Anda di halaman 1dari 14

SEKOLAH DASAR / MADRASAH IBTIDAIYAH

TAHUN PELAJARAN 2016 / 2017


SD NEGERI SELOPAMPANG

LEMBAR SOAL
MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA
SEKOLAH : SD Negeri Selopampang
HARI / TANGGAL : Rabu, 26 April 2017
WAKTU : 07.30 – 09.30

PETUNJUK UMUM
1. Tuliskan terlebih dahulu nama dan nomor ujian pada lembar yang tersedia !
2. Waktu untuk mengerjakan soal 90 menit.
3. Jumlah soal 50 butir, tiap butir berisi 4 pilihan jawaban.
4. Bacalah dengan teliti semua soal sebelum anda mengerjakan.
5. Berilah tanda silang (x) pada huruf a, b, c, atau d yang anda anggap benar pada lembar
jawaban yang tersedia.
6. Laporkan pada pengawas apabila ada tulisan yang tidak jelas, rusak atau tidak jelas.
7. Periksa dulu pekerjaan anda sebelum diserahkan pada pengawas.

SELAMAT MENGERJAKAN
Wacanen kang permati!
Radhio Enggal
Jamanipun sarwa majeng. Majeng ing bab punapa kemawon. Komunikasi utawi
sesambetan ugi majeng.Majengipun komunikasi kalawau saking pirantosipun.Pirantos utawi alat
komunikasi ingkang warni-warni.
Punapa kemawon alat komunikasi punika? Wonten pos,telepon,telegram,teleks,televise,serat
tuwin radhio.Ingkang kasebat ing nginggil punika kados –kados radhio sampun kaselip dening
pirantos sanesipun.Nanging ,kadosa pundi radhio tetep dados satunggaling sarana komunikasi
ingkang wigatos.
Kita saget ningali dhateng kridhanipun warga Klompencapir.Warga Klompencapir ingkang
kagolong ing kelompok pendengar mboten saget nilaraken radhio.Kawruh menapa kemawon
angsalipun saking radhio.
Pak Harno ingkang ugi kalebet warga klompencapir “Mekarsari“dhusun
Mekarsari,mundhut radio enggal.Modelipun enggal wonten kasetipun lan nyetelipun ngangge
remot.Pak Harno rumaos remen, katitik radhionipun mboten kendel,nglengkeng rinten
ndalu.piyambakipun saget ngedum wekdal.menawi dhong betah seserepan tumrap tetanen,nyetel
siyaran pedhesaan.dhong betah hiburan,nyetel langgam jawi utawi uyon-uyon.
PETUNJUK KHUSUS
Pingana (x) sangarepe aksara a,b,c utawa d kang bener ana ing lembar jawab kang cumawis
1. Sapa kang ora bisa ninggalake radhio ?
a. Warga kelompok pendengar
b. Warga Klompencapir
c. Warga kelompok pembaca
d. Warga kelompok pemirsa

2. Apa kang bisa dimirengke seka siaran pedhesaan ?


a. seserepan bab industry
b. seserepan bab pabrik
c. seserepan bab tetanen
d. seserepan bab radhio

3. Ana ngendi daleme pak Harno?


a. dhusun Mekarasri
b. dhusun Mekarsani
c. dhusun Mekarsari
d. dhusun Megarsari

4. Kenangapa radhio kaselip liyane?


a. radhio larang regane
b. radhio ora isa digawa lunga
c. radhio mung ana nang desa
d. radhio mung ana swarane

5. Kapan pak Harno nyetel radhio bab kawruh tetanen?


a. nalika wektu siyaran pawartos basa jawi
b. nalika wektu siaran hiburan
c. nalika wektu siaran pedhesaan
d. nalika wektu siaran pendidikan

Soal kanggo nomor 6 , 7 , 8 .


Assalamu’alaikum wr. Wb.
Para kadang tani ing dhusun Sugihraharjo ingkang kula tresnani, mangga sesarengan
muji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten
karohmatan dhateng kito sedoyo.(1)
Bapak-bapak kadang tani, kula ing mriki minangka petugas penyuluh lapangan sowan
panjenengan saperlu nerangaken babagan tetanem. (2)
Bapak ibu kadang tani, bilih sakmeniko maos jawah pramila monggo sami ngirangi
anggenipun nanem tembako amargi tembako cocokipun dipun tanem wonten mongso
ketigo. ( 3 )
Mekaten ingkang saget kula aturaken, sedoyo kekirangan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum wr.wb. (4)

6. .Bagian pembuko pidhato ing dhuwur iki ono nomor piro ?


