Anda di halaman 1dari 6

SMP IPIEMS SURABAYA

TAHUN PELAJARAN 2021-2022


PENILAIAN AKHIR SEMESTER GANJIL

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah (Basa Jawa)


Kelas/Semester : VIII (Delapan)/ Ganjil
Waktu : 60 Menit
Penyusun : Ismukaca, S.Pd., M.M

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi milih salah siji wangsulan sing
bener!

1.Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Ing crita
cekak ngandhut unsur instrinsik lan ekstrinsik. Unsur instrinsik yaiku unsur sing ana
sajrone cerkak. Sing kalebu unsur intrinsik ing crita cekak yaiku ...
A. pendidikan
B. amanat
C. kabudayan
D. pariwisata

2. Ing ngisor iki sing kelebu struktur teks saka cerita cerkak (cekak) yaiku ....
A. Pambuka, (Orientasi), Pasulayan (Komplikasi), Pangudhare Prakara(Resolusi)
B. Identifikasi, klarifikasi/definisi, deskripsi bagean
C. Pambuka, Surasa/isi, Panutup
D. Pambuka (Orientasi), panutup (reorientasi)

3. Wong tuwa setengah umur sing duwe jeneng Pakdhe Jono kuwi ing sekolahan akrab
banget karo sapa wae. Wong-wong sing kapinujon mlaku lan simpangan karo dheweke
mesthi manthuk, mesem, sajak rumaket banget. Pancen ora ana wong sing duwe rasa
wedi marang dheweke. Pakdhe Jono dudu guru, dudu kepala sekolah, uga dudu
penjabat, salah sawijine tukang kebon. Pethikan (kutipan) teks crita cekak (cerkak)
kasebut unsur instrinsik yaiku ... .
A. alur
B. paraga
C. setting
D. amanat

4.
Nalika dina liburan akhir taun pelajaran wingi, aku sowan menyang daleme simbah ing
Patrang, Jember. Awit patang jam perjalanan ing bis saka Surabaya menyang Jember
gawe awakku rada lungkrah. Ora krasa aku keturon ing angkot. Bareng tangi Pak Sopir
angkot ngendika, “Dhik wis tekan terminal Arjasa.” Aku kaget lan bingung. Mulane aku
enggal-enggal mudhun saka angkot lan takon marang Pak Sopir angkot jurusan Arjasa-
Tawang Alun. Aku enggal mlebu angkot, bali maneh numpak angkot jurusan Tawang
Alun. Pesen moral sing bisa dijupuk saka pethikan cerkak kasebut yaiku ....

A. Yen kesasar lan bingung luwih becik bali mulih maneh.


B. Aja kerep turu ing angkot mundhak kesasar banjur kaget lan bingung.
C. Yen keturon ing angkot aja bingung, luwih becik bali mulih.
D. Yen kesasar luwih becik takon marang wong sing sekirane luwih ngerti.

5.
Jinise karya sastra gagrag anyar (modern) kang nyritakake perangane uripe paraga, sing
wutuh, ana padudon (konflik) sing nrenyuhake utawa nyenengake sing ora gampang
dilalekake diarani….
A. cerkak
B. geguritan
C. parikan
D. macapat
6. Sajroning crita cekak kasebut ana amanat/pesen sing bisa dijupuk kanggo piwulangan
budi pakerti utawa tepa palupi. Uga bisa kanggo nambah kawruh bab-babagan budi
pakerti. Maksude piwulangan ana ing crita cekak kasebut, yaiku….
A. obah mosike utawa perilakune paraga-paraga sing becik bisa digambar.
B. obah mosike utawa perilakune paraga-paraga sing becik bisa diconto.
C. obah mosike utawa perilakune paraga-paraga sing becik bisa ditulis ana ing buku.
D. obah mosike utawa perilakune paraga-paraga sing becik ora bisa ditrima .

7. Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar nanging ora ngemu surasa
pepindhan diarani…
A. paribasan
B. bebasan
C. saloka
D. geguritan

8. Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan sing
dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong diarani…
A. paribasan
B. bebasan
C. saloka
D. geguritan

9. Unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan sing
dipindhakake wonge diarani…
A. paribasan
B. bebasan
C. saloka
D. geguritan

10. Adigang adigung adiguna tegese…


A. gendelake kekuwatate
B. ngendelake kaluhurane
C. ngendelake kapinterane.
D. ngendel-endelake kekuwatate, kaluhurane, lan kapinterane

11. Melu seneng nanging ora melu ngetokake wragad, yen dibebasanake dadi……
A. Embat-embat celarat
B. Emban cindhe, embank siladan
C. Emprit abuntut bedhug
D. Keplok ora tombok

