Anda di halaman 1dari 4

1.

Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA
Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu guru
miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3
Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen
kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3
Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan.
Minangka murwakani atur kula, mangga sami
ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun
Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan
panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan
dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah
kabahagyan.
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana
ingkang dipunwastani
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
2. Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten,
para wnita mliginipun remaja putri kedah cancut
taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita,
sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita kedah
nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita
inggih saged damel aruming bangsa.
Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken
dhateng perangan
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
3. Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati,
kula kinten cekap semanten atur kula, kirang prayogi
menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa
panjenengan sedaya. Sakathahing atur, kula nglenggana
kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau
nyuwun pangapunten sakageng-agengipun. Nuwun.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
4. Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka
sawijining media) kanthi khusus karo interviewee, kang
jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis
karembug bebarengan antarane wartawan lan kang
diwawancarai, diarani
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
5. Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung
kepeneran wae, ora ana jan-janan luwih dhisik karo
interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat
kang lagi lumaku tumuju ana ing montore arep bali,
diarani

a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu


b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
6. Wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki
katrangan, konfirmasi, utawa
panemuinterviewee babagan sawijing masalah utawa
prastawa, diarani
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
7. Wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo
dhiri pribadi lan panemuinterviewee. Pawarta kang
diasilake awujud profil interviewee, ing antarane
identitas diri, lelakon uripe, lan panemu-panemune kang
ana kaitane karo prekara aktual utawa prekara kang
cundhuk karo profesine, diarani
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
8. Wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi
sadhengah interviewee kang mapane pisah, kang
antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta
kang bakale ditulis, diarani
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
9. Setitekna geguritan iki!
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih
Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah
rinasa
Agawe pangungun sadawane gili
Wasana ..
Den semu
Geneya ..?
Panjeriting lintang wengi
Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
miris jebul datan anyandhak
Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku
a. lintang kang njeritd. langit kang kebak mendhung
b. swasana kang petenge. ora katon srengenge
c. lintang kang abyor
10. Tegese tembung ludira ing ukara ludira kadya
kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa yaiku
a. kringet d. angin
b. getih e. geni
c. sirah

11. Wos surasane paragraf kapisan yaiku .


a. Rasa senengd. rasa miris
b. Rasa kangen e. rasa tresna
c. Rasa kaget
12. Wos surasane paragraf kapindho yaiku .
a. Rasa senengd. rasa miris
b. Rasa kangen e. rasa tresna
c. Rasa kaget
13. Kang dadi tema geguritan ing dhuwur yaiku
a. kluwarga d. pitutur kang becik
b. lingkungan e. panguripan
c. kabudayan
14. Medharake utawa mahyakake utawa ngandharake
utawa njlentrehake sabda utawa surasa utawa isi utawa
kawigaten (amanat) marang wong liya yaiku diarani .
a. Tanggap wacana d. wara-wara
b. Kampanye e. sayembara
c. Atur-atur
15. Cengkorongan panulise tanggap wacana kang
surasane sawijining amanat utawa pesen kang
dijlentrehake dening pamaos tanggap wacana yaiku .
a. Sesirah (judul)d. Surasane wedharan
b. Tema e. Basa
c. Subtema
16. Cengkorongan panulise tanggap wacana kang
surasane purwaka, bab-bab kang wigati karembug,
undheraning rembug, kesimpulan, panemu pamedhar
sabda, wasana rembugan kang bisa urut, imbang,
gembleng, nalar, nyata, sarta migunani yaiku .
a. Sesirah (judul) d. Surasane wedharan
b. Tema e. Basa
c. Subtema
17. Dene wose medhar sabda kang surasane
njumbuhake karo kahanan yaiku
a. sapa kang medhar sabda
b. sepira bayarane
c. apa kang kawedhar
d. kepiye swasanane
e. kepiye tujuwane medhar sabda
18. Dene perangane teks tanggap wacana kang isine
mbagekake lan ngucapake syukur yaiku
a. Pambuka
b. Panutup
c. Salam panutup
d. Surasa basa
e. Satata basa
19. Paragraf ingkang titikanipun ukara baku mapan
wonten perangan kawitan paragraf lan kawiwitan saking