a. 1
b. 2
c. 3
d. 4

7. Kang nuduhake perangane surasane pidhato ing ndhuwur yaiku nomor ....
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4

8. Kang kalebu simpulan pidhato teks nang duwur yaiku , umpamane….


a. Bapak ibu kadang tani, bilih sakmeniko musim jawah pramila monggo sami ngirangi
anggonipun tetanem tembakau .
b. Bapak ibu kadang tani, bilih sakmeniko musim jawah pramila monggo sami nanem pari
c. Bapak-bapak kadang tani, kula ing mriki minangka petugas penyuluh lapangan sowan
panjengan monggo sami nanem tembakau
d. Bapak ibu kadang tani, bilih sakmeniko musim jawah pramila monggo sami nanem
tembakau

Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomor 9 .10 , 11, 12.
Keyong Emas
Ana pawongan ing sawijining dhusun cilik pinggir kali kanga ran mbok
Godhong.Kanggo urip dheweke dodol godhong jati,mula diarani mbok Godhong.
Ing sawijining dina dheweke menyang kali arep golek iwak.Anggone golek iwak
kanthi njala.Dina iku mbok Godhong kaget banget,tanpa kinira nemokake keyong mas
cumlorot lan nyalawadi nyangkut ana ing jalane.Kanthi ngati-ati keyong banjur digawa
bali menyang omahe,kanthi sabar keyong diopeni.
Esuke mbok Godhong lunga adol godhong,Anggone mangkat rada kawanen mula
dagangane ora sepiroa payune.Kanthi susah lan kuciwa dheweke mulih.Nanging durung
suwe anggone mlebu omah,mbok Godhong kaget nemokake dhaharan pepak wis
cumawis ana ing meja,semono uga dind-dina sapiturute .

9. Kang dicritakake ing wacan dhuwur yaiku….


a. wong desa
b.wong cilik
c.mbok Godhong
d.mbok randha

10. Watake mbok Godhong iku….


a.panasten seneng padu
b.sabar seneng tetulung
c.kemeren seneng adu-adu
d.galak marang sapa wae

11. Miturut crita ing dhuwur,dongeng mau kedadean ana ing….


a.pegunungan cepak alas
b.kutha kang rame
c.padesan cilik cepak kali
d.papan keramean

12. Crita ing dhuwur menehi patuladhan….


a.wong sing gelem tetulung bakal oleh pinwales becik
b.wong sing gelem tetulung bakal oleh kapitunan
c.wong sing sabar bakal suwe tumanja gegayuhane.
d. wong sabar bakal gedhe cilakane.

13.

Tulisan jawa ing dhuwur diwaca unine….


a.satria kuciwa bangsa
b.satria kala mangsa
c.satria kudu legawa
d.satria kusuma bangsa

14. sang prabu maju perang


Menawa ditulis aksara jawa dadine….

Pacelaton iki kanggo soal nomor 15, 16 , 17.


Anik : Sugeng siang,Bu!
Ibu : O….kowe,Nik! Kok nganti awan anggonmu mulih sekolah?
Anik : Inggih Bu! Kalawau wangsul sekolah mampir nuweni Mita wonten griya sakit.
Ibu : Lha..lara apa Mita kok mondhok ana rumah sakit?
Anik : Sakit padharan…Bu! Murus kaliyan muntah.
Ibu : Mula sing ngati-ati,kowe kudu bisa njaga karesikan,aja seneng jajan saenggon-
enggon kang durung mesthi resike!
Anik : Inggih….Bu!

15. Tema wacan ing dhuwur bab:


a.Tata karma
b.Kasih sayang
c.Pendidikan
d.Kesehatan

16. Anik lan ibuke lagi ngomongake bab….


a.mulih sekolah
b.lara weteng
c.njaga kesarasan
d.ngobati memala

17. Wacan ing dhuwur menehi piwulang….


a.kanca lara kudu ditileki
b.kanca lara diedohi
c.kanca lara apike dipoyoki
d.kanca lara kudu ditangisi

Wacan ing ngisor iki kanggo nomor 18, 19 .


Ing kebon tebu ana manuk emprit sajodho padha sedhih amarga duwe piyik kang
durung bisa mabur.Kamangka tebune arep dirembang.Mula emprit sajodho padha sedhih
mikir nasibe anake sing during bisa mabur.
Dumadakan ana kancil lewat kebon tebu.Banjur manuk emprit njaluk
tulung.Kancil gelem nulungi emprit,kanthi cara saben tebu arep dirembang kancil mlayu-
mlayu nggodha uwong sing arep ngrembang tebu.Weruh ana kancil mlayu-mlayu uwong
sing arep ngrembang tebu mau padha ketungkul ngoyak-oyak kancil. Mengkono iku
ditindakake kancil saben dina nganti anake emprit gedhe lan bisa mabur.Akhire manuk
emprit slamet sak anak-anake.

