Anda di halaman 1dari 6

MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH

PIMPINAN DAERAH MUHAMMADIYAH PONOROGO Kop


madrasah
PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT) masing-
NAMA MADRSASAH MASING-MASING masing
TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas : VI (Enam)


Hari / Tanggal : Waktu : 90 menit

I. Wehonana tanda ping (X) aksara A, B, C utowo D ing sak ngarepe pawangsulan kang
bener!
Wacan kanggo soal nomer 1-4!
……………………………….
Ing ngarep sekolahan kerep ana wong dodol es, bakso, penthol, utowo dodolan jajan liyane.
Kabeh mau nganggo grobag surung. Wong dodolan nganggo grobag surung kaya mangkono iku
diarani “Pedagang Kaki Lima” utawa disingkat PKL. Olehe dodol nganggo grobag surung
mangkono mau mratandhani yen papane dodol ora tetep. Dadi anggone dodol mubeng
menyang ngendi-endi. Upamane menyang pasar, stasiun, sekolahan, lan lapangan olahraga
menawa pinuju ana acara utawa pertandingan. Pamarentah duwe kuwajiban menehi
penyuluhan supaya ora ngganggu arus lalu lintas, utamane tumrap PKL sing dodol ana
sacedhake dalan.

1. Irah-irahan kang cocog kanggo wacan ing dhuwur yaiku …


a. Pedagang Kaki Lima c. Dodol Cedhak Ratan
b. Kantin Sekolah d. Pasar ing Pinggir Ratan
2. Miturut wacan ing dhuwur, kang diarani pedagang kaki lima yaiku…
a. Wong sing dodol ling panggonan kang tetep
b. Wong sing dodol es, bakso, penthol lan jajanan
c. Wong sing dodol nganggo grobag surung lan panggonane ora tetep
d. Wong sing dodol ing pasar, stasiun, sekolahan, lan lapangan olahraga
3. Kepriye carane supaya PKL sing ana sacedhake dalan ora ngganggu arus lalu lintas?
Pawangsulan pitakon kasebut miturut wacan ing dhuwur yaiku …
a. Pamarentah ngenekake razia PKL
b. Pamarentah menehi penyuluhan marang PKL
c. Pamarentah menehi bantuan modal marang PKL
d. Pamerentah mbangun papan permanen kanggo PKL
4. Andharan (pernyataan) ngisor iki kang cocog karo isine wacan ing dhuwur yaiku …
a. Pedagang kaki lima kerep dirazia dening pamarentah amarga ngganggu arus lalu lintas
b. Wong kang dodol es, bakso, penthol, lan jajan diarani pedagang asongan
c. Pedagang kaki lima dodo ling sacedhake bandar udara, stasiun lan pelabuhan
d. PKL dodol nganggo grobag surung, mubeng menyang pasar, stasiun, sekolahan lan
lapangan olahraga

5. Pancen wis (garis) dadi wong sukses, apa-apa sing digarap tansah ngasilake.
Tembung ing jero kurung benere .…
a. gegaris b. gumaris c. ginaris d. tahlil
6. Ing jaman globalisasi iki saben wong ngalor ngidul padha nggawa HP. Ananging
panganggonane HP iku so kora bener. Malah-malah akeh wong migunakake HP karo
numpak motor, saperlu nelpon kanca utawa ngirim sms. Dheweke ora ngerti yen pakarti
ngono iku bisa nuwuhake kacilakan.

Miturut panemuku ….
a. Yen ora nduwe Hp kalebu wong sing ketinggalan jaman.
b. Kabeh wong becike ora perlu nggunakake HP
c. Saiki kabeh kui kudu melu ombaking jaman supaya maju
d. Yen nelpon utawa sms becike mandheg supaya ora mbebayani
7. Ing ngisor iki kang kalebu dhampak negative globalisasi yaiku .…
a. Gampang golek informasi lan ilmu pengetahuan
b. Nduweni rasa geguyuban kang ngrembaka
c. Nuwuhake sikap konsumtif lan gaya hidup mewah
d. Sikap lan tumindak individualism saya ilang
8. Anane dol tinuku kanthi cara online mujudake kemajuan ing babagan …
a. transportasi b. ekonomi c. social d. pendidikan
9. Sega sak kepel dirubung tinggi, batangane yaiku ….
a. Nanas b. jeruk c. apel d. salak
10. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha

Cangkriman ing tembang pucung kasebut batangane ….


