Anda di halaman 1dari 8

LEMBAGA PENDIDIKAN MA’ARIF NU KAB.

BATANG
SMK NUSANTARA BATANG
JL. RE. Martadinata 305 Karangasem Utara 51213 Telp.(0285)392651 Batang

PENILAIAN AKHIR SEMESTER


TAHUN PELAJARAN 2017 – 2018
BIDANG STUDI : B. Jawa HARI/TGL : 8 Desember 2017
KELAS : XII WAKTU : 90 Menit.
JURUSAN : NKPI/TKPI PUKUL : 07.30 - 09.00

1. Isilah nomor tes, nama peserta pada Lembar Jawaban PAS Sesuai petunjuk.
2. Laporkan kepada pengawas ujian apabila terdapat lembar soal yang kurang jelas, rusak atau tidak
lengkap.
3. Tidak diperkenankan menggunakan HP, Kalkulator atau alat bantu hitung lainnya.
4. Periksa pekerjaan Anda sebelum waktu yang ditentukan telah selesai.
5. Lembar soal tidak boleh dicoret-coret.

A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d
utawa e sangarepe wangsulane sing bener!

1. Ari : “ (ndeleng Bu Izah kanthi mangu-mangu) ”


Bu Izah : “Kowe sing dadi ketua kelas ana kene. Kudune kowe sing kudu nduweni
tanggung jawab lan kudu luwih ngerti kahanan kelas iki tinimbang kancamu liyane,
Rio! Ari!”
Latar kadadeyan crita ing dhuwur yaiku. . .
a. Sekolah
b. Pawiyatan
c. Kelas
d. Pinggir dalan
e. Lapangan
2. Ide dasar gagasan utama pesen sing ana ing sajroning naskah utawa ing crita, yaiku. . .
a. Tema
b. Latar
c. Alur
d. Plot
e. Amanat
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no 3 - 5
Rukmini kaget banget nalika ana sing nyenggol pundhake. Ana pawongan gantheng manganggo
sarwa rapi ngadeg ana mburine.
Dimas : Nuwun sewu, panjenengan Ibu Rukmini?
Rukmini : Inggih Pak, panjenengan menika sinten?
Dimas : Kula Dimas petugas ingkang kajibah ndherekaken Pak Ardi, Bu.
Rukmini : Pak Dimas, lajeng pundi Ardi Pak? (swarane Rukmini gropyok, ora krasa eluhe
dleweran nelesi pipi)
Dimas : Pak Ardi dereng saged wangsul sapunika Bu, awit kedah dipunrawat wonten griya
sakit.
Rukmini : kang Ardi, apa kaya ngene? ora ngira lungamu telung taun kepungkur nedya golek
pangupa jiwa malah cilaka.

