Anda di halaman 1dari 10

Nama/No : ………………………………/……..

PEMERINTAH KABUPATEN BANYUMAS


DINAS PENDIDIKAN
KORWILCAM DINDIK SUMBANG
SEKOLAH DASAR ...................................................

PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) I SEKOLAH DASAR


TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : VI ( Enam )
Waktu : 90 Menit
Hari, tanggal :

PETUNJUK UMUM :
1 Tulisen jenengmu ana ing sisih nduwur lembar jawab!
2 Wacanen saben pitakon kanthi prematif!
3 Garapen luwih dhisik pitakon kok anggep gampang!
4 Titinen meneh garapanmu sadurunge kok aturake merang Bapak utawa Ibu Guru!
I. WENEHNA TANDHA PING (X) ANA ING AKSARA A, B, C, UTAWA D
SANGAREPE WANGSULAN SING PALING BENER!

KD 3.1
Wacana kanthi patitis! Kanggo njawab soal no1- 3
Festival Kethoprak Remaja
“Festival Kethoprak Remaja menika kawantenaken saben taun. Taun menika
ingkang kapinh kalih,” Pangandikane Kepala Seksi Kebahasaan Dinas Pendidikan
dan kebudayaan Provinsi Jawa Tengah. Manut pangandikane, Festival Kethoprak
Remaja iki dianakake kanthi tujuan kanggo nguri- nguri ngiras nglestarikake
kesenian tradhisional Jawa kang kaya- kaya arep cures.
Seni kethoprak nalika semana mujudake sawijining kesenian rakyat utawa
tontonan kang kerep dipentasake nalika ana pasamuan utawa wong duwe gawe.
Menawa ana pentas kethopra, sing nonton mesthi mbludhag, akeh banget. Nanging
saiki kahanane kaya- kaya wis dilalikake dening masyarakat. Buktine? Saiki wis
arang banget ana pentas kethoprak lan wong kanoman saiki wis akeh kang ora kenal
apa kuwi pentas seni kethoprak.

Festival Kethoprak Remaja menika kawontenaken saben taun, Apa tujuan seni
1. kethoprak iku dianakake saben taun?
A. kanggo nguri- nguri lan nglestarikake kesenian jawa kang kaya arep cures
B. kesenangane Dinas Pendidikan lan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah.
C. amarga kesenian sing paling ditunggu dening masyarakat.
D. program taunan saka kanoman nang Provinsi Jawa Tengah.

2. Festival Kethoprak Remaja taun menika, taun kaping kalih. Sapa kang nganakake
festival kethoprak saben taun iku?
A. masyarakat Jawa Tengah
B. para kanoman utawa pemuda
C. Dinas Pendidikan lan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah
D. sekolah- sekolah ingkang wonten Jawa Tengah

3. Masyarakat saiki akeh sing nglalikake seni kethoprak. Apa Buktine menawa seni
kethoprak dilalikake dening masyarakat?
A. saiki wis arang banget pentas kethoprak
B. saben taun dianakake seni kethoprak
C. akeh para kanoman sing nganakake seni kethoprak
D. penontone mbludhag menawa ana seni kethoprak

4. Festival Kethoprak Remaja iki dianakake kanthi tujuan kanggo nguri- nguri
kesenian tradhisional. Tembung sing kacitak miring tegese….
A. kesenian
B. nglestarikake
C. hiburan
D. wujudake

5. Kandhane Pakdhe, mengko bengi arep ana pentas seni. Ukara kang trep kanggo
ngganti tembung kecetak miring yaiku….
A. sanjangipun
B. ngendikane
C. omonge
D. jare

6. Ngoko : sing dadi peserta Festival Kethoprak Remaja yaiku para remaja
Ubahna ukara ngoko dadi krama
A. sing dados peserta Festival Kethoprak Remaja yaiku para remaja
B. ingkang dadi peserta Festival Kethoprak Remaja yaiku para remaja
C. ingkang dados peserta Festival Kethoprak Remaja inggih punika para mudha
D. sing dados peserta Festival Kethoprak Remaja inggih punika para mudha

7. Ukara wangsulan: amarga kesenian kethoprak wis wiwit dilalekake dening


masyarakat.
Ukara Pitakon : ….
Ukara pitakon kang trep kanggo wangsulan nang nduwur yaiku….
A. sapa sing gawe acara Festival Kethoprak Remaja?
B. ana ngendi Festival Remaja dianakake?
C. kesenian apa sing diuri- uri dening pemerintah Jawa Tengah?
D. apa tujuane pemerintah Jawa Tengah nganakake Festival Kesenian Kethoprak?

