Anda di halaman 1dari 5

A.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara a, b, c,
utawa d sing bener!
Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo soal no.1 lan 2
Ira : “ Ran,sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”
Rani : “ Sida Ir,apa kowe ora ngerti?”
Ira : “ Ora,jalaran aku pertemuan minggu kepungkur ora mlebu sekolah amarga lara.”
Rani : “ Yen ngono mengko sore ndhewe sinau bareng bae ya Ir,neng ngomahku.”
Ira : “ Ya,kebeneran,aku mengko tak ngajak Sinta.”
Rani : “ Ya tak tunggu tekamu,kae bel sakolah wis muni,ayo ndang mlebu kelas.
1. Wacan pacelaton ing ndhuwur migunakake ragam basa....
a. ngoko lugu b. krama lugu c. krama alus d. krama inggil
2. Sing dirembug ing wacan ndhuwur yaiku bab....
a. ora mlebu sekolah b. ulangan basa Jawa c. kegiatan sekolah d.pelajaran ing sekolah
Wacan kanggo soal no. 4 lan 5
Ratu Ayodya, Prabu Dasarata peputra Rama sing sabanjure nggenteni dadi ratu ing kang jejuluk
Prabu Rama.Kanggo ngganepi jejering urip Prabu Rama nggarwa Dewi Sinta putri saka Prabu Janaka ing
Manthili.
3. Ratu Ayodya asmane....
a. Dasarata b. Laksmana c. Bharata d. Janaka
4. Garawane Prabu Rama iku putri saka Kraton....
a. Ayodya b. Pancawati c. Manthili d. dwarawati
Wacan kanggo soal no. 6 - 8
Jalaran kepengin asung renaning galih ingkang bapa kanthi iku Prabu Rama ninggal Praja tunuju alas
Dhandaka, kadherekaken ingkang garwa Dewi Sinta saha ingkang rayi raden Laksmana. Nalika ing tengah
wana garwane ditinggal sing nunggu Raden Laksmana.Marga pokale ratu buta Rahwana,Laksmana kapeksa
ninggal Dewi Sinta,wusana kanthi malih rupa, Rahwana bisa nyidra Dewi Sinta kagawa menyang Alengka
dipingit ing taman Argasoka.
5. Kang ngumbara ing alas Dhandaka kasebut ing ngisor iki kajaba....
a. Rama b. Dasarata c. Sinta d. Laksmana
6. Sing nyulik Dewi Sinta yaiku....
a. Laksmana b. Rahwana c. Dasarata d. Bharata
7. Sawise diculik, Dewi Sinta banjur digawa menyang kraton....
a. Pancawati b. Argasoka c. Alengka d. Manthili
8. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake tembung sing oleh ater-ater anuswara yaiku...
a. Kancaku nyritakake pengalamane ing wektu libur.
b. Aku diparingi dhuwit ibu kanggo tuku buku.
c. Buku cathetanku kagawa adhiku.
d. Aku arep tuku buku piwulang basa Jawa.
Wacan kanggo soal no. 12 lan 13
Saben pengetan dina proklamasi kampungku nganakake maneka warna lomba ,klebu menek pucang.
Lomba iki pesertane bebas saka kampung liya uga oleh.Sing mesti lomba iki akeh banget pengikute sebab
hadiahe warna-warna lan menarik.Semono uga aku ora ketinggalan melu ngramekake lomba iki.Aku bisa
teka puncak nanging iba kagaetku ,bareng aku arep wiwit njupuki hadiah adhiku sing isih pelo bengok-
bengok, ‘mas uwi anane uwek ‘ kanti cepet adhikku takjupukke boneka uwek-uwek,nanging adhiku tetep
wae ora gelem meneng malah para penonton uga surak-surak rame banget.Aku bombong marga disuraki
penonton, saya suwe adhiku omonge tambah seru ‘mas uwi lho anane uwek’akhire aku lagi sadar yen sing
dikarepake adhiku kuwi mas clanane suwek’aku isin banget rumangsaku disuraki marga aku bisa teka
puncak, nanging jebul marga clanaku suwek Apa tomon?
