Anda di halaman 1dari 1

CANGKRIMAN

Cangkriman yaiku Unen Unen kang isine kudu di bathang utawa di bedhek lan dijawab.

Jenis-Jenis Cangkriman :

1. Cangkriman Wancahan
Cangkriman Wancahan yaiku Cangkriman kang di jupuk saka Suku kata ngarep lan Buri,
Cangkriman Wancahan luwih kayata Singkatan Kang duweni arti.
Tuladha :
a. Burnas Kopen = Bubur Panas Kokopen
b. Pak Boletus = Tapak Kebo lelene satus

2. Cangkriman Pepindhan
Cangkriman Pepindhan yaiku cangkriman kang ngemu teges Pepindahan utawa irib iriban
Tuladha :
a. Pitik walik saba kebun , Jawaban = Nanas
b. Duwe rambut ora duwe endhas , Jawaban = Jagung

3. Cangkriman Blenderan
Cangkriman Blenderan yaiku Cangkriman kang ngemu teges plesetan
Tuladha :
a. Disuguhi opak angin ,tegese ora disuguhi opo opo
b. Gajah numpak becak ketok apane? , jawab = ketok ngapusine

4. Cangkriman Tembang
Cangkriman Tembang yaiku cangkriman kang isine dijupuk saka tembang macapat biasane iku
tembang pocung
Tuladha :
a. Tembang Pucung
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha
Jawab : sepur

Anda mungkin juga menyukai