8. Kaya adat saben taun, kanggo mengeti dina kamardikan ing Desa Sentono
Tawangsari, Kecamatan Kerjo, Kabupaten Karanganyer nanggap jaran kepang.
Tanggapan positif kang trep kanggo masalah ing nduwur.
A. kegiyatan sing dianakake Desa Sentono ora trep kanggo mengeti dina
kamirdakaan amarga ora ana hubungane jaran kepang kalih kamardekaan.
B. kegiyatan sing dianakake Desa Sentono apik amarga bisa nglestarikake
kesenian jaran kepang lan kanggo meriahkake kamardekaan.
C. kegiyatan sing dianakake Desa Sentono ora apik amarga musrik
D. kegiyatan sing dianakake Desa Sentono ketinggalan jaman

9. Calung Banyumasan minangka piranti musik tradisional sing padha karo perkusi
gamelan sing digawe saka pring. Dadi lan ngrembaka ing dhaerah mula yaiku
Banyumas. Makna tembung calung dhewe iku asale saka rong tembung sing
digabung dadi siji, yaiku "carang pring wulung" (pucuk wulung wulung) lan uga
dijlentrehake "ing chop-melung-melung" (kanthi swara banter).
Sari pathi cerita nang dhuwur yaiku….

A. cara ngunikake Calung Banyumasan


B. nglestarikake Calung Banyumas
C. Calung Banyumas piranti music sing digawe saka kuningan
D. asal maknane piranti musik Calung banyumasan
KD 3.2
Wacana kanthi patitis! Kanggo njawab soal no10- 13

Ghatotkaca Gugur
Perang Baratayuda wis dumadi. Ing tegal Kurusetra, Parajuit Pandhawa lan
Kurawa wis padha adhep- adhepan, prajurit kang ketaton lan nemehi tiwas wis ora
bisa diwilang. Para senapati kang gugur wis akeh. Segugure Abimanyu pinangka
senapati agung Pandhawa, ganti Gathotkaca winisudha madeg senapati agung utawa
panglima perang Pandhawa. Pinangka sawijining prajurit, Gathotkaca seneng banget
lan mongkang dipercaya para pinisepuh kanggo mimpin prajurit
Pandhawa kanthi mengkone deweke bisa melu mbelani bangsa lan negarane.
Saurunge mangkat maju ing palagan, Gathotkaca nyuwun pangestu ibune yaiku
Dewi Arimbi. Kekuatane prajurit Pandhawa sangsaya tambah, nalika kabeh prajurit
ing Pringgodani ngetutakei ratune maju perang.
10. Perang Baratayuda kedadeane ing tegal Kurusetra iku perange Pandhawa lawan ….
A. Kurawa
B. Ghatotkaca
C. Prajurir Pringgodani
D. Dewi Arimbi

11. Para senapati kang gugur wis akeh klebu uga Abimanyu sing dadi senapati agung
pandhawa. Sapa kang dipercaya pinisepuh kanggo nggantikna Abimanyu dadi
Senapati Agunge Pandhawa….
A. Kurawa
B. Ghatotkaca
C. Prajurir Pringgodani
D. Dewi Arimbi

12. Nalika Gathotkaca madeg senapati lan maju perang, kekuwatane prajurit Pandhawa
sangsaya tambah amarga…..
A. Gathotkaca jejeluk Prabu anom
B. Dipercaya pinisepuh
C. Kurawa wedi karo Gathotkaca
D. Prajurit ing pringgodani ngetutkae ratune yaiku gathotkaca ing perang.
13. Tumindak becik kang bisa dijupuk saka cerita ing nduwur yaiku….
A. Gathotkaca dadi ratu ing nagara Pringgodani
B. Gathotkaca prentah sakabehing prajurite kudu melu perang
C. nyuwun pangestu wong tua (ibu) saurunge mangkat perang
D. Perange Baratayudha ing tegal kurusetra yaiku perang sedulur

14. Bathara Kresna dhawuh marang Arjuna. Tembung dhawuh tegese padha karo….
A. tiba
B. rawuh
C. ngongkon
D. dikongkon

15. Perang Baratayuda wis kedaden. Tembung kedaden kramane yaiku….


A. kejadian
B. kedadosan
C. kedadenipun
D. kalaresan

16.

Gambar wayang ing nduwur iku jenenge….


