Anda di halaman 1dari 11

UKBM

UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI

1. Identitas
A. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
B. Semester : 5 (Lima)
C. Kompetensi Dasar :
Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan Yang
Maha Esa untuk meningkatan pengetahuan dan keterampilan berbahasa daerah,
serta untuk melestarikan dan mengembangkan budaya daerah untuk
didayagunakan sebagai upaya pembinaan dan pengembangan kebudayaan
Nasional.
2.1 Mengamalkan perilaku jujur, disiplin, peduli, santun, dan proaktif dalam
menggunakan bahasa daerah dalam komunikasi lisan maupun tulis.
3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis karya fiksi dan nonfiksi
secara lisan dan tulis.
4.3 Memproduksi dan mempublikasikan karya fiksi (naskah drama, cerita pendek,
karya terjemahan).

D. Indikator dan Pencapaian Kompetensi

Setelah kegiatan pembelajaran, siswa dapat:


1.2.1 Berserah diri kepada Tuhan setelah berikhitiar.
1.2.2 Berdoa sebelum dan sesudah kegiatan belajar.
2.2.1 Tidak menyontek dalam mengerjakan tugas.
2.2.2 Tidak menjadi PLAGIATOR.
3.2.1 Mengidentifikasi struktur teks cerita pendek (cerkak).
3.2.2 Menganalisis struktur teks cerita pendek (cerkak).
3.2.3 Menganalisis unsur kebahasaan teks cerita pendek (cerkak).
3.2.5 Menjelaskan pesan moral teks cerita pendek (cerkak).
3.2.6 Menerjemahkan teks cerita pendek (cerkak) dengan ragam bahasa yang
berbeda.
4.3.1 Menulis teks cerita pendek (cerkak).
4.3.2 Mempublikasikan teks cerita pendek (cerkak) hasil karangannya.
4.3.3 Menerjemahkan teks cerita pendek (cerkak) ke atau dari bahasa yang
berbeda.
4.3.4 Membaca teks cerita pendek (cerkak) hasil terjemahan.
4.3.5 Mempublikasi-kan teks cerita pendek (cerkak) hasil terjemahan.
E. Materi Pokok : Cerkak
F. Alokasi Waktu : 8 jp (4X pertemuan)
G. Tujuan Pembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi, dan analisis, peserta didik
dapat menganalisis, mengidentifikasi, dan menulis cerita pendek sehingga peserta
didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya,
mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggung jawab, serta dapat
mengembangkan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi,
berkreasi (4C).

H. Materi pembelajaran
Dheleng lan maos ing Buku Teks Pelajaran (BTP):Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA kelas
XII. 2013. Surabaya: Duta.

2. Peta Konsep

Pengertian Tema
Paraga
Unsur Intrinsik Watak
Setting
Punjering crita
Alur
Unsur-unsur Amanat

Latar belakang
pangripta
Cerkak Unsur Ekstrinsik Latar belakang
sosial
Nilai/ norma

Orientasi

Komplikasi

Struktur Konflik

Resolusi

Koda
3. Kegiatan Pembelajaran
a. Pendahuluan
Sinau basa Jawa iku tujuane ora mung nguri budaya basa Jawa, ananging uga nuntun
supaya padha nindakake laku sing apik, becik, utama sing beda karo lakune kewan. Amarga
manungsa iku tinitah supaya drajate luwih dhuwur-luhur katimbang kewan. Wulangan, pituduh,
pitutur ngenani laku utama ana ing budaya lan sastra Jawa akeh banget. Ana laku sing kudu
dilakoni dening para punggawa apa dene para kawula marang gustine. Kejaba saka iku ana laku
tumrap murid marang gurune, para putra marang wong tuwane. Mangkono uga tumrap bebrayan
supaya duwe nalar sing wening lan landhesan hukum agama lan negara. Kabeh isine apik-apik,
ora gampang dicakake nanging nuntun marang tumindak utama.
Minangka asil cipta sastra, cerkak uga ngandhut piwulang utama kang bisa nular
minangka sangune urip ing bebrayan. Cerkak bisa kanggo kaca benggala, jalaran seperangan
gedhe cerkak katulis lelandhesan kedadeyan ing bebrayan kang nyata.
Pasinaon iki bakal ngajak para siswa nyurasa crita cekak. Sarampunge pasinaon kajaba
bisa nganalisis struktur teks, unsur basane, mbandhingake karo wujud sastra liyane, lan ngrakit
crita cekak. Kanthi rasa tresna marang sastra Jawa, para siswa uga kajaba bisa mamerake crita
cekak anggitane ing internet.