9. Manut isine crita ing dhuwur kalebu crita kang....
a. Nyenengake b. nganyelake c. lucu d. nyedihake
10. Crita pengalaman ing ndhuwur migunakake ragam basa....
a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus
Wacan kanggo soal no. 14
Kacang Mangsa Ninggala Lanjaran
Ing jaman biyen ana sawijining Pangulu wadana duwe anak wadon siji kang becik rupane bareng
diwasa dipundhut dadi ampile wadana ing kono.Dene wadana mau sadina dina yen wis rampung nggarap
gawe,mesti ngabotohan ora eling marang agamane
11. Manut wacan iku watake waadana yaiku....
a. seneng tetulung b. seneng ngabotohan c. seneng ngibadah d. seneng magawe
Wacan kanggo soal no. 15 lan 16
Lawas-lawas garwa ampile wadana mau ngandheg,sasuwene iku kyai pangulu nyenyuwun yen ing
tembe anake wadon nglairake,jabang bayi arep disuwun aja kongsi digedhekake ana kawedanan.Wusana
jabang bayi lair lanang diarani canthula.Kyai pangulu enggal nyuwun marang wadana mau supaya
dikeparengake momong putune.Sawise disapih Canthula banjur diwenehake marang kyai pangulu,dene
wadana iku uga nyemyuwun supaya ing tembe putrane aja nglakoni maksiat
12. Sing ora klebu isine wacan ing nduwur yaiku....
a. lawas-lawas garwa ampile wadana iku ngandheg
b. kyai pangulu nyuwun arep momong jabang bayi
c. Canthula wusanane digedhekake ing kawedanan
d. wadana nyenyuwun supaya ing tembe putrane ora nglakoni maksiat
13. Pangulu nyenyuwun jabang bayi aja kongsi digedhekake ing kawedanan.Aja kongsi tegese....
a. supaya b. aja nganti c. mbesuke d. suwe-suwe
14. Kyai pangulu nyenyuwun yen ing tembe anake wadon nglairake ,jabang bayi arep disuwun aja kongsi
digedhekakeb ing kawedanan.Ukara iku migunakake ragam basa....
a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus
Wacan kanggo soal no. 18 lan 19
(Esuk iku kelas VIIC pelejaran kang kakapisan Basa Jawa,Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab
tembung saroja,para siswa pada mangsuli pandangune bu Eni,ujug-ujug Bagas teka lan langsung tumuju
palungguhane)
Bu Eni : “Bagas,genea kok tekamu telat?”
Bagas : “Nyuwun pangapunten bu,kula kerinan”
Bu Eni : “Genea kok tangimu nganti kerinan Bagas?”
Bagas : “Kala wau dalu tilem kula kedalon bu,awit ningali pertandingan sepak bola wonten TV”
Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh –oleh wae nonton TV iku, nanging kudu eling
wektu,yen ora malem minggu ora pareng nganti bengi,sebab esuke kowe
kabeh rak kudu mangkat sekolah,yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”
Bagas : “Inggih, bu”
15. Paraga “ Bagas “ ing pacelathon ndhuwur telat amarga....
a. nggarap PR nganti dalu
b. nonton wayang ing TV nganti dalu
c. sinau kelompok nganti dalu
d. nonton bola ing TV nganti dalu
16. Ragam basa sing digunakake Bagas ing pacelathon kasebut yaiku....
a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus
17. Tembung ing ukara ngisor iki migunakake seselan ,kajaba....
a. Bocah- bocah pating jlerit
b. Adicara pahargyan lumaku rancag
c. Sing kok geguyu iku apa ta?
d. Lelakone tinulis ing buku pribadine
18. Kang kalebu ater-ater anuswara yaiku....
a. m , n ,ng , ny b. kuma , kami , kapi c. dak , ko , di d. dak , ko , di
19. Dongeng sing paragane kewan diarani....
a. sage b. mithe c. legendha d. fabel
Wacan kanggo soal no.24 lan 25
Kancil lan Kethek
Ing sawijining dina kethek nemokake kebon gedhang kang amba banget lan akeh uwohe Dheweke
banjur pamer marang kanca –kancane.Kancil uga krungu bab kebon gedhang kuwi, kanthi sesidheman
dheweke nggoleki,lan sawise sawatara wektu kancil kasil nemokake kebon Gedhang mau.
Kancil banjur lumebu ing kebon gedhang mau,nanging kuciwa dheweke ora bisa methik sebab ora
bisa manjat,kancil banjur mikir kepriye carane supaya bisa njupuk gedhang sing ana ing nhuwur
uwit.Nalika dheweke lagi mikir-mikir dumadakan dibalang nganggo kulit gedhang,kancil meh wae mlayu
sebab dheweke ngira sing mbalang mau pak tani,nanging bereng nyawang mendhuwur jebul sing mbalang
kethek sing nakal.
“O.dhasar kethek bodho! pambalangmu iki ora ngenani awakku,sebab sing kok balangke kulite,coba
yen gedhange mesthi kena! Tapi apa kowe bisa kethek bodho?
Diunekake bodho kethek tersinggung,kancil banjurn dibalang nganggo gedhang sing mateng“
Nyoh,benjut awkmu!’ Kancil gumuyu ing batin sebab kethek bisa diapusi.
