Anda di halaman 1dari 5

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL

SMP SWASTA
KABUPATEN BANYUWANGI
TAHUN PELAJARAN 2018 / 2019

MATA PELAJARAN : BAHASA DAERAH


KELAS : IX ( SEMBILAN )
HARI :
WAKTU : 90 MENIT

Petunjuk Umum :
1 .Berdoalah sebelum dan sesudah mengerjakan .
2. Perhatikanlah dan ikuti pengisian pada lembar jawaban yang disediakan
3. Periksa dan bacalah setiap soal dengan seksama sebelum menjawab
4 .Laporkan kepada pengawas kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak, atau jumlah soal kurang
5 .Mintalah kertas buram kepada pengawas apabila diperlukan
6 .Kerjakan pada lembar jawaban yang disediakan dengan menggunakan bolpoint/tinta
7 .Periksalah seluruh pekerjaan anda sebelum diserahkan kepada pengawas

SELAMAT MENGERJAKAN

A. Berilah tanda silang (x) pada huruf (a, b, c, dan d) sebagai pilihan jawaban yang paling
benar!
1. Sing kalebu syarat pidato kang becik yaiku…..
a. Mumpuni pokok masalah sing arep diandharake
b. Darbeni kemampuan kanggo nyampekake isi pidato
c. Andharan kang disampekake ngemu ilmu kaweruh sing migunani
d. Ora ana karep lan tujuan cetha sing arep digayuh
2. Bab –bab kang kudu ditindakake sadurunge pentas drama ,kajaba……
a. Nemtokake paraga c. mangerteni watake paraga
b. Maca naskah drama d. ngapalake naskah drama 3.
3. Unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar ,ngemu surasa pepindhan sing
dipindhanake kahanan utawa sesipatane wong iku diarani…..
a. .pidato b. paribasan c. saloka d. bebasan
4. Upacara tingkeban biasane katindakake ing ……..sasi jawa.
a. wiwitan b. minggon c. pertengahan d. pungkasan
5. Pidato kanthi migunakake naskah kang wis didhapuk ing sadurunge lan lumrahe digunakake ing
pidato resmi ,pidato iku artine nggawe metode……..
a. Ngapalake b. dadakan c. naskah d. tiruan
6. Pamilihan tokoh /paraga sing kadapuk dening sutradara ing lakon drama diarani…..
a. Alur b. setting c. acting d. casting
7. Arep jamure emoh watenge arti salokane yaiku……
a. gelem kepenake ora gelem rekasane
b. wong kang ora bisa nyimpen wewadi
c. wis ora ana ajine
d. jawaban a.b.c salah kabeh
8. Yen arep pidato amrih lancar lan becik mangka kudu…..
a. gawe naskah pidato
b. ngerteni sapa sing bakal ngrungokake
c. maca buku sing akeh
d. ngapalake naskahP
9. Crita kang awujud rerangkening adhegan-adhegan utawa rantaman lakon sandiwara diarani
a. Skenario b. Gaya bahasa c. Rurabasa d. kratabasa
10. Tuladha bebasan kaya ngisor iki kajaba......
a. Ula marani gepuk
b. rebut balung tanpa isi
c. Wedi rai wani silit
d. ngangsu banyu ing kranjang
11. Bisa diarani tedhak siten yaiku.....
a. cedake manungsa kaliyan panguwasa
b. cedake manungsa kaliyan bumi
c. cedake manungsa kaliyan manungsa
d. cedake manungsa kaliyan pamarintah
12. Perangane pidato iku kudu nyakup kaya kang kasebut ing ngisor iki , kajaba......
a. pambuka b. Dudutan c. isi d. Donga
13. Alur kang gambarake masalah kang saya gawat ,ngambra-ambra ,lan saya jelas critane
Klebu.......
a. Pengenalan b. Konflik c. klimaks d. penyelesaian
14. Unen-unen kang ajeg panggonane ,mawa teges entar ,ngemu surasa pepindhan sing
