Anda di halaman 1dari 7

DOKUMEN

SANGAT RAHASIA

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT)


SD NEGERI KARANGMOJO II
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Hari/Tanggal : Rabu, 12 April 2023
Waktu : 09.45 – 11.45 WIB

KKG KELAS VI
KORWIL BIDDIK KAPANEWON PALIYAN
DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN GUNUNGKIDUL
TAHUN 2023

Wacanen kanthi patitis!


1
Candhi Prambanan
Manut sejarah, candhi Prambanan candhi Hindhu paling gedhe ing Asia Tenggara. Candhi
kang dibangun taun 856 Masehi dening Rakai Pikatan disempurnaake dening Ratu Lokapala lan Ratu
Balitung. Manut prasasti Siwagrha, bangunan suci kuwi kanggo aweh kurmat marang Dewa Siwa.
Candhi Prambanan utawa Candhi Rara Jonggrang iki kanggo muja Trimurti. Trimurti kuwi
dewa telu ing agama Hindu, yaiku Brahma pinangka dewa panyipta, Wisnu pinangka dewa pangrumat
lan Siwa pinangka dewa pangrusak. Ing komplek candhi, Siwa luwih diutamakake katimbang Brahma
lan Wisnu. Candhi Siwa pinangka bangunan utama jembare 34 meter lan dhuwure nganti 47 meter.
Manut legendha, reca Rara Jonggrang kuwi pinangka genepe reca cacah sewu kang dicipta
dening Bandung Bandawasa. Rara Jonggrang gelem dipundhut garwa Bandung yen bisa nggawekake
reca cacah sewu sajrone sewengi. Amarga rekadayane Rara Jonggrang, wis wayah bangun anggone
gawe reca lagi dadi 999. Rara Jonggrang ora sida gelem dipundhut garwa. Paribasane, Durga murang
karta. Tegese wong gedhe nerak wewalere dhewe. Bandung duka, mula genepe sewu Rara Jonggrang
dhewe kang dicipta dadi reca.
(Kapethik saking buku Sinau Basa Jawa Kelas VI SD)

Wenehana tandha ping (x) huruf a, b, c utawa d jawaban sing paling bener!
Kanggo soal nomer 1-5 garapen manut wacan ing dhuwur!
1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku ....
a. Candhi Sewu
b. Candhi Ramayana
c. Candhi Prambanan
d. Candhi Rara Jonggrang
2. Candhi Prambanan dibangun nalika taun ...
a. 586 Masehi
b. 685 Masehi
c. 865 Masehi
d. 856 Masehi
3. Miturut wacan ing dhuwur, Rara Jonggrang bakal dipundhut garwa dening ....
a. Bandung Bandawasa
b. Dewa Brahma
c. Dewa Wisnu
d. Dewa Siwa
4. Candhi Prambanan papan kanggo muja Trimurti. Trimurti kuwi dewa telu agama Hindu, yaiku ....
a. Dewa Brahma pinangka dewa pangrumat
b. Dewa Wisnu pinangka dewa pangrumat
c. Dewa Wisnu pinangka dewa panyipta
d. Dewa Siwa pinangka dewa panyipta
5. Bandung anggone gawe candhi ora genep sewu amarga rekadayane Rara Jonggrang. Rara
Jonggrang ora sida gelem dipundhut garwa. Paribasane, Durga murang karta.
Paribasan Durga murang tata tegese ....
a. wong kang ora bisa dipercaya
b. wong kang gegedhen rumangsa
c. wong kang blenjani janjine dhewe
d. wong gedhe nerak wewalere dhewe
6. Jenise tembang iku werna-werna. Tembang Mijil kalebu jenise tembang ....
a. dolanan
b. macapat
c. tengahan
d. gedhe
Gatekna tembang Mijil ngisor iki, kanggo njawab soal nomer 7 lan 8

2
Mijil
Eman-eman angger aywa nangis
Angur ageguyon
Sun opahi kitiran kang gedhe
Yasa nira Sang Hyang Ening Jati
Ilir-ilir silir
Sumilir Hyang bayu
7. Tembang Mijil ing dhuwur kadadean saka ... gatra
a. 4 (papat)
b. 5 (lima)
c. 6 (enem)
d. 7 (pitu)
8. Guru wilangan lan guru lagu ana ing gatra kaping telu tembang Mijil ing dhuwur yaiku ....
a. 6 i
b. 8 a
c. 9 e
d. 10 e
9. Gatekna parikan ngisor iki!
Mancing wader oleh yuyu
....
Bacutane parikan ing dhuwur yaiku ....
a. pingin banter ayo mlayu
b. pingin pinter sregep sinau
c. pingin pinter aja gur ngguyu
d. pingin pinter aja padha nesu
10. Maca geguritan becike nganggo paugeran wiraga, wirasa, wirama.
Sing diarani wirama yaiku ....
a. pasuryane nalika maca geguritan
b. obahing awake nalika maca geguritan
c. olah swara antarane intonasi, cetha swara lan pangucape
d. olah rasa antarane rasa bungah, susah ora digebyah uyah
11. Gatekna geguritan ngisor iki!
Siswa
Aja gampang kelu ombyake jaman
Murih wasis ing sekolahan
Ora keri karo kanca-kanca sing genah
Siswa kudu mituhu dhawuhe guru
Mbangun turut rama ibu
Tembung genah ana ing geguritan dhuwur ngemu tegese ....
a. apik banget
b. ora tau ngapusi
c. bener omongane
d. becik bebudene
12. Saiki dina Rebo Paing. Sesuk dina ....
a. Kemis Pon
b. Kemis Wage
c. Kemis Kliwon
d. Kemis Legi

13. Panganan iki digawe saka tepung beras, santen, gula, uyah, lan gedhang. Dibuntel nganggo
godhong gedhang tengahe diwenehi gedhang, carane ngolah kanthi didang. Panganan iki arane ....

