Anda di halaman 1dari 2

CANGKRIMAN

Cangkriman yaiku unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang

Jenis-jenis cangkriman

1. Cangkriman wancahan
Yaiku cangkriman wujude cekakan (singkatan)siji utawa loro wanda kang pungkasan
Contoh :
a. Gerbong tulis (pager kobong watune mendhelis)
b. Kablak ketan (nangka tiba nang suketan)
c. Wiwawite lesbadhonge (uwi dawa wite tales amba godhonge)
d. Karwapake (Cikar dawa tipete)
e. Cangcimen (Kacang kwaci permen)
f. Suru bregitu (Asu turu di bregi watu)
g. Burnas kopen (Bubur panas kokopen)
h. Buta buri (tebu ditata mlebu lori)
i. Rangsinyu muksitu (jurang isi banyu gumuk isi watu)
j. Segara beldhes (segane pera sambele pedhes)
2. Cangkriman pepindhan
Yaiku cangkriman wujude sifat utawa kahanan sawijine barang kang memper/irib-iriban
Contoh
a. Bocah cilik blusak blusuk nang kebon = jarum
b. Dicakot bongkote seng kalong pucuke = rokok
c. Pitik walik saba kebon (Nanas)
d. Emboke wuda anake tapihan =Pring, bung
e. Dijupuk malah dadi mundhak gedhe = orang menggali
f. Ora mudun mudun yen ora nggawa mrica sak kantong = papaya/kates
g. Pitik walik saba meja = kemoceng/sulak
h. Cilik dadi kanca gede dadi mungsuh = api
i. Bocor malah kebak = genteng
j. Adoh-adoh diparani bareng cedhak dilewati = lawing
k. Duwe rambut ora duwe endhas = jagung
l. Tibane ngisor digoleki ndhuwur = genteng bocor

3. Cangkriman blenderan (plesetan)


Yaiku cangkriman kang bisa gawe bingung negesi maknae
a. Gajah numpak becak ketok apane = ketok ndobose
b. Gajah ngidak endhog ora pecah = seng ora pecah gajahe
c. Biru bisane dadi wungu dikapake = digebuki
d. Wong dodol klopo dikepruki = seng dikepruki klopone
4. Cangkriman tembang
Yaiku cangkriman kang awujud tembang. Jinise tembung macapat kang lumrahe
digunakake cangkriman yaiku tembang pucung.
a. Bapak pucung dudu watu dudu gunung, sangkamu ing sabramg, ngon ingone sang
bupati, yen lumapah lembehane grana = gajah
b. Bapak pucung buntut dawa sirah gembung, mbanterake swara, lamun urip nganggo
listrik, munggah panggung saben ana adicara = mikrophon
c. Bapak pucung renteng renteng kaya kalung dawa kaya ula pencokanmu wesi miring ,
sing disaba si pucung mung turut kutha = sepur
d. Bapak pucung bleger sirah lawan gembung padha dikunjara mati sajroning ngaurip,
mbijig bata nuli urip sagembyaran = korek api

WACANA (PIDATO)
Tanggap wacana utawa pidato yaiku ngandharake gagasan marang wong liya (para
rawu/tamu/undangan)
Jenis jenise
1. Atur panatacara : tanggap wacana kang ditindakake dening panataacara (pemandu)
2. Atur pambagya yaiku tanggap wacana kang ditindakake nalika mahargya (nyamput)
rawuhe para tamu)
3. Sesorah yaiku tanggap wacana kang ditindakake kantho tujuan nyampekake sawijinig
informasi
4. Khotbah tanggap wacana kang ditindakake kanthi tujuan paring tutur (nasehat)

Jenis jenis pidato manut isine

1. Pidhato pembukaan
2. Pidato pengarahan
3. Pidato sambutan
4. Pidato peresmian
5. Pidato laporan
6. Pidato pertanggung jawaban

Anda mungkin juga menyukai