18. Kepriye sifate manuk emprit?


a.nglerwakake anake
b.wengis marang anake
c.gemati marang anake
d.sengit marang anake

19. Crita ing dhuwur bisa kanggo tuladha….


a.rukun tetulung sapadha-padha
b.manuk dipateni marga mangan pari
c.kancil kudu dioyak-oyak
d.kewan sing gedhe menang kerahe

Geguritan ing ngisor iki kanggo nomor 20 , 21, 22.

Tempe
Tempe digawe saka dhele
Pancen nyata enak rasane
Uga dhuwur gizine
Ayo kanca padha mangan
Karem mangan tempe
Supaya waras awake
Sapa kang durung nyoba
Mesthi padha ora ngira
Yen tempe iku pancen mirasa
Ayo padha dibuktekna.

20. Tembung “karem” padha tegese karo tembung….


a.mendem
b.marem
c.seneng
d.bosen

21. Kosok baline tembung waras yaiku….


a.sehat
b.kuat
c.lara
d. trengginas

22. Amanat kang bisa dijupuk saka geguritan ing dhuwur yaiku….
a.barang sepele larang regane
b.barang sepele murah regane
c.barang sepele angel nggoleke
d.barang sepele dhuwur gizine
Tembang mocopat ing ngisor iki kanggo soal nomor 23 , 24 , 25

Ngelmu iku angel yen durung ketemu


Ja wedi kangelan
Nggonira padha angudi
Den budiya nadyan ta tebih ing sabrang.

23. Irah-irahan tembang Macapat ing dhuwur….


a.Kinanthi
b.Pucung
c.Gambuh
d.Dhandhanggula

24. Tembung angudi duwe teges….


a.ninggalke
b.nglaleke
c.ngedohi
d.nggoleki

25. Tembang ing dhuwur mengku karep….


a.Nggolek ilmu ora kena wegahan
b.Nggolek ilmu iku angel
c.Golek ilmu sak tekane.
d.Nggolek ilmu sak olehe

26.
Gambar wayang ing ndhuwur jenenge….
a.Raden Werkudara
b.Raden Nakula
c.Raden Janaka
d.Raden Puntadewa

27. Urutan punakawan saka sing


paling tuwa….

a.Gareng,Petruk,Bagong lan semar


b.Petruk,Bagong,Gareng lan Semar
c.Semar,Gareng,Petruk lan bagong
d.Semar,Bagong,Petruk lan Gareng

28. Gambar wayang ing nduwur kasatriyane Negara…


a.Jodipati
b.Madukara
c.Sawojajar
d.Bumiretawu.

29.
Tulisan jawa ing nduwur menawa diwaca unine….
a.lemah sida tuku
b.lemah seka watu
c.simbah kerep ngguyu
d.kedah setya tuhu
30. Klambiku teles.
Menawa ditulis jawa dadi….

31. 1.Mula sing nonton jenak,sasat ora mingsed saka palungguhane.


2. Lakone apik dhalange wasis,lucu tur prigel.
3 .Ngerti – ngerti wis jam lima esuk,aku mulih subuhan banjur mapan turu.
4. Bengi iku wayange rame banget.
Urutan ukara kang bener yaiku….
a. 2 – 4 - 3 - 1
b. 1 – 2 – 3 - 4
c .4 – 3 – 2 – 1
d. 4 – 2 – 1 – 3

.
32.
Paragraf kang mathuk kelawan gambar ing nduwur
yaiku….

a. Jam 5 esuk aku isih turu nglengkur amarga sewengi nonton wayang.
b.Adhuh aku kerinan wis jam 7 lagi tangi,aku mesthi didukani pak guru.
c. Tangi turu aku nglempit kemul banjur nang pawon golek sega terus sarapan.
d. Jam setengah lima esuk aku tangi turu,nglempit kemul subuhan adus trus tata-tata
mangkat sekolah.

33. Bapak lenggah wonten teras….kopi sinambi…. Koran.


Kanggo ngganepi ukara ing nduwur….
a.ngunjuk-maca
b.ngombe-maos
c.mimik-maos
d.ngunjuk-maos.

34. …. Pitakone bapak marang pak lik Yanto sing lungguh ana teras.
Kanggo ngganepi ukara ing nduwur kang pas yaiku….
a.opo kowe wis suwe teko kene rayi !
b.nopo sampeyan wis suwe teko keni adi
c.opo slirane wis suwe tekan kene adi !
d.opo panjenengan wis suwe tekan kene adi !