A. Raden Arjuna
B. Gathotkaca
C. Raden Abimanyu
D. Werkudara

17. Ukara wangsulan: perang Baratayuda kedadean ing Tegal Kurusetra


Ukara Pitakon : ….
Ukara pitakon kang trep kanggo wangsulan nang nduwur yaiku….
A. Sapa kang dadi senapti pandhawa ing perang Baratayuda?
B. Sapa lawan Pandhawa ing perang Baratayuda?
C. Ing ngendi Tegal Kurusetra kue?
D. Ing ngendi kedadeane perang Baratayuda?

KD 3.3
Wacana kanthi patitis! Kanggo njawab soal no 18- 13
Nuju sawijining dina, Bagus ditimbali Bapak kepala Sekolah. Bagus
dingendikani menawa anggone melu lomba nulis menang lan dadi juwara. Bebungah
bakal dikirim langsung menyang omahe Bagus dening panitiya lomba. Saiba
senenge Bagus amarga bebungah wujude pit kaya duweke kang ilang. Bagus
ngucapke syukur marang Gusti amarga saka berkah iki.

18. Sapa sing wenehi berita menawa Bagus dadi juwara nulis?
A. panitiya lomba
B. Bagus
C. Kepala sekolah
D. Batire bagus

19. Bagus menang lomba nulis lan olih bebungah. Bebungah sing ditrima Bagus
wujude….
A. piala
B. dhuwit
C. piagam
D. pit

20. Ing ngisor iki kalebu pengalaman sedhih yaiku….


A. dadi juara lomba
B. Kelelep nalika ajar nglangi ing kali
C. menang pidato antar kabupaten
D. diparingi hadhiyah simbah kakung

21. Pengalaman kula kadadosan nalika nderek jalan sehat dalam rangka kamardekaan.
Kulo angsal doorprize utawa hadhiyah utama kompor gas.
Saka cerita kasebut, sing cerita duwe rasa….
A. seneng
B. sedhih
C. gela
D. susah

22. Amarga olih biji kang apik, mula Rifan diparingi bebungah. Tembung bebungah
padha karo….
A. juara
B. hadhiyah
C. piala
D. pengalem

23. Pengalaman pribadi lumrahe nabet ing ati. Tembung kacitak miring tegese…
A. Angel ilange
B. Kelet
C. Luntur
D. ora mlebu

24. Ukara wangsulan: Bima tangine kawanaen amarga ngantuk sewengi nutug nonton
bal.
Ukara Pitakon : ….
Ukara pitakon kang trep kanggo wangsulan nang nduwur yaiku….
A. Sapa sing tangine kawanen?
B. Kenging menapa Bima anggenipun tangi kesiyangan?
C. Sapa sing ngugah bima lagi turu?
D. Kenging napa BIma daweh teng beletan?

25. Sadurunge nulis cerita luwih becik gawe….


A. cengkrongan
B. orek- orekan
C. ringkasan
D. topik

26. Amargi kesiyangan, Bapak liwat dalan sidhatan.


kramane tembung kacitak miring yaiku….
A. jalan siji
B. margi sidhatan
C. gang buntu
D. Dalanipun ageng

27. Nulis karangan cerita pribadi iku adhedasar….


A. maca cerita
B. angen- angen
C. ringkasan
D. topik

KD 3.4
28. Tembang kinanthi kue kalebu tembang macapat, tembang macapat dewe cacahe
ana….
A. 10
B. 11
C. 12
D. 13

Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling

29. Tembang Kinanthi kue cacahe ana … gatra


A. 5
B. 6
C. 7
D. 8

30. Pasangan guru wilangan lan guru lagu tembang Kinanthi, iku….
A. 8u- 8i- 8a- 8i- 7a- 8i
B. 8u- 8p- 8a- 8i- 8a- 8i
C. 8u- 8i- 8a- 8i- 8a- 8i
D. 8u- 8i- 8a- 8i- 8i- 8i

31. Aja pijer mangan nendra


Pethikan tembang kinanthi ing nduwur, tembung kang kacitak miring tegese….
A. mangan
B. menyala
C. mata
D. turu

32. Isine tembang kasebut kasebut ngandharake….


A. Ndawuhi supaya lan mangan sing kepenak
B. Ndawuhi supaya ngopeni awak sing becik
C. Ndawuhi supaya nglatih atine
D. Ndawuhi supaya njaga emosi

33. Aja pijer mangan nendra


Tembung mangan kramane yaiku….
A. nedha
B. ngunjuk
C. dhahar
D. maem

34.