b. Kegiatan Inti

1) Petunjuk Umum UKB

1. Sakwise mahami isi materi ing wacanan. Ngelatih mikir kritis liwat UKB iki. Bisa
dikerjakna dhewe utawa kelompok miturut petunjuke.
2. Kerjakna UKB iki ing buku bahasa jawa
3. Murid-murid bisa sinau bertahap lan berlanjut liwat kegiatan ayo latihan, Yen murid
rumangsa bisa lan paham ngerampungna tugas ing kegiatan belajar materi puisi
tradisional lan puisi modern, murid-murid bisa melu tes formatif supaya bisa sinau UKB
sakwise.

2) Kegiatan Belajar
Ayo……sinau kanthi sabar lan konsentrasi !!!

Apa iku Cerkak?

Cerita cekak utawa biyasa sinebut cerkak kuwi mujudake salah sijine karya sastra kang
arupa gancaran. Cerkak yaiku cerita kang wujude cekak nyeritakake sawijine paraga (tokoh) ing
saperangan uripe. Cerkak ing bahasa Indonesia kang sinebut cerpen utawa cerita pendek.
Cerkak iku senadyan cekak ananging nyritakake kedadean utawa lelakon saka awal nganti
pungkasan kanthi cekak wae. Saengga, cerkak iku critane lengkap ana wiwitan lan pungkasan.
Cerita cekak iki nduwenani isi ingkang ringkes, padet, lan alur caritane umume alur maju.

Wacanen crita ing ngisor iki kanthi patitis!


Kucing Sing Pinter Ngalembana
Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning
pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing
dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi
modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa
ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.
"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya
kulit cecak. Apa tho rahasiane?
Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke
meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning
njobin.
Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh
"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso
mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?
Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok
kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-
sapa.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.
"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu
wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"
Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep
nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing
tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir
nalika dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).

Sumber : http://duniashinichi.blogspot.com/2012/11/cerita-basa-jawa-kucing-sing-pinter.html

 Miturut panemumu, cerita ing dhuwur kalebu jinis cerita cekak opo ora? Coba wenehana
alasane!
 Kanggo mantepne ati kanggo sinau cerkak, coba dibuka buku paket ing Wiyata Basa kelas XII
ing kaca 15-17. Banjut pitakonan ing buku iku, diwangsuli!

Apa wae unsur-unsure cerkak?

Unsur-unsur Intrinsik Cerkak

1. Tema (Underan)

Tema iku minangka bakune gagasan kang kawedhar dadi sawijining cerita. Mula uga kena
diarani yen tema iku dadi underane (pusat) cerita. Jalaran apa kang kababar ing cerita iku asal usule
saka kene, ya saka gagasan pokok mau. Tema ing cerita cekak (cerkak) iku beda karo tema kang ana
ing cerita wacan bocah. Ing cerita utawi dongeng wacan bocah lumrahe tema iku manggon ing
pungkasane cerita. Dene ing cerita cekak (cerkak) iku, temane pancen rada angel digoleki jalaran
manggone sok-sok sumebar ing sajroning cerita. Mula saka iku tema cerita iku bisane ketemu
sawise diwaca nganti rampung.

2. Latar (Setting).

Latar, yaiku papan panggonan, hubungan wektu lan lingkungan sosiale saka kedadeyan kang
dicritakake ana ing crita.
Latar iku ana 3 jenise:
a. Latar panggonan, yaiku latar kang dadi papan panggonan nalika kedadeyan ana ing crita iku
dicritakake.
Tuladha: ing plataran omahe Agus seneng tenguk-tenguk nyawang kahanan..............
b. Latar wektu,yaiku wektu nalika kadadeyan ana ing crita iku dicritakake.
Tuladha: Dina iki, 27 Desember 2009, ing wengi kutha Jakarta tansah rame. Amerga bengi iki final
AFF...........
c. Latar kahanan (suasana), yaiku kahanan lingkungan social nalika kedadeyan ana ing crita
iku dicritakake.
Tuladhane: Nalika kebo bule wis cedhak saka papan panggonanku nonton kirab pusaka siji Sura,
kahanan tansah anteng, kras sepi, ora ana mobah mosoking angin................