3
a. lemet
b. lemper
c. bongko
d. nagasari
14. Melu tetandhingan aja cilik atine, sing madhep mantep mesthi menang.
Tembung cilik atine tegese ....
a. isin
b. wedi
c. serik
d. mindher
15. Upacara adat kanggo ngresiki desa sawise panen diarani ....
a. Merti Desa
b. Ruwatan
c. Bekakak
d. Sekaten
16. Upacara adat iku werna-werna. Salah sijine yaiku upacara Tedhak Siti tegese upacara nalika ....
a. bayi ana kandhungan umur pitung sasi
b. bayi lair
c. bayi umur 35 dina
d. bocah arep mudhun ing lemah
17. Gatekna busana adat ing ngisor iki!
(1) surjan
(2) cundhuk
(3) gelungan
(4) timang
(5) selop
Kang kalebu busana adat wong lanang gagrag Ngayogyakarta yaiku ....
a. (1), (2), (3)
b. (1), (4), (5)
c. (1), (3), (5)
d. (2), (3), (4)
18. Perangan gamelan kang aran saron yaiku ....
a.

b.

c.

d.

19. Gatekna gambar gamelan ngisor iki!

4
Gambar perangan gamelan ing dhuwur arane ....
a. kethuk
b. kenong
c. kempul
d. bonang
20. Gatekna gambar wayang ngisor iki!

Gambar wayang ing dhuwur asmane ....


a. Ramawijaya
b. Wibisana
c. Laksmana
d. Indrajit
21. Tembung “mangan mete” menawa ditulis nganggo aksara Jawa ....
a. mznMete
b. mznMe[t
c. mz[nM[t
d. mzn[m[t
22. Perang Baratayuda iku perang antarane ....
a. Pandhawa mungsuh Kurawa
b. Pandhawa mungsuh Amarta
c. Kurawa mungsuh Amarta
d. Kurawa mungsuh Astina
23. Salah sijine lakon ing Perang Baratayuda yaiku Karna Tanding. Karna Tandhing nyritakake
perange Adipati Karna mungsuh ....
a. Yudhistira
b. Werkudara
c. Arjuna
d. Nakula
24. Gatekna tokoh wayang ngisor iki!
(1) Arjuna
(2) Ramawijaya
(3) Yudhistira
(4) Antareja
(5) Werkudara
Tokoh wayang Pandhawa ing dhuwur yaiku ....
a. (1), (2), (5)
b. (2), (3), (5)
c. (1), (3), (5)
d. (2), (4), (5)

25. Gatekna gambar ngisor iki!


5
Gambar wayang ing dhuwur gamane ....
a. Senjata Kuntawijaya
b. Gada Rujakpala
c. Panah Pasopati
d. Senjata Cakra
26. Paribasan sing tegese ngluhurake asmane wong tuwa, yaiku ....
a. Mikul dhuwur mendhem jero
b. Mburu uceng kelangan deleg
c. Anak polah bapa kepradah
d. Bathok bolu isi madu
27. Gatekna gambar tanduran obat-obatan ngisor iki!

(1) (2) (3) (4)


Gambar tanduran ing dhuwur kang bisa kanggo tamba lara weteng ...
a. (1)
b. (2)
c. (3)
d. (4)
28. Gatekna gambar tanduran empon-empon ngisor iki!
Gambar tanduran ing samping gunane kanggo tamba ....
a. diare
b. lara boyok
c. lara watuk
d. lara weteng

29. Surat ulem sampun kula ... Pak Dhukuh.


Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
a. caoske
b. caosaken
c. peringke
d. parengaken
30. Wingi sore aku dikongkon ibu tuku gula pasir.
Ukara ing dhuwur basa kramane ....
a. Wingi sonten kula dikengken ibu tumbas gula pasir
b. Wingi sonten kula didhawuhi ibu tumbas gula pasir
c. Wingi sonten kula didhawuhi ibu tumbas gendhis pasir
d. Wingi sonten kula didhawuhi ibu mundhut gendhis pasir
31. Ibu tindak pasar mundhut beras.
6
Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa ....
a. aibutinFkPs/munDtBers\
b. aibutinFkPs/mun|DtBers\
c. aibutinFkPs/mun|DtBrs\
d. abutinFkPs/mun|DtBers\
32. Dadi wong urip iku kudu duwe rasa ... marang sapadha-padha.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
a. welas asih
b. tata krama
c. budi pekerti
d. ayem tentrem
33. adikLgisinaunulisJw
Ukara ing dhuwur diwaca ....
a. Adik sinau maca jawa
b. Adhik sinau nulis jawa
c. Adik lagi sinau nulis jawa
d. Adhik lagi sinau nulis jawa
34. pkCk]zge[mKop-h
Tulisan Jawa ing dhuwur diwaca ....
a. Pak cakra ngagem kopyah
b. Pak cokro nganggo kopyah
c. Pak cakra ngangge kopyah
d. Pak cokro ngangge kopyah
35. Anak becik setya tuhu mring wong tuwa.
Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa ....
a. ankBecikSet-tuaum]i[wotuw
b. ankBecikSet-tuaumi=][w=otuw
c. ankBecikset-tuaum]i=[w=otuw
d. ankBecikset-tuaumi]=[w=otu[wo

Anda mungkin juga menyukai