dipindhanake wonge diarani......
a. guritan b. Paribasan c. bebasan d. saloka
15. Yen lagi pidato becike kudu .....
a. nggatekake intonasi
b. nggatekake ekspresi
c. ora kesusu
d. kabeh jawaban bener
16. Kahanan kang gambarake watake manungsa kanthi cara pentas ing panggung diarani......
a. pambiwara
b. sandiwara
c. pranatacara
d. sesorah
17. Kadang konang tegese paribasan iki yaiku.......
a. wiwit bocah nganti dewasa c. wong kang marani kacilakan
b. diaku sedulur mergo sugih d. Wong kang gampang diapusi
18. Tedhak siten iku salah sijine adat jawa kanggo lare umur.....
a. 8 wulan c. setaun
b. 7 wulan utawa 245 dina d. 9 wula
19. Wonten ing kalodangan puniko, kulo minangkani pamudhu- tipun kadang kulo sepuh. .
Pethilan pidhato kasebut mujudkake perangan . .
a. Atur penutup c. Atur pambuka
b. Isi d. Pamuji rahayu
20. Pacelathon kang ditindhakake wiwitan utawa pambuka pentas drama diarani......
a. dialog
b. monolog
c. epilog
d. prolog
21. Unen-unen ing ngisor iki kang kalebu saloka yaiku.......
a. jero tapak meri c. Kethek sesrangon
b. asu arebut balung d. Kemladen ngajah sempal
22. Upacara tingkeban salah sijine tradisi masyarakat jawa kanggo ngenalake perkara kang
asipat becik supaya ditindhakake nalika ngandhut sepisan,upacara tingkeban iku uga
diarani....
a. mitoni b. Selapan c. tedhak siten d. Brokohan
23. Bapak kepala sekolah, bapak soho ibu guru ing kang satuhu kinurmatan, sumrambah
dateng para kanca siswa ingkang kulo tresnani . . .
Tembung sumrambah ing duwur tegese………
a. Lan c. Semono uga
b. Uga d. Saliyane iku
24. Tanggapane para pamaca sakwise maca cerita, diarani....
a. pesen c. alur
b. kesan d. tema
25. Asu belang kalung wang,apa tegese .....
a. uripe sengsara amarga kakehan anak
b. wong asor nanging sugih
c. wong ringkih ngangsu kawruh karo wong santosa
d. wong kang nemu cilaka amarga saka aten-atene
26. Perangan kang wigati ngemot bab-bab kang kudu diwedharake marang kang ngrungokake
Iki kalebu perangan pidato sing diarani....
a. wasana basa c. purwaka basa
b. dudutan d. Surasa basa
27. Drama kang isine ngemot babagan kang nrenyuhake utawa sedih diarani drama.....
a. drama komedi c. sendratari
b. drama tragedi d. opera
28. Pak Misbah kuwi kaya.......,katone prasaja nanging pinter banget,tegese bebasane yaiku....
a. kebo kabotan sungu c. bathok bolu isi madu
b. idu didhilat maneh d. Legan golek momongan
29. Kang kalebu upacara adat ngisor iki yaiku......
a. wayang kulit c. kethoprak
b tedak siten d. ludruk
30. Ning ngisor iki kang cara-carane pidato kang trep, kajobo . . .
a. Kedal, lugu lan sikep kudu becik supaya pawongan kang ngrungokake ora bosen
b. Nggunakake basa kang bisa dimengerteni deneng pawo-
ngan kang ngrungokake
c. Sworo kkudu los lan mantep
d. Moco teks pidato terus-terusan
31. Pesen pangripta kang arep diaturake marang para maos,ancas lan tujuane amrih para maos
nindhakake apa kang dikarepake dening pangripta…….
a. Setting b. Tema c. amanat d. alur
32. Panganggone saloka jroning ukara ing ngisor iki sing paling trep yaiku
