Anda di halaman 1dari 10

BIO/US/SMA KAB KARANGANYAR/2016-2017 1

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TENGAH


DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2016 / 2017

SMA NEGERI 1 KARANGANYAR

PETUNJUK UMUM
1. Berdoalah terlebih dahulu sebelum mengerjakan soal.
2. Periksalah Naskah Soal yang Anda terima sebelum mengerjakan soal, yang meliputi :
a. Kelengkapan jumlah halaman atau urutannya,
b. Kelengkapan dan urutan nomor soal,
c. Kesesuaian nama mata pelajaran yang tertera pada naskah soal,
3. Laporkan kepada pengawas ruang apabila terdapat lembar soal, nomor soal yang tidak lengkap atau tidak
urut, rusak atau robek untuk mendapat gantinya.
4. Tulislah nama dan nomor peserta pada kolom yang disediakan.
5. Soal terdiri dari pilihan ganda dan isian.
6. Tidak diijinkan menggunakan kalkulator, HP, tabel matematika, atau alat bantu hitung lainnya.
7. Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas ruang.
8. Mintalah kertas buram kepada pengawas ruang, bila diperlukan.

PETUNJUK KHUSUS :
1. Pilihlah satu jawaban yang paling benar dari pilihan ganda A, B, C, D, atau E pada Lembar Jawab yang
disediakan!
2. Isilah dengan jawaban singkat jelas dan benar pada soal isian!

oOo -- SELAMAT MENGERJAKAN -- oOo


UTAMA - KUR-13 BHS.JAWA/US/2016-2017 1

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Sabtu, 18 Maret 2017


Kelas : XII - IPA/IPS Waktu : 07.30 - 09.30 (120 menit)

yogyanira kang para prajurit


lamun bisa sira anulada
duk ing nguni caritane
andelira Sang Prabu
Sasrabau ing Maespati
aran Patih Suwanda
lelabuhanipun
kang ginelung tri prakara
guna kaya purune kang den antepi
nuhoni trah utama
1. Tembang macapat ing dhuwur yaiku ….
A. Kinanthi
B. Maskumambang
C. Dhandhanggula
D. Megatruh
E. Gambuh
2. yogyanira kang para prajuritateges ….
A. becike kang ditindake para prajurit
B. lelabuhan kaperang telung prakara
C. guna, kaya, purun kang diantepi
D. Prabu sasrabahu ing Maespati
E. Patih Suwanda
3. kang ginelung tri prakaraateges ….
A. becike kang ditindake para prajurit
B. lelabuhan kaperang telung prakara
C. guna, kaya, purun kang diantepi
D. Prabu sasrabahu ing Maespati
E. Patih Suwanda
4. Paraga utama tembang ing dhuwur yaiku ….
A. becike kang ditindake para prajurit
B. lelabuhan kaperang telung prakara
C. guna, kaya, purun kang diantepi
D. Prabu sasrabahu ing Maespati
E. Patih Suwanda
5. Teteken tekun bakal ketekan kang sinedya. Pratelan kasebut yen diwaca krasa rasa endah, amarga
nggunakake basa rinengga kang diarani ….
A. titi wacana
B. nggunakake purwakanthi.
C. cacahing wanda saben gatrane padha.
D. sapada ngemot patang gatra utawa luwih.
E. tibane swara ing pungkasane gatra runtut.
6. Geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup kang becik lan bener kang tinulis
kanthi ringkes yaiku ….
A. Elegi D. Epigram
B. Himne E. Romance
C. Balada
UTAMA - KUR-13 BHS.JAWA/US/2016-2017 2

