Anda di halaman 1dari 7

DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA

PENILAIAN SUMATIF SEMESTER GASAL


TAHUN PELAJARAN 2023/2024
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN (SMK)
BIDANG STUDI KEAHLIAN
BISNIS DAN MANAJEMEN – TEKNOLOGI DAN KOMUNIKASI

LEMBAR SOAL

MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA


KELAS/ KOMPETENSI KEAHLIAN : X / SKK
HARI/ TANGGAL :
WAKTU :

PETUNJUK UMUM :
1. Tulislah lebih dahulu Nomor Peserta dan nama Anda di kolom sudut kanan atas pada
lembar jawab yang telah disediakan dan perhatikan petunjuk untuk mengerjakan.
2. Jawablah soal-soal dengan Ballpoint warna hitam
3. Bacalah soal-soal dengan teliti sebelum Anda menjawab.
4. Laporkan kepada pengawas apabila terdapat tulisan yang kurang jelas .
5. Jumlah soal 30 butir. Pilihan Ganda = 20 butir, Essay = 10 butir
6. Periksalah kembali pekerjaan Anda sebelum pekerjaan diserahkan kepada Pengawas.

SELAMAT MENGERJAKAN
Berdoa sebelum mengerjakan soal
Kerjakan dengan jujur, karena kejujuran adalah cerminan kepribadian

A. Soal Pilihan Ganda


Wangsulana Pitakenan-Pitakenan Ing Ngandhap Menika Kanthi Milih Wangsulan Ingkang
Leres !

1. Jinise teks miturut ancase utawa tujuwane yaiku ana ...


A. 3
B. 4
C. 5
D. 6
E. 7

2. Jinise teks kang ancase nggambarake sawijining objek iku kalebu jinis wacan ...
A. Narasi
B. Deskripsi
C. Argumentasi
D. Eksposisi
E. Persuasi
3. Wacanen teks ing ngisor iki
Sakwise manungsa wis wiwit ngerti apa kang dadi bebaya saka bahan bakar
kang asale saka fosil, manungsa wis wiwit mikirke apa kang bisa dadi bahan bakar
gantine. Ananging pitakonane, apa bahan bakar gantine iku bisa efektif? Salah
sijine sing bisa kanggo bahan bakar yaiku bioetanol kang asale saka jagung. Yen
bahan bakar iki digunakake, mesthine diprelokake pirang-pirang hektar papan
panggonan kanggo nyukupi butuhe manungsa. Tegese, mesthi ana dampak saka
iku yaiku kurange papan kanggo alas utawa papan panggonan manungsa.
Manungsa bakal mbukak alas banjur didadekake papan. Yen kaya mangkono, ya
mesthine ngrusak lingkungan maneh.

Teks kang ana ing ndhuwur iku kalebu teks argumentasi amarga ...
A. Wacan kasebut nggambarake lahan jagung kang bakal dibukak dening
manungsa.
B. Isine wacan menehi panemu sawijining bab bahan bakar lan dampake kanggo
manungsa.
C. Ngandharake proses saka bahan bakar alternatif kang dadi gantine One bahan
bakar fosil
D. Ana ing sajrone wacan nyritakake sesuk manungsa bakal mbukak lahan
jagung.
E. Wacan iku ngajak manungsa kanggo nggunakake jagung lan mbuka alas dadi
lahan jagung.

4. Wacanen teks ing ngisor iki


Kesenian barong utawi barongan iku mujudake kesenian khas saka Jawa
tengah. Salah sijine kabupaten. kang ngrembakake kesenian kasebut, yaiku
Kabupaten Blora. Seni barong iku kesenian kang populer ing masarakat Blora,
utamane ana ing desa utawa dhusun. Sajrone kesenian barong kaamot sipat
spontan, kakaluwargan, prasaja, guyub, lan kendel.
Barongan ana ing kesenian barongan iku salah sijine piranti kang digawe meh
padha kayadene singa barong minangka panguwasa alas. Paraga singa barong ana
ing crita barongan iku uga diarani Gembong Amijoyo kang tegese macan gedhe
kang dadi panguwasa.

Miturut strukture, wacan kasebut kalebu teks ...


A. Deskripsi
B. Eksposisi
C. Argumentasi
D. Persuasi
E. Narasi

5. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki.