3. Paraga (Tokoh Cerita) lan Watake (karakter).


Paraga yaiku wong kang dadi lakon. Paraga, iku bisa diperang dadi telu: yaiku (1) paraga
utama, (2) paraga kaloro (sekunder) lan (3) paraga tambahan (komplementer). Paraga utama iku
kang nggawa lakon (mengembang cerita) dadi lakon (menjadi pelaku cerita) lan uga kang
diceritakake dening paraga liyane. Dene paraga kaloro (sekunder) yaiku paraga kang mbiyantu
paraga utama lan sok malah ana kang malah memalangi (menjadi panghalang/ memasuhi) paraga
utama. Dene paraga tambahan iku paraga kang saliyane paraga utama lan paraga kaloro. Paraga ing
sajroning cerita iku uga diwenehi watak memper (mirip atau menyerupai) watake manungsa ing
alam nyata. Watake manungsa ing alam nyata iku ngremit (kompleks) ananging watake paraga
cerita iku prasaja bae (sederhana) utawa lire (maksude) prasaja tegese pangripta nyritakake watak
sing menonjol utawa dominan.

4. Sudut Pandang utawa Pamawas Pangripta


Point of View yaiku dununging utawi jejering pengarang ing sajrone crita kang diandarake.
Jejering pengarang ana rong jenis, yaiku jejering (kedudukan) minangka wong kapisan lan
minangka wong katelu kang minangka pengamat. Jejering pengarang minangka wong kapisan,
Manawa penganrang dadi paraga ing sajroning carita sarana nggunakake tembung “aku”. Dene
pengarang minangka wong katelu menawa pengarang migunakake tetembung “dheweke,
panjenengane, utawa nyebutake jejeneng tanpa ngliatakae awake dhewe”.
Tuladha: pangarang minangka wong kapisan.
Tekaane mahasiswi sing arep skripsi ing omahku ngungkat lelakon kang wis
lawas kependhem. Dheweke ngaku aran Tukiyem, bocah saka Pacitan. Ya jeneng Pacitan
iku sing njalar aku kelingan lelakon sing wis kasilep meh setengah abad.
Tuladha: pangarang minangka wong katelu
Budi yakin, wong papat sragam abu-abu kang mentas metu saka Bank BPR
Jatim Cabang Kantor Jalan Thamrin Ponorogo iku genah anake Kepala Sekolah SDN
Wringinanom Sambit sing mentas nyetor dhuwit. Tandhane padha seneng rupane.

5. Ancas (Amanat)
Amanat yaiku piwulang moral utawi pendhidhikan kang katujokake marang pamaca. Amanat
ing carita cekak dening pangarang disebarake ing carita kasebut. Mula kanggo nemokake amanat
perlu maca carita kanthi tuntas.

6. Alur
Alur/plot, yaiku Pola pangembangan crita kang kabentuk saka hubungan sebab akibat. Alur
kaperang dadi telu bagian yaiku, alur maju, alur mundur, lan alur campuran. Alur maju iku isi
critane runtut padha karo struktur teks cerkak. Alur mundur yaiku crita diwiwiti saka rerampungan
cerita banjut dilanjutne pengenalan tokoh. Alur campuran yaiku crita kang diwiwiti saka konflik.

7. Busananing Basa (Gaya Bahasa)


Gaya basa, basa sing digunakake pangripta ing sajroning carita. Utawa cara khas kang dienggo
pangripta kanggo medharake pikiran lan rasa atine. Cara kang khas mau bisa dingerteni liwat ukara
utawa tetembungan kang dienggo. Mula gaya basa iku nuwuhake rasa lan reaksi pamaca marang
pikiran kang diandharake dening pengarang. Gaya basa ing jagad kasusastran Jawa bisa awujud
basa rinengga, pepindhan, bebasan lan majas.