7. Geguritan kang surasane babagan katresnan. Tresna ora mung antarane sisihan, nanging tresna ing maneka
warna bab yaiku ….
A. Elegi D. Epigram
B. Himne E. Romance
C. Balada
8. Maca geguritan iku ora mung bisa maca kanthi becik, nanging kang luwih prayoga uga ngerti wayah lan
wektu papan kang kanggo maca. Mula saliyane maca pamaca geguritan kudu bisa .…
A. ngonceki (ndhudhah) geguritan
B. manut kang nglatih
C. milih geguritan
D. analisis situasi
E. gegladhen
9. Sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi pepincren-
peprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane) yaiku....
A. narasi D. eskposisi
B. persuasie E. argumentasi
C. deskripsi
10. Unen-unen kang ajeg panganggone mawa surasa tartamtu. Wujude racikaning tembung kang ndhapuk ukara,
ngemu teges entar lan ngemu pasemon yaiku....
A. isbat
B. saloka
C. sanepa
D. paribasan
E. wangsalan
Nglangkahi Gamelan
Nalika ana kanca kang takon,”kena apa ora entuk nglangkahi gamelan?’ rada ewuh anggonku arep
mangsuli. Awit, mesthine sampeyan kabeh bisa mangerteni yen salah kaprahe para sepuh dhek mben
menawa paring pituduh kuwi kulina nganggo cara kang ora wantah. Kalebu aku dhewe nampa wanti-wanti
saka simbah bab ora entuk nglangklahi gamelan. Simbah amung ngendika, “ora ilok” nalika tak suwuni
priksa nengapa sebabe dene nganti ora entuk nglangkahi gamelan.
Ing sak banjure, nalika aku ketemu kanca kang tak anggep luwih ngerti bab kabudayan, pitakonan “kena
ngapa ora entuk nglangkahi gamelan?’ kuwi genti tak takokake marang dheweke. Bareng nampa pitakonku,
jebul dheweke ora mbutuhake wektu kang bingung kaya dene aku nalika nampa pitakonan kasebut. “Yen
dudu awake dhewe sing ngeman, ngopeni, lan ngajeni, njur sapa sing arep gelem ngrumat gamelan?” mengkono
wangsulane.
Saiki wis rada entheng. Sing genah, saiki yen ana sing paring pitakonan wis ana candhakane. Menawa
dinalar, pancen bener. Sapa sing arep saguh ngleluri kejaba sampeyan kabeh lan aku? Sanajan sa-nglangkahi,
kuwi wis bisa kagolong tumindak kang nuduhake marang wong liya, menawa sampeyan lan aku mratandhakake
wis ora eman maneh marang bandhane dhewe, mangka salah kaprahe, sampeyan lan aku kuwi kulina nesu,
gela, mangkel, kepara ngundamana. Nalika ana wong kang wani nyenggol barang kang dudu duweke. Tuladhane,
lagi pacaran, durung dadi bojone wae, menawa dilirik wong liya, peksane mencak-mencak, apa maneh yen
dijawil. Ora kleru yen ana unen-unen “sadumuk bathuk sanyari bumi”.
Dadi menawa dinalar, wewaler bab nglangkahi gamelan kuwi ora jalaran menawa diterak, terus ndadekake
lara utawa ketiban alangan/kena walat. Nanging luwih nandhesake menawa tata krama iku ora amung
diwulangake kanthi cara lesan. Mulang tata krama ikuuga kudu nganggo tuladha kang awujud tumindak. Aja
amung dupeh bisa prentah. Nanging kudu bisa dadi tuladha, kepiye carane ngajeni dhiri-pribadi.
Kapethik saka: Harian Jogja
11. Wacan kasebut ngrembug babagan......
A. wewarah D. kasusilan
B. wewaler E. kapinteran
C. bebrayan
UTAMA - KUR-13 BHS.JAWA/US/2016-2017 3

12. Sejatine tegese wewaler ing wacan kasebut yaiku.....


A. kepiye cara ngajeni diri pribadi
B. ora ilok nglangkahi gamelan
C. nuduhake marang wong liya
D. unen-unen kang salah kaprah
E. ndadekake lara utawa ketiban alangan/kena walat
13. Apa tema wacan ing ndhuwur?
A. wewaler D. sosial
B. kesenian E. mitos
C. budaya
14. Paribasankang surasane pinter iku bisa kanthi sinau kang tenananyaiku ....
A. tatune arang kranjang
B. adigang, adigung, lan adiguna
C. ngetan bali ngulon apa sedyane kelakon
D. sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti
E. supaya pinter kudu cengkir, ngencengke pikir
15. Corak batik gurda iku duwe makna..
A. nyuwun pangapura karo wong tuwa
B. kudu duwe rasa tepa slira marang kanca
C. manungsa kang nyata iku becik martabate
D. dadi manungsa kudu aja seneng gawe laraning liyan
E. duwe karep supaya apa kang ginayuh bisa kawujudan
16. Wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi
kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangreten pamaos isa mundhak. Panulisane iki isa ditindakake
lumantar sadhengah cara penjelasan, ing antarane penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi. Wacana iku
diarani ....
A. argumentasi D. persuasi
B. eksposisi E. narasi
C. deskripsi
17. Kang diarani data faktual, yaiku....
A. sawijining kahanan kang kanyatan kedadeyane, ana, lan isa asipat historis (isa dicritakake kanthi cetha)
B. fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyaknan
C. sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta;
D. basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional
E. njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan
18. Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki, kajaba...
A. njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan;
B. sumber saka crita kang ora dunung sapa sing gawe.
C. mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta;
D. nggoleki sumber idesaka : pengalaman, pengamatan, sikap lan keyakinan.
E. mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake kang angka, peta statistic, grafik, organigram, gambar,
lan sapiturute;
19. Gaya panulise wacana eksposisi becike kudu....
A. akeh nggunakake basa rinengga
B. sakperangan kudu disingitake
C. informatif lan ngyakinake
D. gawe was-was lan tintrim
E. nurut saka welingan
UTAMA - KUR-13 BHS.JAWA/US/2016-2017 4

