Anda di halaman 1dari 5

9.      Ukara ing ngisor iki kang nggunakake tembung sing oleh ater-ater anuswara yaiku...

a.       Kancaku nyritakake pengalamane ing wektu libur.


b.      Aku diparingi dhuwit ibu kanggo tuku buku.
c.       Buku cathetanku kagawa adhiku.
d.      d.Aku arep tuku buku piwulang basa Jawa.

10.  Tembung kumawani asale saka tembung lingga....


a.       kuma
b.      wani
c.       kumawan
d.      mawan

11.  Saben dina aku mangkat sekolah jam 06.30 diboncengke bapak nitih sepeda motor, sadurunge mangkat ora
lali aku nyuwun pangestu dhisik marang ibu.
Tembung ing ukara iku sing oleh ater-ater tripurusa yaiku....
a.       mangkat
b.      digoncengake
c.       nitih
d.      nyuwun

Wacan kanggo soal no. 12 lan 13


Saben pengetan dina proklamasi kampungku nganakake maneka warna lomba ,klebu menek pucang.
Lomba iki pesertane bebas saka kampung liya uga oleh.Sing mesti lomba iki akeh banget pengikute sebab
hadiahe warna-warna lan menarik.Semono uga aku ora ketinggalan melu ngramekake lomba iki.Aku bisa
teka puncak nanging iba kagaetku ,bareng aku arep wiwit njupuki hadiah adhiku sing isih pelo bengok-
bengok, ‘mas uwi anane uwek ‘ kanti cepet adhikku takjupukke boneka uwek-uwek,nanging adhiku tetep
wae ora gelem meneng malah para penonton uga surak-surak rame banget.Aku bombong marga disuraki
penonton, saya suwe adhiku omonge tambah seru ‘mas uwi lho anane uwek’akhire aku lagi sadar yen sing
dikarepake adhiku kuwi mas clanane suwek’aku isin banget rumangsaku disuraki marga aku bisa teka
puncak, nanging jebul marga clanaku suwek Apa tomon?

12.  Manut isine crita ing dhuwur kalebu crita kang....


a.       nyenengake
b.      nganyelake
c.       lucu
d.      nyedihake

13.  Crita pengalaman ing ndhuwur migunakake ragam basa....


a.       ngoko lugu
b.      ngoko alus
c.       krama lugu
d.      krama alus

16.  Pangulu nyenyuwun jabang bayi aja kongsi digedhekake ing kawedanan.Aja kongsi tegese....
a.       supaya
b.      aja nganti
c.       mbesuke
d.      suwe-suwe

17.  Kyai pangulu nyenyuwun yen ing tembe anake wadon nglairake ,jabang bayi arep disuwun aja kongsi
digedhekakeb ing kawedanan.Ukara iku migunakake ragam basa....
a.       ngoko lugu
b.      ngoko alus
c.       krama lugu
d.      krama alus

Wacan kanggo soal no. 18 lan 19


(Esuk iku kelas VIIC pelejaran kang kakapisan Basa Jawa,Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab
tembung saroja,para siswa pada mangsuli pandangune bu Eni,ujug-ujug Bagas teka lan langsung tumuju
palungguhane)
Bu Eni : “Bagas,genea kok tekamu telat?”
Bagas : “Nyuwun pangapunten bu,kula kerinan”
Bu Eni : “Genea kok tangimu nganti kerinan Bagas?”
Bagas : “Kala wau dalu tilem kula kedalon bu,awit ningali pertandingan sepak bola
wonten TV”
Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh –oleh wae nonton TV iku, nanging kudu eling
wektu,yen ora malem minggu ora pareng nganti bengi,sebab esuke kowe
kabeh rak kudu mangkat sekolah,yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”
Bagas : “Inggih, bu”

18.  Paraga “ Bagas “ ing pacelathon ndhuwur telat amarga....


a.       nggarap PR nganti dalu
b.      nonton wayang ing TV nganti dalu
c.       sinau kelompok nganti dalu
d.      nonton bola ing TV nganti dalu

19.  Ragam basa sing digunakake Bagas ing pacelathon kasebut yaiku....
a.       ngoko lugu
b.      ngoko alus
c.       krama lugu
d.      krama alus

20.  Tembung ing ukara ngisor iki migunakake seselan ,kajaba....


a.       Bocah- bocah pating jlerit
b.      Adicara pahargyan lumaku rancag
c.       Sing kok geguyu iku apa ta?
d.      Lelakone tinulis ing buku pribadine

21.  Kang kalebu ater-ater anuswara yaiku....


a.       a.m , n ,ng , ny
b.      kuma , kami , kapi
c.       dak , ko , di
d.      in , um , er , el

22.  Tembung lumaku yen oleh seselan um dadi....


a.       umlaku
b.      mlaku
c.       lumaku
d.      lakumu

23.  Dongeng sing paragane kewan diarani....


a.       sage
b.      mithe
c.       legendha
d.      fabel
Gatekna geguritan ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 30 lan 31!
Pahlawanku
Pahlawanku ....
Mbok korbanke jiwa ragamu kanggo bumiku
Bandha lan nyawa koprasahake
Kanggo kamulyaning bumiku
Indhonesiaku ....
Getih luber mili netesi Ibu pertiwi

30.  Kanggo kamulyaning bumiku.


Tembung mulyaing ukara kasebut tegese....
a.       sugih
b.      mulia
c.       pahlawan
d.      negara

