Anda di halaman 1dari 11

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GANJIL

SEKOLAH MENENGAH PERTAMA ANDRONEZIA.COM


TAHUN PELAJARAN 20.../20...
Nama : ………...……………. No. Absen : ………...…………….
Hari : .................................... Waktu : ....................................
Kelas : VII (Tujuh) Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

A.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara a, b,
c, utawa d sing bener!
Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo soal no.1 lan 2
Ira : “ Ran,sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”
Rani : “ Sida Ir,apa kowe ora ngerti?”
Ira : “ Ora,jalaran aku pertemuan minggu kepungkur ora mlebu sekolah amarga lara.”
Rani : “ Yen ngono mengko sore ndhewe sinau bareng bae ya Ir,neng ngomahku.”
Ira : “ Ya,kebeneran,aku mengko tak ngajak Sinta.”
Rani : “ Ya tak tunggu tekamu,kae bel sakolah wis muni,ayo ndang mlebu kelas.

1.      Wacan pacelaton ing ndhuwur migunakake ragam basa....


a.      ngoko lugu
b.      krama lugu
c.      krama alus
d.     krama inggil

2.      Sing dirembug ing wacan ndhuwur yaiku bab....


a.       ora mlebu sekolah
b.      ulangan basa Jawa
c.       kegiatan sekolah
d.      pelajaran ing sekolah

3.      1. Aku adus nganggo banyu anget


2. Ibu dhahar sega goreng
3. Ibu mundhutsayur
4. Adhik gawelayangan
Ukara ing nduwur sing migunakake tembung lingga yaiku nomer....
a.       1,2,3
b.      1,3,4
c.       1,2,4
d.      2,3,4

Wacan kanggo soal no. 4 lan 5


Ratu Ayodya, Prabu Dasarata peputra Rama sing sabanjure nggenteni dadi ratu ing kang jejuluk
Prabu Rama.Kanggo ngganepi jejering urip Prabu Rama nggarwa Dewi Sinta putri saka Prabu
Janaka ing Manthili

4.      Ratu Ayodya asmane....


a.       Dasarata
b.      Laksmana
c.       Bharata
d.      Janaka

5.      Garawane Prabu Rama iku putri saka Kraton....


a.       Ayodya
b.      Pancawati
c.       Manthili
d.      dwarawati
Wacan kanggo soal no. 6 - 8
Jalaran kepengin asung renaning galih ingkang bapa kanthi iku Prabu Rama ninggal Praja tunuju
alas Dhandaka, kadherekaken ingkang garwa Dewi Sinta saha ingkang rayi raden Laksmana. Nalika
ing tengah wana garwane ditinggal sing nunggu Raden Laksmana.Marga pokale ratu buta
Rahwana,Laksmana kapeksa ninggal Dewi Sinta,wusana kanthi malih rupa, Rahwana bisa nyidra
Dewi Sinta kagawa menyang Alengka dipingit ing taman Argasoka.

6.      Kang ngumbara ing alas Dhandaka kasebut ing ngisor iki kajaba....
a.       Rama
b.      Dasarata
c.       Sinta
d.      Laksmana

7.      Sing nyulik Dewi Sinta yaiku....


a.       Laksmana
b.      Rahwana
c.       Dasarata
d.      Bharata

8.      Sawise diculik, Dewi Sinta banjur digawa menyang kraton....


a.       Pancawati
b.      Argasoka
c.       Alengka
d.      Manthili

9.      Ukara ing ngisor iki kang nggunakake tembung sing oleh ater-ater anuswara yaiku...
a.       Kancaku nyritakake pengalamane ing wektu libur.
b.      Aku diparingi dhuwit ibu kanggo tuku buku.
c.       Buku cathetanku kagawa adhiku.
d.      d.Aku arep tuku buku piwulang basa Jawa.