20. Nalika nulis wacana eksposisi yen ora diwatesi nganggo cengkorongan bakal nyebal saka tema utawa topik
kang wis ditemtokake Njlentrehake supaya bisa cetha pancen kudu nggunakake basa kang njlimet lan
cetha, nanging sanajan dawa tulisane yen ora cetha ora ana gunane. Mula saka iku wacana eksposisi iku ora
kena ....
A. ngayawara supaya katon akeh tulisane
B. tanpa rasa subjektif lan emosional
C. adhedhasar karep saka panulise
D. subyektif lan emosional
E. cekak aos
21. Perangan gamelan kang digantung yaiku....
A. kendhang D. rebab
B. slenthem E. gong
C. kenong
22. Perangan gamelan kang wilahane wujude blebekan segi papat rada tipis yaiku....
A. kendhang D. rebab
B. slenthem E. gong
C. kenong
23. Carane nabuh kendhang yaiku....
A. digesek
B. disebul
C. dikeplak
D. dithuthuk
E. dijenggung
24. Tembang mcapat kang watake kenes, nyenengake, lan bisa digunakake ing saben wayah lan wektu yaiku….
A. Maskumambang
B. Dhandhanggula
C. Asmaradana
D. Kinanthi
E. Durma
25. Yen rinasa maknane lan piweling kang sinandi ing crita dumadine aksara Jawa iku duwe karep kang bisa
dijupuk becike. Dene perangan kang ateges padha digdayane/sektine yaiku ....
A. nglegena
B. hanacaraka
C. datasawala
D. padhajayanya
E. magabathanga
26. Kang dudu tindak kang prawira yaiku ...
A. prawireng yuda
B. sembada karya
C. tatag tanggon
D. luhuring budi
E. aluwamah
27. Tokoh wayang kang mbelani negara lan wani mbantah karo sedulur kang tumindak nistha yaiku….
A. Arjuna Sasrabahu
B. Patih Suwanda
C. Adipati Karna
D. Kumbakarna
E. Wibisana
UTAMA - KUR-13 BHS.JAWA/US/2016-2017 5

28. Sedulur enome Dasamuka kang ora sarujuk karo tumindake, lan malah suwita marang Prabu Ramawijaya
yaiku….
A. Arjuna Sasrabahu D. Kumbakarna
B. Patih Suwanda E. Wibisana
C. Adipati Karna
29. Pathokan tembang Kinanthi, yaiku….
A. 12i, 6a, 8i, 8a
B. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
C. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
D. 8a, 11i, 8i, 7u, 12a, 8u, 8a
E. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
30. Pathokan tembang Dhandganggula yaiku ....
A. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
B. 8a, 11i, 8i, 7u, 12a, 8u, 8a
C. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
D. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
E. 12i, 6a, 8i, 8a
Marma den taberi kulup
angulah lantiping ati
rina wengi den anedya
pandak panduking pambudi
bengkas kahardaning driya
supaya dadya utami
31. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku ….
A. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake perkara.
B. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane.
C. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu
D. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati.
E. Aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-ati.
Sirnakna semanging kalbu
den waspada ing pangeksi
yeku dalaning kasidan
sinuda saka sethithik
pamothahing nafsu hawa
linalantih mamrih titih
32. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku ….
A. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake perkara.
B. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane.
C. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu
D. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati.
E. Aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-ati.
33. Ancas eksposisi ikukudu tanpa rasa subjektif lan emosional. Mula ing perangan iki uga wigati banget. Perangan
iki kalebu pathokan panulise eksposisi ing babagan ….
A. ringkesan eksposisi
B. sinopsis eksposisi
C. gaya eksposisi
D. basa eksposisi
E. isi eksposisi
UTAMA - KUR-13 BHS.JAWA/US/2016-2017 6