12. Wong bodho kanggone yen dhong kekurangan wae, yen diparibasanake dadi….
A. Dicuthat kaya cacing
B. Timun wungkuk jaga imbuh
C. Banyu pinerang
D. Ana catur mungkur

.13. Nuruta awit binyen saiki uripku ora susah. Tembung nuruta duwe teges….
A. akon nurut
B. umpama nurut
C. sanajan nuru
D. muga-muga nurut

14. Wong tuwa sing njaluk wulang marang anak, yen disalokaake dadi.
A. rebut balung tanpa isi
B. nulung menthung
C. ngubak-ubak banyu bening
D. kebu nusu gudel

15. Baladewa ilang gapite, tegese….


A. ilang saktine
B. ilang pangkate
C. ilang ilmune
D. ilang keluhuruane

16. Ketula tula ketah, tegese


A. njajah (lelungan menyang ngendi-ngendi)
B. mung melu-melu bae, ora ngerti karepe
C. barang kang ora nduweni aji babar pisan.
D. wong kang tansah nandang rakasa.

17. Raden Werkudara satriya kang gagah . . . . Tembung gagah ing ukara kasebut becike
diisi nganggo tembung….
A. bala
B. rekasa
C. prakosa
D. upakara

18. Budi bocahe ngajeni banget karo wong liya, watake andhap asor lan ngerti marang
suba... Tembung sing mathuk kanggo jangkepi ukara ing dhuwur yaiku….
A. cara
B. sita
C. krama
D. tata

19. Ing ngisor iki kalebu tuladhane tembung garba sutra-ye yaiku….
A. kapireng + arsa = kapyarsa
B. lumaku + ing = lumakweng
C. tumuju + ing = tumujweng
D. maha + karya = mahkarja

20 Ing ngisor iki kalebu tuladhane tembung garba sutra-wam, yaiku….


A. kadi + kaya = kadya
B. kapireng + arsa = kapyarsa
C. lumaku + ing = lumakweng
D. maha + karya = mahkarja

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi milih bener luweh saka siji!

21. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!

A. Aku arep budhal dhisik.


B. Panjenengan menapa sampun nampi serat kula.
C. Griya gedhe menika dalemipun Pak Gunawan.
D. Presiden Soekarno seda ing tanggal 21 Juni 1970.

22. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!

A. Ngoko alus yaiku basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung krama inggil
kanggo wong sing diajak omong.
B. Aku arep lelunga menyang Solo. Tuladha kasebut kalebu ngoko lugu.
C. Kawula arep pepara menyang Solo. Tuladha kasebut kalebu ngoko alus,
D. Basa krama alus yaiku basa krama sing tembung-tembunge alus lan kacampuran
tembung-tembung krama inggil kanggo wong sing diajak guneman.

23. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!

A. Kawula badhe pepara dhateng Nganjuk. Tuladha kasebut kalebu krama alus
B. Rama badhe pinarak dhateng pundi? Tuladha kasebut kalebu krama alus
C. Kula badhe kekesahan dhateng Nganjuk Tuladha kasebut kalebu krama lugu
D. Bapak badhe lenggah dhateng pundi? Tuladha kasebut kalebu ngoko lugu

24. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!
Ya iku sing nggarahi aku gak kendhat sojud sokur nang Gusti Allah sing wis maringi aku
kabegjan gedhe, luwih gedhe timbang sing takkarepna, luwih akeh timbang sing takjaluk.
Tas tak kekep, isine ya laptop cilik, daftar nilaine mahasiswaku, buku kerja, suri cilik,
saputangan, dhompet, kacamata, karo obat ngelu. Taksawang apa ae sing ketok nang
mripatku, wit-witan penggir dalan, wong muggah-modhun bis, wong dodol, wong amen,
wong ngemis, kabeh takuncali esemku, nik onok sing manthuk ya takbales manthuk
luwih manteb. Amit sewu ya, nik oleh blaka, aku iki termasuk wong sing blater ter-ter!
Gak sombung, gak merga aku profesor terus moh nyapa wong cilik, gak Rek! Seje aku!
A. Paraga Aku ing cuplikan cerkak kasebut nduweni watak blater.
B. Sing kalebu paraga ana ing crita cerkak ing dhuwur yaiku.aku.
C. Paraga aku gak kendhat sojud sokur nang Gusti Allah amerga kabegjan gedhe, luwih
gedhe timbang sing takkarepna, luwih akeh timbang sing takjaluk.
D. Tas sing dikekep dening paraga aku isine ya dhuwek sakmilyar, daftar nilaine
mahasiswane, buku kerja, suri cilik, saputangan, dhompet, kacamata, karo obat
ngelu.

25. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji! Kanthi andhedasar
teks cerkak ing ngisor iki!

“Kang Warina, tegalan sampeyan ngarep iki arep sampeyan tanduri apa?”pitakone
Marta menyang Warina.
“Tak tanduri jagung,” wangsulane Warina.
“Sampeyan iki piye ta. Iki rak ngarepake mangsa ketiga. Mengko wayahe dhangir
wis ora ana udan. Rak mung mbuwang-mbuwang dhuwit wae. “
“Perkara udan, sing nggawe udan rak dudu awake dhewe ta, Ta.”
“Ya pancene. Ning rak ya kudu dipetung.”

A. Kepriye watake paraga Kang Warina ana ing crita cekak kasebut egois.
B. Papan wektu ana ing crita cekak kasebut yaiku mangsa rendeng.
C. Pitutur sing kinandhut ing crita cekak kasebut yaiku yen kita diwenehi pitutur dening
wong liya kudu tansah diresepi kanthi pemarthi.
D. Papan panggonan ana ing crita cekak kasebut yaiku tegalan.

26. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!

A. Wawancara babas yaiku wawancara sing sawatara apa sing ditakonake ora disusun
utawa disiyapake luwih disik.
B. Wawancara kapimpin yaiku wawancara sing sawatara apa sing ditakonake wis
disusun luwih disik.
C. Wawancara kelompok yaiku wawancara sing ora winates utawa ora kaiket
D. Wawancara individual yaiku wawancara sing ditindake dening sawijine pewawancara
klawan sawijine informan.

27. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!

A. Pitakonan apa? Maksude masalah apa sing diinformasikake utawa sing diwartakake.
B. Pitakonan sapa? Maksude sapa wae paraga sing kadhapuk sajroning pawarta
kasebut.
C. Pitakonan kepriye? Maksude kapan wektu dumadine kedadeyan sing diinformasikake
utawa sing diwartakake
D. Pitakonan ing ngendi? Maksude ing ngendi papan dununge kedadeyan kang
diinformasikake.

28. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!

A. Ora kalebu Fasilitas utawa piranti kanggo wawancara wis sumadya, kayata : buku
cathetan, tape recorder, kamera, lsp.
B.Sakkepenake marang narasumber (wong kang kita wawancarai).
C.Njaga supaya ora dadi engkel-engkelan, jalaran kang wigati nakokake samubarang
kang durung dimangerteni.
D.Apa kang diomongake narasumber iku kang kita kutip.
29. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!
A. Purwakanthi Guru Swara yaiku gathuke swara (vokal) sing dedunung ana ing mburi
karo sing wis kasebut ing ngarep
B. Purwakanthi Guru Sastra yaiku gandhenge sastra (konsonan) sing dedunung ana
ing mburi karo sing wis kasebut ing ngarep.
C. Purwakanthi Guru Lagu yaiku purwakanthi kang awewaton rujuking wanda
wekasane gatra ngarep karo wanda sing dhisik gatra sing mburi.
D. Wangsalan yaiku unen-unen awujud cangkriman dikantheni jawabane pisan, sanajan
jawaban mau among nyrempet bae.

30. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji! Kanthi andhedasar
titikane (ciri-ciri) crita cekak!
A. Migunakake basa gancaran.
B. Isine bab lelakon utawa kedadeyan ing urip bebrayan.
C. Ora ana paraga utama lan paraga panyengkuyung (pemeran pembantu).
D. Dawane crita cukupan ngluwihi sepuluh lembar yen ditulis tangan.

31. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!

A. Loro-lorone padha awujud pawarta kang dhuweni tujuan ngenalake, wara-wara,


nawarake barang, jasa, acara kegiatan diarani Iklan lan reklame
B. Iklan utawa reklame bisa ditemokake ana ing ngendi wae salah sijine yaiku dluwang
putih
C. Media elektrik salah sijine kang bisa digawe nulis utawa dirungokake iklan yaiku
internet
D. Ing ngisor iki salah sijine kang kalebu arikalane gawe iklan lan reklame yaiku Gawe
seriking produsen liya

32. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!
A. Dipasang nganggo plakat ing panggonan kang gampang didelok wong arupa yaiku
Reklame
B. Supaya bisa maca kanthi ekspresif iklan utawa reklame, salah sijine bab sing kudu
digatekake yaiku Mangerteni isine lan karepe iklan utawa reklame sing diwaca, nuli
dirasakake
C. Ing ngisor iki salah sijine kalebu carane nggarap iklan utawa reklame yaiku Ora
perlu gatekake nuansa estetis
D. Wacanen iklan utawa reklame mau bola-bali amrih bisa ngerteni isine. Ukara ing
dhuwur kalebu arikalane apa Arikalane weruh iklan utawa reklame

33. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!
A. Bakiak, manga dipun cobi rumiyin, tak jamin ora bakal gelo. Tuladha iklan ing
dhuwur kalebu iklan apa? Kesehatan
B. Yen kaline resik, uripe becik. Tuladha iklan ing dhuwur kalebu iklan apa?
Lingkungan
C. Yen kowe kepingin sepatu tukua ing supermarket. Tembung tukua dewe teges,
yaiku Tukua duwe teges akon tuku.
D. Tukua dhek wingi aku oleh barang. Tembung tukua dewe teges, yaiku Tukua duwe
teges akon tuku.

34. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!
A. Tukua dhek wingi aku oleh barang. Tembung tukua dewe teges, yaiku Tukua duwe
teges umpama tuku.
B. Tukua sepatu ya adhiku kareben oleh barang sing apik. Tembung tukua dewe
teges, yaiku Tukua duwe teges akon tuku.
C. Tukua dhek wingi aku oleh barang. Ukara ing dhuwur kalebu tuladhane ukara agnya
D. Yen kowe kepingin sepatu tukua ing supermarket. Ukara ing dhuwur kalebu
tuladhane ukara agnya

35. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener luwih saka siji!
Jinise iklan manut wujude kapilah ana papat, yaiku :
A. Iklan baris uga diarani iklan cilik, wujude dumadi saka sawatara baris wae.
B Iklan mawa sandi yaiku iklan kang wujude mawa gunakake sandi wae.
C. Iklan keluarga yaiku iklan kang isine warta keluarga.
D. Iklan mini yaiku iklan baris kang tujuane aweh weruh marang wong sathithik.

Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener utawa salah!

36. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener utawa salah!
Purwakanthi Basa/Lumaksita yaiku purwakanthi kang awewaton rujuking wanda
wekasane gatra ngarep karo wanda sing dhisik gatra sing mburi.

37. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener utawa salah!

Sajroning crita cekak kasebut ana amanat/pesen sing bisa dijupuk kanggo piwulangan
budi pakerti utawa tepa palupi. Uga bisa kanggo nambah kawruh bab-babagan budi
pakerti. Maksude piwulangan ana ing crita cekak kasebut, yaiku obah mosike utawa
perilakune para paraga sing becik bisa digambar

38. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener utawa salah!

“Dadi aku luwih nengenake kepentingane wong kang isih urip. Mula wit asem buntung
kae tetep dakrubuhake, supaya anak putu luwih gampang uripe. Rubuhe wit asem
buntung, banjur arep dakgawe pasar, supaya desa saya rame.” Pethikan cerkak mau
nggambarake bageyan tentangan/konflik

39. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener utawa salah!

“Saben sawah bakal dakgawe sumur gedhe. Pokoke warga desa ora prelu sumelang.
Waton desane dhewe duwe pasar, para warga butuh samubarang dadi gampang. Saben
wektu akeh bakul sing padha mara mrene. Kuwi kabeh pancen mbutuhake
pangurbanan. Kudu ekhlas, yen wit asem buntung kae bakal dakilangi sakoyot-oyote.”
Bageyan pethikan cerkak kasebut kalebu resolusi

40. Pranyatan (pernyataan) ing ngisor iki pilihen bener utawa salah!
Ya iku sing nggarahi aku gak kendhat sojud sokur nang Gusti Allah sing wis maringi aku
kabegjan gedhe, luwih gedhe timbang sing takkarepna, luwih akeh timbang sing takjaluk.
Tas tak kekep, isine ya laptop cilik, daftar nilaine mahasiswaku, buku kerja, suri cilik,
saputangan, dhompet, kacamata, karo obat ngelu. Taksawang apa ae sing ketok nang
mripatku, wit-witan penggir dalan, wong muggah-modhun bis, wong dodol, wong amen,
wong ngemis, kabeh takuncali esemku, nik onok sing manthuk ya takbales manthuk
luwih manteb. Amit sewu ya, nik oleh blaka, aku iki termasuk wong sing blater ter-ter!
Gak sombung, gak merga aku profesor terus moh nyapa wong cilik, gak Rek! Seje aku!
Sing kalebu paraga ana ing crita cerkak kasebut yaiku Kowe

Anda mungkin juga menyukai