Waosan kanggo soal nomor 35 , 36

Temanggung, 24 Maret 2017


Kanggo
Kancaku kang ndak tresnani Amrina
Ing Tegalrejo Magelang

Assalamualaikum War..Wab…!
Lumantar layang iki aku aweh kabar yen aku sakulawarga tansah pinaringan
kaslametan lan kuwarasan dening Gusti Allah,muga panjenengan sakulawarga mangkono
uga tansah rahayu lir ing sambekala.
Kajaba saka iku aku ngaturi kabar yen sadhela maneh aku arep ujian minangka
pandadaranku sing pungkasan sakjerone aku sekolah enem tahun. Mula aku nyuwun
pendongamu muga-muga aku bisa lulus kanthi biji sing apik.Cita-citaku prasaja wae
kok,yen aku lulus aku arep nerusake sekolahku ana ing SLTP sing ana ing Kecamatanku
dhewe.Ora merga aku blereng karo sekolah favorit sing ana ing kutha,nanging aku
kepingin ngapik apik dhaerahku dhewe liwat sekolahan sing ana Kecamatanku dhewe
……………,mbok menawa ana kaluputanku panjenengan sing gedhe
pangapurane.
Wasalamualaikum War…Wab…!

Salam kangen saka aku.


Kancamu
Zidni Naila

35. Ukara kang trep kanggo nyampurnakake panutuping layang….


a.Wusana cukup semene kabarku
b.Semene wae layangku
c.Wis ya,cukup layangku
d.Wis rampung kabarku

36. Nitik surasane,layang mau isi….


a.Nakokake keslametan kanca.
b.Kange-kangenan karo kanca
c.Njaluk pendonga arep ujian
d.Kirim salam kanggo kancane

Pacelaton ing duwur iki kanggo soal nomor 37 , 38


Bu Guru : Njung……….Tanjung,mrenea ta!
Tanjung : Inggih Bu, wonten menapa ?
Bu Guru : Wingi gek ketemu ibu ana pameran kae kowe karo sapa?
Tanjung : O….kaliyan Bu Lik kula…Bu!
Bu Guru : Tak kira ibumu ..Njung!
Tanjung : Sanes…Bu! Ibu malah nembe…….sare kemawon.
Bu Guru :…………..

37. Tembung kang pas kanggo ngganepi ukarane Tanjung….


a.lara
b.sakit
c.sehat
d.gerah

38. Ukara kang pas kanggo Bu Guru….


a.Ya,muga sekira wae ibumu enggal sehat
b.Ya,kowe kudu nunggu ibumu.
c.Ya,muga kowe seneng karo Bu Likmu
d.Ya,kana kowe enggal mulih.

Laporan Kegiatan iki kanggo ngisi nomor 39 , 40

Irah-irahan : Ngamati Pabrik Gendheng Pres


Dina,tanggal : Setu tanggal 25 Maret 2017
Papan : Godean,Yogyakarta
Isi laporan : 1.Jenenge pabrik : Pabrik gendheng” Rukun Raharjo”
2.Pimpinan pabrik : Bpk Suprapto
3.Cacahe karyawan : 15 uwong
4.Bukake pabrik : Saben dina,Jumat libur
5.Kasile : 10.000 gendheng pres mateng saben minggu
6.Regane : Rp 3.250 saben sijine.

Godean,25 Maret 2017


Pelapor

( Muslih )

39. Nitik isi laporan,pabrik gendheng pres mau saben minggune bisa ngasilake….
a.10,000 gendheng pres mateng
b.7000 gendheng pres mateng
c.6000 gendheng pres mateng
d.5000 gendheng pres mateng
40. Obyek pengamatan laporan ing nduwur….
a.Pabrik tahu.
b.Pabrik krupuk
c.Pabrik bata
d.Pabrik gendheng

41.
Diskripsi gambar kewan ing nduwur iki kang bener….

a.Gulune dawa,dhuwur awake,ulese klawu,sikile papat dawa-dawa.


b.Awake dawa prengkuh,buntute dawa methit,wulune loreng,sikile papat duwe kuku.
c.Awake dawa mawa sisik,buntute dawa tur gedhe,cangkeme amba untu kaya graji.
d.Pawakane kaya uwong,tangan sikil dawa-dawa,wulu dhiwut-dhiwut,bisa menek.
42.