34. Ing budaya Jawa ana wewaler kang nyebutake yen wong ing pasarean iku ora ilok nglungguhi kijing, apa
maneh ing perangan sirah. Bab iku ngemu piwulang becik ....
A. urmat
B. kuwalat
C. ngisin-isini
D. wedi dipripeni
E. danyange ngamuk
35. Pituture piyayi sepuh bandha iku mung titipan, dadi sawayah-wayah dijaluk karo sing duwe manungsa ora
bisa selak. Pratelan kasebut ateges ….
A. pangkat lan bandha ora dadi pepesthen bisa urip
B. pangkat lan bandha bisa ilang sawayah-wayah
C. pangkat lan bandha kudu diudi ing donya
D. pangkat lan bandha ndadeke kawibawan
E. pangkat lan bandha bakal digawa mati
36. Manungsa urip ing ngalam donya iki kalamangsa kurang sukur, mula anggone golek bandha nganggo cara
apa wae sanajan nerak wewaler. Nanging nyatane bandha iku sumandhing marang manungsa kang makarya.
Nanging kawibawan manungsa ora diukur saka akeh sithike bandha, nanging saka pakartine. Pratelan kasebut
ateges ….
A. pangkat lan bandha bakal digawa mati
B. pangkat lan bandha ndadeke kawibawan
C. pangkat lan bandha kudu diudi ing donya
D. pangkat lan bandha bisa ilang sawayah-wayah
E. pangkat lan bandha ora dadi pepesthen bisa urip
37. Pawongan kang duwe panjangka naging ora ngukur kahanan diarani ….
A. adigang, adigung, adiguna
B. ancik-ancik pucuking eri
C. cebol nggayuh lintang
D. ana catur mungkur
E. tumbu oleh tutup
38. Kancaku duwe sipat ora seneng ngrembug liyan, saben ana kanca mlumpuk rasan-rasan mesthi dheweke
ngalih. Sipat iku diparibasakake ….
A. adigang, adigung, adiguna
B. ancik-ancik pucuking eri
C. cebol nggayuh lintang
D. ana catur mungkur
E. tumbu oleh tutup
39. Sampeyan menawi badhe mantuk sumangga, kula nengga wonten ngriki. Basa kang digunakake pratelan
kasebut yaiku .…
A. ngoko lugu
B. ngoko andhap
C. krama andhap
D. krama alus
E. krama
40. Bapak ibu kula nyuwun pangestu penjenengan anggen kula ngayahi ujian sekolah mugi-mugi pinaringan
rahayu wilujeng, saha pikantuk asil ingkang sae. Basa kang digunakake pratelan kasebut yaiku ….
A. ngoko lugu
B. ngoko andhap
C. krama andhap
D. krama alus
E. krama
UTAMA - KUR-13 BHS.JAWA/US/2016-2017 7

41. Manungsa tansah eling lan waspada. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

A.

B.

C.

D.

E.

42. Kabecikan kanggo entuk kamulyan sejati. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

A.

B.

C.

D.

E.

43. Bisa mangun sesrawungan ing ngendi wae. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …

A.

B.

C.

D.

E.

44. Lumantar prihatin nuwuhke lantiping ati. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…

A.

B.

C.

D.

E.
UTAMA - KUR-13 BHS.JAWA/US/2016-2017 8

45. Ngendika nulad tembung lan tata krama. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…

A.

B.

C.

D.

E.

46. Tansah ngudi urip rukun lan ayem. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku….

A.

B.

C.

D.

E.

47. Kautaman lan kawicaksanan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku….

A.

B.

C.

D.

E.

48. Rembug manis amung lamis. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku….

A.

B.

C.

D.

E.
UTAMA - KUR-13 BHS.JAWA/US/2016-2017 9

49. Kautaman lan kawicaksanan. Yen tinulis nganggo aksara Jawa yaiku ….

A. D.

B. E.

C.

50. Kawicaksanan nuwuhake rasa adil. Yen tinulis nganggo aksara Jawa yaiku ….

A.

B.

C.

D.

E.

II. Wangsulana kanthi premati!


1. Gancarna geguritan ing ngisor iki nganggo basamu dhewe!
Jaman kalabendu
Dening : Supono SPd

Duking uni Ki Ronggowarsito wus paring jangka laku


Ing mbesuk bakal nemoni jaman kalabendu
Wong-wong padha ngedan mbeburu napsu
Jagad bakal dadi sungsang bawane balik
Wong -wong padha lena hanggendhong melik
Pranatan dhatan karuan bisa den wolak-walik
Jaman kalabendu wus lumaku,
Para pangarsa pangembating praja pamonge kawula
Tan bisa tinuladha amung mentingake butuhe priyangga
Mbujung cukup golek kurup wekasan banjur korup.
Para wakiling kawula sing jarene kinurmat
Malah padha kianat lali menawa ngemban amanat
Minangka srana merjuangake aspirasine rakyat.
2. Ana pratelan yen nabuh gamelan iku minangka wewujudan masarakat kang rukun lan urmat. Jlentrehna
pangertenmu !
3. Jlentrrehna maknane pitutur luhur ing ngisor iki!
A. Aja cedhak-cedhak kebo gupak
B. Sakbegja-begjane wong lali isih begja wong kang eling lan waspada
4. Jlentrehna wataking Adipati Karna kang kamot ing Serat Tripama!
5. Tulisen nganggo aksara Jawa!
Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe. Sing sapa lali marang kabecikaning liyan iku kaya
kewan. Titikane aluhur, alusing solah tingkah budi bahasane lan legawaning ati, darbe sipat berbudi bawa
leksana.



Anda mungkin juga menyukai