3. Panulisane wacan ing ndhuwur isih ana sing salah, kudune saben pacelathon diwenehi tandha ....
a. titik (.)
b. petik (“)
c. koma (,)
d. titik loro (:)
e. pitakonan (?)
4. Tembung golek pangupa jiwa tegese ....
a. dolan
b. dodolan
c. mergawe
d. mlancong
e. tilik sedulur
5. Watake Rukmini yaiku ….
a. Pelit
b. Galak
c. Loma
d. Teteg
e. Kesed
6. ?aibumunÔ|tHems\;35;g]m\. Ukara kasebut diwaca . . .
a. Ibu tumbas emas 34 gram.
b. Ibu tumbas emas 34 gram,
c. Ibu mundhut emas 35 gram.
d. Ibu mundut emas 35 gram.
e. Ibu tuku emas 35 gram.
7. ?anikLnJ+ainunWizituku . . . . . . k=[gokirimLy=.
a. mte[rai
b. k/tu[pos\
c. per=[ko
d. [wsel\
e. septu
8. Yen aku lulus pingin kuliyah ing Universitas Negri. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara
Jawa yaiku . . .
a. ? [ynHkululusPizinKliyhai=auni[p+/sitsNeg]i.
b. ?[ynHkululusPizinÑ|liyhai=Uni[p+/sitsNeg]i.
c. ?[ynÓ|lusAkubiskuliyhai=aunipË/sitsNeg]i.
d. ?[ynÓ|lusAkubiskuliyhai=UnipË/sitsNeg]i,
e. ?[ynÓ|lusHku[pzinÑ|liyhai=auni[p+/sitsNeg]i.
9. ?k+utBhmauaisi[nbbJ+kt\. Sing klebu aksara rekan yaiku . . .
a. J+ ln\ +B
b. h ln\ \
c. k+ ln\ au
d. k+ ln\ + J
e. k+ ln\ b+
10. ?k-aiImmTkSihm[aosMjlh. Diwaca. . .
a. Kyai badhe dhahar krupuk nyambi maos majalah
b. Kyai badhe dhahar krupuk lan tasih maos majalah
c. Klalen badhe dahar krupuk lan maos majalah
d. Kyai imam dhahar krupuk nyambi maos majalah
e. Kyai imam taksih maos majalah
11. ?suw_[z ytixg[n;356000;rupiyh. Diwaca. . .
a. Suweng yati regane Rp 356.000
b. Suweng yati regane 356.000 rupiyah.
c. Suwenge yati regane Rp 356.000,
d. Suwenge yati regane 356.000 rupiyah
e. Suwenge yati regane Rp 356.000.
12. ?taunHikiakukels\ :. . . .:
a. 10
b. 11
c. 12
d. 13
e. 14
13. ?fXmMipu[nWonTenPunFi. kawaca ....
a. Dalemipun wonten pundi?
b. Dalemipun wonten pundhi?
c. Dalemippun wonten pundi?
d. Dhalemipun wonten pundhi?
e. Dhalemmipun wonten pundhi?
14. Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang tansah angudi dhumateng pepoyaning
kautamen, saha pantes tinulad tuwin kinabekten.
Perangan atur pasrah lan panampi penganten ing dhuwur kalebu. . .
a. Atur puji syukur d.Wedharing gati
b. Atur kasugengan e. Atur nyuwun pangapunten
c. Atur pakurmatan
15. Namung saderengipun sumangga kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur konjuk
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring panutun dhateng kula
sapangombyong satemah saged sowan wonten papan mriki kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Perangan pasrah lamaran ing dhuwur kalebu. . .
a. Salam pambuka d.Wedharing gati
b. Atur panuwun e. Atur nyuwun pangapunten
c. Atur puji syukur
16. Perangan sesorah sing isine pangarep arep lan ngaturake luput diarani. . .
a. Salam pambuka d.Wedharing gati
b. Atur kasugengan e. Atur nyuwun pangapunten
c. Atur puji syukur
17. Tanggap wacana yaiku. . .
a. Sesorah sing nguroni
b. Sesorah tunggal sing ora kudu ana wangsulan
c. Sesorah mapag rawuhe tamu
d. Sesorah sing kudu ana wangsulan
e. Sesorah sing isine pambukaning atur
18. Saderengipun sumangga kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring panutun dhateng kula sapangombyong
satemah saged sowan wonten papan mriki kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Tembung sapangombyong ing dhuwur, dasanama. . .
a. Rombongan d. Untuk
b. Kaluarga e. Singgo
c. Sepasang
19. Rikala nindakake sesorah kedah ngagem ageman sing jumbuh kaliyan kahanan, kalebu sangune
sesorah babagan. . .
a. Nguwasani bahan
b. Patrap
c. Duweni rasa wani
d. Basa lan sastra
e. Busana lan ngadi sarira
20. Perangan sesorah sing isine pangarep arep lan ngaturake luput diarani. . .
a. Salam pambuka
b. Wedharing gati
c. Atur kasugengan
d. Atur nyuwun pangapunten
e. Atur puji syukur
21. Nuwun, keparenga matur, minangka sulihing ibu saha bapa Ir. Nur Hidayat sakulawarga, kula
kadhawuhan masrahaken penganten kakung pun Bagus Andi Yunus katur ibu saha bapa Niamur
Rofiq
Perangan ing nginggil isine …
a. Pasrah tampi penganten
b. Tampi penganten sarimbit
c. Lamaran penganten
d. Makili penganten kakung
e. Tampi pasrah penganten
22. Paraga sing nata lumakuning adicara diwastani …
a. Pambiwara
b. Pamedhar sabda
c. Panatacara
d. Subamanggala
e. juru sumbaga
23. Sesorah pasrah panampi panganten kalebu sesorah ….
a. Sabdatama
b. Pambagyaharja
c. Tanggap Wacana
d. Wawanrembug
e. Khotbah
24. Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radhio, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan
suluk lan janturan kang nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamireng isa ngreteni
babagan ....
a. Tokoh
b. alur
c. watak tokoh
d. pesen/amanat
e. latar
25. Awujud kethek, tapa nggandhul kaya lawa, jenenge. . .
a. Dewi Windradi d. Sugriwa
b. Retna Anjani e. Subali
c. Resi Gotama
26. Gatekna gambar ing ngisor iki!

