Anda di halaman 1dari 9

ASESMEN ULANGAN HARIAN TERSTRUKTUR/

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS) GENAP


SMA MUHAMMADIYAH 2 MAYONG
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kelas :X
Program Studi : UMUM
Hari/Tanggal : Rabu / 15 Maret 2023
Waktu : Pukul 09.30 – 11.00 WIB

A. PETUNJUK UMUM
1. Pilihlah identitas peserta pada laman yang sudah disediakan
2. Bacalah tiap-tiap soal dengan baik sebelum anda mengerjakan.
3. Kerjakan lebih dahulu soal yang anda anggap paling mudah
4. Semua jawaban dipilih dengan cara di klik pada laman yang telah disediakan.
5. Laporkan kepada pengawas apabila terdapat soal yang kurang jelas.
6. Periksalah pekerjaan anda baik-baik sebelum diserahkan kepada Pengawas
7. Mulailah mengerjakan dengan membaca “Basmallah” dan akhirilah dengan bacaan Hamdallah”

B. SOAL
Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d, utawa e tumrap wangsulan kang bener!
1. Serat Wedhatama kalebu kasusastraan Jawa gagrag ....
a. anyar
b. Mataram
c. lawas
d. kuna
e. cilik
2. Panganggite Serat Wedhatama inggih menika ....
a. Mangkunegara I
b. Mangkunegara IV
c. Mangkunegara VI
d. Pakubuwana IV
e. Pakubuwana V
3. Serat Wedhatama kabagi dados 100 pupuh wonten ing salebeting ... tembang macapat
a. 4
b. 5
c. 7
d. 8
e. 11
4. Juru demung, wirangrong, balabak menika tuladhane sekar ....
a. ageng
b. madya
c. alit
d. macapat
e. kakawin
Tembang Sinom ing ngandhap kangge mangsuli pitakenan nomer 5 - 9!
Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sesama