 Njlentrehake sawijining bab/kawruh
 Panulisane asipat informatif
 Adhedhasar kasunyatan/ fakta, ateges lelandhesan kahanan saknyatane
 Panulisane gamblang, padhet, ringkes lan cetha
Ukara-ukara ing ndhuwur yaiku titikan saka teks ...
A. Deskripsi
B. Argumentasi
C. Persuasi
D. Narasi
E. Eksposisi

6. Kesenian barong iku nduweni sipat kang prasaja. Apa tegese saka tembung
“prasaja” ...
A. Wani
B. Kendel
C. Gampang
D. Sederhana
E. Larang

7. Geguritan kang panulise diwiwiti tembung “sun gegurit” iku kalebu geguritan
gagrag ...
A. Surakarta
B. Ngayogyakarta
C. lawas
D. anyar
E. modheren

8. Geguritan kang gumathok ing paugeran iku kalebu jinis geguritan gagrag ...
A. lawas
B. anyar
C. modheren
D. Surakarta
E. Ngayogyakarta

9. Pemilihing tembung ing geguritan kang mentes lan mantes iku gunane kanggo ...
A. endahe geguritan
B. nyenengake
C. nrenyuhake
D. nggampangake anggone maca
E. nambah kawruhe pamaca

10. Nalika maca geguritan, kudu nggatekake apa kang diarani wicara. Apa tegese saka
nggatekake wicara ...
A. pocapan lan vokal nalika maca geguritan
B. obahing awak nalika maca geguritan
C. alon,banter, cetha, lan arane anggone maca geguritan
D. ekspresi kang jumbuh karo isi
E. obahe awak lan pocapane nalika maca gurit
11. Wacanen geguritan ing ngisor iki.

Jago Kluruk
Jago kluruk
Wayah esuk
Gek tangi aja turu ngepluk
Yen ngepluk njaluk dithuthuk
Dithuthuk nganggo sunduk krupuk
Yen wis tangi gek njupuk andhuk
Aja mung nyekukruk
Mundhak disunduk-sunduk
Anita Dwi Yuniarti (Panjebar Semangat
No.18, 30 April 2016)

Geguritan kasebut ora bisa diarani geguritan lawas amarga ...


A. Diwiwiti sun gegurit
B. Cacahe wanda saben sakgatra ora gumathok
C. Tibaning swara ing pungkasaning ukara padha
D. Sakora-orane cacahing gatra ana papat nganti 12 gatra
E. Diwiwiti tembung dak candra

12. Budi maca geguritan kanthi nggatekake apa isine saka geguritan banjur dheweke
bisa ngerti piye anggone nalika maca pas susah lan kepiye maca nalika seneng.
Bab kaya mangkono iku tegese Budi nggatekake babagan ...
A. wicara
B. wirama
C. wirasa
D. wiraga
E. wiratama

13. Salah sijine struktur kanggo mbangun geguritan yaiku imajinasi. Kang diarani
imajinasi yaiku...
A. carane panulis kanggo ngandharake apa kang dadi gagasan ana ing geguritan
B. pamilihing tetembungan kang ana ing sajroning geguritan supaya panulis iku
bisa ngandharake pesen kang kamot ana ing sajrone
C. wujud tetembungan kang bisa gawe endahing geguritan kanthi tetembungan
kang kias utawa konotasi
D. carane panulis ngajak pamaca supaya ngrasakake apa kang ditulis
E. wujude geguritan kang narik kawigaten saka pamaca

14. Gatekna geguritan ing ngisor iki


Krodhaning Alam
Dening: Sudi Yatmana
Saka pasifik tekan atlantik
El nino la nina nggremet nggrumut
nalusur khatulistiwa
Ngganepi gonjang ganjinging proses kahanan
Kaprabawan buwengan misteri
nyakramanggilingan
Ngebeki bujur barat bujur timur
lintang utara lintang selatan
...

Saka pethilan geguritan kanthi irah-irahan “ Krodhaning Alam”, struktur fisik


kang kamot ing sajrone geguritan kasebut yaiku ...
A. majas
B. imajinasi
C. tema
D. tipografi
E. rima

15. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki


(1) Pawarta kudu subjektif.
(2) Perkara kang diliput yaiku kang aktual.
(3) Dateline iku nuduhake batese pawarta diwartakake.
(4) Headline iku nuduhake isine pawarta.
(5) Perkara kang paling penting ing pawarta ana ing lead.
Saka ukara-ukara ing ndhuwur,ukara kang nuduhake sipating pawarta yaiku ...
A. (1), (2), (3)
B. (1), (2), (5)
C. (1), (4), (5)
D. (2), (3), (4)
E. (2), (4), (5)

16. Gatekna wacan ing ngisor iki


Seni tari jangkrik ngenthir kang diiringi bendhe lan kendhang iki, dikawiti
kanthi metune Penthul lan Tembem. Banjur padha mangon sapi. Penthul lan
Tembem padha celathon babagan rawuhe pepanthan kang sabanjure dipethuk.
Sabanjure metu penari jaran kepang kang cacahe 4 minangka pepanthan kang
padha golek sejatining panguripan.

