Anda di halaman 1dari 5

LATIHAN SOAL PRA PSAT

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas :X
Semester : Genap
A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih milih wangsulan a, b, c, d, utawa e
tumrap pratelan kang trep
1. Basa sing dipacaki supaya katon luwih endah, merbawani, lan ngresepake diarani basa ....
A. rinengga
B. krama
C. gancaran
D. bagongan
E. kedhaton
2. Basa rinengga digunakake kaya ing ngisor iki, kajaba ....
A. basa ing pedhalangan
B. basa ing geguritan
C. basa panyandra manten
D. basa kanggo nulis layang resmi
E. basa ing tembang macapat
3. Ing ngisor iki kalebu jinis-jinise basa rinengga yaiku ....
A. purwakanthi, garba, yogyaswara, pepindhan, wangsalan, panyandra
B. tembung andhahan, suluk pedhalangan, kosok balen, wangsalan
C. geguritan, tembang, pacelathon, sesanti, tembung kriya, ukara sambawa
D. ngoko lugu, purwakanthi, garba, ukara pitakon, pacelathon
E. tembung manca, crita sambung, parikan, cangkriman, crita cekak
4. Para rawuh ingkang minulya saha dhahat kinurmatan, para pinisepuh pepundhen ingkang
pantes sinudarsana, para pangembating praja ingkang tuhu luhuring budi, para manggaling
ngayuda ingkang hambeg mahambara, tuwin sagung para tamu kakung miwah putri.
Basa rinengga ing dhuwur digunakake dening ....
A. dhokter
B. polisi
C. pranatacara
D. wong bakulan
E. pilot
5. Ukara ing ngisor iki sing kang kalebu basa rinengga yaiku ....
A. Wis teka kabeh wektu kang dienteni, akhire kabeh padha mulih dhewe-dhewe
B. Tindakira sang subamanggala katon repepeh-repepeh kadya senopati
C. Sadurunge ditemokake, manten lanang lan manten wadon ditemokake
D. Akeh dhayoh sing padha ora kumanan panggonan merga papan ciyut
E. Yen durung bisa maca kudune ngaku wae supaya diblajari maca dhisik
6. Tembung loro utawa luwih, sing digabung dadi siji kanthi ngurangi cacahe wanda yaiku ....
A. Panyandra
B. Camboran
C. Saroja
D. Garba
E. Yogyaswara
7. Gatekna ukara ing ngisor iki!
Para putra putri padha sinau basa Jawa kanthi sregep ing jero kelas
Ukara kang kacithak miring migunakake tembung ....
A. Panyandra
B. Camboran
C. Saroja
D. Garba
E. Yogyaswara
8. Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi swara yaiku ukara ....
A. Bobot, bibit, bebet
B. Mangan ati, atine kang kelara-lara
C. Ana awan ana pangan
D. Tatag, teteg, tutug
E. Rujak degan, degane kambil ijo
9. Tembung kekancan, reresik, lan kekasih, kalebu tembung rangkep ....
A. Dwilingga wantah
B. Dwilingga semu
C. Dwilingga salin swara
D. Dwiwasana
E. Dwipurwa
10. Tembung cengenges, njegigis, lan begegeg, kalebu tembung rangkep ....
A. Dwilingga wantah
B. Dwilingga semu
C. Dwilingga salin swara
D. Dwiwasana
E. Dwipurwa
11. Tembung jalma manungsa, campur bawur, lan padhang jingglang kalebu jinise tembung ....
A. Panyandra
B. Camboran
C. Saroja
D. Garba
E. Yogyaswara
12. Tembung loro utawa pujul kang teges sing makna beda, banjur digabung duwe makna anyar
jenenge ....
A. Panyandra
B. Camboran
C. Saroja
D. Garba
E. Yogyaswara
13. Tembung ing ngisor iki kalebu jinise tembung entar yaiku ....
A. Donga pangestu
B. Padhang jingglang
C. Ijo royo-royo
D. Plonga-plongo
E. Gedhe endhase
14. Tembung pinilih, sinebut, lan tinemu, tembung asale yaiku ....
A. pilih, sineb, tinem
B. pilih, sebut, temu
C. pinih, sinut, temu
D. milih, nyebut, nemu
E. milih, sebut, nemu
15. “Klobot jagung, abot entheng lakonana!” ukara kasebut migunakake tetembungan awujud ....
A. Parikan
B. Pepindhan
C. Paribasan
D. Bebasan
E. Wangsalan
16. Ukara “kaya cebol nggayuh lintang” duwe teges yaiku ....
A. Wong sugih akeh panjangkane
B. Wong mlarat ora duwe panjangka
C. Panjangka kang bakale kedaden
D. Panjangka kang kaya-kaya mokal kedaden
E. Panjangka kang wis kedaden
17. Ngasah arit nganti landhep, dadi murid kudu (...)
Tembung kang trep kanggo mepaki parikan ing dhuwur yaiku ....
A. Sregep
B. Pinter
C. Gemi
D. Manut
E. Wani
18. Aksara jawa dentawyanjana utawa nglegena kang disinaoni ing kelas cacahe ana ....
A. 50
B. 35
C. 30
D. 25
E. 20
19. Gunane aksara murda ana ing ngisor iki, kajaba ....
A. Kanggo nulis jenenge manungsa
B. Kanggo nulis jeneng papan panggonan
C. Kanggo nulis gelar, pangkat, lan jabatan
D. Kanggo nulis jenenge bulan
E. Kanggo nulis jenenge instansi
20. Kanggo nulis aksara saka basa manca/asing utamane saka Arab migunakake aksara ....
A. Murda
B. Rekan
C. Swara
D. Panjingan
E. Kawi
21. Gatekna tulisan ing ngisor iki!

tulisan ing ndhuwur migunakake sandhangan panjingan arupa ....


A. Cakra
B. Cakra keret
C. Pengkal
D. Cakra la
E. Cakra wa
22. Gatekna tulisan ing ngisor iki!

tulisan ing ndhuwur migunakake sandhangan panyigeg wanda arupa ....


A. Layar
B. Wignyan
C. Cecak
D. Pepet
E. Pangkon
23. Gatekna tulisan ing ngisor iki!

tulisan ing dhuwur migunakake aksara murda arupa ....


A. Na
B. Ka
C. Ta
D. Sa
E. Pa
24. Nulis swara “I” migunakake aksara swara sing ....
A.
B.
C.
D.
E.
25. Farah lara untu
ukara ing dhuwur menawa ditulis mawa aksara Jawa kang trep yaiku ....
A.

B.

C.

D.

E.
B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki
1. Jlentrehna apa iku kang diarani minangka guru gatra!
2. Jlentrehna apa iku kang diarani minangka guru wilangan!
3. Jlentrehna apa iku kang diarani minangka guru lagu!
Gatekna tembang macapat ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no. 4-5
Dadi bocah kudu sregep yen sinau
Ben ora rekasa
Sinaune ditenani
Yen wis sukses aja lali mring wong tuwa
4. Tulisen guru wilangan lan guru lagu tembang macapat ing dhuwur!
5. Jelasna tuladha becik kang bisa kapethik saka tembang macapat ing dhuwur!

Anda mungkin juga menyukai