10.  Tembung kumawani asale saka tembung lingga....


a.       kuma
b.      wani
c.       kumawan
d.      mawan

11.  Saben dina aku mangkat sekolah jam 06.30 diboncengke bapak nitih sepeda motor, sadurunge
mangkat ora lali aku nyuwun pangestu dhisik marang ibu.
Tembung ing ukara iku sing oleh ater-ater tripurusa yaiku....
a.       mangkat
b.      digoncengake
c.       nitih
d.      nyuwun

Wacan kanggo soal no. 12 lan 13


Saben pengetan dina proklamasi kampungku nganakake maneka warna lomba ,klebu menek
pucang. Lomba iki pesertane bebas saka kampung liya uga oleh.Sing mesti lomba iki akeh banget
pengikute sebab hadiahe warna-warna lan menarik.Semono uga aku ora ketinggalan melu
ngramekake lomba iki.Aku bisa teka puncak nanging iba kagaetku ,bareng aku arep wiwit njupuki
hadiah adhiku sing isih pelo bengok-bengok, ‘mas uwi anane uwek ‘ kanti cepet adhikku
takjupukke boneka uwek-uwek,nanging adhiku tetep wae ora gelem meneng malah para penonton
uga surak-surak rame banget.Aku bombong marga disuraki penonton, saya suwe adhiku omonge
tambah seru ‘mas uwi lho anane uwek’akhire aku lagi sadar yen sing dikarepake adhiku kuwi mas
clanane suwek’aku isin banget rumangsaku disuraki marga aku bisa teka puncak, nanging jebul
marga clanaku suwek Apa tomon?

12.  Manut isine crita ing dhuwur kalebu crita kang....


a.       nyenengake
b.      nganyelake
c.       lucu
d.      nyedihake

13.  Crita pengalaman ing ndhuwur migunakake ragam basa....


a.       ngoko lugu
b.      ngoko alus
c.       krama lugu
d.      krama alus

Wacan kanggo soal no. 14


Kacang Mangsa Ninggala Lanjaran
Ing jaman biyen ana sawijining Pangulu wadana duwe anak wadon siji kang becik rupane bareng
diwasa dipundhut dadi ampile wadana ing kono.Dene wadana mau sadina dina yen wis rampung
nggarap gawe,mesti ngabotohan ora eling marang agamane

14.  Manut wacan iku watake waadana yaiku....


a.       seneng tetulung
b.      seneng ngabotohan
c.       seneng ngibadah
d.      seneng magawe

Wacan kanggo soal no. 15 lan 16


Lawas-lawas garwa ampile wadana mau ngandheg,sasuwene iku kyai pangulu nyenyuwun yen ing
tembe anake wadon nglairake,jabang bayi arep disuwun aja kongsi digedhekake ana
kawedanan.Wusana jabang bayi lair lanang diarani canthula.Kyai pangulu enggal nyuwun marang
wadana mau supaya dikeparengake momong putune.Sawise disapih Canthula banjur diwenehake
marang kyai pangulu,dene wadana iku uga nyemyuwun supaya ing tembe putrane aja nglakoni
maksiat

15.  Sing ora klebu isine wacan ing nduwur yaiku....


a.       lawas-lawas garwa ampile wadana iku ngandheg
b.      kyai pangulu nyuwun arep momong jabang bayi
c.       Canthula wusanane digedhekake ing kawedanan
d.      wadana nyenyuwun supaya ing tembe putrane ora nglakoni maksiat

16.  Pangulu nyenyuwun jabang bayi aja kongsi digedhekake ing kawedanan.Aja kongsi tegese....
a.       supaya
b.      aja nganti
c.       mbesuke
d.      suwe-suwe

17.  Kyai pangulu nyenyuwun yen ing tembe anake wadon nglairake ,jabang bayi arep disuwun aja
kongsi digedhekakeb ing kawedanan.Ukara iku migunakake ragam basa....
a.       ngoko lugu
b.      ngoko alus
c.       krama lugu
d.      krama alus

Wacan kanggo soal no. 18 lan 19


(Esuk iku kelas VIIC pelejaran kang kakapisan Basa Jawa,Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku
bab tembung saroja,para siswa pada mangsuli pandangune bu Eni,ujug-ujug Bagas teka lan
langsung tumuju palungguhane)
Bu Eni : “Bagas,genea kok tekamu telat?”
Bagas : “Nyuwun pangapunten bu,kula kerinan”
Bu Eni : “Genea kok tangimu nganti kerinan Bagas?”
Bagas : “Kala wau dalu tilem kula kedalon bu,awit ningali pertandingan sepak bola
wonten TV”
Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh –oleh wae nonton TV iku, nanging kudu eling
wektu,yen ora malem minggu ora pareng nganti bengi,sebab esuke kowe
kabeh rak kudu mangkat sekolah,yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”
Bagas : “Inggih, bu”