Paraga wayang kasebut yaiku ….


a. Arjuna
b. Werkudara
c. Puntadewa
d. Nakula
e. Sadewa
27. Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung
cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa
saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-
neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani ....
a. Tokoh
b. alur
c. watak tokoh
d. pesen/amanat
e. latar
28. Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone
dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut pamireng ngreti
yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing crita sing
diarani ....
a. Tokoh
b. alur
c. watak tokoh
d. pesen/amanat
e. latar
29. Tumindak micara kuwi sakabehing pari-polahing manungsa. Sing kalebu polahing manungsa
yakuwi … kajaba ….
a. Obahing peranganing awak
b. Rasa-pangrasa
c. Pasuryan
d. Budi pekerti
e. Jiwaning manungsa
30. Sesorah kang katindakake kanthi nggawe cathetan cilik kanggo pangemut-emut diarani ….
a. Apalan
b. Naskah
c. Dadakan
d. Impromtu
e. Ekstemporan
31. Sesorah kang biasa katindakake dening pejabat utawa punggawa nagari yakuwi …
a. Apalan
b. Naskah
c. Dadakan
d. Impromtu
e. Ekstemporan
32. Sing ora kalebu sanguning juru sesorah yakuwi ….
a. Nguwasani bahan
b. Nduweni rasa wani
c. Subasita
d. Patrap utawa sikep
e. Basa lan sastra
33. Basa sing kudu diugemi dening juru pamedhar sabda yaiku … kajaba….
a. Sapa sing guneman
b. Sapa sing dijak guneman
c. Sapa sing digunem
d. Swasana nalikaning guneman
e. Cara-carane guneman
34. Ing ngisor iki sing ora kalebu atur kasugengan ana pamedhar sabda yakuwi ….
a. Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang
anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen.
b. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning
para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
c. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan
d. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening
Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng
panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah
kawilujengan…
e. Para rumaja putera lan rumaja puteeri ingkang tansah sinandhing ing Gusti
35. Ing ngisor iki sing kalebu atur puji sykur dhateng pangeran yakuwi …
a. Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang
anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen.
b. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning
para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
c. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan
d. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening
Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng
panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah
kawilujengan…
e. Para rumaja putera lan rumaja puteeri ingkang tansah sinandhing ing Gusti
36. Dene sing kalebu atur nyuwun pangapunten yakuwi ….
a. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning
para kawula dasih ingkang pantes sinudarsana.
b. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan
c. Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening
Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng
panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah
kawilujengan…
d. Para rumaja putera lan rumaja puteeri ingkang tansah sinandhing ing Gusti
e. Salajengipun saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulak sarik, dene kula kumantun
lumaraping atur saengga ngirangi kamardikan panjenengan sadaya ingkang nedheng eca
wawan pangandikan.

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no 37 - 44


ANTAREJA
Asma pepake Raden Antareja ya Raden Anantareja. Isih wayahe Dewa ing kahyangan
Saptapratala ya Sanghyang Anantaboga. Ibune akekasih Dewi Nagagini. Dene ingkang ngukir
jiwa ragane Raden Antareja iku satriya ing Munggulpamenang Raden Harya Sena. Apa sebabe
Raden Harya Sena bisa tekan Saptapratala, critane mangkene.