5. Tembang sinom ing nginggil dumadi saking ... gatra


a. 4
b. 5
c. 6
d. 7
e. 9
6. Watak tembang Sinom inggih menika ....
a. galak, muntab, kangge medharake rasaning ati
b. sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng
c. grapyak, renyah, kangge sesorah lan mituturi
d. kendho tanpa greget saut ing carita kang sakpenake
e. wetuning rasa, kangge medharake pitutur
7. Guru lagu lan guru wilangane tembang Sinom inggih menika ....
a. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
b. 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
c. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
d. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
e. 8i, 8o, 10u, 6i, 7a, 8a
8. Gatra kaping gangsal tembang Sinom nginggil menika nggadhahi teges....
a. ngupaya agawe ati tentrem
b. kanthi nindakake laku prihatin
c. ngurangi hawa lan nepsu
d. ingkang sregep ngupaya
e. nuladhani tumindak becik
9. Piwulang ing pupuh Sinom Serat Wedhatama inggih menika ....
a. etika, watak becik lan ala
b. ilmu lan amal ing donya
c. ukum sebab lan akibat
d. manembah ing gusti Allah
e. ngajeni marang liyan
10. Salah sawijining paugerane tembang macapat menika cacahing wanda saben sagatra ingkang
dipunwastani ....
a. guru wilangan
b. guru wanda
c. guru gatra
d. guru lagu
e. guru irama
11. Ing ngandhap menika ingkang migunakake guru lagu lan guru wilangan (6i) inggih menika ....
a. kepati amarsudi
b. lelana teka-teki
c. ing rikala awan bengi
d. tepining jalanidhi
e. bapang den simpangi
12. Manungsa menawi sampun rumaos kacukupan, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra
liyane menika tegese tembang ....
a. Mijil
b. Kinanthi
c. Gambuh
d. Durma
e. Pangkur
13. Tembung ingkang diringkes cacahing wanda supaya luwih sathithik dipun wastani tembung ....
a. Saroja
b. Yogyaswara
c. Garba
d. Rura basa
e. Plutan
14. Adang sega, nguleg sambel kalebu jenising tembung ....
a. Rura basa
b. Paribasan
c. Saroja
d. Plutan
e. Yogyaswara
15. Bapak mau lunga karo sapa, Bu?
Miturut unggah-ungguhing basa, ukara kang trep inggih menika ....
a. Bapak mau kesah karo sinten, Bu?
b. Bapak wau tindak kalih sinten, Bu?
c. Bapak wau kesah kalih sinten, Bu?
d. Bapak mau tindak kalih sinten, Bu?
e. Bapak wau tindak karo sinten, Bu?
16. Pak guru mau dhawuh marang aku, menawa mengko dijak bareng yen bali. Basa ingkang
digunakake inggih menika ....
a. krama inggil
b. krama lugu
c. ngoko alus
d. ngoko lugu
e. krama madya
17. Wayang wiwit wonten ing warsa ....
a. 993
b. 933
c. 939
d. 399
e. 393
18. Crita mahabarata nyariosken lakon ....
a. Raden Rama kaliyan Shinta
b. Damarwulan lan Majapahit
c. Panji Asmarabangun
d. Pandhawa lan Kurawa
e. Punakawan lan Kurawa
19. Crita Ramayana dipunanggit dening ....
a. Mpu Walmiki
b. Mpu Sedah
c. Mpu Panuluh
d. Mpu Tantular
e. Mpu Gandring
20. Wayang kangge nyiarake agama Kristen dipunwastani ....
a. wayang potehi
b. wayang klithik
c. wayang wahyu
d. wayang beber
e. wayang suluh
21. Wayang thengul inggih menika ....
a. wayang kang digawe saka kayu kang wujude sami kaliyan wayang kulit
b. wayang kang lakone tokoh masyarakat ingkang nembe nyekel kekuasaan
c. wayang kang lakone saking crita Mahabarata lan Ramayana
d. wayang kang nyariosaken sejarah Indonesia lan kangge penyuluhan
e. wayang kang nyariosaken kahanan sakmenika kangge ngritik pemerintah
Wacan ing ngandhap kangge mangsuli pitakenan nomer 22 – 24!
Bima Bungkus
Ing tlatah Ngastina, duhkitaning Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi jalaran lahire ponang jabang bayi kang
awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe
arsa mecah bungkus, senadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaake si bungkus.
22. Putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi ingkang lair awujud bungkus inggih menika ....
a. Punthadewa
b. Werkudara
c. Janaka
d. Nakula
e. Sadewa
23. Tembung tumawa ing cariyos nginggil menika tegese ....
a. sekti
b. landhep
c. mempan
d. cumawis
e. mentas
24. Tembung lelamisan kosok balene inggih menika ....
a. ngapusi
b. tenanan
c. nangisi
d. seneng
e. kuciwa
Wacan ing ngandhap kangge mangsuli pitakenan nomer 25 – 28!
Ing Suralaya, Bathara Guru nimbali Gajah Sena kangge mecah si bungkus saengga dadi sejatining
manungsa. Bathara Guru uga ngutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si
bungkus.
25. Raden Bima natoni gajah Sena ngangge kuku ....
a. Saptanaka
b. Pancanaka
c. Jalaengara
d. Hastanaka
e. Gandamana
26. Bima kagungan watak ing nginggil menika, kajawi ....
a. mboten seneng tetulung
b. setya tuhu marang guru
c. lugu, derma, lan prasaja
d. mboten wedi karo sapa wae
e. tresna ing sapadha-padha
27. Raden Bima kagungan dasanama ing ngandhap menika, kajawi ....
a. Pandhusiwi
b. Kusumayuda
c. Bratasena
d. Gandawastratmaja
e. Dwijakangka
28. Ingkang paring rasukan marang Bima inggih menika ....
a. Dewi Madrim
b. Dewi Kunthi
c. Dewi Umayi
d. Dewi Banowati
e. Dewi Arimbi
29. Yudhistira ksatriya saking ....
a. Amarta
b. Astina
c. Jodhipati
d. Madukara
e. Bumiretawu
30. Gambar ingkang nudhuhake pambarepe Pandhawa inggih menika ....
a.

b.
c.

d.

e.