a. sepur b. prau c. pesawat d. motor
11. Kulo sampun nedhi, Bapak ugi sampun …
Tembung kang bener kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku ….
a. Maem b. nedha c. nedhi d. dhahar
12. Ing ngisor iki kalebu krama alus yaiku ….
a. Winginane simbah tindak mrene.
b. Pak guru basa Jawa sing anyar iku asmane sapa?
c. Kondur saking kantor, Bapak lajeng sare.
d. Sampean wau dalu tilem jam pinten?
13. Nemu kabegjan kang gedhe banget, paribasane ….
a. kaya banyu karo lenga c. gupak pulute ora melu mangan nangkane
b. kebanjiran segara madu d. kakehan gludug kurang udan
14. Becik ketitik, ala ketara kagolong purwakanthi .…
a. guru swara b. guru sastra c. lumaksita d. guru basa
15. Tuladha purwakanthi guru sastra yaiku …
a. adigang, adigung, adiguna
b. desa mawa cara, negara mawa tata
c. taberi ngastiti lan ngati-ati, mesti bakal dadi
d. inggah inggih ora kepanggih
16. Ing ngisor iki kang kalebu cak-cakane basa ngoko lugu yaiku .…
a. marang wong sing tembe kenal c. marang wong kang drajade luwih duwur
b. bocah marang wong tuwa d. wong tuwa marang anak
Gatekno pacelathon ngisor iki!
Fina : “Benjing punapa Ibu tindak toko buku Pahlawan?”
Ibu : “Mengko sore Ran, ana apa ta?”
Fina : “Kulo Panjenengan pundhutaken buku Pinter Basa Jawa.”
Ibu : “Oh iya Fin, muga-muga ibu ora lali.”
Fina : “Sapunika mangga Ibu dhahar rumiyin.”
Ibu : “Ayo, kowe mangan bareng Ibu.”
Fina : “Mangga bu, kula sampun nedhi.”
17. Ature Fina marang Ibu ing pacelathon kasebut migunakake basa ….
a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama alus d. krama lugu
18. Miturut pacelathon ing dhuwur, kanga rep tindak menyang toko buku Pahlawan yaiku .…
a. Fina b. Ibu c. Ibu lan Fina d.Fina sakeluarga
19. Baratayuda ing pewayangan mujudake perang gedhe antarane .…
a. Kurawa lan Dwarawati c. Ayodya lan Alengka
b. Alengka lan Maespati d. Pandawa lan Kurawa
20. Gamane Prabu Puntadewa yaiku .…
a. Jamus Kalima Sada c. Kuku Pancaneka
b. Pasupati d. Pedang Tirtamanik

Lakune bocah sekolah


Sinau rino lan wengi
Kudune bocah sekolah
Mesti pinter lan setiti
Nanging jaman saiki
Sinanune ora luhur
Karo seneng dolanan
Ora bisa migunani
Mung bisa njaluk lan nyusahke wong tuwa
21. Nitik saka guru wilangan, guru lagu, lan guru gatrane, kang katulis ing dhuwur iku
mujudake tembang ….
a. kinanthi b. sinom c. dandhanggula d. pangkur
22. Tembang kasebut nggambarake yen bocah sekolah iku kudu ….
a. sregep sinau c. seneng dolanan
b. sregep sekolah d. pinter lan setiti
23. Ukara ing ngisor iki kang cocog karo isine tembang kasebut yaiku …
a. Bocah jaman saiki sinaune ora tenanan lan seneng dolanan
b. Bocah jaman saiki podo sregep sinau lan migunani wong tuwa
c. Bocah jaman saiki podo senemg dolanan ing sekolahan
d. Bocah jaman saiki ora tau nyusahke wong tuwa merga sregep sinau
24. Pangucapan mawa susunan sing becik kanggo katur marang wong akeh diarani ….
a. parikan b. geguritan c. pidhato d. paribasan
25. Nganggo busana pantes lan prasaja, ngadeg jejeg, migunakake basa sing alus, sopan, lan
gampang dimangerteni, pandangan rata marang audience, mujudake …. pidato.
a. tujuan b. sambutan c. persiapan d. etika

Bapak Ibu Guru ingkang kula hormati,


Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, jalaran kita tansah
pinaringan rahmat, taufik saha hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing
kawontenan sehat wal’ afi’at lan rahayu wilujeng.