18.  Paraga “ Bagas “ ing pacelathon ndhuwur telat amarga....


a.       nggarap PR nganti dalu
b.      nonton wayang ing TV nganti dalu
c.       sinau kelompok nganti dalu
d.      nonton bola ing TV nganti dalu

19.  Ragam basa sing digunakake Bagas ing pacelathon kasebut yaiku....
a.       ngoko lugu
b.      ngoko alus
c.       krama lugu
d.      krama alus

20.  Tembung ing ukara ngisor iki migunakake seselan ,kajaba....


a.       Bocah- bocah pating jlerit
b.      Adicara pahargyan lumaku rancag
c.       Sing kok geguyu iku apa ta?
d.      Lelakone tinulis ing buku pribadine

21.  Kang kalebu ater-ater anuswara yaiku....


a.       a.m , n ,ng , ny
b.      kuma , kami , kapi
c.       dak , ko , di
d.      in , um , er , el

22.  Tembung lumaku yen oleh seselan um dadi....


a.       umlaku
b.      mlaku
c.       lumaku
d.      lakumu

23.  Dongeng sing paragane kewan diarani....


a.       sage
b.      mithe
c.       legendha
d.      fabel

Wacan kanggo soal no.24 lan 25


Kancil lan Kethek
Ing sawijiningb dina kethek nemokake kebon gedhang kang amba banget lan akeh uwohe Dheweke
banjur pamer marang kanca –kancane.Kancil uga krungu bab kebon gedhang kuwi, kanthi
sesidheman dheweke nggoleki,lan sawise sawatara wektu kancil kasil nemokake kebon Gedhang
mau.
Kancil banjur lumebu ing kebon gedhang mau,nanging kuciwa dheweke ora bisa methik sebab ora
bisa manjat,kancil banjur mikir kepriye carane supaya bisa njupuk gedhang sing ana ing nhuwur
uwit.Nalika dheweke lagi mikir-mikir dumadakan dibalang nganggo kulit gedhang,kancil meh wae
mlayu sebab dheweke ngira sing mbalang mau pak tani,nanging bereng nyawang mendhuwur jebul
sing mbalang kethek sing nakal.
“O.dhasar kethek bodho! pambalangmu iki ora ngenani awakku,sebab sing kok balangke
kulite,coba yen gedhange mesthi kena! Tapi apa kowe bisa kethek bodho?
Diunekake bodho kethek tersinggung,kancil banjurn dibalang nganggo gedhang sing mateng“
Nyoh,benjut awkmu!’ Kancil gumuyu ing batin sebab kethek bisa diapusi.

24.  Watake kancil manut crita ing ndhuwur yaiku....


a.       bodho
b.      licik
c.       kesed
d.      pamer

25.  Amanat utawa pesen moral kang bisa kajupuk saka crita kasebut yaiku....
a.       aja seneng pamer
b.      aja dhemen njupuk barange liyan
c.       urip iku kudu tulung tinulung
d.      aja seneng ngapusi marang liyan

Gatekna wara-wara ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 26 - 29!
Wara-Wara

Kanggo ngisi kegiatan tengah semester, SMP Bhakti Praja arep nganakake lomba antar kelas, yaiku
lomba nembang macapat, pidhato basa Jawa, lan maca geguritan.
Panggonan : Ruang Aula SMP Bhakti Praja
Dina/Tanggal : Setu, 14 September 2011
Tabuh : 08.00 WIB
Saben kelas wajib ngirimake wakile saben cabang 1 siswa putra lan 1 siswa putri.
Pekalongan, 10 September 2011
Kepala Sekolah

Suwarno, S.Pd

26.  Sing nggawe wara-wara yaiku....


a.       ketua OSIS
b.      ketua kelas
c.       kepala sekolah
d.      pengurus OSIS

27.  Wara-wara kasebut ketujokake kanggo....


a.       pengurus OSIS
b.      siswa-siswi SMP Bhakti Praja
c.       para warga
d.      guru lan karyawan

