaiku...
A. Celana
B. Kembang
C. Sate
D. Suket
E. Kertas

62. Gatekake cangkriman iki!


Dipedhanga, dimeriyema, dibedhilana ora mati. Nanging yen dicegat bakal mati. Apa
iku?
Wangsulane cangriman kasebut yaiku ....
A. Banyu
B. Celeng
C. Lawa
D. Singa
E. Macan

63. Panyandrane kahanan driji sing trep yaiku ...


A. Mucuk eri
B. Nanggal sepisan
C. Tumenga ing tawang
D. Miji timun
E. Kencana pinetar

64. Panyandra idep yaiku ...


A. Mucuk eri
B. Tumenga ing tawang
C. Ngombak segara
D. Ngundup melati
E. Macan luwe

65. “Sluman slumun slamet” tegese yaiku...


A. Samubarang mbutuhake ragat
B. Sregep lan ora ngarepake imbalan
C. Kudu rukun yen pingin urip kepenak
D. Kekarepane mokal kelakon
E. Nglakoni apa wae tansah slamet

66. Tegese basa ringengga “Ula marani gepuk” yaiku...


A. Wong nglakoni tumindak kang mbebayani
B. Samubarang mbutuhake ragat
C. Kekarepane mokal kelakon
D. Kudu rukun yen pingin urip kepenak
E. Ana mburi kudu aweh motivasi

67. Ukara ing ngisor iki yen ditulis aksara Jawa kang mbutuhake sandangan cakra yaiku …
A. Numpak kreta
B. Latar iku reged
C. Mangan salak
D. Dasanamane anak
E. Wujude banyu

68. Ukara ing ngisor iki yen ditulis aksara Jawa kang mbutuhake sandangan wulu yaiku …
A. Rina wengi
B. Numpak kreta
C. Tuku beras
D. Numpak dokar
E. Mangan pelas

69. Kula kalawau sampun …bapak, supados tindhak dhateng sekolah.


Tembung sing trep kanggo ngisi ceceg-ceceging ukara kasebut, yaiku ...
A. ngaturi
B. nyeluk
C. nimbali
D. ndawuhi
E. ngongkon

70. Gatekna gambar kasebut!


Upacara adat kaya ana ing gambar kasebut diarani….
A. Gunungan
B. Siraman
C. Arak-arakan
D. Karnaval
E. Slametan

URAIAN

1. Basa ngoko lugu iki owahono dadi ngoko alus, krama lugu, banjur dadekna basa krama
alus.
“Bu Dewi menyang Surabaya numpak sepur.”
Ngoko alus :.........................................................................................................
Krama lugu :.........................................................................................................
Krama alus :.........................................................................................................

“Pak Lurah lunga menyang Lumajang jam sanga esuk.”


Ngoko alus :.........................................................................................................
Krama lugu :.........................................................................................................
Krama alus :.........................................................................................................

2. Gatekake tembang macapat iki banjur analisis paugeran guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagune!
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluwarsa kapatuh,
Kapatuh pan dadi awon.

3. Salinen ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa!


a. Mangan jajan campur
b. Sepatuku ana 10 pasang
c. Darwin mangkat menyang Bandung
d. Kembang mawar abang
e. Surti lunga menyang Semarang

Anda mungkin juga menyukai