Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH KABUPATEN BANTUL

DINAS PENDIDIKAN KEPEMUDAAN DAN OLAHRAGA


KOORDINATOR GUGUS 2 KAPANEWON KASIHAN

SUMATIF TENGAH SEMESTER (STS) GENAP


TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Kelas : V (lima) Hari, tanggal : Kamis, 21 Maret 2024


Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa Pukul : 09.00 – 10.30

LEMBAR SOAL

Petunjuk:
a. Bacalah soal berikut dengan cermat!
b. Kerjakan soal berikut pada lembar jawab yang tersedia sesuai dengan petunjuk tiap bagian
c. Dilarang menggunakan alat bantu untuk menyelesaikan soal – soal berikut!
d. Selamat mengerjakan!

Bahasa Jawa
ATP Memahami teks dekriptif tentang peristiwa alam dan adat istiadat
A. Wenehana tandha (x) ana ing jawaban a, b, c, utawa d sing bener!
Wacanen wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-4!

Saparan Gunung Gamping

Dina Jemuah awan, Bawa, niken lan wong tuwane padha nonton upacara Saparan
Bekakak ing Ambarketawang Gamping. Manut critane Bawa sing dirungu saka panitia, Bekakak
yaiku tetironing manungsa arupa sepasang penganten. Digawe saka glepung beras ketan
dicampur beras jawa. Njerone diisi juruh gula klapa sing diwenehi werna abang lambang getih
manungsa.
Manut Riwayat anane upacara bekakak, awit saka dhawuh Dalem Sultan Hamengku
Buwana I. Upacara iki nggambarake kaluwargane Ki Wirasuta abdi dalem panongsong tiwas
kajugrugan watu Gunung Gamping. Upacara iki diadani saben sasi Sapar, dinane Jemuah.
Ancase upacara iku, isi pandonga marang Gusti lan wujud sukure para warga kanthi menehi
rejekine marang wong liya. Dene ubarampe ing upacara iku mung wujud pralambang wae.
Bisa narik kawigatene para warga lan bisa dadi tontonan.
Manut ngendikane sesepuh dhusun kono, saparan bekakak wes lumaku udakara 200
tahunan. Saparan gunung gamping iki diajab bisa nuwuhake rasa tresna marang budaya
adiluhung. Uga bisa kanggo narik kawigatene para wisatawan.
1. Upacara Saparan Bekakak katindakake ana ing sasi ....
a. Pasa
b. Sura
c. Sapar
d. Mulud

2. Bekakak iku awujud boneka tetirone manungsa kang digawe saka ....
a. glepung tela dicampur beras jawa
b. glepung ketan dicampur beras jawa
c. glepung jagung dicampur beras jawa
d. glepung gandum dicampur beras jawa

3. Ukara ing ngisor iki kang ora cocok karo isine wacan ing dhuwur yaiku ...
a. Riwayate Saparan Bekakak saka dhawuh Dalem Sultan Hamengku Buwana II.
b. Upacara Saparan Bekakak diadani ana ing Ambarketawang Gamping.
c. Digawe saka glepung beras ketan dicampur beras jawa.
d. Saparan Bekakak wes lumaku udakara 200 tahunan.

4. Njerone bekakak iku isi juruh sing diwenehi werna abang lambang getih manungsa.
Juruh iku digawe saka ....
a. gula semut
b. gula pasir
c. gula jawa
d. gula batu
5. Gambar ing ngisor iki sing jenenge upacara wiwitan yaiku ....
a.

b.

c.

2
d.

B. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung


6. Upacara adat iku wajib diuri-uri lan di ….
7. Wingi awan, Bapake Bawa ndelok Saparan Gunung Gamping.
Tembung kang kacetak miring sing bener yaiku ....
8. Upacara Sedhekah Bumi wujudake ungkapan rasa syukur marang Gusti lan nunjukake
wargane sing guyup ….
9. Upacara adat seng dilakoni wengi sadurunge ijab kobul yaiku … .
10. Gatekna gambar ing ngisor iki!

Upacara ing gambar jenenge ….


C. Wangsulan manut pituduhe!
11. Gawea ukara krama nganggo tembung “midodareni”!
12. Gawea ukara nganggo tebung ater-ater tripuruso “dak gawa”!
13. Gatekno pacelaton ig ngisor iki!
Pitakon :…?
Wangsulan : Sedhekah Bumi iku minangka wujud rasa syukur marang Gusti.
Ukara pitakon kang trep kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku ....

ATP Memahami tembang macapat Kinanthi, dan Geguritan


A. Wenehana tandha (x) ana ing jawaban a, b, c, utawa d sing bener!
Gatekna geguritan iki kanggo mangsuli pitakon nomer 14-15!
Pak Darman,
Kringetmu deleweran
Nglebusi awak tanpa rasa
Gobyos deres teles
Masuh raga kang prakosa.

3
14. Geguritan iki nggambarake Pak Darman sing ….
a. nyambut gawe abot
b. awake prakosa
c. kringete teles
d. adus kringet
15. Geguritan ing dhuwur kadadeyan saka … larik.
a. 5
b. 6
c. 7
d. 8
16. Tembung-tembunge ing geguritan yaiku ….
a. nggladrah, mentes, singkat
b. endah, nggladrah, mentes
c. singkat, mentes, padhet
d. endah, mentes, padhet
Wacanen geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 17-18!
Ibu, …
sliramu tansah dakpuji
sepiro gedhe labuh labetmu
asung asuh lan asih
tanpa nyadhong piwelas
nadyan gedhe pangurbananmu
Ibu, …
dongamu mring aku
sing dadi pangarep arepmu
dak tuhoni kanthi laku
bisa kasembadan
sing dadi kekudanganmu
17. Tembung nyadhong tegese ….
a. nrimo
b. nompo
c. ngrasa
d. nyuwun

18. Ibu, sepiro gedhe labuh labetmu.


Tembung labuh labet tegese ….
a. pakaryan
b. pengabdian
c. pakurmatan
d. pelenggahan

4
B. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung
Wacanen geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 19-20!
Pahlawanku …
Wutahing ludiramu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwuh sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
…………..
Dening: R. Tantiningsih

19. Tembung ludira dasanamane ….


20. Tembung muwun tegese ….
21. Wacanen punggelan geguritan ing ngisor iki!
Golek ilmu tak lakoni tanpa mengenal wektu
Kanggo nyekel lintang ana ing langit
Kang kadhang ditutup mendhung
Tembung lintang ing punggelan geguritan kasebut tegese… .
22. Intonasine nalika maca geguritan kalebu ing ….
23. Basa kang digunakake ing geguritan endah lan … .
C. Wangsulan manut pituduhe!
24. Wacanen geguritan ing ngisor iki!
Gusti
(Intan Nukhi Adhiya)

Gusti…
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti…
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti…
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Duh Gusti…

Tulisen isi utawa intine geguritan kasebut! (siji wae)

25. Sebutna 3 babagan kang kudu digatakke nalika maca geguritan!

Anda mungkin juga menyukai