Aksara jawa ing nduwur unine….


A. mangana nasa
B. mangan panas
C. mangan nanas
D. mangana nanas

35.

Yen ditulis latin unine….


A. Bagus nggawa wajan
B. Bagus jalan- jalan
C. Bagus mangan jajan
D. Bagus nggawa jajan

II. ISINANA CECEG- CECEG ING NGISOR IKI KANTHI TREP!


KD 3.1
36. Paraga mau banjur njoged dibarengi unine gamelan kang rancak. Rancake nambaih
jogede para paraga dadi tambah luwes tur marak ati. Tembung kacitak miring tegese
….
37. Bapak : “Arep lunga ngendi, mas?”
Kulo : “ Kula badhe mriksani panggung gembira pak.”
Ukara kang trep kanggo ngganti tembung kacetak miring yaiku….

KD 3.2
38.

Gambar ing sisih kiwe kui yaiku salah sewijineng pandhawa kang
jenenge….
39. Ing cerita wayang pamane Kurawa sing jenenge Sengkuni nduweni sifat ….
40. Saurunge mangkat maju ing palagan, Gathotkaca nyuwun pangestu ibune yaiku
Dewi Arimbi. Tegese palagan yaiku….
KD 3.3
41. Gagasan pokok utawa ide kang arep ditulis arane….
42. Rudi kecemplung kalen nalika ajar pit. Pengalamane Rudi iku kalebu pengalaman….
43. Ibu lan bapak minggu ngarep arep lunga menyang Bali. Tembung karma lunga
kudune …..
KD 3.4
44. Sifate tembang macapat Kinanthi yaiku….
45.

Ukara ing nduwur unine….

III. WANGSULAN PITAKON- PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER!

KD 3.1
46. Candhi Borobudur iku tilaran kabudayan kang endah. Kaendahane candhi Borobudur
kawentar tekan mancanegara. Saiki ing candhi Borobudur ana taman kang apik banget.
Taman mau kaangkah bisa njalari akehe turis kang padha teka ing Borobudur. Menawa
akeh turis teka, bakal nambahi rejekine ing kukuban kono jalaran anggone dodol sangsaya
laris.
Wenehna tanggapanmu kanggo pratelan cerita ing nduwur!
Jawab : ..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
KD 3.2
47. Wengi iku Prabu Salya duka yayah sinipi amarga putrane kang kinasih Arya Burisrawa
gugur ing madyaning paprangan.
Tulisen pitutur luhur kang ana teks ing nduwur!
Jawab : ..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
..................................................................................................................................
KD 3.3
48.

Gawea cerita pengalaman sing trep karo gambar ing nduwur!


Jawab : .................................................................................................................................
.................................................................................................................................
.................................................................................................................................
KD 3.4
49. Apa sing dimaksud guru gatra, guru wilangan lan guru lagu?
Jawab : .................................................................................................................................
.................................................................................................................................
.................................................................................................................................
50. Bapak tindak mancing iwak
Owahna ukara ing nduwur ngango aksara jawa
Jawab : ................................................................................................................................
................................................................................................................................
................................................................................................................................

KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA KELAS .....


PENLAIAN AKHIR SEMESTER I
TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021
I.
1. A 11. B 21. A 31. D
2. C 12. D 22. B 32. C Skor benar =1
3. A 13. C 23. A 33. C
Skor salah =0
4. B 14. C 24. B 34. C
5. C 15. B 25. A 35.
6. C 16. B 26. B
7. D 17. D 27. D
8. B 18. C 28. B
9. D 19. D 29. B
10. A 20. B 30. C

II.
36. Cepet 41. Sari pathi
Skor benar =2
37. Ningali 42. Sedih
Skor salah =0
38. Raden Arjuna 43. Tindak
39. Jahaat 44. Seneng, nasihat,
40. peperangan teladan
45. Katon apik

III.
46.Kawikcasanaan guru
47.Prabu Salya sedhih banget ngerti putra kinasihe Arya Burisrawa tiwas ana ing
peperangan
48. Kawikcasanaan guru
49.Guru gatra yaiku cacahe larik/ garis per bait, Guru wilangan cache wanda saben larik
guru lagu yaiku tibane swara wanda ing pungkasan saben gatra.
50.

Skor benar =3 SKOR YANG DIPEROLEH


SKOR TOTAL
X 10 = NA
Skor mendekati benar = 2

Skor salah =1

Anda mungkin juga menyukai