Anda di halaman 1dari 4

A.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara a, b, c,
utawa d sing bener!
Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo soal no.1 lan 2
Bu Eni
: Bagas, genea kok tekamu telat?
Bagas
:
Bu Eni
: Genea kok tangimu nganti kerinan Bagas?
Bagas
: Kala wau dalu tilem kula kedalon bu, awit ningali pertandingan sepak bola wonten
TV
Bu Eni
: Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV iku, nanging kudu eling wektu,
yen ora malem minggu ora pareng nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu
mangkat sekolah, yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?
Bagas
: Inggih, bu
1. Wangsulan kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing duwur yaiku
a. Nyuwun pangapunten bu, kula kerinan
b. Sepurane bu, kula kawanen
c. Sepuntene bu, aku kerinan
d. Sepurane bu, aku kerinan

2. Ragam basa sing digunakake Bagas ing pacelathon kasebut yaiku....


a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
3. Paraga Bagas ing pacelathon ndhuwur telat amarga....
a. nggarap PR nganti dalu
b. nonton wayang ing TV nganti dalu
c. sinau kelompok nganti dalu
d. nonton bola ing TV nganti dalu
Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo soal no.1 lan 2
Ira
: Ran,sesuk apa sida ulangan basa Jawa?
Rani : Sida Ir,apa kowe ora ngerti?
Ira
: Ora,jalaran aku pertemuan minggu kepungkur ora mlebu sekolah amarga lara.
Rani : Yen ngono mengko sore ndhewe sinau bareng bae ya Ir,neng ngomahku.
Ira
: Ya,kebeneran,aku mengko tak ngajak Sinta.
Rani : Ya tak tunggu tekamu,kae bel sakolah wis muni,ayo ndang mlebu kelas.
4. Wacan pacelaton ing ndhuwur migunakake ragam basa....
a. ngoko lugu
b. krama lugu
c. krama alus
d. krama inggil
5. Sing dirembug ing wacan ndhuwur yaiku bab....
a. ora mlebu sekolah
b. ulangan basa Jawa
c. kegiatan sekolah
d. pelajaran ing sekolah
6. 1. Aku adus nganggo banyu anget

2. Ibu dhahar sega goreng


3. Ibu mundhutsayur
4. Adhik gawelayangan
Ukara ing nduwur sing migunakake tembung lingga yaiku nomer....
a. 1,2,3
b. 1,3,4
c. 1,2,4
d. 2,3,4
7. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake tembung sing oleh ater-ater anuswara yaiku...
a. Kancaku nyritakake pengalamane ing wektu libur.
b. Aku diparingi dhuwit ibu kanggo tuku buku.
c. Buku cathetanku kagawa adhiku.
d. d.Aku arep tuku buku piwulang basa Jawa.
8. Tembung kumawani asale saka tembung lingga....
a. kuma
b. wani
c. kumawan
d. mawan
9. Saben dina aku mangkat sekolah jam 06.30 diboncengke bapak nitih sepeda motor, sadurunge
mangkat ora lali aku nyuwun pangestu dhisik marang ibu.
Tembung ing ukara iku sing oleh ater-ater tripurusa yaiku....
a. mangkat
b. digoncengake
c. nitih
d. nyuwun
10.
a.
b.
c.
d.

Tembung ing ukara ngisor iki migunakake seselan ,kajaba....


Bocah- bocah pating jlerit
Adicara pahargyan lumaku rancag
Sing kok geguyu iku apa ta?
Lelakone tinulis ing buku pribadine

11.
a.
b.
c.
d.

Kang kalebu ater-ater anuswara yaiku....


a.m , n ,ng , ny
kuma , kami , kapi
dak , ko , di
in , um , er , el

12. Piringe pecah, pyar, disenggol kucing.


Seng termasuk tembung wod ing ukara dhuwur kui yaiku
a. Pyar
b. Pecah
c. Kucing
d. Piring

13. Dongeng sing paragane kewan diarani....


a. Sage
c. mithe
b. legendha
d. fabel

Wacan kanggo soal no 12 15

Kancil lan Kethek


Ing sawijiningb dina kethek nemokake kebon gedhang kang amba banget lan akeh uwohe
Dheweke banjur pamer marang kanca kancane.Kancil uga krungu bab kebon gedhang kuwi, kanthi
sesidheman dheweke nggoleki,lan sawise sawatara wektu kancil kasil nemokake kebon Gedhang mau.
Kancil banjur lumebu ing kebon gedhang mau,nanging kuciwa dheweke ora bisa methik sebab
ora bisa manjat,kancil banjur mikir kepriye carane supaya bisa njupuk gedhang sing ana ing nhuwur
uwit.Nalika dheweke lagi mikir-mikir dumadakan dibalang nganggo kulit gedhang,kancil meh wae
mlayu sebab dheweke ngira sing mbalang mau pak tani,nanging bereng nyawang mendhuwur jebul
sing mbalang kethek sing nakal.
O.dhasar kethek bodho! pambalangmu iki ora ngenani awakku,sebab sing kok balangke
kulite,coba yen gedhange mesthi kena! Tapi apa kowe bisa kethek bodho?
Diunekake bodho kethek tersinggung,kancil banjurn dibalang nganggo gedhang sing mateng
Nyoh,benjut awkmu! Kancil gumuyu ing batin sebab kethek bisa diapusi.
14. Paraga ing wacan dhuwur kui yaiku
a.
b.
c.
d.

Kancil lan baya


Kancil lan singa
Kancil lan kethek
Kancil lan manuk emprit

15. Watake kancil manut crita ing ndhuwur yaiku....


a. Bodho
c. licik
b. kesed
d. pamer
16. Amanat utawa pesen moral kang bisa kajupuk saka crita kasebut yaiku....
a. aja seneng pamer
b. aja dhemen njupuk barange liyan
c. urip iku kudu tulung tinulung
d. aja seneng ngapusi marang liyan
Gatekna wara-wara ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 17 - 20!
Wara-Wara
Assalamualaikum wr.wb

Kanggo ngisi kegiatan tengah semester, SMP N 1 Sarang arep nganakake lomba antar kelas,
yaiku lomba nembang macapat, pidhato basa Jawa, lan maca geguritan.
Panggonan
: Ruang Aula SMP N 1 Sarang
Dina/Tanggal : Setu, 14 September 2016
Tabuh
: 08.00 WIB
Saben kelas wajib ngirimake wakile saben cabang 1 siswa putra lan 1 siswa putri.
Wassalamualaikum wr.wb
Sarang, 10 September 2016
Kepala Sekolah

Drs. Harjanta
17.

Sing nggawe wara-wara yaiku....


a. ketua OSIS
b. ketua kelas
c. kepala sekolah

d. pengurus OSIS
18.

Wara-wara kasebut ketujokake kanggo....


a. pengurus OSIS
b. siswa-siswi SMP N 1 Sarang
c. para warga
d. guru lan karyawan

19.

Isi wara-wara ing ndhuwur menehi kabar babagan....


a. lomba kanggo mengeti dina kamardikan
b. lomba kanggo mengeti ulang taun sekolah
c. lomba antar kelas kanggo ngisi kegiatan tengah semester
d. lomba antar kelas kanggo ngisi liburan semester

20. Manut wara-wara kasebut, lomba nembang macapat, pidhato basa Jawa lan maca geguritan arep
ditindakake ing tanggal....
a. 10 September 2016
b. 14 September 2016
c. 20 Desember 2016
d. 31 Desember 2016

Anda mungkin juga menyukai