Anda di halaman 1dari 2

Dhumateng panjenganipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin

putri) sekaliyan, miwah para rawuh ingkang dhahat kinurmatan.

Awit saking nugrahaning Gusti Allah SWT, saha pangestu panjengan sami, sowan
kula sakanca wonten ngarsanipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin
putri) sekaliyan tansah pikantuk karaharjan, kalis ing sambekala.

Saderengipun kula ngaturaken menggah babaring sedya, langkung rumiyin


keparenga kula sakanca nderek pitepangan dhumateng panjengan sedaya.

Nami kula ingkang wonten sisih tengen kula punika Bapak dene
ingkang sisih kering kula punika Bapak . Kula tetiga taksih kalebet satunggal
perumahan kaliyan Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) Ingkang
kepareng utusan.

Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan ingkang dhahat
kinurmatan.
Keparenga kula ngaturaken wigatosing sowan kula ing ngarsa panjengan
sekaliyan.

Ingkang angka sepisan, inggih silaturahmi dhumateng Bapak (asma tiyang sepuh
calon pangantin putri)sekaliyan, saha bapak/ibu ingkang sami rawuh ing
pepanggihan punika.

Ingkang angka kalih, sowan kula wonten ing mriki kinantheni salam taklim saking
Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) katur wonten ngarsanipun
Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan.

Ingkang angka tiga, kula kinen ngembun-embun enjang anjejawah sonten, nglamar
putra-putri panjengan ingkang asesilih Rara (nama calon pangantin putri). Inggih
awratipun dados tiyang sepuh ingkang dipun tangisi putra, pramila lajeng utusan
kawula tetiga.

Pramila mbokbilih danganging panggalih lan wonten keparengipun inkang putra


kasuwun kadaupaken kaliyan putra kakungipun Bapak (asma tiyang sepuh calon
pangantin kakung) ingkang peparab (asma calon pangantin kakung).
Aturing Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) sekaliyan ingkang
pungkasan mbokbilih panyuwunipun dipunkeparengaken, sadereng lan
sasampunipun nyuwun agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Mekaten atur kula minangka sulih sarira saking Bapak (asma tiyang sepuh calon
pangantin kakung) sekaliyan, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang nuju
prana, kula naming saged nyuwun pangapura dhuamteng panjengan sedaya.
Maturnuwun

Anda mungkin juga menyukai