GLADHEN 1

Wacanen cerkak iki kanthi patitis!

Koper lan Bakso Bakar

Angin wengi mangsa rendheng tumiyup alon ing satengahing pomahan jejel riyel pinggiran
kutha. Udane isih ngrecih, njalari hawa wengi saya adhem njekut. Kahanan sepi mamring. Sing
keprungu mung tumetesing banyu udan ing ndhuwur gendheng Ian kung kong swara kodhok saka
blumbang kulon omah. Tardi isih krasan lungguh ing teras ngarep omah sinambi kemulan sarung
brukut, pikirane nglambrang adoh.
Omongane Dasto awan mau isih nggubet rasa pangrasane. Yen kowe gelem melu aku, minggu
sesuk kowe bisa enggal menyang Jakarta. Opahe Iumayan Iho,” kandhane Dasto setengah bisik-
bisik.
Tardi nuli mlebu kamar, anak Ian bojone wis turu nglepus ing dhipan reyot kemulan sarung
sing kelire uga wis mblandhus. Ana rasa getun ing njero atine Tardi dene nganti seprene durung bisa
mulyakake anak bojo sing ditresnani. Atine Tardi saya angluh. Ning kepriye maneh, garising
nasib pancen kudu nglakoni urip kaya ngene iki.
Sejatine menawa dipikir nganggo ati wening, panguripane Tardi saiki Iuwih tumata tinimbang
kahanan rong taun kepungkur. Senadyan mung dodolan sokar alias bakso bakar, nanging tetela bisa
kanggo nyukupi mangan Ian nyandhange wong saomah, ora ketang mung prasaja. Tardi pancen ulet
Ian ora gampang pasrah. Esuk nganti awan bukak dhasar ing ngarep SD, dene sore tumekaning
bengi mapan ing alun-alun.
Isih kelingan rong taun kepungkur, nalikane dilereni nyambut gawe saka pabrik mebel.
Pawadane kahanan ekonomi lagi lesu, mitra perusahaan sing biyasane tuku mebel saka pabrike
Tardi, saiki ora duwe modhal. Wusanane mebele numpuk ora payu. Jarene lagi kena pangaribawane
krisis ekonomi global. Tardi ora dhong apa kuwi ekonomi global.
“Tahun depan kalau keadaan ekonomi pulih, Mas Tardi kami prioritaskan bekerja kembali,”
ujare kepala personalia sinambi ngulungake pesangon sing gedhene ora sepiraa.
Omongan kuwi mbuh bener apa mung abang-abang lambe kanggo ngeyem-eyemi ati, Tardi ora
ngerti. Ora cekel gawe njalari Tardi ngrasakake kiyamat cilik. Nanging dheweke isih begja, jalaran
ditawani tilas kancane sekolah supaya ajar dodol bakso bakar.
Dina-dina sabanjure, Tardi ganti profesi dodolan bakso bakar amrih kendhile ora nggoling.
Tardi njupuk bahan saka panggonane kancane kanthi numpak pit motor tuwa. Tardi mangkal ing
sekolahan-sekolahan. Yen bengi ngalih menyang alun-alun.
Disawang sepisan maneh anak Ian bojone kuwi. Rupa ayu Ian nggantheng sing lagi turu angler
ngompa semangat uripe. Semangat kanggo golek dhuwit, kanggo napaki dalan panguripan sing
Iuwih mranani.
“Yen dodolan sokar ngene terus, uripku ora bakal maju. Nanging yen melu Mas Dasto mesthi
bakal ana owah-owahan, apa maneh bocah-bocah sedhela maneh wiwit mlebu sekolah lan perlu
ragad sing ora sithik,” batine Tardi.
Tardi ngeling-eling lelakon uripe Dasto. Patang taun kepungkur nalika isih kerja ing pabrik,
uripe uga tansah kecingkrangan. Nanging sawise pindhah pakaryan, pangurupane malik grembyang,
bisa tuku sepedha motor anyar,tivi Ian nyandhang pangan kepenak. Dina candhake Tardi sida
nemoni Dasto saperlu rembugan bab pakaryan sing dijanjekake sawatara wektu kepungkur.
“Gaweyane gampang kok, Tar, syarate kowe kudu bisa dipercaya,” ujare Dasto.
Miturut Dasto pakaryan mau ngirim dhokumen saka Jakarta menyang kutha liya. Sakwise
cocog ing ati, sorene Tardi Ian Dasto budhal menyang Jakarta miwiti pakaryan anyar. Budhale
numpak bis AC Bigtop. Bis kuwi katon mewah, kursine bisa disetel kanggo selonjor. “Wuih penak
tenan bis iki. Hawane nyess,” batine Tardi gumun.
Parak esuk Tardi wis tekan Jakarta, njujug ing salah sijine restoran mewah Ian dikenalake karo
kancane Dasto. “Mangga Iho, bebas pesen panganan apa wae. Spaghetti, pizza, burger, utawa apa
wae,” ujare kancane Dasto grapyak.
Tardi bingung, sebab ora ngerti jinis panganan sing ditawakake mau. Wong saben ndinane
paling mung ketemu tahu, tempe, Ian bakso bakar. “Kula pesen ayam goreng mawon Pak, mengke
yen
pesen spaghetti malah weteng kula sakit,” kandhane lugu. Sakwise sarapan, Tardi Ian Dasto nuli
ngaso ing hotel. Sedina kuwi Tardi pancen kaya diuja, apa wae panjaluke dituruti Dasto. Sorene ing