Ukara kang jumbuh karo wacan ing ndhuwur yaiku ...


A. Penthul lan Tembem ketemu karo jaran kepang
B. Cacahe pawongan kang teko ana wolu
C. Kawitane penari kang metu yaiku jaran kepang
D. Penthul lan Tembem nari nganggo jaran kepang
E. Penthul lan Tembem nabuh bendhe lan kendhang

17. Wacanen ukara ing ngisor iki


“Kanggo mudha-mudhi jaman saiki, tari isih tetep nyambung. Namung wae
amerga akehe tari modheren, tari iki rada kesingkir. Nanging tetep kita
lestarekake.”
Dudutan kang bisa kajupuk saka ukara ing ndhuwur yaiku ...
A. Tari modheren luwih ngrembaka katimbang tari tradhisional
B. Tari tradhisional kasingkir dening tari modheren
C. Tari modheren tradhisional tetep ngrembaka ing jaman modheren
D. Tari tradhisional tetep kudu dilestarekake ing jaman modheren
E. Mudha mudhi luwih seneng tari modheren katimbang tradhisional

18. Perangan kang wigati ing pawarta kang manggon ing kawitaning pawarta
diarani ...
A. headline
B. deadline
C. lead
D. body
E. underline

19. Kaprigelan kang digunakake nalika ngatur mandheg lan teruse pamacane naskah
pawarta iku diarani babagan ...
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trep
C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha

20. Gatekna wacan ing ngisor iki


SBC Kapindho
Solo Batik Carnival (SBC) bakal digelar ing taun iki. Miturut reng-rengan,
SBC kapindho bakal digelar ndalem sasi Juni. Mangkono pratelane Dynand Fariz,
tetunggule Jember Fashion Carnival (JFC) sing kawitan ngracik SBC kapisan,
nalika mandhegani gladhen joged SBC kapindho ing Taman Balekambang.
Miturut Dynand, SBC sing digelar kapisan sawetara sasi kepungkur, kasil
nuwuhake krenteg ing generasi mudha Kutha Solo kanggo ndayakake bathik dadi
asil karya seni busana. Saliyane iku, SBC uga bisa dirembakakake dadi salah
sijine ikon budaya ing Kutha Solo.
Kapethik saka: Jagad Kridha, SOLOPOS, kanthi pengubahan

Unsur 5W+1H ing pawarta mesthine kudu jangkep. Unsur “why” ana ing pawarta
kasebut yaiku..
A. Solo Batik Carnival digelar sasi Juni
B. Kutha Solo minangka kutha kang akeh batik
C. nuwuhake krenteg generasi mudha nglesatarekake batik
D. ing taun 2009 batik wis kondhang
E. kanggo ajang bakul dodol batik

B. Soal Essay
1. Apa wae bab kang kudu digatekake nalika gawe teks?
2. Coba sebutna bedane wacan deskripsi lan wacan argumentasi
3. Coba wacanen wacan iki kanthi tlesih.
Gamelan duwe sejarah kang wis suwe, nalika ing jaman Karajan Majapahit
Wiwit jaman Karajan Majapahit, piranti gamelan wis wiwit digawe. Awit saka
Karajan Majapahit, mula gamelan iku isih kenthel kanthi agama Hindu. Gamelan
kang saiki wis akeh kagubah dening Sunan Bonang. Gamelan iku kalebu jinis
musik kanthi nada pentatonis lan nduweni laras pelog sarta stendro.Laras slendro
nduweni limang nada dene pelog nduweni pitung nada.
Gamelan biasane kanggo ngiringi beksan utawa seni pagelaran liyane kayata
kethoprak, wayang kulit lan sapiturute. Ricikan utawa instrumen gamelan iku
kaperang dadi telu, yaiku ricikan balungan, ricikan garap lan ricikan struktural.
Ricikan balungan kayata saron, demung, saron barung lan aron penerus. Ricikan
garap kayata rebab, kendang, gender, bonang, siter lan gambang. Denen ricikan
struktural yaiku ricikan kang gawe raketing dolanan kayata kethuk, empyak,
kempyang, kenong, gong, kempul, kecer.

Wacan kasebut kalebu jinis wacan apa lan wenehana alesanmu kang nguwatake
panemumu mau.
4. Jelasna apa bedane geguritan gagrak lawas lan geguritan gagrak anyar
5. Jlentrehna apa wae struktur fisik kang mbangun geguritan
6. Jlentrehna tatacara nulis geguritan kanthi leres
7. Apa bedane ariwarti lan kalawarti?
8. Coba sebutna pawarta kang lumantar saka internet
9. Coba sebutna apa wae kang diarani struktur pawarta
10. Apa wae bab kang kudu digatekake nalika golek pawarta?

Anda mungkin juga menyukai