31. Wayang ing ngandhap menika asmane ....

a. Yudhistira
b. Werkudara
c. Janaka
d. Nakula
e. Pandhu
32. Wayang ing nginggil ksatriya saking ....
a. Amarta
b. Astina
c. Jodhipati
d. Madukara
e. Sawo jajar
33. Sesorah menika ugi diarani medharsabda, saking tembung medhar lan sabda. Sabda nggadhahi
teges ....
a. ngandharake
b. nggladhi
c. nyinaoni
d. omongan
e. wangsulan
34. Ing ngandhap menika adat Jawi ingkang mbetahaken paragan sesorah, kajawi ....
a. upacara mantenan
b. adicara supitan
c. pacelathon padinan
d. upacara sedhekah bumi
e. upacara kesripahan
35. Perangane sesorah ingkang kaping 2 inggih menika ....
a. surasa basa
b. wasana basa
c. purwaka basa
d. pangajeng-ajeng
e. salam panutup
36. Sesorah ingkang kedah angsal wangsulan dipunwastani ....
a. sabdatama
b. pambagyaharja
c. tanggap wacana
d. impromtu
e. ekstemporan
Sesorah ing ngandhap kangge mangsuli pitakon nomer 37 - 39!
Pungkasaning atur, mangga kita sedaya kagungan pangajab mugi ing warsa enggal samangke, kita
tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan saha barokahing Gusti ingkang Maha Mirah lan saged
nggayuh sedya ingkang dereng saget kalampahan.
37. Tegese tembung pangajab, inggih menika ....
a. manah
b. umur
c. duweni
d. pepenginan
e. tindhakake
38. Tegese tembung sedya wonten ing sesorah nginggil menika ateges ....
a. pangarep-arep
b. pepenginan
c. cita-cita
d. sekolah
e. sedaya
39. Sesorah ing nginggil menika perangane sesorah ingkang ....
a. wusana basa
b. surasa basa
c. purwaka basa
d. pangajab
e. salam panutup
40. Sesorah pamangku gati kalebu jenise sesorah ....
a. sabdatama
b. tanggap wacana
c. impromtu
d. ekstemporan
e. pambagyaharja
41. Ingkang dipunwastani wusana basa inggih menika ....
a. atur panuwun dhumateng para tamu lan ngaturake syukur mring gusti allah
b. atur panuwun lan nyuwun ngapura menawi kathah kekirangan lan kaluputan
c. atur pituduh lan pangarep-arep ingkang diwedharake marang wong akeh
d. atur salam wonten ing sangajenge para tamu kangge mbikak sesorah
e. atur salam kangge mungkasi anggenipun sesorah sangajenge wong akeh
42. Paraga ingkang nggadhahi jejibahan utawi tugas nglantarake adicara ing upacara adat
dipunwastani ....
a. juru basa
b. pranatacara
c. pambagyaharja
d. juru mudhi
e. satata basa
43. Dadi pranatacara iku kudu kerep gladhen supaya bisa titis. Titis tegese ....
a. trep ing basa, sastra, lan patrap
b. trep marang bab kang diandharake
c. trep ing bab kang dingendhikakake
d. trep ing busana kang digunakake
e. trep kaliyan swasana ing adicara
44. Dene wose medhar sabda ingkang surasane njumbuhake karo kahanan inggih menika ....
a. kepiye swasanane
b. sapa kang medhar sabda
c. sepira bayarane
d. kepiye tujuwane
e. apa kang kawedhar
Sesorah ing ngandhap kangge mangsuli nomor 45 – 46!
Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wanita mliginipun remaja putri kedah cancut
taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita
kedah nggadhahi kagungan ingkang nedhakaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa.

45. Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan ....
a. salam pambuka
b. wusana basa
c. purwaka basa
d. surasa basa
e. pangarep-arep
46. Sesorah ing nginggil kalebu jenising sesorah ....
a. sabdatama
b. pambagyaharja
c. tanggap wacana
d. pangajak-ajak
e. aweh panglipur
47. Para lenggah ingkang kinurmatan, ing samangke kathah sesakit demam berdarah ing pundi
kemawon. Pramila sumangga panjenengan sedaya sami njagi karesikaning salebet tuwin
sakjawinipun griya. Langkung-langkung, got-got sakiwa tengening griya.
Pethikan sesorah ing nginggil kagungan ancas ....
a. paring panglipur
b. paring kawruh
c. paring pangajab
d. pangajak-ajak
e. paring pitutur
48. Para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi migunakake cara
sesorah ....
a. naskah
b. apalan
c. ekstemporan
d. impromtu
e. memoriter
49. Sesorah kanthi damel catethan ingkang surasane pokok-pokoke sesorah dipunwastani metodhe ....
a. naskah
b. apalan
c. impromtu
d. memoriter
e. ekstemporan
50. Bab ingkang mboten digatosaken nalika atur sesorah inggih menika....
a. wicara
b. busana
c. swara
d. pratap
e. swasana

Anda mungkin juga menyukai