dina sing padha, Tardi kudu mbalik maneh menyang kuthane karo nyangking koper. Tardi ora ngerti
sejatine isine apa, nanging jarene Dasto isine dhokumen-dhokumen wigati kanggo konferensi
internasional.
“Ati-ati olehmu nggawa, isine surat penting kanggo rapat. Aku dakmulih numpak pesawat
wae,” pesene Dasto sadurunge bis sing ditumpaki Tardi ninggalake Terminal Pulogadung.
Ing njero bis koper kuwi dikeloni Tardi, kebeneran kursi ing sisihe kothong. Tardi ngati-ati
anggone nggawa koper. Wanci mangan bengi ing restoran, koper kuwi tansah dicekethem amrih
aman.
Esuk ing dina candhake Tardi wis tekan kuthane maneh, nuli njujug omahe Dasto. “Aman,
Mas. Mau dakkeloni supaya aman,” kandhane Tardi.
Dening Dasto koper nuli digawa mlebu kamar, mbokmenawa arep dipriksa isih wutuh apa ora
surat-surate. Ora suwe Dasto metu sinambi ngelungi amplop. “Turnuwun ya, Tar, aja lali seminggu
engkas budhal menyang Jakarta maneh,” ujare karo mesem.
“Iya Mas, aku sing maturnuwun,” wangsulane Tardi sinambi pamitan. Tekan ngomah amplop
kelir putih kuwi dibukak. Rong yuta rupiah Tardi njondhil kaget, tumuli ngguyu. Dhuwit kuwi
gedhe banget ajine tumrap Tardi. “Maturnuwun Gusti,” ujare.
Ora krasa wis patang wulan Tardi nglakoni urip wira-wiri menyang Jakarta PP saben seminggu
sepisan. Uripe katon wis ana owah-owahan. Kuwat kredit Sepeda motor anyar. Tuku TV,
handphone, Ian peralatan elektronik liyane. Asring uga Tardi Ian anak bojone klintong-ktintong
menyang mall. Tardi ngrasakake saiki golek dhuwit kuwi gampang.
Minggu ngarep kuthane Tardi jarene bakal dadi tuan rumah konferensi internasional. Tamu
agung saka negara ngendi wae bakal rawuh Ian nginep ing kutha iki telung dina suwene. Tardi
dikongkon Dasto Iunga menyang Jakarta.
“Dokumen sing kudu kok gawa mengko wigati banget, jalaran kanggo kaperluwan konferensi,”
kandhane Dasto. “Sesuk esuk sakwise tekan Jakarta kowe bakal dipapag kancaku sing biyasa
ketemu kae, aku wis telpun dheweke,” bacute.
Wekasane sore kuwi Tardi budhal menyang Jakarta saka terminal bis. Esuk dina candhake Tardi
wis mlebu Jakarta. Lan kaya biyasane Tardi mesthi diopeni kanthi kepenak. Ora ana sing jenenge
tembung mangan mbayar, jalaran kabeh wis dicukupi.
Sorene Tardi enggal mbalik menyang kuthane maneh numpak bis AC Bigtop. Kaya adate koper
kuwi dikeloni. Nanging ing satengahing dalan, dumadakan bise mandheg. Ora suwe ana pulisi
munggah nuli mriksa kabeh barange penumpang. Koper sing dikeloni Tardi uga dipriksa.
“Apa isine, Mas?” pitakone aparat kuwi.
“Isinipun dhokumen, serat-serat penting kangge konferensi internasional, Pak,” wangsulane
lugu.
“Kowe ngerti dhewe?”
“Mboten, ning tirose Mas Dasto.”
“Sapa Dasto kuwi?”
“Tiyang sing ngengken kula,” wangsulane Tardi apa anane.
Tardi nuli diglandhang mudhun bis, sabanjure koper kuwi dibukak. Tardi mlenggong, isine
jebul dudu surat nanging bungkusan-bungkusan cilik isi bubuk putih kaya glepung.
“Iki narkoba. Sabu-sabu!” ujare petugas.
“Kula mboten ngertos, Pak,” Tardi ngewel keweden. Ditakoni werna-werna, nanging tetep wae
dheweke ora ngerti. “Kula mboten sumerep napa-napa Pak, wong kula niku namung dikengken,”
kandhane memelas.
“Ngerti omahe Dasto?”
“Menawi griyane kula semerep Pak, tanggi kula.”
“Kowe kudu melu nyekel Dasto, yen Dasto ora ketemu kowe bakal nampa ukuman abot,” ujare
petugas kanthi teges.
Tardi ndredheg, piye yen mengko Dasto nyelaki rembug Ian malah melu nuding dheweke? Piye
nasibe anak bojone? Wusanane kanthi numpak mobile petugas, Tardi dikeler menyang omahe
Dasto. Pranyata omah kontrakan kuwi wis kothong mlompong. Jare tanggane esuk uthuk-uthuk
Dasto wis ninggalake papan kono embuh menyang ngendi lungane.
Donyane Tardi rasane mubeng seser, sirahe klemun-klemun. Tardi nuli ambruk. Kabeh
kadurjanan kaya-kaya dadi tanggung jawabe. Tardi kelingan ujare para sepuh, ing pagelaran
wayang kae menawa ana kobongan dhalange mesthi mlayu dhisik. Dhalange slamet, dene wayange
ludhes kobong.
Nanging kabeh wis kebacut. Tardi nggentuni lelakon uripe. Ing tahanan Tardi nyawang koper
isi dhuwit puluhan yuta Ian bakso bakar nganggo ati wening. Jebul isih kepenak nyawang bakso
bakar.