Urutan gawe klambi kang bener ing gambar dhuwur…


a . k a p a s – b e n a n g
b.kain – klambi –benang – kapas
c.benang –kain – klambi -kapas
d.klambi –benang –kain -kapas

43. Negeri kita Indonesia punika ngalami kalih mangsa.Mangsa rendheng lan mangsa ketiga.
Mangsaketiga punika mboten wonten jawah.Wancinipun wulan April dumugi Oktober.
Wonten ing wulan, wulan punika para among tani ingkang gadhah sabin tadhah jawah
angel anggenipun badhe nanem.
Ringkesan paragraph ing nduwur yaiku….
a.Mangsa ketiga ora ana udan.
b.Indonesia ngalami rong mangsa
c.Mangsa ketiga dumadi ing sasi April- Oktober
d.Ing mangsa ketiga among tani kang duwe sawah tadhahan angel nenandur.

DHUH GUSTI
Sedulurku sing ketaman lindhu
Lan sedulurku sing digondhol tsunami
Elinga srengenge isih sing wingi
Sesuk ya isih sing kuwi
Ora diganti lan ora bakal diijoli
Sore angslup bumi,sesuk bakal bali
Wis aja digelani,aja digondheli
Sing lunga disangoni donga
Sing arep teka bakal nggawa begja
Elinga,kowe ora ijen
Aku kabeh saguh ngancani.

44. Gancaran geguritan ing dhuwur yaiku….


a. Sedulurku sing kena prahara lindhu lan tsunami,aja gela sesuk isih ana srengenge sing
wingi.Srengenge ora diganti
b. Sedulurku kabeh sing kena prahara lindhu lan tsunami, sing wis ora ana aja digondheli
aja digetuni wong isih ana aku.
c. Sedulurku kabeh sing kena prahara lindhu lan tsunami,ora usah wedi,aku saguh
ngancani kowe.
d. Sedulurku kabeh sing kena prahara lindhu lan tsunami,bangkit lan gumregaha aja
nglokro sesuk isihana dina sing arep nggawa kabegjan,sing wis ora ana lilakna lan
dongakna.

Geguritan ing duwur iki kanggo nomor 45, 46

Tanjung Emas
Lerap-lerap ombaking samudra
Sumilir……ngosikake piker.
…………samodra tanpa wates
Akeh……….padha lelayaran
Kang labuh tanpa pakewuh.

45. Tembung kang mathuk kanggo ngganepi geguritan ing dhuwur yoiku….
a.Angin,jembare,prahu.
b.Mega,dhuwure,prahu.
c.Banyu, dawane,montor.
d.Angin,gedhene,montor.

46. Badhe ngersakaken dhahar….Eyang,mangke kula pundhutaken.


Tembung pitakon kang trep kanggo ngganepi ukara ing nduwur….
a.sinten
b.pinten
c.menapa
d.pundi

47.Dadi bocah mono aja sok (kaki),mundhak ora disenengi kancane.


Tembung ing njero kurung sing bener yaiku….
a.dimaki
b.maki-maki
c. kakine
d.kemaki

48.Nyuwun pangapunten,Bapak nembe ….,kula mboten wantun….


Kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur kang bener….
a.tilem-mungu
b.sare-nggugah
c.tilem –nggugah
d.sare-mungu

49. Ukara kang migunakake tembung ngoko alus dumunung ing ukara….
a.Kapan kowe bali Rin?
b.Lho..wis kondur Mas,mundhut apa?

c.Ibu lagi lara.kowe aja nakal!


d. Sesuk teka nggonku ya,aku ulang tahun.
50. Ukara kang migunakake basa krama alus dumunung ing ukara….
a.Ibu tumbas endhog setunggal kilo wonten wande.
b.Ibu mundhut tigan sekilo teng warung
c.Ibu tumbas tigan sekilo wonten wande.
d.Ibu mundhut tigan setunggal kilo wonten wande.
KUNCI JAWABAN

1.A 11.C 21. C 31.D 41.B


2.C 12.A 22.D 32.D 42.A
3.C 13.D 23.B 33.D 43.D
4.D 14.B 24.D 34.C 44.D
5.C 15.D 25.B 35.A 45.A
6.A 16.C 26.A 36.C 46.C
7.C 17.A 27.C 37.D 47.D
8.A 18.C 28.B 38.A 48.D
9.C 19.A 29.D 39.C 49.B
10.B 20.C 30.B 40.D 50.D
LEMBAR PENGESAHAN

Mengetahui Selopampang, 1 April 2017


Kepala SDN Selopampang Pembuat Soal

SUWARTIYAH, S.Pd. MUSRIFIN, S.Pd.


NIP. 19630115 198201 2 001 NIP. 19650105 199302 1 001

Mengetahui
Pengawas TK SD
UPT Dindikpora Kec. Selopampang

HARYANTO, M.Pd.
NIP. 196309191983041002

Anda mungkin juga menyukai