28.  Isi wara-wara ing ndhuwur menehi kabar babagan....


a.       lomba kanggo mengeti dina kamardikan
b.      lomba kanggo mengeti ulang taun sekolah
c.       lomba antar kelas kanggo ngisi kegiatan tengah semester
d.      lomba antar kelas kanggo ngisi liburan semester

29.  Manut wara-wara kasebut, lomba nembang macapat, pidhato basa Jawa lan maca geguritan arep
ditindakakeing tanggal....
a.       10 September 2011
b.      14 September 2011
c.       20 Desember 2011
d.      31 Desember 2011

Gatekna geguritan ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 30 lan 31!
Pahlawanku
Pahlawanku ....
Mbok korbanke jiwa ragamu kanggo bumiku
Bandha lan nyawa koprasahake
Kanggo kamulyaning bumiku
Indhonesiaku ....
Getih luber mili netesi Ibu pertiwi

30.  Kanggo kamulyaning bumiku.


Tembung mulyaing ukara kasebut tegese....
a.       sugih
b.      mulia
c.       pahlawan
d.      negara

31.  Manut wacan ing ndhuwur, kang dikorbanake pahlawan sinebut ing ngsisor iki, kajaba....
a.       jiwa raga
b.      donya
c.       bandha
d.      nyawa

32.  Pak Amir pingget atine jalaran wis diapusi putrane dhewe.
Tembung pingget atine tegese....
a.       nangis
b.      lara atine
c.       jengkel
d.      sabar

33.  Yen arep nyenyuwun marang wong tuwamu tunggunen ngepasi....


Tembung entar kang cocog kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku....
a.       abang kupinge
b.      dawa usue
c.       jembar segarane
d.      padhang langite
Gatekna tembang Durma ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 34 – 36.
Bener luput ala becik lawan beja
Cilaka mapan saking
Ing badan priyangga
Dudu saking wong liya
Mulane den ngati-ati
Sakeh dirmaga
Singgahana den eling

34.  Tembang macapat ing ndhuwur kadadean saka...gatra.


a.       5
b.      6
c.       7
d.      8

35.  Tembung singgahanaing tembang dhuwur tegese....


a.       manungsa
b.      simpenen
c.       panggonane
d.      godha

36.  Guru wilangan lan guru lagu gatra katelutembang ing dhuwur yaiku....
a.       6a
b.      7a
c.       8i
d.      9u

37.  Sandhangan ing ngisor iki kang ora kalebu sandhangan panyigeg wanda yaiku....
a.       layar (.../..)
b.      cecak (...=..)
c.       wignyan (.....h )
d.      pepet (.....e.)

38.  Tembung-tembung ing ngisor iki kang migunakakesandhangan panyigeg wignyanyaiku....


a.       ps/
b.      kc=
c.       sush
d.      keris\

39.  Panulisane tembung lemari kang bener yaiku....


a.       [lmri
b.      lemri
c.       aemri
d.      Xmri

Gateknapacelaton ing ngisor iki banjur wangsulana soal no.40 - 42


Kring ...... kring .......
Tono : “Hallo, sugeng ndalu. Menika sinten nggih?”
Ardit : “Sugeng ndalu, iki aku, Ardit”
Tono : “O, Ardit. Ana apa Dit?”
Ardit : “Iya, aku arep takon sesuk ulangan basa Jawa bab apa wae ya?”
Tono : “Wingi ngendikane Bu Martini bab 1 lan 2.”
Ardit : “O, bab 1 lan 2 ta. Ya wis matur nuwun ya Ton?”
Tono : “ Ya padha-padha Dit.”