Panjebar Semangat No. 38- 17 September 2016


Dening: ERDY PRIHARSONO

Analisis Unsur-unsur Intrinsik

No Katrangan Ukara ing teks


1. Underan

2. Latar

3. Paraga lan Watak Paraga : ……………….. Watak : ……………………

Ukara ing teks : ……………………………………………………

Paraga : ……………….. Watak : ……………………

Ukara ing teks : ……………………………………………………

4. Pamawas Pangripta *)Wong kapisan/ wong katelu alasane …………………………

5. Amanat/ Ancas

6. Alur *)Alur maju, mundur, utawa maju-mundur

7. Busananing Basa
*) Dicoret sing ora perlu

Analisis struktur cerkak

Struktur teks cerkak

1. Pengenalan bab situasi utawa kahanan crita (orientasi)


Ing bab iki, pengarang ngenalake para tokoh, nata adegan lan hubungan tokoh-tokohe.
2. Panjlentrehe kedadeyan (komplikasi)
Ing bab iki, kedadeyan wiwitan kang dadi sumbering masalah kanggo para tokohe.
3. Nuju ana ing konflik, (konflik)
Ing bab iki, masalahe tokoh kang dialami saya tambah.
4. Ngadepi masalah (resolusi)
Ing bab iki nasib tokohe ditemtokake (kasil orane ngadepi masalah)
5. Rerampungan (koda)
Nasib-nasibe kang dialami para tokohe wis cetha uga bisa diarani rampung.