31.  Manut wacan ing ndhuwur, kang dikorbanake pahlawan sinebut ing ngsisor iki, kajaba....
a.       jiwa raga
b.      donya
c.       bandha
d.      nyawa

32.  Pak Amir pingget atine jalaran wis diapusi putrane dhewe.
Tembung pingget atine tegese....
a.       nangis
b.      lara atine
c.       jengkel
d.      sabar

33.  Yen arep nyenyuwun marang wong tuwamu tunggunen ngepasi....


Tembung entar kang cocog kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku....
a.       abang kupinge
b.      dawa usue
c.       jembar segarane
d.      padhang langite

Gatekna tembang Durma ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 34 – 36.
Bener luput ala becik lawan beja
Cilaka mapan saking
Ing badan priyangga
Dudu saking wong liya
Mulane den ngati-ati
Sakeh dirmaga
Singgahana den eling

34.  Tembang macapat ing ndhuwur kadadean saka...gatra.


a.       5
b.      6
c.       7
d.      8

35.  Tembung singgahanaing tembang dhuwur tegese....


a.       manungsa
b.      simpenen
c.       panggonane
d.      godha

36.  Guru wilangan lan guru lagu gatra katelutembang ing dhuwur yaiku....
a.       6a
b.      7a
c.       8i
d.      9u
37.  Sandhangan ing ngisor iki kang ora kalebu sandhangan panyigeg wanda yaiku....
a.       layar (.../..)
b.      cecak (...=..)
c.       wignyan (.....h )
d.      pepet (.....e.)

38.  Tembung-tembung ing ngisor iki kang migunakakesandhangan panyigeg wignyanyaiku....


a.       ps/
b.      kc=
c.       sush
d.      keris\

39.  Panulisane tembung lemari kang bener yaiku....


a.       [lmri
b.      lemri
c.       aemri
d.      Xmri

Gateknapacelaton ing ngisor iki banjur wangsulana soal no.40 - 42


Kring ...... kring .......
Tono : “Hallo, sugeng ndalu. Menika sinten nggih?”
Ardit : “Sugeng ndalu, iki aku, Ardit”
Tono : “O, Ardit. Ana apa Dit?”
Ardit : “Iya, aku arep takon sesuk ulangan basa Jawa bab apa wae ya?”
Tono : “Wingi ngendikane Bu Martini bab 1 lan 2.”
Ardit : “O, bab 1 lan 2 ta. Ya wis matur nuwun ya Ton?”
Tono : “ Ya padha-padha Dit.”

40.  Yen digatekake pacelathon ing ndhuwur katindakake ing....


a.       kelas
b.      sekolah
c.       omah
d.      telpun

41.  Pacelathon ing ndhuwur ngrembug babagan....


a.       dhawuhe Bu Martini
b.      ulangan basa Indonesia
c.       tugas basa Jawa
d.      ulangan basa Jawa

42.  Basa kang digunakake dening Tono yaiku....


a.       ngoko lugu
b.      ngoko alus
c.       krama lugu
d.      krama alus

Wacanen wacan ing ngisor iki banjur wangsulana soal no.43 – 45!
?bvua[khpigun[n.
?tnPbvumnu=slnSmubr=liy[nk=m=[gonHi=bumiaiki[aorbisaurip\
jl/rnBvumauwigtik=[gopzuripn\,

43.  Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku....


a.       Banyu Akeh Pigunane
b.      Gunane Banyu
c.       Banyu Wigati Banget
d.      Banyu lan Manungsa
44.  Tanpa banyu manungsa lan samubarang liyane bakal....
a.       ora bisa adus
b.      ora bisa urip
c.       ora bisa ngombe
d.      ora bisa ngumbahi

45.  Manut wacan ing ndhuwur, banyu iku wigati kanggo....


a.       manungsa
b.      kewan
c.       panguripan
d.      tetuwuhan

B.     URAIAN

Wusana Prabu Rama ngirim tentara kethek,lan wis dipapag tentara buta Alengka.Kedadeyan perang
wadya buta lumawan wadya kethek.Prabu Rahwana mati dening Prabu Rama,dene adhine Prabu Rahwana
yaiku Kumbakarna tetep maju perang,ora marga mbelani kangmase Rahwana Kumbakarna maju perang
amarga mbelani negarane kang diserang mungsuh.
            
1.      SapaKumbakarna iku lan kepriye watake?

Wacan kanggo soal no. 2


Mangkono iku wis klakon,si Canthula miturut marang piwulange embahe,bareng Canthula umur
pitulas taun kyai Pangulu seda,Canthula banjur ngadhepi bapake.Sanajan Canthula ora pinter
ngabotohan,nanging sarehne saben dina ngadhepi lawas-lawas ya bisa dhemen,malah kongsi bisa nglalekake
pagaweane kang becik.
2.      a. Sebutna paragane pethikan crita ing ndhuwur!
b. Kepriye tumindake Canthula nalika diemong simbahe?
3.      Tembung entar ing ngisor iki tegesana banjur gawenen ukara!
a.       dawa ususe
b.      lunyu ilate
4.      Ukara ing ngisor iki tulisen migunakake aksara Jawa!
Bocah kuwi seneng maca geguritan.
5.      Tegesana paribasan ing ngisor iki!
a.       Becik ketitik ala ketara.
b.      Kebo nusu gudel

Anda mungkin juga menyukai