a. mumpung isih enom kowe kudu iso nguthik macan dhedhe
b.jaman saiki isih akeh tinemu kahanan kaya dene asu arebut balung
c. yen pancen kena dipercaya .kowe aja nganti kuthuk marani sunduk
d. pak karto saiki uripe tansaya rekasa amarga tansah nggajah elar
33. Cekap semanten atur kula mugi-mugi ingkang kula aturaken enten manfaatipun,menawi
wonten tumpang suhipun kula nyuwun agunging samudra pangangksami,iki kalebu.....
a. pambuka b. Isi c. panutup d. dudutan
34. Alur kang nyritakake prastawa saka mburi banjur balik cerita kang kawiwitan diarani alur....
a. maju b. mundur c. pertengahan d. campuran
35. Unen kang ajeg panggonane mawa teges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan,ukara
iki diarani….
a. paribasan b. saloka c. bebasan d. guritan
36. Sakwise upacara siraman ing tingkeban banjur……
a. medhot lawe ingkang dipun ubengaken ing padharanipun calon ibu
b. gantos busana kaping pitu dipun rangkep kain pedhak
c.. nglebetaken endok pitik kampung ing kain
d. nggendong kelapa gading
37. Ukara pembukane sesorah kang bener yaiku . . .
a. Wusananipun mugi-mugi pepanggihan puniko migunani dumateng kita sedaya
b. Monggo panjenengan sedoyo kulo derekaken munjuka-
c. Dene paharigiyan punika kawontenaken kanti tujuan mengeti dinten kamardekaning
bangsa Indonesia
d. Salajengipun pepareng kulo ngaturaken panuwun ingkang tanpo upami awit
panjenengan sedoyo sampun kersa pepanggihan punika
38. Perangan naskah drama kang menehi andharan marang kabeh paraga
diarani….
a. prolog b. dialog c. epilog d. pandom
39. Wong kang ketuju kekarepane salokane….
a. kebo kabotan sungu
b. kuthuk marani sunduk
c. rindhik asu digitik
d. tumbu oleh tutup
40. Kekarepe supaya sibocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged
agawe seneng kulawargane kuwi kalebu tedhak siten nalika…
a. bocah didandani ngagem klambi resik lan apik
b. bocah wau diadusi nganggo banyu setaman
c.bocah dituntun munggah tangga ingkang kagawe saka wit tebu
d. bocah dituntun kangge mlaku ing pasi
41. Atur pamuji marang gusti sarta atur panuwun marang para tamu sing kapareng rawuh
kalebu perangan pidato.....
a. Surasa basa
b. Purwaka basa
c. dudutan
d. wasana basa
42. Naskah drama kebak ilustrasi musik kanggo kang nyengkuyung setting ngandalake suara
kalebu drama……
a. panggung b. televisi c. radio d. lataran
43. Oleh bojo kang cocok banget aten-atene, salokane yaiku….
a. belo melu setu
b. tumbu oleh tutup
c. kebo kabotan sungu
d . bathok bolu isi madu
44. Tradisi selapanan yaiku upacara selametan babaran kang dianakake nalika bayi umur…..
a. 7 dina b. 21 dina c. 35 dina d. setahun
45. Ragangan pidato utawa sesorah kang becik yaiku….. !
a. pambuka,isi,panutup
b. pambuka,isi,dudutan,panutup
c. salam pambuka,isi,panutup
d. salam pambuka,isi,dudutan,salam panutup

B. Wangsulana kanthi patitis !


46. Apa wae kang kudu digatekake nalika pidato ?
47. Sebutna unsur-unsur instrinsik drama !
48. Apa tegese ukara ngisor iki :
a. paribasan
b. saloka
c. bebasan
49. Sebutna jenise upacara adat sing kok weruhi !
50. Apa tegese upacara adat ?

Anda mungkin juga menyukai