Anda di halaman 1dari 4

[

YAYASAN BINA NUSANTARA MANDIRI MARGASARI KABUPATEN TEGAL


SMK BINA NUSANTARA MANDIRI (BISMA) MARGASARI
Jl. Rancakeling No.1 Jembayat Margasari 52463
Email : smkbismamargasari@gmail.com

Program Kompetensi Teknik Kendaraan Ringan, Akuntansi dan Teknik Komputer Jaringan, Program Kompetensi Teknik Kendaraan Ringan
dan akuntansi
UJIAN AKHIR SEMESTER (UAS) GASAL
TAHUN PELAJARAN 2017/2018

Mapel : Bahasa Jawa


Kelas : XI
Hari / Tanggal :
Waktu :

A. Pilih a, b, c, d, lan e kanti premati!


1. Khotbah yaiku micara ana ing sangarepe wong akeh kang lumrahe ditindhakake dening…..
a. Presiden ana ing sangarepe para metri d. Lurah ana ing sangarepe wargane
b. Raja ing sangarepe abdi dalem e. Guru ana ing sangarepe muride
c. Ulama ana ing sangarepe umate
2. Khotbah iku kalebu jinising pidhato. Bedha antarane pidhato lan khotbah yaiku khotbah identik marang
bentuk pidhato kang penyampaiane bab…..
a. Pendhidhikan d. Ajaran agama
b. Kaendahan alam e. Politik
c. Ekonomi
3. Tema ana ing ngisor iki kang cocok kanggo khotbah, kajaba…..
a. Kautamaan kurban d. Pamilihan bupati
b. Mauled nabi e. Mumpangati zakat
c. Kautamaan sholat wengi
4. Cara nulis sambutan kang leres yaiku ing ngisor iki, kajaba…..
a. Purwaka basa d. Wasana
b. Alesan e. Pambuka
c. Surasa basa
5. Tembung liyane pidhato yaiku…..
a. Wara-wara d. pachelaton
b. Sesorah e. Wawan rembug
c. Pirembugan
6. Micara ana ing sangarepe wong akeh utawa umum diarani…..
a. Pidhato d. Pirembugan
b. Pachelaton e. Wara-wara
c. Tetembungan
7. Perangane kang nelakake njaluk pangapura sajroning sesorah utawa pidato iku mapan ing…..
a. Salam pambuka d. Wasana basa
b. Purwaka basa e. Surasa basa
c. Salam panutup
8. Manut basa, isi, sipat lan asale, layang bisa diperang dadi, kajaba…..
a. Layang resmi d. Layang pribadi
b. Layang dinas e. layang niaga
c. Layang kabar
9. Ngisor iki kang kalebu bab kang kudu digatekake sakderenge wawan gunem (wawancara) yaiku, kajaba…..
a. Nemtoake narasumber
b. Paningale tumuju marang narasumber
c. Damel janji kaliyan narasumber
d. Nyiapna pitakonan
e. Nganggo basa sak karepe dewek
10. Wawan gunem (wawancara) nganggoo janji diwiwiti janjian rumiyin dening wong kanga rep wawan gunem
nganggo nglaksanakake apa kanga rep ditakonake, diarani........
a. Wawan gunem nganggo janji d. Jumpa pers
b. Wawan gunem ing panggonan e. Wawan gunem TV
c. Wawan gunem nganggo telepon
11. Wawan gunem siji wong ditekani akeh wartawan kang swasanane rame lan kadhang pitakonane ora mesti
diarani…..
a. Wawan gunem nganggo janji d. Jumpa pers
b. Wawan gunem ing panggonan e. Wawan gunem TV
c. Wawan gunem nganggo telepon
12. Layang kang tujuane kanggo kepentingan pribadi , kayata anak marang wong tuwane, kowe marang
kancamu, diarani…..
a. Layang resmi d. Layang niaga
b. Layang pribadi e. Layang kumitir
c. Layang dinas
13. Layang kang surasane undhangan kanggo rapat diarani layang…..
