Anda di halaman 1dari 6

LEMBAR SOAL ULANGAN SEKOLAH

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Satuan Pendidikan : Sekolah Dasar ( SD )
Waktu : 10:00 – 12:00
Hari / Tanggal : Rabu, 5 Mei 2021
Alokasi Waktu : 120 Menit
Moda : Daring/ luring/ kombinasi

PETUNJUK UMUM:

1. Tidak boleh mengerjakan soal dengan pensil atau spidol, melainkan dengan tinta warna hitam atau
biru.
2. Tulis lebih dahulu nomor pesertamu pada lembar jawab yang disediakan.
3. Periksa dan bacalah soal-soal dengan teliti sebelum kamu menjawabnya.
4. Dahulukan menjawab soal-soal yang kamu anggap mudah.
5. Kerjakan pada lembar jawab yang disediakan.
6. Mintalah kertas buram pada guru jika diperlukan.
7. Untuk soal pilihan ganda, berilah tanda silang (X) pada jawaban yang paling benar.
8. Apabila ada jawaban yang salah pada soal pilihan ganda dan kamu ingin memperbaiki, coretlah
dengan dua garis lurus mendatar pada jawabanmu yang salah, kemudian berilah tanda silang (X) pada
huruf jawaban lain yang kamu anggap benar.
Contoh:

A B C D diperbaiki menjadi A B C D

9. Laporkan kepada guru jika terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak, atau jumlah soal kurang atau
lebih.
10. Setelah selesai dan masih ada waktu, periksalah kembali pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada
guru .

SELAMAT MENGERJAKAN !
I. Pilihen salah siji jawaban sing bener!
Gatekno geguritan ing ngisor iki!
Guyup Rukune si Semut
Si blekithi
Nadyan alit ringkih
Tansah nengenake komunikasi
Guyup rukun anggung den jagi
Engga kwawa ngusung boga gung aluhur
Pakaryan abot bisa rampung

1. Sing dikarepake si blekithi jroning geguritan ing ndhuwur yaiku . . .


A. tawon
B. manuk
C. kupu
D. semut
2. Watak sing diduweni semut yaiku . . .
A. guyup rukun
B. angkara murka
C. seneng tukaran
D. seneng adu – adu
3. Sing diutamakane dening semut nalikane isih urip yaiku . . .
A. komunikasi
B. bedhigasan
C. dhemonstrasi
D. cecongkrahan
4. Watak semut sing kudu ditiru yaiku anggone seneng . . .
A. tukaran
B. memungsuhan
C. gotong royong
D. tukar padu
5. Menawa niru watake semut, nalika tandang gawe senajan ana pakaryan abot . . .
A. tambah obot
B. gampang rampung
C. gampang wedi
D. tambah suwe
6. Salah sijine jinis karangan sastra Jawa sing dikarang kanthi nengenake rasa kaendahan
diarani . . .
A. cangkriman
B. geguritan
C. parikan
D. paribasan
7. Hadi mau diceluk bapak ora krungu.
Tembung "diceluk" benere . . .
A. didukani
B. ditimbali
C. diutus
D. didhawuhi
8. Bapak isih durung gelem turu.
Ukara iki yen diowahi dadi ngoko alus . . .
A. Bapak isih durung kersa tilem.
B. Bapak isih durung kersa sare.

ULANGAN SEKOLAH US2021 Halaman 1 dari 5 halaman


C. Bapak isih durung purun tilem
D. Bapak isih durung purun sare.
9. Crita kewan sing nggambarake watak wantune manungsa diarani . . .
A. sage
B. legendha
C. fabel
D. mite
10. Crita rakyat sing isi critane bab kasekten, kaluwihan, lan kepahlawanan sawijine tokoh
diarani . . .
A. fabel
B. sage
C. mite
D. legendha
11. Piwulang kabecikan (pitutur luhur) kang ana ing sajroning crita diarani . . .
A. pesen/amanat
B. seting
C. sudhut pandhang
D. paraga
12. Karangan sing isine nyritakake sawijine rerangken kedadeyan sing ditulis kanthi urut
dijumbuhake karo urutan waktu diarani karangan . . .
A. narasi
B. argumentasi
C. dheskripsi
D. persuasi
13. Ciri-cirine karangan dheskripsi yaiku . . .
A. Ana unsur-unsure rerangkene crita
B. Adhedhasar urutan wektu kang runtut
C. Ngutamakake pirian tinimbang perasaan
D. Kanggo nggambarake samubarang
14. Tata urutane nulis karangan dheskripsi yaiku . . .
A. Nemtokake judhul banjur nemtokake tema Ian ditulis kanthi tata urutan wektu
B. Nemtokake objek, tujuwan, Ian sakabehane aspek banjur gawe warangka
C. Diwiwiti golek idhe banjur digandheng-gandheng kanthi rumus 5W + 1H
D. Nemtokake objek lan tujuwan banjur nyritakake kepriye dumadine kedaeyan
15. Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-
bocah ngenani . . .
A. llmu pengetahuan
B. ketrampilan
C. olah raga
D. budi pakerti
16. Salah siji ciri-cirine tembang dolanan yaiku . . .
A. Wujude sedherhana
B. Cakepane umume dawa
C. Tembunge angel diapalne
D. Mesthi ana pengarange