GLADHEN 2

Sakwise nyinaoni struktur cerkak, banjur awakmu analisis teks sing irah-irahane “Koper lan Bakso
Bakar“
Analisis gawe tabel ing ngisor iki!
No Struktur Inti crita
1 Orientasi

2 Komplikasi

3 Konflik

4 Resolusi

5 Koda
Unsur Kebahasaan Cerkak

Unsur kebahasaaan cerkak ana loro, yaiku tembung entar lan tembung saroja.
Tembung entar yaiku tembung-tembung kang ateges ora baku utawa dudu salugune (dudu sabenere/
satemene)
Tuladha:
1. Lunyu ilate, tegese guneme ora kena dipercaya.
2. Adus kringet, tegese nyambut gawe sing abot.
Tembung saroja, yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan lan
lumrahe ngemu surasa banget.
Tuladha :
1. Gagah prakosa, tgese gagah utawa prakosa banget.
2. Lila legawa, tegese ikhlas utawa legawa banget.

GLADHEN 3

Golek ana tegese tembung entar lan saroja ing ngisor iki banjur gawenen ukarane pisan!
Tembung entar : gedhe tekade, kandel kupinge, gedhe endase
Tembung saroja : babak bundhas, edi peni, andhap asor, sayuk rukun

Tembung-tembung ing dhuwur dikerjakne kaya tuladha ing ngisor iku.


Tuladha
Tembung entar : jembar segarane
Tegese : gampang menehi pangapura
Ukara : Wong iku kudu jembar segarane supaya urip dadi raharja.

Tembung saroja : sekti mandraguna


Tegese : Pakdheku iku sekti mandraguna amarga bisa goleki barang sing ilang.

GLADHEN 4

Ing gladhen 4 iki awakmu kelomopokan kanggo nulis cerkak. Cerkak sing ditulis yaiku ngubah
cerkak bahasa Indonesia utawa cerita pendek (cerpen) dadi cerkak basa Jawa. Goleka cerkak bahasa
Indonesia banjur dicetak kanggo didudone gurune. Anggota kelompok ditemtokake marang gurune.
Cerpen bisa didownload ing alamat web http://cerpenmu.com/100-cerpen-kiriman-terbaru

c. Penutup

Sawise diskusi, latihan, lan nglaksanakake kagiyatan sajroning pembelajaran, coba saiki
renungna maneh apa kang wis dikuasai lan sing durung dikuasai. Andharna apa kang dadi kesan
sawise sinau babagan Cerkak kanthi menehi tandha centhang (√) ing tabel ngisor iki!
No. Pernyataan Ya Tdk
1. Aku wis bisa mangerti apa iku cerkak
2. Aku wis bisa ngidentifikasi struktur cerkak
3. Aku wis bisa ngidentifikasi unsur-unsur intrinsik
4. Aku wis bisa nerjemahake bahasa Indonesia dadi basa Jawa

Yen wangsuli “Ora” ing salah sawijine pernyataan ing duwur, sinauo maneh materi
kasebut ing Buku Teks Pelajaran (BTP) lan sinau maneh kagiyatan 1,2,3,4 kalian
bimbingan guru lan konco. Ojo nyerah kanggo mbaleni maneh.Yen jawab “YA” ing
saben pitakon, mareknoUKB materi sakmarine.

Ing endi posisimu?


Ukuren kemampuanmu mangerteni materi puisi tradisional lan puisi modern ing
rentang biji, tulisen ing jero kotak sing ana ing ngisor!

Kotak Nilai Paraf Guru

DAFTAR RUJUKAN
Santosa, Rahmad., dkk. 2015. Sastri Basa kanggo SMA/SMA/MA/MAK kelas XII. Surabaya: Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
Sukendro, Dhita Puspitasari dan Susanti, Triana Wahyu. 2014. Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA
kelas X. Surabaya: Duta.

Anda mungkin juga menyukai