a. Dinas d. Kabar
b. niaga e. Ora resmi
c. Pribadi
14. Cara nutup pidhato ana werna-werna kaya ing ngisor iki, kajaba…..
a. ngringkes utawa nyimpulake d. Ngajak-ajak
b. Ngalem pamirenge e. Ora ngajak-ngajak
c. Nganggo ukara-ukara lucu
15. Sawijining prastawa (peristiwa) kang wis dialami diarani…..
a. Pawarta c. Kalawarti e. Drama
b.Pengalaman d. Crita cekak
16. Pengalaman pribadi bisa kawujud crita kang…..kajaba…..
a. Nyenengake c. lucu e. Ora tamat
b. Nyusahake d. Nyengsemake ati
17. Saliyane kudu kreatif ngrekayasa supaya critane luwih menarik, nalika nyritakake pengalaman pribadi kudu
gatekake…..
a. Tata kramane basa c. Wektu e. Abot entenge isi crita
b. Sapa sing diajak crita d. dawa cendhak crita
18. Bu, nyuwun pamit, kula badhe mriksani pameran buku wonten Gramedia. Tembung kang di garis ngisor
ing duwur sing trep yaiku…..
a. Nonton c. Ndelok e. Ngingeti
b. Ningali d. Ngiinguk
19. Sekedhap nggih Dhe, niki sirah kulo ko kraos…..
a. Gerah b. benter c. Sakit d. Ngelu e. Lara
20. Sampeyan mpun estu mbayar arto buku mbak? Ukara kasebut kalebu basa…..
a. Krama alus c. Krama e. Krama lugu
b. Ngoko alus d. Krama desa
21. Pidhato lumrahe migunakake paragraph-paragraph…..
a. Eksposisi c. Argumentasi e. Narasi
b.Persuasi d. Deskripsi
22. Gathekake pidhato ing ngisor iki!
Bapak, Ibu lan sederek-sederek ingkang kulo urmati,
Masalah pendidikan iku kalebu masalah kang penting lan kudune kita fokusaken kanthi serius
Marang pendidikan iki dadi sarana nyiapake generasi mudha penerus perjuangan para leluhur ingkang
njumenengake bangsa Indonesia iki.
Pendidikan nasional kita wis ditetapaken dadi pendidikan kewarganegaraan serta warisi ilmu, ketrampilan
lan semangate para pahlawan lan syuhada kaya kang wis dilakokake dening Ki Hajar Dewantara.
Surasa pidhato kasebut yaiku…..
a. Ngajak supaya nuladhani lan niru Ki Hajar Dewantara
b. Pendidikan iku dadi sarana nyiapake para penerus perjuangan leluhur
c. Pendidikan nasional kita yaiku pendidikan kewarganegaraan
d. Pentinge gatekake pendidikan kanthi serius nuladhani Ki Hajar Dewantara
e. Pendidikan kewarganegaraan iku kayata marisi ilmu, ketrampilan lan semangat para leluhur
23. Bapak nembe kemawon…..sare
a.Tangi b. Wungu c. Sare d. Nyuwun e. Tilem
24. Ing pidhato, ukara kang digunakake yaiku ukara…..
a. Pitakon d. Cerita
b. Pakon e. Pamenging
c. Pangajak
25. Sesorah jinis punika nggadahi tujuan la nisi nanggapi atur pambagyaharja diarani…..
a. Medhar sabda d. Atur pambaghyaharja
b. Sesorah e. Sambutan
c. Tanggap Wacana
26. Wasana kula nyuwun pangaksama mbok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika wonten ingkang
kirang ndadosaken pirenaning penggalih. Tembung ayahan ing duwur iku ateges…..
a. Garapan c. Jejibahan e. Gegambaran
b. Kaperluan d. Pepinginan
27. Ngisor iki tuladha ukara ing sawijining pirembugan kang nuduhake ora sapenemu karo panemu kancane,