ULANGAN SEKOLAH US2021 Halaman 2 dari 5 halaman


Wacanen kanggo mangsuli pitakon no 17 nganti 18!
Lumbung Desa
Lumbung desa pra tani padha makarya,
Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu,
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang,
Ayo kang, dha tumandang yen wus maten nuli madhang.
17. Piranti kanggo ngolah pari dadi beras jroning tembang ing dhuwur yaiku . . .
A. mesin selep
B. lesung lan alu
C. mesin giling
D. lumpang watu
18. "Yen wus mateng nuli madhang"
Tembung madhang basa krama aluse . . .
A. mangan
B. nedhi
C. nedha
D. dhahar
19. Sadurunge nglagokake sawijine tembang kudune ngerti . . .
A. titi larase
B. asal-usule
C. pengarange
D. dawa cendhake
20. Sandhangan aksara Jawa sing digunakake kanggo swara [e] kaya ing tembung : lele lan sate
jenenge . . .
A. taling ( …)
B. pepet ( …..)
C. suku ( ….. )
D. wulu ( ……)
21. Kanggo nulis tembung "kari siji" sandhangan sing digunakake yaiku . . .
A. taling ( …)
B. pepet ( …..)
C. suku ( ….. )
D. wulu ( ……)
22. Tembung "telu" yen ditulis nganggo aksara Jawa migunakake sandhangan swara . . .
A. pepet lan wulu
B. taling lan wulu
C. pepet lan suku
D. taling lan suku
23. Sandhangan "wulu", "pepet", lan "Iayar" ditulis ing . . . aksara sing disandhangi.
A. kiwane
B. tengene
C. ngisore
D. ndhuwure
24. Tembung "bubur jenang" yen ditulis nganggo aksara Jawa . . .

A.

B.

ULANGAN SEKOLAH US2021 Halaman 3 dari 5 halaman


C.

D.

25. Bukune Anis kok ketemu, olehmu . . . (golek) ing ngendi wae?
A. nggoleki
B. nggolekake
C. digoleki
D. golekana
26. Genthengmu ketoke trocoh, ing kene kok katon . . . (kepyur).
A. kinepyur
B. kumepyur
C. dikepyuri
D. kepyurana
27. Olehmu nukokake buku adhikmu mau kakehan siji.
Pangrimbage tembung "nukokake" yaiku . . .
A. ater-ater n- + nuku + panambang -ake
B. ater-ater n- + tuku + panambang -ake
C. ater-ater n- + nokok + panambang -ake
D. ater-ater n- + tukok + panambang –ake
28. Perangan crita sing ngenalake para paraga (tokoh), wektu kedadeyan, lan papan panggenane
diarani . . .
A. orientasi
B. komplikasi
C. resulusi
D. eksposisi
29. Perangane crita kang mujudake kepriye anggone ngudhari reribet jroning kedadeyan.
Iku diarani apa . . .
A. orientasi
B. komplikasi
C. resulusi
D. eksposisi
30. Perangan inti nganti tumekane pucuking kedadeyan utawa masalah diarani . . .
A. orientasi
B. komplikasi
C. resulusi
D. eksposisi

II. Pitakon – pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi cekak aos!

1. Tembung loro utawa luwih sing dirangkap (digabung) dadi siji sok – sok banjur duwe teges
anyar diarani tembung . . .
2. Karo sedulur kuwi kudu sing rukun, aja seneng tukar . . .
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga – iga kaeksi

ULANGAN SEKOLAH US2021 Halaman 4 dari 5 halaman


3. Guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi yaiku . . .
4. Kuwajibane para siswa, kudu tansah mituhu lan ngabekti.
Tambung “mituhu” jroning ukara ing ndhuwur tegese . . .
5. Nyumingkiri sakabehe pepacuh.
Tembung “pepacuh” jroning ukara ing ndhuwur tegese . . .
6. Puisi tradhisional Jawa kang awujud tembang jalaran carane maca sarana kudu ditembangake
(dilagokake) diarani tembang . . .
7. Cacahe wanda saben gatra jroning tembang macapat diarani . . .
8. Cacahe gatra saben pada jroning tembang macapat diarani . . .
9. Dhong-dhinge (tibane swara) ing pungkasane gatra jroning tembang macapat diarani . . .
10. Unen – unen kang gumathok kanggo nyandra perangane awak, solah bawa, lan kahanan
adhapuk pepindhan diarani . . .

III. Soal ing ngisor iki garapen manut prentahe!

1. Jelasna apa sing diarani cangkriman!


…………………………………………………………………………………………………
2. Sebutna apa wae kang kalebu strukture teks sesorah (pidhato)?
…………………………………………………………………………………………………
3. Sebutna sapa wae sing kalebu Pandhawa?
…………………………………………………………………………………………………
4. Apa sing diarani pidhato resmi?
…………………………………………………………………………………………………
5. Tembung – tembung ing ngisor iki gawenen ukara sing trep!
a. Nawon kemit
b. Rambute ngandhan – andhan
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………

ULANGAN SEKOLAH US2021 Halaman 5 dari 5 halaman

Anda mungkin juga menyukai