ukara ingkang asipat umum dhateng mligi inggih punika


paragraf .
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
20. Sinta ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan
ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih dadi siswa teladhan
amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib,
lan ora tau nglanggar aturan sekolah. Pratelan kasebut
diarani paragraf
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
21. Ora bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi, lan
ora bisa diwenehi pangapura iku tumindake manungsa
kang ora bener tumraping kekancan, apamaneh ing
ngarsaning Gusti. Pratelan punika kalebet paragraf
a. Deduktif d. Intensif
b. Induktif e. Ekspositoris
c. Deduktif-Induktif
22. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot
cacahe wanda (suku kata) saben sagatra yaiku .
a. Guru wilangan d. purwakanthi
b. Guru lagu e. dong-ding
c. Guru gatra
23. Pathokan panuise tembang macapat kang ngemot
cacahe larik (baris) saben sapada yaiku .
Pratelan kasebut minangka sawijining tuladhane .
a. Guru wilangan d. purwakanthi
b. Guru lagu e. dong-ding
c. Guru gatra
24. Ing ngisor iki diarani tembang macapat
Yen wong anom puniku
kakehan panggunggung dadi kumprung
pengung bingung wekasane pan angoling
yen digunggung muncu-muncu
kaya wudun meh mecothot
a. Sinom d. Gambuh
b. Dhandhaggula e. Pangkur
c. Megatruh
25. Ing ngisor iki diarani tembang macapat
mingkar-mingkuring angkara
akarana karnan mardi siwi
sinawung rsmining kidung
sinuba sinukarta
mrih krtarta pakartining nglmu luhung
kang tumrap nng tanah Jawa
agama agming aji
a. Sinom d. Gambuh
b. Dhandhaggula e. Pangkur

c. Megatruh
26. Sesarengan serat kula punika kula ngaturi pirsa
bilih kawontenan kula sakluwarga ing ngriki pinaringan
kabagaswarasan lan kawilujengan. Pratelan kasebut
kalebu perangane layang kang diarani
a. Satata basad. Titi mangsa
b. Adangiyah e. Peprenahan
c. Purwaka
27. Perangane layang kang nerangake kang ngirim
layang diarani
a. Satata basad. Titi mangsa
b. Adangiyah e. Peprenahan
c. Purwaka
28. Iket menika nganggenipun wonten . boten
wonten kados kalung mawon. yaiku
a. jaja, mustaka d. jangga, palarapan
b. mustaka, netra e. rikma, asta
c. palarapan, jangga
29. Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa
sapadha-padha yaiku .
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
30. Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken
menika nggih. Basa kang digunakake yaiku
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu

34. Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane


Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake
yaiku
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
35. Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan
kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang
digunakake yaiku
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu
II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati !
1. Gawea tuladhane paragraf deduktif lan induktif? Nyiji
wae!
2. Nitik saka guru wilangan lan guru lagune, ing ngisor
iki pathokan kanggo nulis tembang :
a. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
b. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8a, 8u
3. Jlentrehna makna tembang macapat Pocung ing ngisor
iki!
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

4. Kramakna!
Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetung
dolanan tradhisional sing wus cures. Dolanan iki mirip
31. Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun
dolanan pong-pong bolong lan gula ganthi. Ing jaman
sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan
kawuri, dolanan iki kerep-kerepe diparagani bocahawit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang
bocah wadon, nanging bocah-bocah lanang uga akeh
digunakake yaiku
sing seneng dolanan iki. Dolanan uri-uri anjang-anjang
a. krama d. Ngoko alus
widadari kairingan tetembangan. Hamula kuwi, dolanan
b. Krama inggil e. Krama andhap
tradhisional iki kaperang dolanan sing nggladhi ing
c. Ngoko lugu
babagan kawasisan ngracik ukara lan milih tembung.
32. Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane Dolanan iki uga nggladhi pasrawungan tumrap bocahiku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang bocah.
trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku
.
5. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a. krama d. Ngoko alus
pranyata obahe mangsa lan wektu
b. Krama inggil e. Krama andhap
tetep ora bisa nyandhet obahe lakumu
c. Ngoko lugu
pengkuhe tatanan lan kahanan ora kuwawa
ngunjara blegere wujud lan awakmu
33. Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa
bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake
yaiku
a. krama d. Ngoko alus
b. Krama inggil e. Krama andhap
c. Ngoko lugu

KUNCI SOAL BAHASA JAWA KELAS XI


I.
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.

A 11. C 21. B 31. B


B 12. D 22. A 32. B
C 13. E 23. C 33. D
C 14. A 24. D 34. D
D 15. B 25. E 35. A
A 16. D 26. A 36. A
B 17. D 27. E 37. B
E 18. A 28. C 38. C
B 19. A 29. C 39. A
B 20. A 30. A 40. B

II.
1. Kawicaksanan guru.

41. D
42. E
43. A
44. D
45. E

2. a. Dhandhanggula
b. Asmaradana
3. Ngelmu iku kelakon kanthi sinau, nanging pancen
kelakone kudu direwangi rekasa luwih dhisik
(kawicaksanan guru)
4. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetang
dolanan tradhisional ingkang sampun cures. Dolanan
punika saemper dolanan pong-pong bolong lan gula
ganthi. Ing jaman kawuri, dolanan punika asring
dipunparagani lare-lare estri, nanging lare-lare jaler ugi
kathah ingkang remen dolanan punika. Dolanan uri-uri
anjang-anjang widadari kairingan tetembangan. Pramila
punika, dolanan tradhisional punika kaperang dolanan
ingkang nggladhi babagan kawasisan ngracik ukara lan
milih tembung. Dolanan punika ugi nggladhi
pasrawungan tumrap lare-lare.

Anda mungkin juga menyukai