20. Watake kancil manut crita ing ndhuwur yaiku....
a. bodho c. kesed
b. licik d. pamer
21. Amanat utawa pesen moral kang bisa kajupuk saka crita kasebut yaiku....
a. aja seneng pamer c. aja dhemen njupuk barange liyan
b. urip iku kudu tulung tinulung d. aja seneng ngapusi marang liyan
Gatekna wara-wara ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 26 - 29!
Wara-Wara
Kanggo ngisi kegiatan tengah semester, SMP Bhakti Praja arep nganakake lomba antar kelas, yaiku
lomba nembang macapat, pidhato basa Jawa, lan maca geguritan.
Panggonan : Ruang Aula SMP Bhakti Praja
Dina/Tanggal : Setu, 14 September 2011
Tabuh : 08.00 WIB
Saben kelas wajib ngirimake wakile saben cabang 1 siswa putra lan 1 siswa putri.
Pekalongan, 10 September 2011
Kepala Sekolah
Suwarno, S.Pd
22. Sing nggawe wara-wara yaiku....
a. ketua OSIS b. ketua kelas c. kepala sekolah d. pengurus OSIS
23. Wara-wara kasebut ketujokake kanggo....
a. pengurus OSIS c. siswa-siswi SMP Bhakti Praja
b. para warga d. guru lan karyawan
24. Isi wara-wara ing ndhuwur menehi kabar babagan....
a. lomba kanggo mengeti dina kamardikan
b. lomba kanggo mengeti ulang taun sekolah
c. lomba antar kelas kanggo ngisi kegiatan tengah semester
d. lomba antar kelas kanggo ngisi liburan semester
25. Manut wara-wara kasebut, lomba nembang macapat, pidhato basa Jawa lan maca geguritan arep
ditindakakeing tanggal....
a. 10 September 2011 c. 14 September 2011
b. 20 Desember 2011 d. 31 Desember 2011
Gatekna geguritan ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 30 lan 31!
Pahlawanku
Pahlawanku ....
Mbok korbanke jiwa ragamu kanggo bumiku
Bandha lan nyawa koprasahake
Kanggo kamulyaning bumiku
Indhonesiaku ....
Getih luber mili netesi Ibu pertiwi
26. Kanggo kamulyaning bumiku.
Tembung mulyaing ukara kasebut tegese....
a. sugih b. Mulia c. Pahlawan d. negara
27. Manut wacan ing ndhuwur, kang dikorbanake pahlawan sinebut ing ngsisor iki, kajaba....
a. jiwa raga b. Donya c. Bandha d. nyawa
28. Pak Amir pingget atine jalaran wis diapusi putrane dhewe. Tembung pingget atine tegese....
a. nangis b. lara atine c. Jengkel d. sabar
29. Yen arep nyenyuwun marang wong tuwamu tunggunen ngepasi....
Tembung entar kang cocog kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku....
a. abang kupinge c. dawa ususe
b. jembar segarane d. padhang langite
Gatekna tembang Durma ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 34 – 36.
Bener luput ala becik lawan beja
Cilaka mapan saking
Ing badan priyangga
Dudu saking wong liya
Mulane den ngati-ati
Sakeh dirmaga
Singgahana den eling
30. Tembang macapat ing ndhuwur kadadean saka...gatra.
a. 5 b. 6 c. 7 b.8
B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi satiti!
Wacan kanggo soal no. 1
Wusana Prabu Rama ngirim tentara kethek,lan wis dipapag tentara buta Alengka.Kedadeyan
perang wadya buta lumawan wadya kethek.Prabu Rahwana mati dening Prabu Rama,dene adhine Prabu
Rahwana yaiku Kumbakarna tetep maju perang,ora marga mbelani kangmase Rahwana Kumbakarna maju
perang amarga mbelani negarane kang diserang mungsuh.
1. Sapa Kumbakarna iku lan kepriye watake?
Wacan kanggo soal no. 2
Mangkono iku wis klakon,si Canthula miturut marang piwulange embahe,bareng Canthula umur
pitulas taun kyai Pangulu seda,Canthula banjur ngadhepi bapake. Sanajan Canthula ora pinter
ngabotohan,nanging sarehne saben dina ngadhepi lawas-lawas ya bisa dhemen,malah kongsi bisa nglalekake
pagaweane kang becik.
2. a. Sebutna paragane pethikan crita ing ndhuwur!
b. Kepriye tumindake Canthula nalika diemong simbahe?
3. Tembung entar ing ngisor iki tegesana banjur gawenen ukara!
a. dawa ususe
b. lunyu ilate
4. Ukara ing ngisor iki tulisen migunakake aksara Jawa!
Bocah kuwi seneng maca geguritan.
5. Tegesana paribasan ing ngisor iki!
a. Becik ketitik ala ketara.
b. Ulat madep ati karep.

Anda mungkin juga menyukai