26. Perangan pidhato ing ndhuwur diarani .…


a. pambuka c. panutup
b. isi d. simpulan
27. Piyantun sing gaweane pidhato diarani ….
a. redaktor c. promotor
b. editor d. orator
28. Salah sijining kelemahan pidhato kanthi naskah (maca teks) yaiku .…
a. ora bakal menggok saka tujuan pidhato
b. ngapalake naskah sakdurunge pidhato
c. pamidhanget seneng ngrungokake pidhato
d. pamidhanget kurang nggatekake
29. Metode pidato sing tanpa nganggo persiapan diarani …
a. impromtu c. memoriter
b. naskah d. ekstemporan
30. Ukara ngisor iki ukara kang mawa paugeran J-W-L-K yaiku …
a. Pak Karto sregep nyambut gawe.
b. Ibu masak sayur lodeh.
c. Dina nggarap PR.
d. Mia nyapu latar saben esuk.
Gatekno pacelathon ngisor iki!
Pak Guru : “Wan, kapan nggonmu lomba macapat?”
Wawan : “Mbenjing Sabtu, tigang dinten malih Pak.”
Pak Guru : “Jam pertama iki kowe apa arep latihan?”
Wawan : “Inggih Pak.”
Pak Guru : “Sing nglatih lak ya Bu Tari guru kelas 5 to?”
Wawan : “ Inggih, Bu Tari punika manawi nglatih tlatos sanget.”
Pak Guru : “Ya wis, latihan sing sregep ya, supaya hasile apik”
Wawan : “Inggih Pak.”
31. Isi pacelathon ing dhuwur yaiku .…
a. Pak Guru arep nglatih latihan lomba macapat.
b. Wawan arep latihan lomba macapat.
c. Bocah kelas 5 arep latihan lomba macapat.
d. Wawan arep budhal lomba macapat.
32. Amanat pacelathon kasebut yaiku .…
a. Latihan lomba becike dianakake sawise pelajaran
b. Yen diparingi tugas kudu dilakoni kanthi tanggung jawab
c. Yen wayah pelajaran ora perlu latihan lomba
d. Latihan lomba luwih penting tinimbang melu pelajaran.
33. Latar wektu pacelathon kasebut ing wayah .…
a. awan b. isuk c. sore d. bengi
34. Teks crita ngenani Kancil lan Keong kalebu dongeng …
a. kewan b. legenda c. sejarah d. lelucon
35. Seni tari ing Jawa Timur, tuladhane tari …
a. Tayub b. Piring c. Remo d. Gambyong

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi pawangsulan akng trep !
36. Aku lagi lara untu, simbah uga gerah ….
37. Sampean ajeng kesah teng pundi?
Ukara ing dhuwur migunaake basa ….
38. Sing salah, kudu ….
Tembung kanggo ngganepi purwakanthi ing dhuwur yaiku ….
39. Tawon madu ngisep sekar
Golek ngilmu kudu ….
Tembung kanggo ngganepi parikan ing dhuwur yaiku ….
40. Pidhato sing diwedharake ing pasamuan resmi/formal yaiku pidhato .…
41. Wong duwe gegayuhan kang mokal bisane kaleksanan, diparibasakake kaya cebol
nggayuh .…
42. … sing kok gawa iku?
Tembung pitakon kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ….
43. Bapak pucung dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing plembang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumampah si pucung lembehan grana
Tembang pucung ing dhuwur awujud cangkriman, batangane yaiku…
44. Sepatuku (silih) mas Doni.
Tembung ing jero kurung benere .…

45. Mbak Rida rambute ngandhan-andhan, yen alise .…

III. Jawablah pertanyaan dibawah ini dengan benar !


46. Jinise cangkriman iku ana pira? Coba aranana !
47. Jaka maca koran.
Ukara ing dhuwur tulisen nganggo aksara Jawa!
48. Pakdhe lunga neng Tawangmangu numpak bis.
Ukara ing dhuwur owahono dadi basa krama alus!
49. Gawea panutup pidato sak paragraf bae!
50. Firman tuku sega pecel esuk mau.
Ukara ing dhuwur udhalen kanthi jejer, waseso, lesan lan katrangan.
Kunci Jawaban !
Romawi I

1. A 6. D 11.D 16.D 21.B 26.A 31.B


2. C 7. A 12.C 17.C 22.D 27.B 32.B
3. B 8. B 13.B 18.B 23.A 28.D 33.C
4. D 9. D 14.A 19.D 24.C 29.A 34.A
5. C 10. A 15.C 20.A 25.D 30.D 35.C

Romawi II
36.Waja 41. Lintang
37.Krama alus 42. Apa
38.Seleh 43. Gajah
39.Sabar 44. Disilih
40.Resmi 45. Nanggal sepisan

Romawi III
46. Cangkriman ana 4, yaiku:
a. Cangkriman awujud wancahan
b. Cangkriman awujud pepindhan
c. Cangkriman awujud plesetan
d. Cangkriman awujud tembang
47.

48.Pakdhe tindhak dating Tawangmangu nitih bis.


49.KG
50.Firman tuku sego pecel esuk mau.
J W L K

Anda mungkin juga menyukai