ananging anggone kandha ora gawe lara atine liyan, yaiku…..
a. Aku ra sarujuk, panemumu ora pas
b. Kula boten sarujuk panemumu ala
c. Panemumu ora bisa dienggo
d. Pamanggih panjenengan sae, nanging ngangge pamanggih kula kemawon
e. Pamanggih panjenengan sae
28. Pidhato ing ngisor iki kanggo pitakonan nomer 28, 29!
Wasana, mangga kitha tingkataken rasa kamanungsaan kanthi gawe sae marang sedaya tiyang
ingkang mboten mampu. Kitha saene paring ingkang kitha nggadahi marang sesame manungsa. Menawi
kitha paring welas ing bhumi mangka kitha sedaya badhe dipun welasi ing langit.
Pidhato ing duwur dipunsajikaken ing bentuk…..
a. Narasi d. Persuasi
b. Argumentasi e. Deskripsi
c. Eksposisi
29. Tema saking surasa pidhato ing duwur yaiku…..
a. Tingkataken rasa d. Paring welas ing bumi
b. Angsal pinwales ing akherat e. saene paring sesami
c. tingkataken rasa kamanungsaan
30. …….wasana mugi Dimas kaliyan Dinda Komalasari saged ngarungi anteman angin lisus, ombak banyu
segara ing ngarungi prahu kauripan tekan nini lan kaki.
Pethikan sesorah iku digunakake ing kahanan…..
a. Aqiqah d. Walimatul Ursy
b. Kasripahan e. Ngunduh mantu
c. Supitan
31. Unen-unen sing wujude kaya cangkriman sing wis ana layane diarani…..
a. Sanepa c. Cangkriman e. Wangsalan
b. Surasa basa d. Parikan
32. kula mboten mlebet sekolah amargi…..
a. Gerah c. Nandang e. Ngarasake
b. Ngeluhake d. Sakit
33. Mangke sonten Bapak saestu badhe…..Ngayogyakarta.
a. Tindak c. Mangkat e. Lunga
b. Minggat d. Kesah
34. Ibu tindak pasar. Ukara mau digawe aksara jawa…..
a.
b
c
d.
e.
35. Bapak tindak kantor. Ukara mau digawe aksara jawa…..
a.
b.
c.
d.
e.
36. Ing ngisor iki kalebu wangsalan yaiku…..
a. Pring tali tugel pucuke, ora gelem saiki mbokan mbesuke
b. Rawe-rawe rantas malang-malang putung
c. Sapa sira, sapa ingun
d. esuk-esuk wis nggdog garing nglaras ing ngemper
e. Bakulan klapa lagi mangan sega.
37. kang dueni ukara baku manggon ana ngarep kasusul ukara- ukarapanjientreh diarani paragraph …
a. Campuran c. Induktif e. Koherensi
b. Deduktuf d. Kohesi
38. Paragraf kang apik kudu ndueni ukara-ukara kang nyawi jumbuh saka ujude bisa diarani paragraph iku
handueni …
a. Fakta c. Koherensi e. Induktif
b. Opini d. Kohesi
39. Paragraf kang nyawiji, kabeh ukara kompak padha nyengkuyung topic diarani menawa paragraph iku
nduweni….
a. Koherensi c. Objektif e. Sifat manarik
b. Kohesi d. Fakta
40. Paragraph kang ukar autamane/bakune manggon ana sisih mburi diarani paragraph….
a. Panjlentreh c. Campuran e. induktif
b. Utama d. Deduktif

B. Isinen ceceg-ceceg ing ngisor iki kanti premati!


1. Apa tegese tanggap wacana?
2. Terangna perangane wawan gunem manut carane!
3. Sebutna lan jelasna urutaning tembang macapat!
4. Gawea Ukara nganggo basa krama akehe telu (3)!
5. Rita tuku buku. Tulisen ukara-ukara mau nganggo aksara jawa!

Anda mungkin juga menyukai