40.  Yen digatekake pacelathon ing ndhuwur katindakake ing....


a.       kelas
b.      sekolah
c.       omah
d.      telpun

41.  Pacelathon ing ndhuwur ngrembug babagan....


a.       dhawuhe Bu Martini
b.      ulangan basa Indonesia
c.       tugas basa Jawa
d.      ulangan basa Jawa

42.  Basa kang digunakake dening Tono yaiku....


a.       ngoko lugu
b.      ngoko alus
c.       krama lugu
d.      krama alus

Wacanen wacan ing ngisor iki banjur wangsulana soal no.43 – 45!
?bvua[khpigun[n.
?tnPbvumnu=slnSmubr=liy[nk=m=[gonHi=bumiaiki[aorbisaurip\ jl/rnBvumauwigtik=[gopzuripn\,

43.  Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku....


a.       Banyu Akeh Pigunane
b.      Gunane Banyu
c.       Banyu Wigati Banget
d.      Banyu lan Manungsa

44.  Tanpa banyu manungsa lan samubarang liyane bakal....


a.       ora bisa adus
b.      ora bisa urip
c.       ora bisa ngombe
d.      ora bisa ngumbahi

45.  Manut wacan ing ndhuwur, banyu iku wigati kanggo....


a.       manungsa
b.      kewan
c.       panguripan
d.      tetuwuhan

Gatekna wacan ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 46- 48!
Jur jur jur manjur, jamu godhogan Cap Manjur. Tinggalane para leluhur, pancen manjur. Bisa
nambani sakabehing penyakit dalam. Lara ginjel, liver, jantung, kolesterol, kelenjar pankreas,
asam urat, asma, gula, migren bablas dening jamu cap Manjur. Bahane empon-empon sing
mujarab. Dudu bahan kimia, dadi aman kanggo sapa bae. Enom, tuwa, lanang, wadon, oleh
nggunakake Jamu Cap Manjur. Yen kepingin waras ngunjuka jamu godhogan Cap Manjur.
Digodhog, didhemake, disaring, diunjuk, ilang lelarane. Aja lali saben esuk lan sore setengah
gelas, larane blabas, awake waras.
46.  Khasiate jamu godhogan Cap Manjur bisa ngobati penyakit kaya ing ngisor iki, kajaba....
a.       lara ginjel
b.      lara jantung
c.       lara asma
d.      lara watuk

47.  Sing entuk ngombe jamu godhogan yaiku....


a.       wong tuwa
b.      priya dhiwasa
c.       ibu-ibu
d.      sapa bae kena

48.  Kaluwihane jamu godhogan dibandingake karo obat sing nganggo bahan kimia yaiku....
a.       regane murah
b.      gampang carane ngombe
c.       aman kanggo sapa bae
d.      kabeh penyakit bisa mari

49.  Paribasan nguyahi segara, tegese...


a.       Menehi marang wong sugih kang ora ana pituwase.
b.      Nggoleki barang sepele kang wis ilang.
c.       Nindakake pagaweyan kang wis tumata.
d.      Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya.

50.  Wong sing sengaja marani bebaya, paribasane...


a.       Ulat madhep ati karep.
b.      Durung pecus keselak besus.
c.       Kutuk marani sunduk.
d.      Kuncung nganti gelung.

B.     Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi satiti!


Wacan kanggo soal no. 1
Wusana Prabu Rama ngirim tentara kethek,lan wis dipapag tentara buta Alengka.Kedadeyan
perang wadya buta lumawan wadya kethek.Prabu Rahwana mati dening Prabu Rama,dene adhine
Prabu Rahwana yaiku Kumbakarna tetep maju perang,ora marga mbelani kangmase Rahwana
Kumbakarna maju perang amarga mbelani negarane kang diserang mungsuh.
            
1.      SapaKumbakarna iku lan kepriye watake?

Wacan kanggo soal no. 2


Mangkono iku wis klakon,si Canthula miturut marang piwulange embahe,bareng Canthula umur
pitulas taun kyai Pangulu seda,Canthula banjur ngadhepi bapake.Sanajan Canthula ora pinter
ngabotohan,nanging sarehne saben dina ngadhepi lawas-lawas ya bisa dhemen,malah kongsi bisa
nglalekake pagaweane kang becik.
2.      a. Sebutna paragane pethikan crita ing ndhuwur!
b. Kepriye tumindake Canthula nalika diemong simbahe?
3.      Tembung entar ing ngisor iki tegesana banjur gawenen ukara!
a.       dawa ususe
b.      lunyu ilate
4.      Ukara ing ngisor iki tulisen migunakake aksara Jawa!
Bocah kuwi seneng maca geguritan.
5.      Tegesana paribasan ing ngisor iki!
a.       Becik ketitik ala ketara.
b.      Ulat madep ati karep.

Anda mungkin juga menyukai