Ing nalikaning Kurawa nganakake pista ing Bale Sigala-Gala, Pandhawa diundang dalasan
Dewi Kunthi, nanging bale wewangunan kang dienggonidening para Pandhawa digawe saka
kayu lan kertas kang gampang kobong. Hamung diwangun memper kayu, dicet, lan diplitur sing
apik. Jroning pista mau Pandhawa diaturi dhaharan kang wis dibumboni racun, mangkono uga
unjukane, ya wis dicampuri racun. Nanging Sang Harya Sena waspada. Dheweke ora gelem
mangan lan ya ora gelem ngombe. Malah diisin-isin karo Dursasana barang meksa ora gelem
mangan lan ora gelem ngombe.

Kacarita para Pandhawa wis padha mendem, dalasan Dewi Kunthi barang ya melu mendem,
dumadakan ora weruh sangkan paraning bilahi ana geni nyaut bale wewangunan kang
dipanggoni dening para Pandhawa. Kagegeran, gugup,sigra sang Harya Sena kang cukat
trengginas sigra mbopong Dewi Kunthi dalasan adhi-adhine digawa mlayu. Kocapa sajroning
bingung ana kang nuduhi dalan yaiku garangan putih kang lakune banjur anjlog ing Kahyangan
Saptapratala iku. Sawise padha diwaluyakake dening Sanghyang Antaboga, sarembug suntara
wektu ngaso dhisik ing Saptapratala, kang wusanane Raden Harya Sena dipundhut mantu di
dhaupake karo Dewi Nagagini. Lan ora suwe Pandhawa banjur nyuwun pamit bali, Dewi
Nagagini tinilar ing kahyangan wis ana sajroning kahanan nggarbini.

Bareng tekan leking jabang bayi , babar miyak langse mandhala giri, brol cenger miyos
kakung. Dening kang eyang diparingi asma Raden Antareja. Sanalika den dus bayu gege
walagang gelis gedhe, glewo-glewo. Raden Anantarejo bergas, dedeg pidegsa,dening ingkanh
eyang wineleg sakeh ngelmu kadigdayan, kanuragan, kawruh kasepuhan, pinaringan upas kang
mandine kagila-gila. Bareng wis tekan diwasa kasektene wis ora nguciwani, nuli takon marang
ibune sapa kang sejatine ngukir jiwa ragane . Banjur dijarwani sapa sejatine ramane iku isih
trahing kusuma rembesing madu, satriya ing Munggul Pamenang kekasih Raden Harya Sena.
Mula Antareja banjur nyuwun pamit bakal ngabekti lawan ingkang rama. Nalika semana
mbarengi ing kasatriyan Madukara ana kedadeyan Retna Wara Sumbadra seda diprajaya dening
duratmaka. Kuwandhane kapapanake ing sajroning prau, rinenggo rengga kadidene penganten,
dijaga dening Raden Harya Gathutkaca saka dirgantara.

Kacarita lakune Raden Anantareja jumedhul saka pratala tiba ing pinggire Begawan
Swilugangga, panggonane prau kang momot layone Dewi Wara Sumbadra. Sarehne ana
kahanan kang nyalawadi, Raden Antareja kepingin sumurup apa isine prau mau, banjur dititi
priksa, lan nuli weruh layon. Ketang gedhe rasa kamanungsane, layon banjur diuripake. Sawise
waluyo jati nuli tetepungan, yen garwane satriya ing Madukara, Raden harjuna lan genti yen
dheweke putrane satriya Pandhawa Raden Harya Sena…..

37. Crita wayang ing dhuwur nduweni alur ….


a. Lurus
b. Mundur
c. Maju mundur
d. Mundur maju
e. Maju
38. Ing ngisor iki latar kedadeyan crita ing dhuwur kajaba ….
a. Kasatriyan Madukara
b. Bale Sigala-Gala
c. Kahyangan Saptapratala
d. Bengawan Swilugangga
e. Negara Ngamarta
39. Ramane Antareja paring asma…
a. Raden Harya janaka
b. Raden Harya Sena
c. Raden Puntadewa
d. Raden Nangkula
e. Raden Sadewa
40. Ing ngisor iki watake para Kurawa ….
a. Licik, duraka, sareh, seneng maeka
b. Licik, duraka, seneng pista, aweh pitulungan
c. Licik, seneng pista, seneng maeka, duraka
d. Licik, duraka, seneng maeka, loma
e. Licik, seneng maeka, loma, tresna marang sedulur
41. Sing kalebu watake Raden Harya Sena… kajaba….
a. Satriya pinunjul yuda
b. Tresna marang sedulur
c. Ngabekti marang wong tuwa
d. Adigang, adigung, adiguna
e. Sekti mandraguna
42. Janaka kuwi kapernah … karo Antareja. Tembung kang trep kanggo ngisi ukara gothang ing
ndhuwur yaiku ….
a. Paman
b. Ponakan
c. Putu
d. Anak
e. Uwa
43. Dene Ibu Dewi Kunthi kuwi kapernah … karo Sanghyang Antaboga. Tembung kang trep kanggo
ngisi ukara gothang ing ndhuwur yaiku ….
a. Maratuwa
b. Besan
c. Mantu
d. Misanan
e. Ponakan
44. Dewi Wara Sumbadra kuwi garwane ….
a. Raden Puntadewa
b. Raden Haryasena
c. Raden Janaka
d. Raden Nangkula
e. Raden Sadewa

45. Ana crita wayang Maharsi Wiyasa, Begawan Abiyasa kagungan garwa kang aran …kajaba…
a. Dewi Ambika, Dewi Ambalika, Dewi Datri
b. Dewi Ambika, Dewi Amba, Dewi Ambalika
c. Dewi Amba, Dewi Ambika, Dewi Datri
d. Dewi Ambalika, Dewi Kunthi, Dewi Ambalika
e. Dewi Amba, Ambalika, Dewi Setyawati
46. Resi Bisma wadat, mula penggalihe Dewi Gandawati susah banget. Wadat tegese ….
a. Seneng ngrokok
b. Ora ngrokok
c. Seneng ngombe
d. Seneng kawin
e. Ora kawin
47. Pandhu Dewanata kuwi patutane Resi Abiyasa karo garwane kang aran ….
a. Dewi Amba
b. Dewi Ambika
c. Dewi Ambalika
d. Dewi Datri
e. Dewi Kunthi
48. Dene Resi Abiyasa kagungan putra kang mijil saka garwa aran Dewi Ambika yaiku
a. Destarata
b. Pandhu Dewanata
c. Widura
d. Yamawidura
e. Bharata
49. Ing ngisor iki dasanamane marcapadayaiku ….
a. Bantala
b. Wiyati
c. Bawana
d. Kartika
e. Dirgantara
50. .....banjur kelingan yen duwe pulunansa durunge ginarwa ing Prabu Sentanu, yaiku Maharsi
Wiyasa. Dasanamane pulunan yaiku … kajaba….
a. Suta
b. Sunu
c. Siwi
d. Anak
e. nami

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener lan pener!


1. Gawea tuladha pambukaning sesorah atur pambagyaharja !

2. Tulisen aksara Jawa ing ngisor iki nganggo aksara Latin!


a. ?8]bu$umlijumen_ntai=!grAl_k,fu[wput];2;[fwi$u[ksilnP]asT.
b. ?t=gl\;10;[no[p+me/Bfi[pzetTimin=kfinphlwn\.
3. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a. pranyata obahe mangsa lan wektu
b. tetep ora bisa nyandhet obahe lakumu

4. Sebutake 3 ancasing ngandharaken sesorah!

5. Ukara ngisor iki owahana dadi basa krama alus !


a. Mau esuk aku weruh bapak numpak sepedha motor karo pakdhe.
b. Aku dikongkon bapak menehake undangan kanggo pak Usman

Anda mungkin juga menyukai